KENTRUNG “SEDYA RUKUN”
TULUNGAGUNG
Dalang: Nyi Gimah dan Ki Bibit
Lakon : Madege Masjid Demak (Walisanga)
ditrasliterasi
dan salin tulis ulang, oleh aming
aminoedhin
1
Nggih
menika pambagyane atur kula kesenian tradisionil sampun nyata.
Peparinge nenek moyang kita, nyritakake sejarah kuna.
Pamriksa sami midhangetna kentrung saking Tulungagung paring nama
“Sedya Rukun”.
Iki kentrung Sedya Rukun saking Tulungagung seni budaya
Jawa, pimpinane Ibu Gimah kang paring nama. Nglestareke peparingan
para leluhur jaman kuna. Yen wonten kalepatan kawula, nyuwun gunging
pangaksama.
Ing dalu puniki warga kentrung “Sedya Rukun” samiya
Tulungagung dhedepoke. Amuji mugi rahayu anggen kawula medar palupi.
Mupangat mring praduga lan sedaya sedayanipun. Yen wonten lepat
kawula tan kasupen minta pangaksami. Mugi Gusti angapura.
2
Asalamu’alaikum
kintun salam para priyagung sami sugeng mas sak rawuhipun.
Mriksani kentrung “Sedya Rukun” Tulungagung.
Niyat
ingsung kawula miwiti muji nyebutake nama sukma, menika kesenian
kentrung tradisionil asli “Sedya Rukun” ingkang paring nama.
Babatana
arampasana digawe dalan mung nyang suwarga.
Nora mbagusi mas muji lan dzikir sing tak ilangi luk
alaning pikir.
Kula
badhe ndalang mboten ngadhep wayange. Kawula badhe maca mboten
ngadhep layange. Kula badhe kandha taksih kathah sulayane.
Wonten lepate yoga kentrung nyuwun agung pangapurane.
3
Ayo
kanca menyang plancuran
Kanggo wudhu para ulama
Ayo
kanca golek seduluran
Pumpung
urip na ngalam ndoya
Niyat
ingsung kawula miwiti ndalang, ngudhal-udhal crita ingkang sampun
ilang. Ingkang wajib modal, kawula menika dalang, Walisanga babare
lelampahan.
Mayangsari
kembange bocah
Menyang
sawah anandur jagung
Mula
ja lali mbah sholatmu sembahyang
Manembah Allah kang Maha Agung
4
Madege masjid Demak, cariyos kawula. Jangkepe Walisanga
babare menika. Niyat ingsun jumadil akhir nagari sampun blaka. Demak
Bintara ingkang kawula carita.
Sore-sore mlaku nyang kutha
Tuku
tomat dienggo lalapan
Wong mesthine mas urip na ndonya
Wong mesthine mas urip na ndonya
Kudu
sambat kasinambatan
“Eneng
nggih nagari pundhi kawula carita ing dalu mangke?
Nggih
nagari pundi ta.. ingkang kawula carita ing dalu mangke?”
“Kraton
Demak Bintara ingkang kawula carita.”
5
Anjeng
ngejeraken wonten nagari Demak Bintara ingkang kawula carita.
Sayekti
Demak Bintara nagari kondhang kaloka saking manca nagara.
Demak
Bintara kumpulan ngakasa, sinangga ing pratiwi, pinapit samudra.
Nagari
Demak Bintara kaeka adhi dasa purwa.
“Apa
ta kang diarani kaeka adhi dasa purwa?”
Kaeka
sawiji, purwa kawitan, sadasa sepuluh. Na… sadasa sepuluh,
paribasan sadasa negari. Mboten wonten linuwih kraton satunggaling
Demak Bintara, ingkang kawula carita.
Kraton
Demak Bintara panjang punjung pasir wukir loh jinawi. Tata titi
tentrem, gemah ripah tur raharja.
6
“Apa
ta kang diarani tata titi tentrem tur raharja, kaya mangkono?”
Panjang
dawa critane, punjung dhuwur katribawane. Uger pagunungan pasir
samudra nggih nagari Demak Bintara. Ngungkurake pegunungan,
ngiringake pesabinan, ngadhepake bandaran agung. Demak Bintara ombo
jajahane, kathah kawulane. Gedhe obore, dhuwur kukusing, jeru
tancepe. Asri katribawane.
Negari
Demak Binatara
“Sinten
ta… ingkang jumeneng narindra wonten nagari Demak Bintara?”
Ingkang
jumeneng inggih menika, Ariyo Babah Patah.
Ariyo
Babah Patah, nggih sang maharaja Sunan Bintara, sinullah mukmin minta
judul Sunan Saklah Mangkuwono jembeningrat, nggih Raden Kasan
Narindra Demak
7
ingkang
kawula carita.
Narindra
kondhang kaloka, ratu ratuning ratu. Raja rajaning raja.
“Apa
ta kang diarani ratu ratuning ratu, raja rajaning raja?”
Ratu
ratuning ratu, ratu narapraja, sesembahaning para kawula. Mustikaning
para agama, ratuning para ngulama. Mula nora mokal yen kasebut ratu
ratuning ratu. Raja rajaning raja.
Sak
wentawis sang maha prabu anggenipun ngembat sarana adil ana praja.
Kathah raja ratu saking manca ingkang tumungkul asok glondhong
pangareng-areng, bulu kethi wonten pesowanan agung Kraton Demak ing
Bintara.
Pinarak
kursi gadhing ngadhep dampar kencana.
8
Sinten
ta ingkang anglung midhangetaken karno. Sowane wirangka dalem Patih
Wonosalam. Sowane wirangka dalem patih Wonosalam. Patih Wonosalam
gedhe dhuwur gagah prakosa. La iya…. Patih godheg simbar dhadha.
Digdaya wiyono, nora tedhas papak paluning pande, gak isa garindra.
Tinatah mendat.
Nora
mokal agul-agule Demak, Patih Wonosalam. Oglak-oglak negari Demak,
Patih Wonosalam. Wajib Patih Wonosalam menika kabedhil nyisil,
katumbak lakak-lakak. Seje karo tukang terbang, kabruk pithik mlayu
ngandhakake tukang kendhang.
Sinten
ta…. ingkang karawuhake wonten pisowanan agung?
Saking
pondhok Ngampel Denta rawuhipun, Kanjeng Rama Sunan Ampel,
Rama
Sunan Kudus, Rama Sunan Giri, njeng Sunan Bonang, lan Gusti kawula
Sunan
9
Bintara,
Aryo Babah Patah.
Andangu
rawuhipun para Rama Sunan, alun sang Nata angandhika mangke: Mangga
Rama Sunan pepundhen kula. Winantu pambage wonten ngarsa.
Kayu
jati kayu maoni
Dak
gawe meja dak gawe kursi
Tekan
ngendi bakal tak ugemi
Kanggo
mbela Ibu pertiwi
Duh
Sinuwun, dalem sowan wonten ngarsa panjenengan.
Salam
taklim katur sang Raja. Duh Sinuwun, sesembahan kula, Rama Sunan
sampun saged kawula tampa.
10
Aku
emoh klambi sing biru
Elek
ritek sing weton Jombang
Aku
emoh rabi wong ayu
Elek
ritek sing pinter ngendhang
Kawula
waspadaaken ingkang sampun tumata wonten ing Kasultanan Demak
Bintara, panjenengan Kanjeng Rama Sunan Ampel, Rama Sunan Kudus, Rama
Sunan Giri, Rama Sunan Bonang, menawa sami piyantuk rembage rawuh
paduka ing pisowanan agung Kasultanan Demak Bintara menika, kanjeng
Rama Sunan.
Nuwun
inggih nak Prabu, kawula ingkang sowan wonten ngarsa paduka,
ngaturaken uluk salam pasukan Wonokrami, mugi katur dateng nak Prabu.
11
“Kanjeng
Rama Sunan!”, inggih kula nak Prabu.
Sanget
mahayu sakethi rumaja rawuh jeng ngandhika nglejaraken penggalihe
putra panjenengan, Aryo Babah Patah.
Uluk
salam paduka kawula tampi, Rama Sunan.
Kawula
sangga wonten dhadha, lumungsura dateng wardaya. Tuwuha teguh kawula.
Puja pengestunipun Aryo Babah Patah katur ngarsa Paduka Kanjeng
Sunan.
Nak
Prabu sesembahan kawula, inggih pepundhen kawula.
Lumantar
anggen paduka paring dhawuh kawula nak Prabu. Kawula tampi tangan
kawula kalih, kula pundhi wonten mustaka kawula. Mugi andadosaken
jejimatan kawula, nak Prabu.
12
“Kanjeng
Rama Sunan Ngampel!” Nuwun inggih nak Prabu.
“Kanjeng
Rama Sunan Kudus!” Nuwun inggih nak Prabu.
“Kanjeng
Rama Sunan Giri!” Wo.. nuwun inggih nak Prabu.
“Kalebet
Kanjeng Rama Sunan Bonang! Nuwun inggih nak Prabu.
Panjenengan
sesami karawuhan wonten Kasultanan Demak Bintara ngriki, wonten
kawigatosan menapa mangke ingkang kawula babaraken wonten ngarsa
panjenengan. Gandheng taksih wonten kuwajiban ingkang dereng kawula
rampungaken, monggo Rama Sunan kawula nyuwun kanthi sanget,
kaprayogakaken langkung rumiyin anggen panjenengan pinarakan, Kanjeng
Rama Sunan.
Kados
ta.. mekaten nak Prabu, inggih anggen kawula sowan wonten ngarsa
13
paduka
sampun mboten kirang prayogi. Mangga dipun kacekapna anggen paduka
paring dhawuh marang kawula, nak Prabu.
“Dimas
Patih Wonosalam!” Nuwun inggih Kanjeng Sinuwun.
Sowan
sira ana ing pisowanan agung Kasultanan Demak Bintara ana kene,
Wonosalam.
“Kanjeng
Sinuwun sesembahan kawula.”
Sowan
kawula wonten ngarsa paduka lulus raharja, langkung rumiyin sembah
kawula katur dateng ngarsa paduka, mekaten Sinuwun.
“Iya..ya.
Wonosalam, banget panarimaningsun marem manta ngaturake bukti ingsung
tampa. Ndak liwat puja pangestu ingsung tumrapmu marang sepra yayi
Patih
14
Wonosalam!”.
Kanjeng
Sinuwun sesembahan kawula, inggih pepundhen kawula.
Lumantar
anggen paduka paring dhawuh kawula, Kanjeng Sinuwun. Kula tampi
kalian tangan kawula kalih, kula pundhi wonten ing mustaka kawula.
Kula cancang wonten ing rikma kawula, mugi andadosna jejimatan, kula
Patih Wonosalam, mekaten kanjeng Sunan.
“Kepriye
Wonosalam pakaryan sira?”
Anggon
sira mimpin para wadya punggawa, momong para kawula kang cumondhok
ana Demak Bintara kene?.
Apa wis katon sayuk saeka-kapti,
santosaning
15
para
prajurit, apa kasunyatan wis bisa ngangkat pakar-yane praja Demak
Bintara iki?
Mbok
menawa Demak cilik ada duratmoko, gedhe ana musuh saka manca. Apa
prajurit Demak Bintara kabeh wis padha bisa ngentasi karya,
Wonosalam?
“Kanjeng
Sinuwun sesembahan kawula, panjenengan an-dangu kalian kawula kados
pundhi sadaya pakaryan kawula? Sadaya pakarya klawula sampunmboten
wonten ingkang andhadosaken lingsem-ipun Paduka ingkang Sinuwun.
Menapa malih yen tha.. andangu kawula kados tha .. pundi kawula
mimpin nalapraja lumeberipun para kawula nagari Demak Bintara.
Anggenipun kawula mimpin olah-gladen bela diri sadaya
prajurit wonten nagari
16
Demak Bintara, Kanjeng Sinuwun. Yen ta.. alitipun wonten
duratmoko,agengipun wonten mengsah saking manca nagari.
Panjenengan sampun jengkar saking kepinarakan, kawula Patih Wonosalam
ingkang sagah, saged ngentasi karya, mekaten Sinuwun.
“Dimas
Patih Wonosalam!” Nuwun inggih Sinuwun.
Banget
panarimaningsun, jeneng sira pepatih kang banget wicaksana. Bisa
ndhepani kamadikan Demak Bintara. Ya..pakarya kang kaya mangkono
kuwi, Wonosalam.
Kula
mboten badhe ndaga setya tuhu badhe kawula estoaken, Kanjeng Sinuwun.
Mara
coba diprayogyake Wonosalam. Nuwun inggih!
17
Wangsul Kanjeng Rama Sunan ndhika.
Wonten
papan mriki ing ngarso.
Kula
rawuhaken wonten Demak Bintara.
Rama
Sunan pepundhen kula.
La..yah…
ello Rasulullah!
Rempeyek
mas enak kacange
Iwak
bandheng tumumpang meja
Rabi
tuwek mas enak kayane
Wong
mlaku bareng nora mentala
Ya
… sing apik dibuntel klasa
18
Rama
Sunan pepundhen kula
Kaya
mangkono lho.. kersane
Kanjeng
Rama Sunan pepundhen paduka
Tebih
Demak kraton Bintara
Lha..ya..
ello Rasulullah!
Nora njamoni nora nyekoki
Parikan
ditemani pantun
Nora
nyemoni nora moyoki
Niki
parikan betane kentrung
Lha..ya… iki bethane kentrung
19
Mangga
Rama Sunan paduka
Wonten
ngarsa niki jeng ngandika
Tebih Demak jare kraton Bintara
Rawuh
wonten pisowanan ngarsa
Lha..ya… ello.. Rasulullah
Numpak
prau kok malang-malang
Numpak
gethek sathangku tugel
Rabi
ayu mas yen bengi ilang
Rabi
elek watuke kekel
Mangga-mangga
Kanjeng Rama Sunan, kawula dherekaken ingkang langkung
20
prayogi,
Rama Sunan.
Inggih
nak Prabu! Sampun mboten kirang prayogi anggen kawula sowan wonten
ngarsa paduka, nak Prabu!
Rama
Sunan Ngampel tebih dalem kasunanan, panjenengan sesami karawuhaken
wonten Demak Bintara, inggih babaring lelampahan menika inmgkang
badhe kawula aturaken, Rama Sunan.
Kados
ta.. mekaten nak Prabu, inggih panjenengan animbali sak gungipun para
kasunanan. Wonten kawigatosan kados ta.. pundi enggal kersa
ambabaraken dhawuh, mekaten nak Prabu!
Sepindhah,
Aryo Babah Patah narindra Demak, ngaturaken sewu gung
21
panuwun
ingkang tanpa upami. Dene kawula jumeneng ing narindra Demak Bintara,
kalis saking rubida. Mboten wonten mengsah saking manca ingkang
ngrebut panguasa. Sadaya wibawan anggen kawula ngasta panguasa antuk
sengkuyunge Rama-rama Sunan.
“Kanjeng
Rama Sunan!”
“Nuwun
inggih, nak Prabu.”
Kawula
enget purwa duksina, purwa kawitan, duksina pamungkasan. Arya Babah
Patah, putra narindra Majapahit. Putra Kanjeng Rama Prabu Brawijaya.
Sakawit kawula taksih timur, kalian Rama Prabu Brawijaya dipun
pondhokaken wonten pondhok Ngampel Denta. Kawula alit panjenengan
agengaken, goblok
22
panjenengan
pinteraken. Panjenengan paringi piwulang manembah Allah medal
tuntunan kitab Quran kang suci. Sedya tuhu anggen kawula nestrani
agami Islam ingkang sanget kawula puji-puji.
Sareng
kawula sowan Kanjeng Rama Prabu Brawijaya nyuwun kawibawan pinaringan
Demak Bintara.
Pisowanan
agung Demak Bintara, narindra Demak agamaning Islam. Sadulur para
kawula Demak setya tuhu anggenipun manembah dumateng ngarsane Gusti
Allah. Nitik nagari sampun kalis saking rubida, tata titi tentrem.
Nanging kawula Demak ingkang malebet wonten agami Islam tindak
Jumuahan kemawon kok ndadak dateng masjid Ampel Denta. Menika Rama
ingkang dadosna penggalihan kawula.
23
Mangka
Demak kalian Ngampel Denta menika tebih.
Saeba
kados menapa yen nagari Demak dipun wontenaken masjid ingkang
langkung ageng. Menggahipun Kanjeng Rama-rama Sunan, menapa sakinten
ngayogyani, Rama Sunan!
“Wow…
nak Prabu….nak Prabu!”
(Sampun
banter-banter, kula kaget, Rama!)
“Dados
anggen paduka animbali sakgungipun para kasunanan wonten negari Demak
Bintara, kang wigati panjenengan nyuwun eguh pinanggih, menggahipun
nagari Demak Bintara badhe panjenengan ngawontenaken masjid ingkang
langkung ageng. Menapa sadaya para Sunan-Sunan sami nayogyani, nak
Sunan?”
24
“Nak
Prabu, ndadosaken bombongipun manah kawula, nak Prabu”
Menapa
ingkang dados eguh pinanggih paduka, kawula sanget nayogyani mekaten
nak Prabu.
“Kanjeng
Rama Sunan Ampel!”
“Kanjeng
Rama Sunan Kudus!”
“Kanjeng
Rama Sunan Giri!”
Mila
madege masjid ingkang wonten Demak, langkung rumiyin kula nyuwun
eguh-pinanggih dateng panjenengan sesami.
Ngajeng
kala wau kula sampun paring dhawuh, Aryo Babah Patah, nyumurupi
gelaring agami Islam antuk piwulangan Rama Sunan. Yen kawula
ngedegake masjid
25
tanpa
antuk palilahe Rama Sunan, kawula nyingkuraken dateng Rama Sunan,
kawula mboten wantun.
Gandheng
Rama Sunan sampun sami nayogyani, madege masjid Demak, kula entenaken
rerukunan. Kawula wontenaken gotong-royongan, kagem mriksani,
sepinten prasetyaning kawula Demak anggenipun nresnani dateng agamane
Islam, menika sepindhah Rama.
“Nuwun
inggih!” Kados ta.. mekaten tamtu badhe kawula estoaken, badhe
paring dhawuh kados ta… pundi malih!”
Kaping
kalih, madege masjid Demak, kula nyuwun sineksenan para wali, nyuwun
jangkeping wali wolu, sanga tinari ingkang nyekseni.
26
Yen
ta.. Gusti Allah tansah mbarokahi madege masjid Demak sineksenan
Walisanga.
Mbenjang
yen Aryo Babah Patah sampun kapundhut sowan pangayunane Allah,
kenginga kangge patilasan yen Masjid Demak ingkang ngedekaken para
wali, Kanjeng Rama Sunan.
“Nak
Prabu pepundhen kawula, inggih sesembahan kula.”
Dados
negari Demak sinaosa badhe panjenengan wontenaken masjid ingkang
langkung ageng, panyuwunipun ingkang ngedegaken Masjid ing Demak
menika kedhah para wali wolu, tinari sanga ingkang nyekseni.
“Duh
nak Prabu, maka dumadinipun negari Demak Bintara wontenipun wali
menika taksih gangsal. Lajeng sinten ingkang panjenengan pitados
anjangkepi wali
27
wolu,
tinari sanga ingkang nyekseni?”
“Mugi
nak Prabu, kersaa paring dhawuh dateng kula, nak Prabu!”
“Leres
menapa ingkang panjenengan dhawuhaken Rama, babaripun lelampahan
menika Demak, wali taksih gangsal.”
“Satunggal,
Rama Sunan Ngampel,”
“Kalih,
Rama Sunan Kudus,”
“Tiga,
Rama Sunan Giri,”
“Sekawan,
Rama Sunan Bonang,” lan
“Gangsal,
kawula piyambak Sunan Bintara.”
Jangkepe
sanga sinten ingkang kawula piniscaya yen mboten ganjil etangan
28
kawula.
Ingkang saget njangkepaken wali sanga inggih Kanjeng Rama Sunan
Bonang menika!”
“Rama
Sunan Bonang ingkang sampun kinacek sesami ing para wali, sampun
mengertosi pundi mangke titah Allah ingkang kiyat nampi wahyunipun
wali Rama Sunan.”
“Wow…
kados ta… mekaten, nuwun inggih!”
“Menawi
panjenengan gadhah kapitadosan kados ta.. mekaten, mangga enggal
dipun kadhawuhaken Kanjeng Rama Sunan Bonang, kados ta… pundi
anggenipun paring wangsulan ingkang mekaten, nak Prabu!”
“Kaprayogyaken
pinarakan paduka Rama Sunan Ngampel!”
29
“Nuwun,
ngestoaken dhawuh nak Prabu!”
Lha…
Kanjeng Rama Sunan Bonang, mangga caket dateng putra Raden Kasan,
mboten badhe kawula wangsuli malih yen Demak Binatara niki arane.
Awang-awang
ing mega mendhung
Trenggiling
amba sisike
Tega
nyawang nora tega nundhung
Wong
eling-eling kabecikane
Jangkepe
walisanga Demak kraton Bintara. Kanjeng Rama Sunan Bonang inggih
paduka.
“Dhuh..nak
Prabu, kula mboten badhe ndaga, nanging winajian Jemuah luk
30
nika.
Iket
blangkon weton Boyolali
Bebetana
jarik sidoluhur
Arek
wedok dik winanci rabi
Kudune
umur selikur taun
Kanjeng
Rama Sunan Bonang mboten badhe kula wangsuli malih, Rama Sunan bonang
tamtu ndherek midhangetaken, menapa ingkang kawula paring dhawuh
kalian panjenengan Rama Sunan Ngampel, Kanjeng Rama.
“Nuwun
inggih, nak Prabu, sadaya menapa ingkang panjenengan dhawuhaken
tamtunipun kawula ndherek midhangetaken anggen paduka paring dhawuh,
kalian
31
Njeng
Rama Sunan Ngampel”
Sadaya
menapa ingkang panjenengan aturaken dateng kula nak Prabu. Kula
mboten badhe ndaga, setya tuhu badhe kula lampahi, nanging mugi
andadosna renaning penggalih nak Prabu.
“Niki
dinten lak dinten Jemuah, kula mboten wantun aninggalaken saking
kuwajiban kula, sadaya menapa ingkang panjenengan utusaken dateng
kula badhe kula estoaken, nanging sak bibaripun kawula mandhap saking
Jemuahan, nak Prabu”
“Inggih-inggih
Rama!”
Kawula
ingkang kesupen, , menika ngadhepi dinten Jemuah, sadaya para ngulama
sami tindak Njemuahan. Mangga-mangga Rama langkung rumiyin ngayahi
32
wajib
dateng Jemuahan. Mangke menawi yen sampun mandhap Jemuahan
enggal-enggal njangkepna Walisanga, ngiras pantes kalih mbabaraken
agama, Kanjeng Raden Sunan.
Kados
ta… mekaten tamtu badhe kawula estoaken, Nak Prabu.
“Yai
Patih Wonosalam!” Nuwun inggih Kanjeng Sinuwun.
“Metuwa
njaba untapna para prajurit, jaganen ketentremane Demak Bintara,
kabeh para ngulama bakal tindak menyang Jemuahan Masjid Ngampel
Denta.”
Kados
ta.. mekaten Kanjeng Sinuwun, tamtu badhe kawula estoaken, kawula
kepareng nyuwun tambahing pangestu, Sinuwun.
“Sing
ngati-ati Wonosalam, banget ingsun estoni!”
33
Ayo
kanca-kanca padha ngayahi pakaryane praja.
Kene-kene gugur gunung tandhang gawe.
Sayuk-sayuk rukun bebarengan karo kancane.
Mbela nagara kanggo makaryaning praja.
Siji…loro…
telu…papat….
Maju
papat-papat diwulang-wulangake
Mesthi
enggal rerampunge
Tolobis
kunthol baris…..
Tolobis
kunthol baris….
Tolobis
kunthol baris…..
34
Bubarane
pisowanan agung Demak Bintara, njumejeraken dalem kadi
langon.
Katungganing Gusti Sunan Bonang, sakguning para sokabat nyumurupi
gustiningsung rawuh mapagake tumindaking Gusti Sunan.
Kene-kene
para sokabat, padha piyantuk rembage sowan sira sing ngarsane Gustimu
Sunan Bonang, sokabat.
Piye-piye
pakaryamu sokabat, anggon sira mimpin para santri para murid kang ana
dalem kadilangon kene, lak yo… wis ora ana kang nguciwani
ta…sokabat.
Rama
sesembahan kawula, sadaya anggen kawula mimpin para santri para murid
sampun sae.
Golek
sastrane raga, sastra tulis, raga pribadi. Gelem nyelengana wohing
35
pakarti.
Siji manembah gusti, loro sekolah tulis.
Manembah
Gusti sebab apa ta..sokabat, kena kanggo nggrayang sangkan paraning
dumadi. Uripe manungsa ing ngalam donya iki mung kari antri, nunggu
pendaftaran, dhisik sing ngendi, sowan ing pangayuning Gusti. Ora
kena disangoni bandha, ora kena disangoni donya.
Apa
sangune leh.. manembah marang Gusti sing suci lair lan batine manut
karo agamane dewe-dewe.
“Sokabat….!!!!”
Isi
jiwa manungsa nek ora eling ora waspada soadakane pasudungane Iblis,
dadi pasudungane Setan, dadi pasudungane dajjil sipat angkara.
36
Apa
ta… sing dienggo ngusir Iblis, Setan lan Dajjil sipat angkara,
kang sumudung ana wadas manungsa? Kajaba jiwa mudha kang mangerteni
tumraping isi agama, mangkono!
Kados
ta.. mekaten Rama Guru sesembahan kawula, lumantar anggen paduka
paring dhawuh dateng kula Rama Guru. Mugi sageda lumuntur dateng jiwa
raga kawula, Rama Guru.
Jeneng
sira isik jaka, sedela maneh mundhut garwa. Jumbuhna kekudangane wong
tuwa, anakku lanang mbesuk isa mikul dhuwur mendhem jero karo wong
tuwa.
Apa
nek anak lanang sing mikul dhuwur karo wong tuwa? Nek wong tuwane
seda dipendhem dewe sing jero, ora kaya mengkono kuwi. Apa nek wong
tuwane seda
37
dipikul
sing dhuwur, ora kaya mengkono kuwi.
Lire
anak lanang mikul dhuwur mendhem jero karo wong tuwa, ngluhurake
asmane wong tuwa. Rumangsanana nek bocah lanang calon nanggung jawab
warga.
Aja
kesusu rabi nek urung mandiri. Aja mundhut garwa nek urung sedya.
Sebab calone nanggung jawab warga.
Iki
kentrung kena kanggo tontonan, lan wau kena kanggo tuntunan.
Rama
Guru, lumantar anggen paduka paring piwulang dateng kula, mugi sageda
kasudarsono priyantun mriki, Rama Guru!.
Sebab
apa sokabat, nyelengi wohing pakarti, siji manembah Gusti, manut karo
agamane sing ditresnani. Loro, gelema sekolah tulis, sekolah tulis
kuwi ngudi ilmu.
38
Ora
cukup dituku nganggo bandha, nganggo donya, tukune nganggo lelaku.
Disangonana
akeh ruh karo sekolahe, ning nek gaweane mung mbolos ora sinau (mung
nyethe wae!), ora
nindakake piwulang guru, cukup ruh karo sekolahe, ning gak isa nyekel
ilmune. Mula diarani ilmu iku angele nek wis temu. Nek angel piye,
ruh nggone kae ngilmu, nanging nek mlaku ora madhep mantep setia
tuhu. Sekira ya…. Mung ruh wae panggone ngilmu.
Mula
nek dipondhokke, sing sregep neh ngaji.
Nek
disekolahke sing sregep leh sinau.
Ditindakake
apa piwulange Guru. Diwarisi bandha donya sokabat, bandha kuwi bala,
ibarate nek ora langgeng nggone wadag manungsa. Isa entek, isa lunga.
39
Nanging
nek diwarisi kapinteran karo wong tuwa, waton becik leh nggunaake,
enteke bareng pecate nyawa, tak kandhani.
Wow…
kados ta… mekaten Rama Guru.
Lumantar
anggen paduka paring dhawuh kalian kula, mugi tansah dipun kabulna
dening Gusti Ingkang Maha Kwasa, Rama Guru!
Mula
dadi jaka kuwi golongan karo galangan, mesthi menang golongan.
Dikudhang karo wong tuwa, tak gadhang-gadhang golongane anakku,
golongane dadiya bocah kang miguna. Nanging antuk golongan kang
nalincir saka pangeraming kautaman.
Witing
tresna jalaran saka kulina.
40
Kulinane
dolanan lading mesthi kebacok lading.
Kula
dolanan terbang kemawon… nggih kecakot terbang kok Rama Guru.
Dolanan
ula mesthi kecakot ula.
Dicakot
ula ritek waton bacah lanang wis sedya ora apa-apa. Dicakot ula urung
sedya, saking mepete dadi susahing wong tuwa. Kuwi kurang prayoga.
Jenenge ora mikul dhuwur mendhem jero, nanging nglorotake asmane wong
tuwa.
Ya…
ora etang putrane wong sederhana, nanging nek wis bisa nanggung jawab
wargane, sembada karo kakunge. Sekira kae putrane sapa ya… becik
utama.
Sebab
wong tuwa kuwi kendhi ibarate. Kothong kecangking, kebak kegawa.
Putrane tumindak becik , wong tuwa mesthi kejunjung apik.
41
Iki
sokabat pitutur marang sira, tumrape menyang jiwa mudha.
Seje
meneh karo bocah prawan, sokabat!
Kados
ta… pundi menggahipun gerak-gerikipun menika priyantun putri, Rama
Guru?
“Weh…
dadi prawan mojoputri kuwi sing ngati-ati, sirikane akeh.”
“Inggih
menapa ingkang dadi sirikanipun?”
Dadi
prawan sing ngati-ati, dadi wong tuwa nduwe anak prawan wayahe
mojoputri. Dadi wong tuwa kaya ancik-ancik pucuking eri. Pada kae
lho… nandhur gedang satundhun ana sing suluh siji, nanging nek gak
waspada dikruweki codhot.
Mula
dadai prawan aja ninggalake cara kuna, ora kenek diarani nah.. kok
42
kunamen.
Ning nek ora ana kuna oea dadi wong saiki. Nek cara kuna iki
disudar-sanani lebih utama lho.. sokabat!
Inggih
monngo enggal dipun kadhawuhna, kados ta…pundi tarak-sirik ipun
priyantun putri Rama?
Prawan
jaman kuna makunane kuwi prawane prawan sejati. Tangi turu mbangkong
jam sanga, kedikikan surya, ngono kae nek prawan kuna ora kenek, jare
ala. Prawan kuwi nek tangi kudu jam lima. Sarate metu neng njaba, iki
tradisi kuna, iki kenek dijajal.
Kula
nek jajal-jajalan mboten purun, kudu ditenani, Rama Guru!
Tangi
turu jam lima metu njaba, ngebutake ping telu kemule tanpa ambegan.
43
Rutin
gelem nindakake kaya ngono kuwi, ngedohke bilahine, nyepakke
rejekine, nggampangke bakal bojone.
Jajal
nyuwuna pirsa priyayi sepuh-sepuh, jaman kuna makunane, manten ki ora
setahun rong taun sing lanang tlaten nunggoni. Sebab wedoke wedok
sejati. Nanging saiki nek ora atut dhisik ora dadi.
“Rama
Guru!”
“Apa
sokabat!”
Kula
mireng kabar pawarta ingkang kula tampi saking tanggi kula, wonten
ipun priyantun kuna menika, krama menika setahun rong taun mboten
atut menika kanten ngenteni. Kabar pawarta ingka kula tampi, pusakane
tiyang kuna menika sami
44
bundhel-bundhel,
Rama!
“Kowe
aja kurang ajar!”
“Mboten
kados ta… pusakane priyantun sak menika!”
“Ora
kaya mangkono kuwi! Kuwi kanggo mbujuki!”
Nek
adate wong wedok kuna, ngenggoni wedok sejati. Bocah prawan, tangi
turu nyandhak sapu. Diresiki jogan latare, dikebaki genthong
kendhine. Sarendahe mbantu wong tuwane, masak kudu bisa. Dadi prawan
ki pinter oleh masak, nek ora bisa masak, engko digething maratuwa,
ngono!”
“Wow…
kados ta… mekaten menggahing priyantun putri kedhah saged masak,
inggih saged manak, Rama Guru?”
45
“Kok
manak!”
“Ya..
masak, macak lan manak!”
Jaman
biyen prawan ki arep masak ora kenek kesusu. Cethik geni, ngedegne
dandang nek urung cumawis bumbune. Umpama sokabat, bumbune urung
mlumpuk, dandange ngadeg genine murup; ditinggal wira-wiri nglumpuke
bumbune kuwi, dandang ngadeg wau ditendang Batarakala. Dandang rubuh,
Batarakala lunga. Sing adang ditinggali lara. Ora kepati mari nek ora
diruwat dalang tuwa sejati.
Mula
kuna kunane prawan kuwi nek adang ora kenek ditinggal wira-wiri. Aja
nggawe bentuk kaya prawan saiki. Budhal adang enek bel mak
thin…thin…, mlayu menyanyi karo nggoleki. Ngono kuwi ora kenek
ya….!
46
“Wah…kinten-kinten
kemawon kok prawan prawane sing ngendhang ta Rama?”
“La…nek
aku ra ngenyangi ora isa crita. Ananae ngono aku ya…ngenyangi.”
Mateng
neh adang sega panas aja didahar. Sega panas nek didahar neng pikiran
nggrangsang. Nyepakke alu amah nyang pikiran, ngangsa-angsa.
Mula
priyayi kuna padha diparingi panjang yuswa. Sebab dahare nek ora adem
ora kersa. Aja kaya tukang terbang angger bojone mbukak kekep, cepet
Bu aku ndang ler-na.
Bocah
prawan nek sore aja cal-cul metu njaba, sokabat!
Saiki
rada gawat, akeh prawan sing kalap ndarat. Dadi prawan nek sore mlebu
47
nang
griya, nyumeti dimar, nggelari klasa. Dimar padhang, klasa ketara.
Prawane wajib nendra. Dadi prawan nek sore ora entuk manjer dimar.
Ila-ilane diinceng jaka tengah latar. Leh turu kethok nglekar. Bocah
prawan nek sore turu lampune dipateni.
Nuruna
kaya prawane dalange, kesempatan nek ana jaka nusul, wong tuwane ora
ngerti.
(Aja
marahi sing ora-ora ta… Rama)
“Sokabat!”
Iki
dinane Jemuah, winanci tindak menyang Jemuahan, Sokabat! Gusti Mus
kautus
Sinuwun Aryo Babah Patah, negara Demak bakal didegake masjid. Madege
masjid Demak kudu nyuwun kang ngedegake para Wali. Nyuwun jangkepe
wali
48
wolu,
sanga tinari kang nyekseni.
Ora
ana kang kautus nyakepake wali sanga, anane mung Gusti Sunan Bonang,
sokabat!
Ayo
dhisik tindak menyang Jemuahan, mengko nek wis mudhun saka Jemuahan,
enggal-enggal ngayahi wajib nyangkepake wali sanga. Apa kasunyatan
masjid Demak sing ngedegake para wali, sokabat!
Tan
kocapa…. Jare crita kaincrit waton ditata. Mirsani wayang larapane
debok dawa, mirsani kentrung larapane lambe blaka.
Wow….
Ya layak sing ngendhang lambene nganti ngggandul ngono.
Pengageme
sarwa seta, ngagem jobah ngagem sorban, ngasta teken lan tasbeh,
49
ngagem
gamparan. Mijil saking kadilangon arsa tindak dateng Jemuahan, Gusti
Sunan Bonang.
Doa
manuh oh…. Eling-eling…….
Gliyak-gliyak
pokok tumindak, Sokabat!
Dasaring
nagari sayekti pancasila maton
Pipa
pabrik kudu lahir batin
Aja
lali manut mbakalahe
Aja
ngece marang wong ora duwe
Tepa
slira wajibe wong ngaurip
Engko
kembang gori
50
Yen
wis cukup aja lali
Asih
asuh sami, saka guyup rukun
Kula
ungkuraken Gusti Sunan Bonang.
Sinten
ta…ingkang wonten wana Dirbaya.
Apa ta…kang diarani wana Dirbaya?
Wana
ki alas, dir gedhe, baya pakewuh. Putra saking Tuban kang asma Raden
Sahid. Alon Raden Sahid wonten tengahing wana. Tak pikir saya tak
rasa, Raden Sahid putra Adipati Tuban. Kanjeng Rama Prabu Wilwatikta
putrane amung loro. Siji aku Raden Sahid, loro adhiku Dewi Rasa
Wulan. Kekudangane Kanjeng Rama, aku cilik kagedekake, goblok
kapinterake. Yen Kanjeng Rama jengkar saka pinarakan,
51
Raden
Sahid bisa nyetir karibawan Tuban.
Nanging
aku ora bakal nyuwun karibawan saka ngarsane Kanjeng Rama. Butuhku
aku nyelengi golek tawane pakarti. Aku golek sangune mati. Mula
pagawe-yanku, esuk dolan bali sore. Nyuwun duwit, diparingi Kanjeng
Rama, budhal dolan maneh.
Pendhak
budhal dolan duwitku akeh, sandanganku apik. Mengko bali pengagemku
kathok cekak, kaos kothang, duwit ora duwe.
Nek
trima nakal kaya ngono kuwi, wong tuwaku gedhe pangapurane.
Pegaweyanku kenthong titir mbrandal, Sahid. Kenthong titir maling,
aku Sahid.
Pagaweyanku
mbrandal, maling, ngebrot, ngecu, ngrampok, lan mbegal. Aku mbegal
52
oran
kurang mangan, ora kurang nyandang. Aku butuh nyelengi pakarti, golek
sangune mati.
Aku
gelem maling, gelem mbegal, ora sokur pawongan sing tak begal. Golek
pawongan sing turah donyane, sing turah bandhane. Ning pawongan kuwi
ora tau zakat fitah, ora tau dana driyah; dadi pangane Sahid.
Ruh
omahe mesthi tak malingi, temu ijen mesthi tak begal. Nek wis
oleh-olehan saka wong kang turah donyane, ora tak pangan dewe, tak
sodakohke marang wong miskin. Tak sedriyahke marang wong kang ora
duwe.
Raden
Sahid duwe kapicayan angger gedhe zakat fitrahku mbesuk munggah
swarga ana kananku.
53
Mula
taunnana windonana ora mari lehku dadi tukang mbegal, yen durung
ketemu sastrane ragaku.
Iki
wayahe bedug bener, srengenge manjer. Eneng ngisor aren iki kok eyup
ana apane. Tak leren aku ana ngisore aren kene. Napasake kringetku,
nlandhungake nafasku. Ngiras pantes ngadhang salah sawijining
pawongan. Sapa wong liwat ana papan kene, ketok nggawa bandha tak
jaluk bandhane. Ora entuk, utawa ngamuk, tak sembari sembada, tak
rampungi.
Ah…
kalawan leren ngisor aren kene, tak ura-ura dandanggula. Tak wakilke
tukang terbang, mbok menawa ana wong liwat sugih bandha, tak begale
ana papan kene.
54
Linakonan
sak lumahing bumi
Bangsa
kita wis malih merdika
Wohing
pakartining dewe
Sarana
jiwa kukuh angukuhi
Ibu
Pertiwi
Kajajah
gulet seta si kuning tamtu
Abebanten
jiwa raga, kaleksanan dadiya
Republik
Nagari, dedasar Pancasila
“Dibukak
sokabat! Iki mantene saka kutha Blitar. Ayo dhawahke kutha Blitar.”
55
“Rama
Guru sesembahan kawula. Menawi kula supados ngangkat kutha Blitar,
semune kok radi amrat.”
“Ayo…
gliyak-gliyak… wis ora ana critane abot.” (Potong
bayaranmu, nek ora gelem budhal.)
Blitar kutha cilik kang kawentar
Edi peni gunung Kelud kang ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta berontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit aneng candi Penataran
56
Blitar nyimpen wayone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang sepisan
Ana crita jare Patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekne Nusantara
Uga Pak Bung Karno raja kang kaloka
Ana tlatah Blitar cilik mula
Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh kang padha nyataake
Yen toh geni ngurupake semangate
Yen toh banyu nuwuhake patriote
57
Ketan pulukanku
Nah..ketekan panjalukanku
Gogo pariku
Ya… ayem atiku
(Kok
neruske wae….. Barang terusan
sing penak!)
(Koyok ngono kok ya… gelem ngemik-i. Nek ora dimik-I,
malah ora gandheng kowe. Lho…lak ndableg!)
Durung antara suwe anggonku leren ana ngisor aren, kae
ana pawongan nganggo sandhangan sarwa putih, watone ki mesthi sugih
duwit. Ora tak begal aja takon dosane.
58
“Eee….pawongan
mandeg. Bandha apa nyawa?”
“Sokabat
kene-kene caketa Gustimu, aku, sokabat!”
Kodok ijo neng ngisor lungka
Mikul pacul liwat nggalengan
Duwe bojo tindakmu ngiwa
Tak cukur gundul ben ora tuman.
“Pawongan,
wis mangerteni marang pitakonku apa durung, pawongan!”
“Mengko
ta…mengko dhisik kisanak. Durung antara suwe anggonku tumindak ana
papan kene. Ana pawongan nom-noman, pitakonmu kok bandha apa nyawa?
Pitakonmu bandha apa nyawa iku pitakon apa?”
59
“Kudu
tak wangsuli piye? Babar pisan durung wuninga pitakonmu kang kaya
mangkono kuwi, pawongan?”
“Dadi
pitakonku sing kaya mangkono kuwi durung kok mangerteni?”
“Babar
pisan durung mangerti.”
“Mangertenana
pawongan anggonmu lunga aku ana manggon papan kene, abot bandha apa
abot donya. Sing yen sira ngebotake bandha, ayo klakon tak prawasa,
klakon tak gawe bendhan mustakamu. Nanging yen ta… jeneng sira
ngebotake nyawa, ngentengake bandha, bandhamu wulungke aku,
pawongan.”
“Yen
ngono sliramu kuwi begal?”
“Bener
apa kang dadi kandhamu, aku tukang mbegal, pawongan!”
60
Kok ora eman-eman lho… wong ngantheng-nggantheng
pegaweyane kok mbegal.
“Begal!”
“Apa
pawongan!”
Umpamane aku nggawa bandha, aku ngenthengake bandha,
ngebotake nyawa. Bndha mbok jaluk, tak wulungake jeneng sira. Waton
aku nora kok prawasa. Ya… ngono maneh, tumindakku ing papan kene
oea nggawa bandha. Sebab ora sengaja sesuka langening penggalih, aku
ngayahi wajib bakal tindak menyang Jemuahan, tukang begal.
“Apa
pawongan!”
61
Mbesuk-mbesuk maneh nek mbegal, aja mbegal wong nyang
Jemuahan. Mesthi luput. Ora enek wong neng Jemuahan sangu duwit.
Ya…petung sing apik, mbegal liyane wong nyang Jemuahan. Sok
kalamangsa entuk rejeki tenan wong mbegal.
“Pawongan,
anggon olehmu lumaku ana papan kene ora nggawa bandha ora nggawa
donya. Senajan olehmu lumaku ana papan kene, ora nggawa bandha ora
nggawa donya, sandhangan sing kok gawe iku aku ya arep, pawongan!”
“Lha…kok
kejemen lho… sliramu kuwi!”
Mangertenana pawongan, anggonku ngadang ana papan keke,
ora mandang apa wae… Waton ana manungsa kang lumaku ana papan kene,
kudu aku oleh-olehan,
62
pawongan.
Umpamane sandhangan sing tak gawe iki mbok jaluk, tak
ulungake, aku bali ganti liyane, sik ana tunggale. Ning dhisik
pikiren, begal. Sandhangan kaya ngene mbok jaluk, umpamane tak wehke,
kok dol paling pol payune pira?
“Apa
kok gawe tuku pangan apa wis mareki wetengmu? Kok gawe kumpul kanca,
wis bisa ndadekake gagahmu?”
“Kuwi
nek tak ulungake, umpamane ora. Mesthi tuwuh kamurkanmu, dumadi
pasulayan, timbule mesthi bakal perang.”
“Pawongan!”
“Bedhekane
wong perang ki mung loro, nek ora kalah mesthi menang. Nek
63
ora
urip iku, mesthi mati.”
Umpamane kowe menang perang karo aku, entukmu mung
sandhangan kaya ngene. Iki mau mbok dol, apa bisa ngurupake olehe
keselmu perang karo aku. Kuwi nek menangmu. Saeba kaya apa ana
kalahmu, cilike lara, gedhe sliramu tumekaning pati.
Sesiku denda, sesikune Allah sing bakal dilumunturake
aku. Bakal gawe patine padha-padha makhluking Allah.
Ning sandhanga kang ora nyepirani, nek nehmu mbegal
butuh golek donya golek bandha, mbok aja sandhanganku sing mbok
jaluk.
“Terus
sing kok kersake sing kepriye, pawongan?”
64
“Begal!”
“Apa
pawongan!”
“Ndangaka,
noleha mburi, sawangen ndhuwurmu kuwi apa?”
Kula piyambak dereng wuninga seratanipun sampun nyata.
Nginggilipun Raden sahid kolang-kaling wohing aren.
Gusti Sunan Bonang kinacek sesamining titah, sampun
kinasiyan kaliyan Gusti nampa wahyu Wali. Nora mokal ingkang kasabda
sepisan dadi. Kolang-kaling kasabda Gusti Sunan Bonang, kolang-kaling
kacipta Gusti Sunan Boanang, ilang sipate kolang-kaling. Gleger ana
aren who emas emplek-emplekan, kolang-kaling dadi emas
dompol-dompolan. Raden Sahid lali marang Gusti Sunan bonang.
65
Ijo-ijo neng ndhuwur langgar
Yen tak senggek mangsa geduka
Duwe bojo aja diumbar
Nek tak epek mangsa entuka
“Sokabat!”
“Inggih
kula Rama Guru”
“Mung
coba-coba majuwa rene. Delengen tukang mbegal kuwi kok nekad. Begal
kuwi kejem ya sokabat!”
“Inggih
, nyuwun bandha nyuwun donya, diaturi ora nggawa apa-apa kok
sandhangan digawe kok ajeng disuwun, kados ta…pundi?”
66
“Sandhangan
ora tak ulungake. Kolang-kaling tak sabda dadi emas emplek-emplekan.
Jik ngono wae begal wis lali, sliramu marang aku. Tokna wae! Begal
ben ndomblong neh nyawang kolang-kaling. Ayo dibacutake menyang
Jemuahan!”
“Kados
ta..mekaten, monggo sewawi kula ndherekaken Rama Guru!”
Gusti Sunan Bonang ninggalake Raden Sahid. Kagete
Raden Sahid noleh wingking, nyumurupi Gusti Sunan nora nana,
Sing tak begal mau gek golongane apa? Eneng pawongan
gawe sandhangan sarwo putih nek mesthine iki mau sugih duwit. Tak
begal, duwike ora duwe duwit.
Priyayi
iki mau paring dhawuh, yen aku pilih donya, ora kena aku nyuwun
pengageme, kudu aku noleh nyawang dhuwur iku apa?
67
Aku
noleh mburi nyawang ndhuwur, kaget rasane atiku. Papan kene mau
durung katindakan priyayi iki maeng. Genah kolang-kaling wohe aren.
Bareng priyayi
Iki
mau paring dhawuh, ilang sipaten kolang-kaling. Jebul sing tak begal
mau dudu wong sembarangan. Pawongan sing sekti tenan. Sakwantahe
kolang-kaling disabda kok bisa dadi emas kaya ngene.
Wong
nduwe kabisan kaya ngene iki biyen gurune sapa?
(Takoka
sing ngendhang kuwi Yu!
Aku
ora takok karo awakmu!)
Wong
duwe kabisan kaya ngene iki biyen tetukane priye ya? Gek ngene iki
biyen neh meguru neng nggone sapa?
68
Ah…..
tak pikir saya tak rasa. Raden Sahid mbegal, aora kurang mangan orang
kurang nyandhang. Ngarep wis tak kandhakake aku nyelengi wohing
pakarti.
Butuh
golek sangune mati.
Mbegal
ora kangge Sahid, tak zakat fitrahke neng wong ora duwe. Kapicayanku
angger gedhe zakat fitrahku isa munggah swarga mbesuk ana kananku.
La…aku
butuh emas kaya ngene, arepa akeh, mungguha aku bolot. Bandha ora
langgeng manggon ing wadag manungsa, isa entek isa lunga.
Ning
umpamane kabisan kaya kagungane wong kang tak begal mau, maton kenek
tak anggo sangu tuwa.
Ah…emoh
aku emas dompol-dompolan, tak gawe apa. Lebih becik pawongan
69
mau
tak tututane. Aku bakal ngangsu kawruh, meguru ilmu kang kaya ngene
iki.
“Gusti
dipun rantos!”
“Gusti
dipun rantos! Kula mboten sida mbegal bandha, kula badhe meguru
wonten ngarsa paduka!”
Nyembah
Gusti Kang Maha Kawasa
Seje
adat lan tatacara
Bangsa
kita penganut agama
Angur
mati kapercayan uga
Raden
Sahid tinggal gelanggang colong playu, ninggalake enas
emplek-emplekan. Mlajar mbujung tindake Gusti Sunan Bonang.
70
“Mlayu-mlayu
ambruk ana ngarepku. Lo…iki lak tukang mbegal. Sing mbegal aku ana
tengah wana kana maeng.”
“Inggih-inggih
pawongan, leres anggen paduka paring dhawuh kaliyan kula. Kula
ingkang mbegal panjenengan kala wau pawongan.”
` “Begal,
jeneng sira mbegal marang aku. Tak tinggali, tak gawekna bandha sak
mana kehe. Yagene ta…isik mlayu nututi anggonku mlaku. Kurang akeh
apa piye? Tukang mbegal, nek kurang akeh matura, aku nggawe pitung
ngana enkas, aku ijik biisa kok tukang mbegal!”:
“Pawongan,
panjenengan sampun ngantos klenta-klentu panampi. Anggen kawula
mlajar nungka anggen paduka lumaku, kang wigati saoindhah kawula ajar
71
kenal.
Kaping kalihipun panjenengan pawongan saking pundi, paring asma
sinten?”
“Mliki
srawung marang aku tukang mbegal, pondhok Ampel Denta kelahiranku,
Raden Sunan Ampel sudarmaku, Sunan Bonang kang dadi asmaku,
mangkono!”
“Panjenengan
sinten?”
“Sunan
Bonang!”
“Waduh….
Kula nyuwun pangapunten Kanjeng Sunan! Kula nyuwun pangapunten wonten
ngarsa paduka, Kanjeng Sunan! Kenging menapa kawula wantun cegug
murang tata, kula mboten wuninga yen ta… panjenengan Kanjeng Sunan
Bonang, sesembahan kawula.”
72
“Mugi
dipun kapejahana kula Kanjeng Sunan!”
“Tukang
mbegal, wis-wis tukang mbegal. Rikala semana sliramu kladuk wani
kurang duga. Kurang trapsila, sebab durung wuninga sapa sejatine aku.
Bareng sliramu wis nyumurupi aku mburi saka pondhok Denta, putra
Njeng Sunan Ampel, Sunan Bonang gustimu aku. Trapsilamu ora ndadekake
kuciwane pangrasaku.”
“Bali
pitakon Gustimu Sunan Boanang, begal saka endhi pinangkane, apa
sliramu, asmamu begal?”
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahan kawula, pepundhen kula. Menawi panjenengan
paring dhawuh mekaten kaliyan kawula, kula saking negari Tuban.
Putra
adipati Sang Prabu Wilwatikta, sudarma kawula. Dene nami kula Raden
Sahid,
73
mekaten
Kanjeng Sunan Bonang!”
“Raden
Sahid la..wong atmajane adipati lho…tumindake kok mbegal kaya
mangkono kuwi. Kok ora eman-eman klawan pinarakan sudarmamu, Raden
Sahid?”
“Kanjeng
Sunan Bonang pepundhen kawula, menawi panjenengan paring dhawuh kados
ta.. mekaten mboten ateges mokal. Mugi andadosna kawuningan paduka
Kanjeng Sunan Bonang. Anggen kawula mbegal kang wigati, kawula mboten
kurang nyandhang, mboten kurang mangan. Anggen kawula mbegal, kula
pados sangune mati, Sunan Bonang!”
“Saya
kebangeten, wong golek sangune mati kok mbegal, kang pamrihe nggo
munggah swarga. Iku pamrih sing kepiye Raden Sahid?”
74
“Sinaosa
pidamelan kula mbegal, ingkang kula begali mboten namung sokur salah
satunipun pawongan. Kula pados manungsa ingkang gesang wonten ing
donya, sugih bandha sugih donya. Sepindhah mboten nate rukun marang
tiyang sapadha-padha. Kaping kalih, mboten nate dana weweh marang
tiyang ora duwe. Ketemu ijen kula begal, weruh omahe kula malingi.
Menawi sampun angsal bandha klawan donya boten kawula dahar piyambak,
mboten!”
“Kawula
sodakohaken, kawula zakat fitrahaken tiyang sing mboten duwe. Kula
gadhah kapitadosan yen ta… gesang kawula wonten ing donya, kathah
tetulung kula kaliyan tiyang sing mboten duwe. Yen ..ta… Raden
sahid mbenjang nampi tinimbalan wonten ngarsanipun Allah, Pangeran
Ingkang Sejati, kawula saged
75
munggah
swarga, mekaten Kanjeng Sunan!”
“Wow…
kaya mangkono kuwi sing kok karepake!”
“Nuwun
inggih!”
“La
nek tujuwanmu apik, mungguhing Sahid wis becik. Ya…ora apa-apa ta!
Ayo
dibacutake. La…kok nututi aku, wigatine apa?”
“Duh
Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula. Kawula badhe nyuwun pirsa
rikala panjenengan kawula begal wonten sak lebetipun wana. Anggen
paduka paring dhawuh dateng kula, panjenengan mboten mbeta bandha
mboten mbeta donya.
Amargi
panjenengan paring dhawuh dateng kula, panjenengan badhe dateng
Njemuahan. Ingkang dipun wastani dateng Njemuahan menika mengku werdi
kados
76
ta…
pundi, Kanjeng Sunan?”
“Raden
Sahid butuh nyuwun pirsa?”
“Lehku
Njemuahan ngene iki nyang apa, ya wong pitakon kuwi menange yen kudu
diwangsuli. Yen sira milik nyuwun pirsa anggonku anggonku menyang
Jemuah-an iki, Raden Sahid marang Gustimu Sunan Bonang tunggal
tujuan, nanging seje dalan. Iki wangsulanku marang pitakonmu, ngono!”
Kanjeng
Sunan Bonang pepundhen kawula, anggen paduka paring wangsulan paring
dhawuih daten kula, Raden Sahid kalih panjenengan tunggal tujuan seje
dalan menika mengku werdi kados ta… pundi?”
“Raden
Sahid!”
NGADEGE
MASJID DEMAK – KASET DUA
“Gustimu
Sunan Bonang ya semono uga. Ya ngerti yen urip iku bakale mati. Mati
ora kenek disangoni bandha donya. Olehku budha nyang Jemuahan iki ya
golek dangune mati. Padha karo sliramu kuwi. Mula seje dalane.
Dalanku ora mbegal kaya sliramu. Dalanku manembah Allah, metu
tuntunan kitab Quran kang suci,kalebu nyang Jemuahan iki. Katrima
panembahku, Insya Allah, bakal munggah swarga mbesuk ana akheratku.
Mula sandhanganku putih Sahid, iki jobah iki sorban. Mertandaake
titahe Gusti Allah kang lungguh menyang agama Islam, Raden Sahid.”
“Wow…
kados ta mekaten!” (Suaranya keras sekali).
(“Aja
mbok pindho maneh, aja mbok pindho maneh, aku kaget! Aku kaget
77
tenan,
aja mbok pindho maneh!”
“Iki
ethok-ethok nggumun, ngono lho!”
“Pokok
pisan engkas, tak tinggal tenan!”
“Alaaah…mbok
ditinggal ngaleh, aku malah dipecuti karo dulur kene, wong critane
durung tutug kok”).
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahan kawula, dados anggen paduka tindak dateng
Jemuahan menika malebet dateng agami Islam?”
“Nyuwun
sewu Kanjeng Sunan Bonang sesembahaning kawula, menawi kula Raden
Sahid nyawiji kados ta panjenengan, malebet dateng agami Islam,
menapa dipun kaparingaken, Kanjeng Sunan?”
78
“Alhamdulillah
Sahid!”
“Nuwun
sewu Kanjeng Sunan Bonang, ingkang dipun wastani alhamdulillah menika
mengku werdi kados ta pundi?”
“Ya..ya
kowe pancen bocah Tuban, urung ngerti agama Islam. Alhamdulillah kuwi
cara Sahid, cara Tuban, matur sembah nuwun.”
“Wow…
kados ta mekaten, matur sembah nuwun. Monggo dipun kalajengaken,
Kanjeng Sunan Bonang!”
“Matur
nuwun Sahid,, gene wis tinarbuka penggalih sira. Ginugah marang Allah
Gusti Allah kang Maha Kawasa. Sahid kepranan marang agamaning Gustimu
Sunan Bonang, milik nyawiji malebu menyang agama Islam.”
79
“Raden
Sahid!”
“Inggih
kula, Kanjeng Sinuwun!”
“Gusti
Allah iku oran mbedak-mbedakake, titah ingkang makhluke. Lanang wadon
mlebu Islam kena, sugih mlarat mlebu Islam bisa, cilik gedhe melu
Islam ketampa. Waton…nyangana piye sarengate Islam, sing kirana apa
sing dadi larangane agama Islam, mangkono!”
“Kanjeng
Sunan Bonang pepundhen kawula, menapa ingkang dados tarak-sirikipun
agami Islam. Kalebet menapa kang dadi larangane gami Islam. Mugi
Kanjeng Sunan Bonang kersaa mbabaraken dhawuh dateng kawula,
mekaten!”
“Kene-kene
aseten palungguhanmu Sahid, tak paringi piwulang. Ngertine
80
wong
Islam kudune piye, Raden Sahid?”
‘Kados
ta mekaten, ngestoaken dhawuh Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan
kawula!”
Kembang
jambe kembange jambe
Wayah
mekar winanci sore
Tukang
ngendhang pancen lho.. juragane
Panjak
terbang kuwi buruhe
(La…
aku iki dadi buruhe!)
Kembang
jambe mas kembange jambe
Iwak
pithik mas dibumbu Bali
Aku
buruhe nora diopahi
Nek
oleh duwit Gimah sing ngapusi
(La..ya
ello… Gimah sing ngapusi
81
Kapan
lehku ngapusi ki lho!
Nyambut
gawe neng Sobontoro kae, jebulane oleh panjer satus.
Tak
takokne, omongmu gak dipanjeri blaasss! Nyambut gawe,
Wong
loro kok olehmu lecet, awakmu iki!
Mulane
aja ngluyur wae nek awan, ben ngerti enek wong ngeteri duwit.
Ya..ngono
kae, wong wedok ki mbok sing bekti marang wong lanang.)
Kembang
gedhang kembange jangleng
Kembang
gedhang kembange kelor
Panjakku
nerbang memang wong nggantheng
Tak tamatna irunge memang kaya bel montor
82
(La…ya
mas irungku kaya bel montor!
Ora
oleh nesu lho iki engko?! Iki nyambut gawe ora ana bojo, tapi musuh.)
Kembang
kelor kembange cengkeh
Kaya
bel montor mala olehe akeh
(Sik..sik
oleh kaya apa oleh duwit?
Oleh
kaya iku ya.. duwit kuwi.)
Kembang
jambe mas kembange kates
Irungmu
dhewe kaya garan kenthes
(Nek
irungku kaya garan kenthes, njur sepira kenthese? Kaya apa kenthese?
Dadi
kenthesku ya ngene iki kon ngetoke piye?)
83
Kembang
kates diiris-iris
Kaya
kenthes tamatna mundhak manis
(Rupamu
kaya endhut ngono wae manis!)
Kembang
lombok jare kembange uwi
Sing
ngendhang mlerok, sing nerbang memeti
(La…
kowe kuwi menang kalah pancen nuthuk. Njajal nyuwunan pirsa karo
mas-masa, lan mbak-mbak kabeh, sing biasane memeti iku babon apa
jago?
Penonton menjawab babon!)
Tukang kayu mas lak numpak sepur
Bali ngalor mung kari base
84
Sing ngendhang ayu mas yen wedhak pupur
Ilang pupure mung kari kadase
(Dudu
nggone markas kodim! Sing kok karepke?
Dudu
kadas nanging eksim)
Wow…goblok!
Coba nyuwuna mas-mas lan mbak-mbak kene, eksim, kadas, panu, kuwi
penyakit jamur kulit. Nggateline padha.
Kembang
luntas mas kembange pelem
Aku
duwe kadas awakmu kok gelem
Kembang
cengkeh kembange jambe
Nek
sing nembang waleh aku sesuk keri kene
85
(Peneran,
nyudha jatah! Wis melua mas Imam. Aku tak balik karo Pak Musari. Ben…
budhal bareng, mulih gak bareng …ora apa-apa!)
Iwak
kuthuk mas mulus wetenge
Iwak
sili mas sing golek aspro
Yen
kepethuk padha mandenge
Malem
Senen ngentrung wong loro
(Wis…
saiki mbabarake agama Islam. Ayo majua kene!”
“Raden
Sahid!”
“Inggih
kawula Kanjeng Sunan Bonang, mekaten!”
“Yen
sliramu milik mangerteni, apa ta sarengate dadi wong Islam. Aja
86
ngenyangi
larangane agama Islam, kena tak paringi piwulang. Sebab wong Islam
iku wong iman. Nek wis ngerti iman ayo kangge ngimanake. Wis bisa
ngimanake dadi wong Islam, ndadenana sipat kang beriman!”
“Diarani
wong Islam ki wong iman. Aku ngerti yen titahe Gusti Allah, ayo wong
Islam padha gelema manembah Allah. Iku pawongan iman. Yen wis ngerti
iman kangge ngimanake! Agama Islam menehna pepadhang pawongan kang
nandhang pepetengan. Paringa teteken pawongan sing durung bisa.
Sarengat Islam kudu bisa ngaji. Engko nek tak warahi ngaji sliramu
wis pinter, kabisan ngaji kuwi aja diagem dhewe. Mbesuk nek sliramu
mundhut garwa, putrimu ora isa, warahana. Kuwi ngimanake. Putrane
diwarahi, sokur nyang dulure, gedhe nang tangga kanan-kirine.”
87
“Umpamane
kurang neh ngimanake, tak warahi ngaji pinter, ning kabisan ngaji,
bojo gak bisa ora diwarahi. Anak ora kok warahi ngerti. Katrima
panguasane
Gusti,
panembahanmu antuk swarga, nanging sing mbok tinggalake ing ngalam
donya ora ngerti iman. Uripe berantakan ora karu-karuan, mung rebutan
warisan. Kowe mbesuk neng swarga ya.. ora patek krasan. Mula kabisan
manembah marang Gusti, ayo diimanake. Diwehke anak lan bojone, jiwa
paneruse. Tur sliramu setia tuhu manembah Gusti.
“Katrima
swargamu antuk swarga ana akheratmu. Sing kok tinggalke ing ngalam
donya dadi titah kang soleh. Bisa mujike, bisa ndalilke. Kasil neh
ngimanake. Langgeng swargane. Iki buahe wong sing akeh kang kasil
ngimanake, mangkono!”
88
“Kados
ta mekaten kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula!”
“Ngerti
tumrape iman wis ngerti lire ngimanake. Dadi wong Islam ngenggenana
sipat kang beriman. Lire sipat beriman. Iki agama ora kenek kangge
mbedak-bedakake marang leliyan. Ana wong sugih ora kenek dimerekake,
ana wong ora duwe ora kenek kapaido. Endi ning wong ora ngerti, nek
milik isa warahana. Gene ketekanane manungsa anane cukup mung samono
kuwi. Sing becik disuwunake marang Gusti. Iki sipat beriman, ora
kenek dienggo mbedak-bedake sesami, mangkono!”
“Kados
ta mekaten Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula!”
“Sokabat!”
89
“Inggih
kula Rama Guru!”
“Dimirengake
ya.. sokabat!”
“Inggih
kula ndherek midangetaken, lumantar anggen paduka paring piwulang
daten Raden sahid, Rama Guru!”
“Iki
lho Sahid, yen sira milik ngerti sejatining Islam. Aku mbabarake
cangkri-man…, mbabarake cangkriman, bathangen cangkrimanku iki.
Bisa mbatang cangkri-manku, bakal dadi sejatining santri. Yen durung
bisa mbatang, bakal tak wedarake, Raden Sahid.”
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahan kawula, panjenengan bade medharaken
cecangkriman
kados ta pundi, enggal dipun kadhawuhaken dateng kawula ingkang
90
midhangetaken,
mekaten!”
“Gumelare
jagad iki ana songsong tunggul naga. Ngisore songsong tunggul naga
ana warna limang perkara. Siji bumbung wong-wang, loro tambine
pucang, telu susuhing angin, papat galihe kangkung, lima napaka
kontulmu layang. Iki tetukone dadi wong Islam. Kudu isa lungguh
menyang isi cangkriman iki, mangkono!”
“Kados
ta mekaten, kados ta pundi werdinipun enggal dipun kadhawuhaken,
mekaten Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula.”
“Sliramu
durung ngerti?’
“Nggih,
kula dereng mangerteni werdinipun kados ta mekaten!”
“Songsong
tunggul naga kuwi pepayung. Yen kawaca dumadine manungsa
91
kuwi
Allah SWT, Gusti Kang Maha Kawasa, kang ngayomi jagad saisine. Kang
nitahake marang manungsa. Mula Sahid, yen sira milik munggah swarga,
marenana sipatmu candhala, ungkurna sipatmu dursila. Ngayoma Gusti
Kang Maha Kawasa, sembahen manut marang agama kang kok tresnani.
Insya Allah bakal kabul panyuwunmu. Bakal munggah swarga ana
akheratmu. Kuwi yen diwaca dumadine manungsa.”
“Songsong
tunggul naga yen panggone ana ngalam donya, kena kawaspadaake
mungguhing netra, kuwi panguasa nagara. Kang ngyomi kawula sak
reh-rehane. Rumangsa dadi kawula kudu ngabdi marang panguasa, setya
tuhu tindake Ratu, gedhe marsudine marang arane Ratu. Becik budi
pakertine, panguasa bisa menggalihake
92
bakal
paring ganjaran sok sapa sing tak timpal kalawan perjuangane.
Mula
Sahid, bakune songsong tunggul naga manembah ana panguasaning Gusti
sing diestoni panguasa nagara, mangkono Sahid.!”
“Kados
ta mekaten Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, ingkang dipun
kawastani Songsong Tunggul Naga. Monggo dipun kalajengaken mekaten,
Sunan Bonang!”
“Ngisore
song-song tunggul naga siji bumbung wong-wang. Bumbung Wong-wang,
mertandhaake titah Allah, wong kang lungguh menyang agama Islam.
Hey…. Wong Islam, ndarbenana wadag bumbung wong-wang. Bongkot pucuk
padha, lahir lan batin sing siji jumbuh karo panembahe. Nek pancen
Islam, laire kudu tulus karo
93
atine.
Sebab Gusti Allah kalawan umat makhluk manungsa tak wenehi gambaran.
Contone anak karo wong tuwa. Putrane akeh disekolahke dadi anak sing
pinter. Ning eneng salah sawijining anak pamit sekolah, mbolos. Ora
gelem mlebu. Mongko wong tuwa kinacek sesamine titah. Ora sepi saka
jiwa manungsa, sak obah-polahe mangerteni.
Endi
sing cidra menyang panembahe, tuntunan agama wis ndhawuhake, ora ana
siku denda, ora kenek disuwunake pangapura, kajaba mbujuk karo sing
manembah. Seje pancen pawongan sing belas durung eruh karo sing
manembah, tetep diparingi pangapura. Padha karo anak lan wong tuwa
pancen tulungane anakku ora ngerti. Salaha ya dibenerke, laliya
dielekake, kecemplunga jurang ya ditulungi. Sing
94
gedhe
siku dendane. Bareng wis ngerti, tidha-tidha leh ngenyangi.”
“Yen
kurang terang Sahid, tepa patuladha swasananing donya, saindhenge
nuswantara, wis bisa kanggo mejang budi pakartining manungsa.
Kuna
makunane, senenge gawe omah gedhe-gedhe, joglo-joglo, rosa, dadiya
telung piturunan, patang piturunan. Saiki ora model. Nggawe omah
cilik ritek, pokok cekli. Sing ngarep dipasang kaca, kena kanggo tepa
patuladha. Nek disawang saka njaba apik, nek dileboni wis mesthi
ketok becik. Njaba karo njerone kudu padha panyawange. Iki contone
bumbung wong-wang. Apa kowe isa ngenyangi ta, Raden Sahid?”
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahan kawula, lumantar sadaya anggen paduka
95
paring
piwulang dateng kula, kula mboten bade ndaga, setya tuhu bade kula
estoaken, Kanjeng Sunan!”
“Yen
ngerti bumbung wong-wang, wediya tambine pucang!”
“Apa
ta… werdine tambine pucang?”
“Embuh!
Dalang kok takok terus!”
“Tambine
pucang, gegayuhaning manungsa. Manungsa pinaringan sipat ganep,
pancadirya jangkep. Ora sepi saka gegayuhan. Ora Tulungagung ora
Surabaya, umume gegayuhaning manungsa, aku urip ki mbok ya sugih
bandha. Sugih donya. Ora kana ora kene, sing diajab sugih bandha.
Nanging Sahid, yen tenan-tenan sliramu milik dadi wong Islam, nyuwuna
donya-donya sing halal. Aja daksiya marang
96
sapadha.
Aja gawe kapitunane leliyan. Aja mercaya jim, setan, priprayangan.
Dalil agama wis ndhawuhake, sregepa nek manembah Gustine.”
“Nanging
kok percaya karo jim, setan, priprayangan, ora-ora nek munggah
swarga. Dalil agama wis ndhawuhake, ora ana titahe Gusti Allah sing
munggah swarga kajaba manungsa. Bisa nelukake jim setan priprayangan,
sliramu katrima manembahmu, isa munggah swarga. Sing kok telukake
melok kowe munggah swarga. Nanging sregepa manembah Gusti, mercaya
marang jim setan priprayangan, mbesuk mati katut melok jim setan
priprayangan. Papane ana papan penasaran. Kasembadan
kowe
makmur, dalil agama ora kenek lali sanak-sedulur. Rukun karo
tetangga, rukun karo lingkungan. Ngerti karo opyake lingkungane.
Ngerti prentahe Pak RT-RW-ne.
97
Ngerti
apa sing digunaake karo kepentingan lingkungane. Tulung yatim piyatu,
sodakoh zakat-fitrah donya, sing krana lilahi taala. Katrima Gusti
Allah, alhamdulillah, kuwi iku kalebu amal jariyah.”
“Sahid,
gedhe amal jariyahe, mbesuk ana akherat kepetengan dalan, kuwi kenek
kanggo padhang. Gedhe zakat-fitrah sira marang titah kang miskin,
mbesuk angel nehmu mlaku, kuwi kenek kanggo tumpakan.”
“Apa
ngamal jariyah kudu bandha sing akeh, donya sing akeh?”
“Ora
bandha ora donya, tembung sak klimah, laku sak jangkah. Contone
sliramu marang aku, adoh-adoh saka Tulungagung dirawuhake Surabaya.
Iki sokur ana panguasa-ne Allah. Kalis saka rubida, muga anggene mas
Imam dadi manten dadi
98
kaki
lan mintuna. Sineksenan para Gusti Wali kang dibabarake bengi iki.”
“Sokuran
dicaosi pasugatan, kondur didahar, sesuk wis ora kena kanggo
dongeng-an. Ning diparingi pasugatan kentrung, iki tontonan. Ngarep
wau wis didhawuhake kla-wan Pak Musari, ya… kenek kanggo tontonan,
sing uga kena kangge tuntunan. Siji tuntunan mupuk keimanan, loro
tuntunan menyang agama. Yen tenan-tenan diresepi menyang sanubari
katrima Gusti Allah. Iki ngamal jariyah sing tanpa upama. Sing gelem
mindhangetake entuk berkahe Gusti, bakal munggah swarga, tak
kandhani!”
(Wis
ngelem daganngane meneh, sesuk ben payu!?)
“Kuwi
kalebu tambine pucang, raden Sahid!”
99 “Kados
ta mekaten werdinipun tambine pucang. Monggo jangkep kaping tiga dos
ta pundi ingkang diwastani susuhing angin, kados ta pundi
werduinipun, Kanjeng
Sunan!”
“Susuhing
angin nggone nyang endi?”
“Susuhing
angin ora kana ora kene, ora adoh ora cedhak, cukup ana wadag
manungsa. Apa susuhing angin kuwi napas, urip duwe napas, bisa mupus.
Manungsa nom bakale tuwa, tingkah lakune ayo sing prasaja. Adat
tumindak kena kanggo tepa patuladha tumrape nusa lan bangsa.
Kasenengan ditata, anak putune seneng dingengehi. Seneng dipek dhewe,
ora eling anak putune, seneng wong tuwane senep jiwa paneruse.
100
Nyambut
gawe sing gemi, sing setiti, sing ngati-ati, nek makarya dicelengi.
Nek celeng-ane wong urip neng ngalam donya Sahid, siji neh mapakake
anak lan bojone. Loro neh makarya sak ben dinane. Nanging celengane
kangge sangu mati apa? Nek manembah marang Gustine. Manut karo
agamane dhewe-dhewe, zakat-fitrah, ngamal jariyah tumpakane. Kuwi
mungguhing susuhing angin, mangkono!”
“Kados
ta mekaten werdinipun susuhing angin, Kanjeng Sunan Bonang,
sesembahan kawula. Lanjeng jangkep kaping sekawan, kados ta pundi
werdinipun ingkang diwastani galihe kangkung, mekaten Kanjeng Sunan
Bonang?”
“Galihe
kangkung kuwi gedhene sak lumbung mbandung, disampar disandhung,
tundhane akeh manungsa kang urung dumunung!”101
“Nggrayang
sangkan paraning dumadi, sangkane manungsa saka endi. Dadiya manungsa
lantaran saka ngendi, paran paraning manungsa kudu ning ngendi? Iki
ngggone susuhing angin neng kene iki, nggone galihing kangkung ana
pan iki.”
“Iki
mungguhe galihe kangkung, sangkane manungsa titahe Gusti Allah Kang
Maha Suci, dadiya manungsa dilantarake wong tuwa kakung karo putri.
Paraning manungsa manuta karo tinulise Gusti. Mula Sahid, yen sira
milik mlebu Islam,
sregepa
nehmu ngaji. Ngajenana pak Kyai, eling-eling kuwi kang nuntun marang
sira paring piwulang ngejak manembah Gusti. Wajib kuwi diajeni.
Raden
Sahid, kowe dadi santri, sregep nehmu ngaji, ngajeni Pak Kyai. Ning
kok santri kuwi jik gelem wani wong tuwane karo, kakung putri, kuwi
ya.. kurang
102
utama..
Sebab Gusti Allah nitahake manungsa, manungsa iku ora enek sing
thukul saka kayu watu. Ora enek manungsa thukul saka bumi. Jer titah
Allah iku lantarane Bapak karo Ibu.
Ana
Bapak tanpa Ibumu sing nglairake sira, ora nana. Ana Ibumu tanpa
Bapakmu, ngandhut tanpa nduwe Bapak, aloke tangga tan ora prayoga.
Mula
Bapak Ibu kangge lantaran mujudake marang slira. Iki mungguhing
santri. Sregep olehe ngaji, ngajeni Pak Kyai. Bukti marang wong tuwa
kakung karo putri, eling-eling iku guru nomer siji. Urung sekolah
tulis, urung sekolah ngaji, dhisik leh sekolah ana wong tuwane.
Contone isa maem krana didulang, isa mlaku dibelajari, dititah. Kari
sesa-sesa wong tuwane ngajari anak piye?”
103
“Nek
ngajari apik, dadine murid ya becik. Bapak mapagne putra, Ibu kang
ngandhut jeneng sira, perang sabil nglairake putra, totohane nyawa.
Dumunungen sabda pandita Wali, nyabdaake anak sepisan mandi.
Eling-eling dalan amung siji, kuwi ora kekek diwaneni. Bukti karo
maratuwa. Bener, maratuwa ki mara-mara wis tuwa.
(Mas
Imam kedhah bukti karo Bapak maratuwa).
“Bab
Bapak maratuwa sing menehi kanikmatan anak mantu sing tanpa utama.
Mantu bukti marang maratuwa, eling-eling maratuwa sing menehi,
ngganjar anak mantu kang tanpa upama. Sing direwangi budhal nyambut
gawe esuk mulih sore. Nek macul neng sawah bengkeng boyoke, sing
digolekke ganjaran. Leh nggganjar
104
maratuwane.
Umpama
Sahid, kowe duwe pitik babon ngendog lima, ilang loro, gedhe
pangapuramu. Ning sak dhumuk bathuk sak nyari bumi, jajal sing colong
ganjaran, leh ngganjar maratuwamu. Kuwi totohane pecah dhadha, utahe
ludira.”
“Ning
menggahing kawula kajenge!”
“Lha…kok
blaba men ta …kowe!”
“Mula
Sahid, kaya ngono kuwi. Wanita kudu wani karo tata. Ngertenana dadi
wong koneng priya, wong lanang guru nabi, digugu, ditiru, diajeni!
Lho…Sahid, iki kasunyatan! Apa njaluk dicritani?”
“Inggih,
monggo dipun dhawuhaken Kanjeng Sunan!”
105
“Rikala
bebukaning lakon ‘Tapel Adam,’ jaman semana ana lakon ‘Tapel
Adam’. Gusti Allah iku muja gawe maungsa, kapundhutake saka sarine
bumi, sarine geni, sarine angin, sarine banyu. Kingumpulake dadi
sawiji. Mula manungsa utusane kang kuasa, ciptaning Gusti Allah.
Dipuja dadi titah manungsa, siji kakung kawastanan Gusti Kanjeng Nabi
Adam. Gusti Kanjeng Nabi Adam titah Allah kang kinasih, matur ana
ngarsaning Alllah, “Ya…duh Gusti mbok inggiha kula niki diparing
garwa.!”
Gusti Allah paring dhawuh, “Titahku Adam, manungsa
mapan iman karo sing kuasa. Apa sing kacipta mesthi bisa tumeka.”
Nyempal lambung sing kiwa, kapuja dadi wanita sulitya
warna, kang aran Ibu
106
Siti
Hawa. Mula wanita iku sempalane wong lanang, swargane nunut, nerakane
katut.
“Endi
wong wedok sing kumalangkung marang wong lanang, ora kenek pupur
gunungan gambar paesan kepranan, karo kengganthengane liyan. Wong
wedok kuwi daringan Sahid, ora kene nggerohi karo bojone. Kudu singg
langgeng papane.Kok geroh karo sing lanang, sing digerohi dudu
bojone, sing digerohi guru nabine. Nyambuta gawe rina dienggo wengi,
wengi dienggo rina. Wong wedok geroh karo
sing
lanang, tetep kesiksa rumah tanggane. Ora tentrem bebrayane. Endi
wong wedok bukti karo wong lanang, ora ethang ngedhep kendhang,
kira-kira gak kurang sandhang gak kurang pangan, ngono!”
(E….ngelem
meneh dagangane. Ben payu!
107
Eeee….gawane kentrung nek ang… ki ya ang kabeh
mburine. Nek i..ya i… kabeh. Nek a..ya…a .. kabeh)
Raden Sahid, parane manungsa manuta tinulise Gusti.
Manungsa neng ngalam donya tak wenehi gegambaran, wayang ibarate.
Alam donya larapane, Gusti Malaikat yagane, Gusti Allah dalange.
Dalang kuwi Gusti Allah, tak kandhani.
(Inggih, mila kedhah mbangun turut Pak Dalang. Ning nek
mati gak dislameti, merga kadal karo walang).
“Dalang
Gusti Allah ibarate. Ora ana wayang sak kothak sing duwe lakon
dhewe-dhewe. Manungsa ing ngalam donya padha kaya pawongan sing
kuliah, ora enek sing ora dikek-i soal dhewe-dhewe. Sesa-sesa dadi
siswane, dadi muride nek
108
dikek-I
soal karo gurune, ngerpek duweke kacane aja ngarep-arep munggahe.
Nanging nek diwenehi soal takon marang gurune, “Pak Guru ngenten
niki digarap pripun?”.
Endi murid sing gelem cedhek karo guru, kuwi murid sing
apik. Padha manungsa, bukti karo Pangeran. Cara wayang gelem cedhak
karo dalang, mesthi luhur wekasane. Beda karo wayang pinggiran, bala
kiwa sing gedhi-gedhi. Di asta dalang arang-arang,
dikeplek-keplekake, palinga dienggo malihan. Ket tuwa tuwas ora bisa
nglaras, ora ngerti mungguhing galihe kangkung, Raden Sahid.
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahaning kawula, kados ta mekaten wedinipun galihe
kangkung. Monggo jangkep kaping gangsalipun, kados ta pundi?”
109
“Tapaka
kontulmu layang, tak gambarake manungsa ana pasar. Sak suwene nyang
pasar, isik suwe mulih ana omahe dhewe-dhewe. Aku kowe iki ijik ana
pasar, calone mbesuk mulih nyang omahe dhewe-dhewe. Nek wis mulih
nyang omahe aja ora nggawa apa-apa, kabeh aja dientekke ana pasar.
Ngengehana dienggo mulih nyang omahe, kangge mbukak lawange. Neng
pasar, becika budi pakartine, rukuna klawan sak padha-padhane. Slira
seda, sing ngrumat akeh, sing nglayat sepirang-pirang. Diganda,
dirasa, diucap ya becik, ya prasaja. Wah… dhek neng ngalam donya
apike kaya ngana, kok ya seda. Gelem dalilke, gelem mujekake.
Nanging neng nglam donya jahil methakil, drengki srehi;
sugiha bandha donya, nek ora rukun karo sesama, mati glethak.
Dibelehke kebo papat, ning upama
110
ora
ana sing nglayat, aloke tangga piye?”
“Napaka
kontulmu layang, contone tuntunan agama. Gusti nabi, gusti wali wis
pirang abad anggone seda, tak gambarna wayang pancen cedhek karo
dalang. Tak gambarna murid pancen cedhak karo guru. Senajan seda
dipuji-puji. Contone para Bapak Pahlawan, para Baapak Perjuangan,
kang gugur ana papan palagan. Nek sedane kanggo labuh labet njunjung
kamrdikan negara, gawe tentreme nusa lan bangsa. Nadyan seda
diperingati, Raden Sahid.”
“Kados
ta mekaten werdinipun tapakipun kontulmu layang. Inggih lumantar
anggen paduka paring dhawuh kados ta mekaten kaliyan kawula, mugi
sageda lumuntur dateng jiwa raga kawula, Kanjeng Sunan!”
111
“Sarengat,
hakekat, lan makrifat, telung telu kudu nyawiji wajib Islam dinyangi.
Sarengat, sarengate wong Islam kudu sholat. Limang wektu wajib Islam
ora kenek dilalekake, kuwi sarengat jenenge. Hakekat, sira sholat
sangu duwit kok aturake Gusti Allah, ora ditampa. Sangune hakekat,
tekad, niyat, mandhep manteb.
Sangune
cengkir, waton kenceng rasane pikir. Laire sholat nek batine dienggo
mikirake rana-rana, padha karo olahraga blaka, ora bakal ketrima.”
“Nek
wis ngerti hakekate, piye maknane, ayo dimakrifati. Iki isi Islam
komplite kaya ngene iki.”
“Mbrandal,
maling, nyabrot, ngecu kaya tingka sing kok sandhang, kuwi larangane
agama, gawe regede nagara. Nek kowe milik dadi wong Islam, sipatmu
112
kaya
ngono kuwi marenana ya Raden Sahid!”
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahan kawula. Lelampahan kados ta mekaten, cekap
kados ta mekaten, kula mboten bade mangsuli malih, Kanjeng Sunan!”
“Madon,
main, minum kuwi larangane agama. Milik dadi wong Islam, aja sampek
sliramu ngenyangi lakon kang kaya ngono kuwi, Raden Sahid!”
“Kados
ta mekaten tamtu bade kula estoaken, lumantar anggen paduka paring
dhawuh Kanjeng Sunan!”
“Nek wis pancen gelem tenan, ayo
ana nyuwun ing panguasane, pondasining Islam maca Syahadat. Kangge
sineksenan, kudu dinyangi. Nek sliramu durung bisa, ayo tak paringi
piwulang. Derekna ngendikaku iki, Raden Sahid!”
113
“Bismilahi
rohman nir rohim!”
“Bismilahi
rohman nir rohim!”
Weh… kok wiskewes temen ta kowe!
Inggih,
Rama Kyai, adeg langgar goleh bocah sing
pinter nalar
Rama Kyai adeg
masjid golek bocah sing pinter nganggit.
“Ayo
dibaleni maneh Sahid!”
“Bismilahi
rohman nir rohim”
“Bismilahi
rohman nir rohim”
“Ashadu
ala illaha ilallah”
“Ashadu
ala illaha ilallah”
114
“Waashadu
anna Muhammadur rasulullah”
“Waashadu anna Muhammadur rasulullah”
“Kawula nekseni setuhune mboten
wonten Gusti Pangeran ingkang wajib kawula sembah, kajawi Gusti
Allah.”
“Kawula nekseni setuhune mboten
wonten Gusti Pangeran ingkang wajib kawula sembah, kajawi Gusti
Allah.”
“Kawula nyekseni Gusti Kanjeng Nabi
Muhammad SAW menika dados utusane Allah.”
Kawula nyekseni Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW
menika dados utusane Allah.”
115
“Kaya ngono kuwi tetukonne dadi
wong Islam, Raden Sahid!”
“Raden Sahid, nek wis rampung aku
bakal tindak Jemuahan, Sahid.”
“Nuwun sewu Kanjeng Sunan Bonang
sesembahan kawula, rikala panjenengan kula begal, panjenengan paring
dhawuh kaliyan kula, yen ta kawula Raden Sahid mbetahaken bandha
klawan donya, supados kawula menoleh mriksani wonten nginggil kawula.
Mangka sakderengipun panjenengan paring dhawuh kados ta mekaten
angsal kawula kendel ngandhapipun wit aren. Woh kolang-kaling dados
emas emplek-emplekan. Kula pitados menawi who kolang-kaling menika
kenging pujane paduka. Kenging sabdanipun paduka. Kula pitados yen ta
panjenengan kagungan ngilmu wejang-an. Mbokya panjenengan gadhaha sih
kawelasan dateng
116
jiwa raga kawula. Kang pamrihe kula supados kagungan
ngilmu kados ta kagungan panjenengan, mekaten Kanjeng Sunan!”
“ Raden Sahid, kolang-kaling tak
sabda dadi emas emplek-emplekan. Sira kepranan, milik kabisan kaya
duwekku. Yen kuwi ngilmu wejangan milik bakal nyuwun tak wejang.
Iya…isa, iki ilmu. Waton Sahid gelem ngenyangi karo tekone karo
lelakune, Raden Sahid.
“Kanjeng Raden Sunan Bonang
sesembahan kawula, Lelampahanipun kados ta pundi enggal dipun
kadhawuhaken kula, Raden Sahid>”
“Jeneng sira bakal tak wejang, kang
pamrihe dumunung sabda pandita Wali. Apa sing kok sabda sepisan dadi.
Nanging Sahid, kudu gelem mertapa ngluwang. Ana
117
tengah ing wana kene. Sepisan, anggonku tumindak ing
papan kene bakal menyang Jemuahan. Kaping pindho, yen wis mudhun
Jemuahan, gelaring lelakone negari Demak, bakal kaadegake masjid.
Madege masjid Demak kudu nyuwun sing ngedegake Walisanga. Gandheng
lelakon iki wali durung jangkep sanga, sapa kang njangkepake
Walisanga? Mula Sahid ayo mertapa ngluwang. Aja kecap, aja pega, aja
badar, yen durung gurumu, Aku rawuh ing papan kene, mbadarake
sliramu. Kuat mertapa ngluwang sak baliku ing papan kene. Ora cukup
amung tak wejang, Insya Allah, bakal nampa wahyuning Wali, Raden
Sahid!”
“Kados ta mekaten, monggo enggal
dipun kadamelaken paluwangan!”
“Ayo tak gawekke paluwangan, Raden
Sahid!”
118
Sore-sore padhang mbulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Kanca kabeh padha gojegan
Kae-kae rembulane
Yen tak sawang mas mung awe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca kabeh aja turu sore
Gethuk angsale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
119
Gethuk angsale saka pohong
Timbang ngantuk ayo ngrungokna kentrung
Aja ngono mas, aja ngono
Kadung janji mas menko mundak gela
Gusti Sunan Bonang kang kaasta teken uluh gading. Teken
uluh gading kagaritake bumi sepindhah, sreeet….., bumi menga
saknalika dadi paluangan.
Kacemplungi
Raden sahid, mertapa mluwang. Raden Sahid mlebet wonten ing
paluawangan, poluawangan ingkang sampun kalebetan Raden Sahid,
katungkuli teken uluh gading mingkem saknalika. Raden Sahid padha
kapendem uripan dateng tenga wana. Alon Gusti Sunan Bonang.
120
“Kene
sokabat, tak jarwani sokabat!”
“Inggih
ngestoaken dhawuh Rama Guru!”
“Kaya
ngene iki owah-gingsire kahanan, urip manungsa langsung panandhang,
manungsa cakra-manggilingan. Contone Raden Sahif, tukang mbegal,
mbegal Gustimu, aku. Kolang-kaling tak sabda dadi emas, njunjung
tumindakku, milik mlebu agama Islam. Ya.. saketang sak klimah tak
paringi piwulang.
Dheweke
nyuwun wejangan, Gustimu aku saguh mejang. Sahid kudu gelem tak
luwang. Sliramu ngerti sokabat, Sahid tak cemplungake paluwangan,
bumi tak tutup iki lak padha tak pendem uripan.”
“Inggih
leres paduka paring dhawuh, Rama guru!”
121
“Mengko
Gustimu aku ora kagungan ilmu wejangan. Gustimu Sunan Bonang wahyu
gaib ilmu tiban. Wahyu gaib ngilmu tiban, iki yen teka ora kulonuwun.
Nek enek ora krasane, yen bali ora pmitan. Sebab sangka setya tuhuku
manembah marang Gusti!”
“Dadi
kabeh kabisanku iki wahyu. Iki dudu ilmu wejangan, la kok Raden Sahid
milik nyuwun wejangan, sampek kapan? Ora-ora nek Raden Sahid tak
wejang, mangkono!”
“Rama
Guru sesembahan kawula, panjenengan paring dhawuh kaliyan kula mboten
kagungan ilmu wejangan. Kenging menapa menawi mboten kagungan ilmu
wejangan sagah bade mejang bagus Raden Sahid? Menawi mbenjang
disuwuni ilmu
122
wejangan,
kados ta.. pundi anggenipun paduka mangsuli, Rama Guru?”
“Sliramu
lak ora ngerti tujuwanku ta sokabat?”
“Inggih
kula mboten mangertos.”
“Anggonku
nindakake dup nang-ning Sinuwun Sunan Bintara, Aryo Babah Patah, jare
aku njangkepake Walisanga. Mula Raden Sahid tak magangake dadi ganepe
wali. Sarate supaya mertapa mluwang. Sak baliku mrene, Raden Sahid,
tak badarake, badar. Kaya-kaya antuk nugrahaning Gusti nampa
wahyuning Wali. Lo… nek sing disuwun kabisan kaya kagunganku, kuwi
ya wahyuning wali. Nek pancen Sahid kagungan wahyu wali tenan, apa ya
aku mblenjani janji, lak ya ora ta?”
“Oo..
kados ta mekaten. Inggih menawi panyuwunipun Radeen Sahid kados ta
123
mekaten?
Mugi sedaya menapa ingkang dados gegayuhanipun bagus Raden Sahid,
sagedha kasembadan, Rama Guru!”
“Budhal
neng Jemuahan, sokabat!”
“Inggih
. monggo suwawi kula dherekaken!”
“Kene
nratas metu Surabaya kene ya sokabat!”
“Inggih-inggih
kula ndherek!”
“Ayo-ayo
sokabat!”
Rek
ayo rek mlaku-mlaku neng Tunjungan
Rek
ayo rek rame-rame bebarengan
Cak ayo cak sapa gelem melu aku
124
Cak
ayo cak golek kenalan cah ayu
Ngalor ngidul liwat toko ngumbah mata
Senggal-senggol
nyang ati wis krasa lega
Sapa
ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal
anake sing dodol rujak cingur
Jok
dipikir yen padha gak duwene sangu
Jok
dipikir angger gelem padha mlaku
Mangan
tahu jok dicampur nganggo timun
Malem
minggu enake disambi ngentrung
“Sokabat!”
125
“Inggih
kula!”
“Rikala
jaman semana, Gustimu aku mbabarake agama Islam ana kutha Semarang.
Critane ngono kae Semarang ana salah sawijining pawongan sugih
bandha, sugih donya. Putra ora kagungan. Sodakoh emoh, zakat fitrah
ora gelem. Aja maneh dizakatke, disodakohake, wong didahar dhewe wae
eman. Asmane Ki Ageng Pandanaran. Sangka sugihe wong sak kutha
Semarang, karan penggedhe Semarang.
“Sokabat!”
“Inggih
kula!”
“Jaman
semana aku nyoba Ki Ageng Pandanaran, aku macak sarwa nista. Ngemis
ing ngarsane Ki Ageng Pandanaran. Biyung Gusti aku di-ina sokabat,
tenan
126
di-ina.
Diuncali duwit sak sen, ora diulungake, diucalake ana ngarepku.
Ngendikane banget murang tata, anggone ngina marang aku. Banjur aku
ngenengake pangeram-eraman. Aku ngampil pacul ana ngarsane Ki Ageng
Pandanaran.”
“Latare
Ki Ageng Pandanaran tak paculi ora ujud lemah, ujud duwit ewon,
yutan-yutan ora karuan akehe. Deweke kepranan marang aku, sokbata!”
“O..
inggih piyambakipun kepranan kaliyan Rama Guru!”
“Tujuwane
aku arep ditubruk diguroni. Aku matek-aji panglimunan, Ki Ageng
Pandaranan ora bisa maspadaake marang aku, ning aku ngerti marang
deweke.”
“O…yen
ngaten panjenengan kagungan srandal gondhel, Rama Guru!”
“Srandal
gondhel ki apa?”
127
“Lir
ipun kula matur wonten ngarsa paduka panjenengan kagungan ilmu
srandal gondhel, yen mlebu penak metu angel, ngaten?”
“Ah…kowe
kok ya teka kono, kuwi pengasihan apa?”
“Mila
mboten ateges mokal Ki Ageng Pandanaran mboten sumurup panjenengan,
panjenengan saged nyumurupi Ki Ageng Pandanaran.”
“Semono
aku paring dhawuh, sokabat!”
“Inggih,
paduka paring dhawuh kados pundi?”
“Ki
Ageng Pandanaran, yen sira bakal nubruk aku ngguroni aku, aja neng
Semarang. Aku Gustimu Sunan Bonang, tututana aku ana kraton Demak
Bintara.
Nek
pancen Ki Ageng Pandanaran gelem ninggalake kutha Semarang. Wali lak
wis
128
bisa
dadi genep ta sokabat!”
“Inggih,
leres anggen paduka paring dhawuih Rama Guru!”
“Semono
bubare saka ngarsane Ki Ageng Pandanaran aku mlebu alas Begelen,
sokabat!”
“Inggih,
rikala samanten panjenengan mlebet wana Begelen.”
“Ana
tengahing alas Begelen kuwi ya ana salah sawijining pawongan sing
jenenge Lokajaya. Lokajaya uga milik numurunke wahyuning wali.
Lokajaya tak paringi dhawuh, eee… Lokajaya, yen sira milik nyuwun
tumuruning wahyuning wali, iki lho teken wuluh gading tak encepake
ana kene. Tunggunen, silanana, aja badar nek durung aku bali rene. La
nek Lokajaya iki pancen tenan-tenan ora tumekaning pati,
129
wali
ki yen ora ganjil etunganku wis dadi wolu, sokabat!”
“Kados
ta mekaten, leres anggenipun paduka paring dhawuh, mbok bilih wali
sampun dumados wolu!”
“Ayo
njajal diendangi, Raden Sahid anggene mertapa mluwang kae dipirsani,
mati apa urip ya sokaba?”
“Kados
ta mekaten, monggo kawula derekaken!”
“Ayo
goleka dalan sokabat!”
Jenang gula kowe aja lali
Ali-ali niki sulih kula
Aja dianggep sepele
130
Nadyan ta mboten melu nanging ati
Tak sanggup nggondeli
Yen gawe lara, gela, sedih rinten dalu
Ketok-ketoken kewala nganti-anti
Apa besuk bisa bakal bali
Yen bali beja mas Imam
(Dhandhanggula
tibane ‘a’ kok ‘mam?}
Yen
bali beja kula
“Monggo
kadhawuhaken ngagem ali-ali, Rama Guru!”
Ngagema
ali-aliku
131
Pamrihe
aja lali karo aku
Nadyan
kula mboten melu mbesuke
Ngelingana leladenku
Lamun
ambuh saloka
Pamrihe
lamune tansah gawe cuwa
Iki
embane kencana
Pamrihe
tansah manggihi raharja
Yen
nganti ilang mripate jarene
Nemak irupe ya
Yen
nganti dienggo wong seje
132
Mbesuke wis padha bodoa
(Aaalaaahhh
ngepos dhisik, pake!
Aku
ngelak, tak yo ngombe
Mbokya
ana wong ngeteri rokok ta…
Rokokku
entek,..e..rokoke keri!)
Pilihanku
mripat biru
Pamrihe
wis sulistya ingkang warni
Yen
takon isi atiku mbesuke
Pirsanana
ali-ali
Mangsuli
putra saking Tuban, atmajane Sinuwun Wilwatikta, adipati Tuban. Raden
Sahid ingkang ngawula carita. Setya tuhu anggenipun bukti kaliyan
guru. Saka
133
gedhene
aritaseha, saka bantere aristaseha, malaikat ing Raden Sahid,
ngoncati saking gua garbaning Sahid. Alon maikating Raden Sahid, kula
carita.
“Raden
Sahid, aku maikatmu, tenan-tenan sliramu murid setya tuhu marang
guru. Gelem mertobat dosa kaluputanmu, kok lebur ngangge manembahmu.
Mangka para pinter wis ndhawuhake Sahid, endi satiya nggayuh mukti
kudu dadiya wong sekti.”
Raden
Sahid duwe adhi kinasih, Dewi Rasa Wulan asmane. Coba aku tak nyipta
tangise Dewi Rasa Wulan. Tak nyoba mertapane Raden Sahid.
(Ana
swara nanging datan ana rupa,
Nah…
ana swara naninging datan ana rupa)
134
“Kangmas
Raden Sahid, kawula kadang panjenengan Rasa Wulan, kangmas. Putra
Kanjeng Prabu Wilwatikta, namung kalih. Paduka kaliyan kula, Rasa
Wulan. Tresna kawula kalih paduka tanpa upama, emanipun panjenengan
oncat saking Tuban. Rasa Wulan mboten kakanthi. Kawula ninggalaken
Tuban, ngupadi jengandika. Godhong mlumah kula kurepaken, godhong
murep kula lumahaken, mboten pinanggih. Sumpah prasetya kawula sageda
panjenengan sekti kula ndherek mukti. Panjenengan seda kula ndherek
pralaya, panjenengan tindak pundi?”
Raden
Sahid midhangetaken tangise adhine. Gandheng Sahid sampun kajanji
kalih gurune, ora kena kecap, ora kena ngendika, ora kena segu. Sahid
menika paring dhawuh, nanging anggone ngendika cukup kaampet wonten
salebete kalbu. Batine
135
Sahid
mangkene, “Mustikane jagad wong ayu Rasa Wulan, semono tresnamu
karo kakang wong ayu. Ninggalake Tuban, nangis-nangis ngupadi pun
kakang. Iya..ya… aku mertapa. Guru wis ndhawuhake, Sahid ora kena
kecap ora kena segu. Tangise Rasa Wulan nuwuhake aku mesakke welas,
jenenge ora jumbuh karo nakalku, ora.
Kowe
arep nangis, iluhmu mili getih, paribasane. Aku ora mesakke. Rasa
Wulan klawan Raden Sahid kuwi dulur, nanging nek Raden Sahid ora
mertapa. Anane
Sahid
ijik mertapa, guru wis ndhawuhake ora kena kecap ora kena ngendika,
ora kena segu.
Jagad
mertapaku iki ora duwe sanak ora duwe kadng, sing ana mung Gusti
Allah sing paring pangayoman. Mbegegeg lir tindha tuku sinukarto
puguh datan
136
gigrig
si rambut pinara sasra, Raden Sahid.
Icale
tangise Dewi Rasa Wulan, malaikaie Raden Sahid nyipta klabang sak
blarak sineret “sreeetttt!!!!!!”
(Ora-ora
kowe apa ya eruh ana klabang sak blarak sineret kuwi?
Awakke dhewe mung karek neruske crita, pokoke manut!
Jane kwe kuwi urung eruh dhewe?
Blaaassssss! Mudheng ya durung!
Berarti, ngapusi dulur-dulur kene?!!
Wah… kok ngapusi, critane ya.. ngono kuwi!)
“Ana
klabang sak blarat sineret……”
137
“
Ssruuuueeeettttt!”
“Nggodha
Raden Sahid, parandene Raden Sahid ingkang kawula ceitaake! Badar
anggenipun nglampahi mertapa, Bagus Raden Sahid ingkang kawula
carita!”
Awang-awang
ing mega mendhung
Yen
trenggiling amba sisike
Tega
nyawang ra tega nundhung
Wong
eling-eling kabecikane
Tan
kocapa, Raden Sahid ingkang kawula carita, mangke kathah-kathah ing
rubida, kathah-kathah ing para reksi, katha-kathaing para wiku
brahmana, ingkang nyoba Bagus Raden Sahid. Parandene datan kersa
badar. Ana dina sukra maneh, sukra
138
Jemuah
maneh segi winanci jam tiga dalu. Wonten cumlorot lir kadya ndaru
saking ler wetan. Wonten cumlorot lir kadya ndaru antariksa, malebu
paluwangan. Masrup gua garbaning Raden Sahid, wahyu tinutuping Wali
Wolu, sampun katampi Bagus Raden Sahid.
Iwur-iwur
iwak segara
Iwak
nener dipangan ula
Ana
perlambang sak bendinane
Wong
ati-ati momong ragane
Raden
Sahid sampun tinampa wahyu, tinutuping Wali Wolu. Nanging Sahid
mboten wuninga yen menawi sampun nampi wahyu wali wolu.
139
“Alon-alon
kula carita Gustine Sunan Bonang, sokabat!”
“Inggih
kula.”
“Mara coba
sokabat, ayp dibacutake ana ngendi anggone mertapa Raden Sahid semana
kae?”
“Wow…
panjenengan bade nyuwun pirsa kaliyan kula, mangga kawula dunungaken,
anggen paduka ngutus Bagus Raden Sahid mertapa, mekaten!”
Tan kocapa,
menika wonten parane Gusti Sunan Bonang, “Lo… papan iki ngene lo
sokabat?”
“Inggih
wonten mriki papan dumunungipun anggen paduka ngutus mertapa Bagus
raden Sahid!”
140
“Jajal tak
badarake ya… sokabat!”
“Inggih,
enggal dipun kabadaraken!”
“Raden
Sahid, yen pancen tenan-tenan iki anggonmu sira mertapa, ayo badara
Sahid! Aku gurumu, Sunan Bonang, kang rawuh!”
Raden Sahid
bakal badar anggone mertapa, badare Sahid nuwuhake magara-gara,
magiri-giri. Ana pedhut petheng ndhedet lelimengan. Ana lindhu
sedina kaping pitu, kluwung pathing plengkung, bledek sesamberan.
Udan angin salah mangsa. Sahid obah bumine bungkah
“hhheeeereeeggggggg!!!!!”
Mentas saking
paluwangan lir pidha tak-tik, badar saknalika Raden Sahid, uluk salam
“Aslamu’alaikum!”
141
“Walaikum
salam!! Kene-kene Sahid bacuta Sahid!”
Jangkar
taline rante
Limpah-limpah
banyune segara
Sugeng
rahayu sedayane
Mangga
pinarak ingkang sekeca
“Dawa tenan
kowe umurmu Raden Sahid!”
“Inggih
sang Guru, kula ingkang sowan ngaturaken sembah pangabukti, mugi
konjuk wonten ngarsa paduka, mekaten Guru!”
“Iya..ya
Raden Sahid, bukti sira wis tak tampa. Kene-kene diprayogaake!”
“Kados ta
mekaten, ngestokaken dhawuh.”
142
“Wis
asuntara suwe anggonmu nglakoni mertapa. Mentas saka paluwangan,
mundhak enom, mundhak nggantheng, mundhak bagus. Jerone marwanto
mertapa apa akeh godha rencana, kang nyoba anggon sira mertapa,
Raden Sahid?”
“Duh…
sang Guru, menawi panjenengan paring dhawuh kados ta mekaten, leres
anggen paduka paring dhawuh daten kula. Skalebetipun anggen kawula
nglampahi mertapa wonten paluwangan, kathag godha kathah rencana.
Parandene saged ical musna, contonipun saged sowan wonten ngarsa
paduka, Guru!”
“Banjur
saiki wis ngadhep ana ngarsaku, sing kudune piye Raden Sahid?”
“Sang Guru,
menawi panjenengan paring dhawuh kados ta mekaten, mangga… mangga…
Raden enggal dipun kawejang Guru!”
143
“Ngarep
Gustimu aku paring dhawuh, sira tak wejang, tetukone Raden Sahid kudu
gelem mertapa mluwang. Nyumurupana ya… Sahid, leh mu mertapa
mluwang iki ijik tetukone anggon sira bakal nampa wejangan. Ning tak
waspadakake sliramu durung duwe wadhahe ngilmu. Tak wejanga sadina
kaping pitu, durung bisa ngilmu wejangan malebu ana sanubarimu.
Umpamane Sahid tak wenehi omah, nek pekarang-ane ora duwe, omah bakal
kok thukke pekarangane sapa? Tak wenehi dedaharan, nek ora duwe
ajang, mbok ngge ajang apa? Isik goleka pekarangan, engko tak wenehi
omah. Goleka ajang mengko tak wenehi dedaharan. Goleka adhahe ngilmu,
tak wejang jumbuh klawan penyuwunmu, Raden Sahid!”
“Kanjeng
Sunan Bonang sesembahaning kawula, menggahing Rama Guru
144
kula dereng
gadhah wadhahipun ilmu wejangan, margi kados ta pundi ingkang kawula
lampahi supados kawula gadhah wadhah ilmu wejangan? Mugi sang Guru
kersaa paring dhawuh, mekaten!”
“Umpamane
tak utus mertapa sepisan maneh apa sik gelem ngenyangi?”
“Sang Guru,
kawula bade ngestokaken!”
“Bagus,
mertapa sepisan maneh iki mertapa kanggo golek wadhah ilmu.”
“:Inggih!”
“Mlakuwa
ngidul bener kene. Aja mandheg aja noleh, yen durung teka pesisir
kidul. Tepis piringe samudra kidul ana kali, kuwi lho…enggone
adhahe ilmu. Mertapa tunggu kali ana pesisir kidul kono kuwi. Aja
kepati badar yen durung antuk adhahe
145
ilmu. Besuk
entuk adhahe ilmu, gurumu aku, sing bakal mbadarake sliramu, Sahid!”
“Kados ta
mekaten Rama Guru, menapa sampun diparengaken kedhah kula nglampahi
menapa ingkang dados utusan paduka Guru?”
“Budhala,
sing ati-ati, Raden Sahid!!”
“Nuwun
inggih, kepareng, nyuwun tambahing pangestu, Rama Guru!”
“Sokabat!”
“Inggih
kula.”
“Sahid mau
wis budhal?”
“Inggih,
sampun bidhal, Rama Guru!”
“Wis adhoh
apa durung?”
146
“Inggih,
taksih dumugi kali Kendal.”
“Apa..
iya….”
“Sokabat!”
“Inggih
kula.”
“Sejatine
Raden Sahid murid sing bagus widaksa. Raden Sahid iku mau sejatine
wis antuk wahyuning wali, ning dheweke durung ngerti, sokabat!”
“Wow…..
Bagus Raden Sahid sejatosipun sampun nampi kanugrahaning Gusti, nampi
wahyunipun wali.”
“Pancen
mangkono!”
“Kenging
menapa panjenengan mboten paring dhawuh kaliyan Bagus Raden
147
Sahid, mekaten
Rama Guru?”
“Anane
Gustimu aku durung paring dhawuh marang Raden Sahid, yen dheweke wis
nampa wahyuning wali. Sebab aku mbutuhake golek murid golek guru.
Arane murid sing kinacek karo sesamane murid. Ora ana murid ora ana
guru. Kapinterane murid ngembari gurune. Sing tak enggo conto Raden
Sahid. Jane ora enek mertapa nunggu kali ana pesisir kidul, golek
adhahe ilmu iku ora enek. Pesisir kidul iku sato mara sato mati,
jalma mara jalma mati. Jim setan priprayangan, ilo-ilo banaspati,
lelembut kabeh; papane lak ana kono, sokabat!”
“Inggih
kadod ta mekaten, Rama Guru!”
“Mula iki
kanggo pendadarane Raden Sahid!”
148
“Wow….
Kados ta mekaten!”
“Tak
contokake klawan bangsa lelembut. Piye mengko dadine. Nek Raden Sahid
mengko mati kateluh bangsa lelembut, kakroyok jim priprayangan
pesisir kidul, kurang suci atine. Sahid, ora bisa nyingkirake sipat
angkara. Nanging nek jim priprayangan, ilo-ilo banaspati, lelembut
iki mengko ora kuwat ketaman wibawaning Raden Sahid, kelakon aku
entuk murid kinacek karo sesamaning murid. Ora ana murid ora ana
guru, pintere murid lir kadya guru, dudu piwulange guru, mangkono.”
“Kados ta
mekaten Guru!”
“Ayo njajal
mriksani Lokajaya, sing tak utus mertapa tunggu teken uluh gading,
sing tak encepake rikala semana kae. Lokajaya bocah Begelen diendangi
ya
149
sokabat!”
“Kados ta
mekaten, mangga dipriksani, Rama Guru!”
“Ayo-ayo
sokabat, dherekna Gustimu aku!”
“Kados ta
mekaten, kawula bade ndherekaken!”
Pitung
sasi lawase nggonku ngenteni
Mung
sliramu wong ayu tak anti-anti
Rina wengi
mung tansah tak impi-impi
Jroning
ati tresnaku tulusing ati
Jenang
gula kowe dik mbok aja lali
Ngelingana
rikala jaman semana
150
Sliramu
janji wong ayu aku ngenteni
Lair batin
tresnaku setengah mati
Kangen-kangen
wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu
wong ayu kowe tak tunggu
Kangen-kangen
wong kangen apa tambane
Rindu-rindu
tambane kudu ketemu
Klapa
mudha enake kanggo rujakan
Leganana
anggonku nandhang kasmaran
Mbalung
sungsum wong ayu tak anti-anti
Ngusadani
kangenku tak antuk jampi
151
Kula piyambak
dereng nguninga, seratanipun sampun nyata. Lokajaya samanten
kamagangaken wali. Tetukone teken uluh gading kaencepake wonten bumi
tengah wana. Dipun silani Lokajaya, sarenga mertapa.
Parandene
Raden Sahid saka gedhene arihalate, saka bantere prihatine, luwih
panas wibawane tumprapin jim priprayangan. Mula nora mokal pesisir
kidul kangge mertapa Raden sahid. Polahe bangsa lelembut kaya
kebyakan geni marongan. Ora kuwat ketamen wibawa panas, padha
sumisih, padha sumilak, padha sumingkir.
Gempalaning
cinarita, tunggal kandha siji kakocapake, njumedharake wonten pulau
tengah segara. Wonten pulo nginggil pulau, wonten bale percabaan,
ingkang
160
kondhang
kaloka kajalandara.
“Inggih
percabaan pulo tambak samodra, sinten ta …ingkang jumeneng
pandhita ing percabaan pulo tambak samodra.
(Embuh
kok angger kok tekok, aku wegah nyauri!
Tradisi dhalang nyangono kuwi. Diomongi kok!
Sinten ta ingkang kawula carita?
Embuh!
Wong kaya ngono barang kok njaluk bayaran padha!)
Dewane
pesisir kidul, shangyang resi Bagindha Kilir , inggih menika Gusti
kula Nabi Khidir. Pinarakan para cantrik, para puthut, para siswa,
sami gegojegan
161
kelawan
ngrantos sang pandhita.
Wonten
balai percaaan pulo tambak samodra, candra saking mandrawa kairing
sidoasih lampah ira.
“Lhole…lhole…..,
ayo mas ditarik alon-alon!”
“Karepmu
dhewe, wis ora usah ndadak takok biasane piye?”
“Lho
aku rewang adune patene?”
“Lho
anane mung wong loro, terus karepe sapa? Nek ora sampeyan njajal?”
“Ya…ya
… ngono wae kok ngetokake keris! Ayo!”
Pamintaku
nimas sidoasih
Cantrik
swaramu becik cantrik
162
Antut
runtut tansah reruntungan
Kaya
ngono kuwi pancen ki dhandhanggulane manten anyar kok cantrik
Ing
sarina sawengine
Ehm…
kaya ngene iki prawane nitip naggone pak dhalang, anggitmu ngono
Datan
ki sak rambut lamun atut caketing ati
Yen
cedhak tansah mulat, soidoasih tuhu
Ya…ya…
cantrik becik tenan swaramu, bisa mandhangake jagad ing pandhita
Cantrik
ayo dibacutake!
Pindha
mimi lan mintuna
Ayo
yayi bareng anetepi wajib
163
Sidoasih
bebrayan
“Ayo…ayo….
Cantrik didawakake nyidam sari, cantrik!”
“Wow…
kados ta mekaten sang panembahan, mbok bilih wonten lepatipun kula
panjenengan ingkang ngleresaken, sang panembahan!”
“Ya…wis
ta, mengko sajak kurang prayoga. Ananne pintere mung nyuwun ngapura,
cantrik!”
Umpama
sliramu sekar melathi
Aku
kumbang nyidam sari
Umpama
sliramu mati, wong manis
Aku kang bakal nglewati
164
Sina sinah lintange luku
Janji
prasetyaning ati
Sampe mati ora bakal lali
“Aku
nek durung pener ya.. kudu tak baleni maneh. Pancen aku durung apal,
diomongi kok ngengkel! Baleni!, ora trima!”
“Ayo
cantrik gliyak-gliyak, cantrik!”
“Ya…
diulangi maneh, kendhangane karo dene Yogya kok! Bon terus ta?”
“Ya…
dibaleni mbokmu!”
Umpama
sliramu sekar melathi
Aku kumbang nyidam sari
165
Umpama
sliramu mati, wong manis
Aku kang bakal nglewati
“Piye?
Lhah…. Diomongi aku ora kok…. Sineksenan piye?”
“Kene-kene
cantrik, kene. Yoh…wis mengko wae dibacutake ya.. cantrik!”
“Ora-ora
trima, diterusne, kowe kuwi isa apa ora?”
“Apa?”
“Bar
ngono ki terus piye?”
“Lha…embuh,
aku ora ngerti kok. Sing mbengok mau awakmu kok!”
“Lhah….
Kowe mesthi lecet, wong loro kok ora rukun. Kowe isa ngono kuwi,
swaramu ora cetha, tak tarike wis ta….!”
166
“Ayo
ta… nek ditarik!”
“Dibaleni
sampek ping telu, ora dadi, bar kluthuke!”
“Ya..ya,
sak karepmu kono!”
“Tenan,
aku ora wedi kliru, pancen aku pengin isa ngono!”
“Wis
kono nesuwa, sak pole mbok tuwek ngono!”
Umpama
sliramu sekar melathi
Aku
kumbang nyidam sari
Umpama
sliramu mati, wong manis
Aku kang bakal ngliwati
“Piye?”
167
` “Lha
yo terus piye, wong aku ya..lali..kok!”
“Lho
gendheng kabeh nek carane kaya mangkene mengko!”
“Cantrik,
kene-kene cantrik! Pancen ya.. nek durung apal, ya ora usah
ditekatake. Wis mandheg tekan semene wae. Ya… Trik ya…!”
“Ora…
kula mboten trimah sang panembahan, panjenengan biasane empun
kilakan. Panjenengan mboten ngangkat kula kemawon ingkang ngangkat
sang panembahan “.
“Wong
aku ya lali lho trik!”
“Yah….
Uteke campur gethuk!”
“Lek
ngono iki kabeh cantrik?”
168
“Inggih
kula.”
“Ana
kawigaten sing kudune,….
“Whah…
!” Nalikane roh ing dalu semana
Atiku lem-lamen sira wong ayu
Sampe mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku
“Cantrik?”
“Ora
rinasa rinasane rasaning ndriya kae piye?”
“Lha…
ya sesuk!”
“Rasaku
mendhare netra kae lho!”
169
“Ah….
Sesuk diapalake neng ngomah wae, sesuk!”
“Apa
sesuk?”
“Cantrik?”
“Inggih
kula”.
“Pancene
tahape nyantrik ana kene iki tahape belajar”.
“Inggih
sang panembahan?”
“Wong
belajar kuwi waton dikulinakake mbaka sethithik mbaka sethithik
suwe-suwe mesthi pinter, mesthi bisa. Mula cantrik, ngenger wong tuwa
nadyan ra entuk upa nek entuk cara, sokur bage entuk tata. Ya trik
ya?”
“Inggih
kados ta mekaten, sedaya menapa ingkang dados piwulang
170
panjenengan
mboten wonten ingkang ndadosaken kuciwanipun manah kula sang
panembahan?”
“Ana
wigati sing ndak dhawuhake sliramu trik?”
“Inggih,
wonten kawigatosan kados pundi”.
“Kae
lho…. Ndhuwur nggisik samodra segara sing kapernah lor kulon, ana
mendhung sepayung. Tak kedhepake ilang mendhung sepayung kok ana teja
ngganther sak sada lanang gedhene. Ndhuwur nggisik samodra kok
nuwuhake teja, kae gek tejane sapa ta cantrik?”
“Wow….
Sang panembahan, wongsal-wangsul kawula matur wonten ngersa paduka
mboten wantun. Angrumiyini saking kersanipun paduka mekaten sang
171
panembahan?”
“Mula
cantrik, reksanen percobaan pulo tambak samodra, Gustimu nabi Khidir
bakal mriksani apa kang mawa teja, tak waspadakake katon saka kene
kae ya trik ya?”
“Kados
ta mekaten sang panembahan mugi enggal dipun kapreksanana menapa
ingkang muwuhake teja kados ta mekaten sang panembahan?”
Jengkarela, sang panembahan
Ninggalake percobaan menika
Daya-daya kula mriksani menapa kang mawa teja
Ana ini ana, wetan kali kulon ya kali
172
Arep nyabrang ra ana uwote
Wetan gati kulon ya gati
Tak timbang-timbang padha abote
Ana ini ana, wus wayahe wancine esuk
Jagone wus padha keluruk
Golek ngilmu sing nganti pethuk
Kanggo sangu nek tuwek besuk
“Lak tenan… ta lak tenan, ngisor
teja jebul satriya bagus pideksa, lha kok mertapa. Wong mertapa kok
neng pinggir kali kaya ngene, gek mertapa kepriye?”
Ah? Kok mesakake, jajal tak badharake. Mas putu badhara?
Iki kali dudu papan kanggo mbesut raga. Wong mertapa kok ning pinggir
kali kaya ngene gek
173
piye? Ayo badhara ya wayah, wayah….. ayo badhara?”
Badhar Raden Sahid anggone mertapa nyumurupi ingkang
mbadharaken sanes gurune. Priyayi tuwa ingkang dereng natos dipun
sumurupi, Raden Sahid duka yayah sinipi!
“Wong tuwa ala…. Kaduk wani
kurang duga, wani mbadharake Raden Sahid padha karo ngilani dhadhane
Raden Sahid. Ayo! Padha neter kaprawirane mirik ngemasi cipta pilaya,
tandhingana kadigdayane Raden Sahid mangkono!”
mendhung peteng kapan udane
sumur-sumur tak timbanana
tembung mateng kapan sidane
174
dulur-dulur tak kandhanane
“Sik ta… iki karepe piye ta?”
“Ana wong tuwa murang tata wani
mbadharake anggonku mertapa,apa pancen uwis bosen nyawang srengenge
wong tuwa? Yen ta ora enak ati ngamuk tak kembari, bangka tak
rampungi. Kudu tak gawe bendhan mustakamu wong tuwa!”
“Alon ta dhisik…sareh ya wayah?
Sareh ya mas putu ya?”
“Ora ana pangapura mungguhe kaya
rasaku, sing wong tuwa murang tata wani mbadharake marang aku
mangkono!”
“Alon dhisikkena sliramu deduka
ning mbok ya srawung sliramu kuwi. Sapa asmamu, ngendi pinangkamu?”
175
“Kowe pingin mangerteni marang aku,
saka ngendi papan dunungku? Sapa kang dadi aranku?”
“Pancene kaya ngono.”
“Yen ta pingin mangerteni marang
aku, aku Raden Sahid asmaku. Sangka negara Tuban mangkono wong tuwa!”
“Pawongan saka Tuban, asmamu Raden
Sahid”.
“Iya. Asmaku Raden Sahid. Bali
pitakon wong tuwa murang tata saka ngendi papan dunungmu, sapa kang
dadi aranmu wong tuwa?”
“Raden Sahid, kae lho… cumondhok
ana pulo tengah segara. Ndhuwur pulo kae ana percobaan kang aran
percabaan tambak samodra. Dewane pesisir kidul kene,
176
aku shangyang resi Bagindha Kilir, ya gustimu Nabi
Khidir, Raden Sahid?”
“Sinten paanjenengan?”
“Dewane pesisir kidul kene, aku
Nabi Khidir mangkono”.
“Wadhuuuh….kanjeng Eyang? Kanjeng
Eyang, kula dipun kapejahana kanjeng Eyang. Kenging menapa kula
wantun kaduk wani murang tata. Kula mboten wuninga yen ta
panjenengan kanjeng Eyang sesembahan kula kanjeng Eyang?”
“Kula mboten wuninga yen ta
panjenengan Kanjeng Eyang sesembahan kula, Kanjeng Eyang.”
“Wayah Raden Sahid!”
“Inggih kula Kanjeng Eyang!”
177
“Wis-wis aja kaya ngono kuwi, ayo
pinarak sing prasaja. Wis cukup semono wae ngarep sliramu kurang
tata, durung wuninga. Bareng wis ngerti sejatine aku, becik
trapsilamu ora gawe kuciwaku, kok Mas Putu Sahid!”
“Kados ta mekaten kula nyuwun
tambahing pangestu Kanjeng Eyang! Kula nyuwun pangapunten!”
“Iki kali dudu papan kanggo mbesut
raga. Iki kali dudu papan kanggo mertapa. Wong mertapa kok ning
pinggir kali kaya ngene, mertapa piye golek apa sliramu wayah?”
“Kanjeng Eyang wontenipun kawula
wantun kaduk murang tata sakawit anggen kawula mertapa wonten mriki
kang wigati, kula nampi utusanipun guru
178
kawula mekaten sang panembahan?”
“Raden Sahid?”
“Inggih kula.
“Coba Eyang bakal paring dhawuh,
nek pancen anggone paring dhawuh Eyang ana sing gepok senggol karo
pangrasamu aja dadi kuciwane atimu ya Raden Sahid?”
“Kados ta mekaten, paduka badhe
paring dhawuh kados ta pundi kalian kula? Kula mboten badhe swula
mekaten kanjeng Eyang”.
“Sejatine Raden Sahid ki dudu
tedhake kaki among tani, isih tedhak kali parang suh tedhake
priyagung luhur. Ya ming cumak Sahid, tumindakmu sing kurang
179
prayoga nalisir saka kekudangane
wong tuwa. Pegawianmu mbrandhal, nyebrat, ndhongkel,ngecu tujuanmu
golek sanguning pati. Ning sliramu pinaringan dhawuh marang sudarmamu
jare arep nggenepi isining jagad. Warna-warna isining donya ning loro
etungane, isaning gedhe saka cilik isaning pinter saka sekolah.
Kapicayane Raden Sahid isaning apik ndhisik kudu ngenyangi elek. Sing
kok karepke yen durung weruh elekeora ngerti karo apike. Lak ngono ta
wayah?”
“Kanjeng Eyang leres anggen paduka
paring dhawuh kalian kula kanjeng eyang?”
“Kaya mangkono iku ya bener ning ya
ana ora benere. Bener donya ki loro etungane, isaning gedhe saka
cilik isaning apik saka elek, ning balekna! Isaning di
180
tagih nduwe utang. Utang ki nyaur wayah? Nyilih ki
mbalekake, percaya klawan ngedikane Eyang Nabi Khidir. Gusti Kang
Maha Kawasa kang nitahake marang manungsa ora bakal paring pidana
nyiksa kawulane sing ish dititahake. Endi menungsa ing alam donya
rumangsa kasiksa panandhange, kuwi kari mundhut tandurane dhewe.
Contone kaya Sahid isa wong elek dadi wong apik, waton isa nyauri
utang karo eleke lehmu nyaur utang.
Lehmu mertapa mluwang ana tengahing wana rikala semana
kae, kuwi penagihane lehmu tumindak angkara. Rahayuning sliramu ndang
mertobat klawan Gusti, setya tuhu lehmu manembah marang Gusti metu
tuntunan kitab Qur’an kang suci. Umpamane ora, rasakna ta Sahid?
Jik pasiksane ning ndonya kaya ngana mindak
181
gene mbesuk ana kanane kaya apa. Mula ya wayah…. uwis,
uwis wayah percoyoa yen Gusti Maha Kawasa iku maha murah, maha welas,
maha asih gelem weneh pangapura sepira dosane titah sing
dimakhlukake waton tenan-tenan leh njaluk ngapura. Nek uwis di
paringi ngapura aja dinyangi maneh apa sing dadi pepacuhing Pengeran.
Contone Raden sahid, wis mungkur tumindak kang ala kari
ngenyangi tumindak kang becik. Contone anane Eyang ngerti sliramu
diwenehi pangapura sebab wis antuk kamurahaning Pengeran. Sliramu
mertapa mluwang kae wis pinaringan wahyuning wali Raden Sahid?”
“Kanjeng Eyang, kanjeng Eyang
pepundhen kawula, dados anggen kawula
182
metapa mluwang sejatosipun kawula sampun nampi
wahyunipun wali mekaten kanjeng Eyang?”
“Kaya ngono. Bagus mas putu Sahid?”
“Inggih kula?”
“Sliramu menyang mrene lak diutus
gurumu, gusti Sunan Bonang ta?”
“Leres anggen paduka paring dhawuh
Kanjeng Eyang?”
“Supaya mertapa golek wadhahe
ngilmu, calon kangge wadhah wejangan sing bakal diwulangake sliramu
lak ngono ta!”
“Nuwun inggih Kanjeng Eyang”.
“Tak jarwani aja kaget tangeh
kathik lamun yen sira bakal nyuwun wejangane
183
gusti Sunan Bonang. Gusti Sunan Bonang kuwi ora
kagunagan ngilmu wejangan wahyuning gaib. Ngilmuning tiban nek teka
ora kula nuwun, nek ora krasane yen bali nora pamitan. Kuwi wahyu
wali ora kenek di gethok tularake marang leliyan, nadyan gusti Sunan
Bonang ora mejang ning sira wis pinaringan kabisan lir kadya
kagungane Sunan Bonang. Sebab sira wis nampa wahyuning wali wis padha
kagungane gusti Sunan Bonang.”
“Mula sliramu kautus njaga kali ana
papan kene, kene iki ora enek andhang ngilmu. Iki papan kanggo
pandadarane Raden Sahid. Tujuane gustimu Sunan Bonang bakal golek
murid sing kinacek sesamaning murid, ora ana murid ora eneng guru.
Pintere murid lir kadya guru ning dudu piwulange guru. Di contohake
klawan bangsa
184
lelembut papan kene papan panggonane
bangsane lelembut, endi manungsa tumindake papan kene tanpa
pinayungan Pengerane mesthi luluh tanpa dumadi. Ning nyatane piye
Raden Sahid? Jim priprayangan kalah klawan sliramu ora kuwat ketaman
wibawane Raden Sahid. Padha sumisih padha sumilak, kasil
pendadaranmu.
Tumrapa gaman kurang landhep anggone ngungkal ana papan
kene, anggone marangi ana papan kene menehi pamor ana papan kene. Wis
kasil apa kang dadi panyuwunmu. Ayo… gek sumingkir saka papan kene
Raden Sahid!”
“Kanjeng Eyang sinaosa kula sampun
nampi wahyunipun wali, nanging yen ta kula Raden Sahid dereng
kagungan ngilmu wejangan kula mboten badhe sumingkir wonten papan
mriki, mekaten kanjeng Eyang?”
185
“Lho…. lak ngengkel ta? Lak
ngengkel ta. Wong wis duwe wahyu wali nek ora kagungan ngilmu
wejangan tetep ora ngalih saka papan iki, iya ta wayah? Nek pancen
sira ngudi ngilmu wejangan aja ngarep-arep anggone mejang Gusti Sunan
Bonang. Shangyang resi Bagindha Kilir, Nabi Khidir saguh bakal mejang
jeneng sira Raden Sahid?”
“Kanjeng Eyang sesembahan kawula
panjenengan sagah badhe paring ngilmu wejangan kula, ngilmu wejangan
menapa ingkang badhe panjenengan paringaken dhateng kula kanjeng
Eyang?”
“Nanging ana lelakon maneh luwih
abot, abote abot. Apa Sahid kira-kira kelar ngenyangi karo lakon
sing tak wenehake sliramu iki?”
186
“Lelampahanipun kados ta pundi,
mekaten sang Panembahan?”
“Lakone ora rialat, ora prihatin,
ora pasa ora mangan, lan kurang turu lali. Lakone tama temen eling
sabar tawakal narima nindakna sepining pamrih ramene gawe. Bener
nom-nomane Sahid tukang mbrandhal, maling, nyebrot, ndhongkel, ngecu
tumindak ceguk, cengkiling mara tangan, lan brangasan. Nanging yen
nyuwun wejangane Nabi Khidir aja maneh kowe daksiya karo titah
manungsa. Keneka kutu-kutu, walang antoga, kewan apa kang gumelar ana
alam donya nek ora luput klawan Raden Sahid, kowe nora kena mateni
kewan. Apa kowe isa ngenyangi sabar sampek semene iki Raden Sahid?”
“Kanjeng Eyang kados ta mekaten
lelampahanipun kula? Inggih kados ta
187
pundi kawula sagah anglampahi menapa ingkang dados
dhawuhipun paduka mekaten kanjeng Eyang!”.
“Wejangan asli kelahiran tanah jawa
‘Purwaning Dumadi Kautaman
Kasampurnan,’ sira bakal tak wejang
aji sangkan paran Raden Sahid”.
“Kados ta mekaten enggal dipun
kawejangna kula mekaten kanjeng Eyang?”
“Ora kesusu…. Mejang sangkan
paran ki golek papan. Purwaning dumadi kautaman kasampurnan, purwa
kawitan dumadi ciptaning Gusti kang maha suci sing diwujudake ana
gumelare alam donya iki. Kautaman, utamakna apa tinulising Gusti Kang
Maha Kawasa. Kasampurnan, kunci urip nang alam ndoya nduwea rasa
rumangsa, wayah? Isi jiwa sak isine ki mung barang titipan. Sira
kuwat nampa
188
wejangan sangkan paran kena kangge njangka sangkan
paraning dumadi. Sliramu bakal kapundhut sowan pengayunane Gusti,
cilike kurang setahun gedhene rong tahun mesthi wis ngerti. Nek wis
ngerti bakal kapundhut sowan pengayunane Gusti, titipane balekna.
Kangge mbalekna kasampurnan, angsal saka bumi balekna bumi, angsal
saka banyu balekna banyu, angsal saka angin balekna angin,, angsal
saka geni balekna geni sing ana amung sukma sejati. Kok landhasi kowe
ngaji, whuh… tenan, wayah! Tenan. Kaya-kaya wis kinacek sesamaning
titah. Barang titipan wis kok balekake sangu kangge sowan pengayunane
Gusti wis duwe. Ngerti. Papan sak mesthine ora mayang mentoleh
lakune.
Tak gambarake cara kebo ucul saka kandhange, prapta dina
titi wanci isa
189
mulih mlebu nyang kandhange dhewe. Kuwi anane
kasampurnan. Kuwat nampa wejangan sangkan paran, gedhe kuasane
sangkan paran kena kangge ngungak jagading manungsa. Manungsa iki
mikir apa sing durung dilahirake sliramu wis isa maca.
Sangkan paran kena kangge ngusadani pawongan kang
nandhang papa cintraka, sangkan paran iku kena kangge njangka sangkan
paraning dumadi. Kuwat sira nampa sangkan paran ngerti karo
pangucaping para kewan. Ya mung emane, wayah! Mejang sangkan paran
ora kenek ana sokur papan. Mejang sangkan paran kok papane ana papan
ndharatan, kewan apa wae mapan kewan ndharatan mireng wejangan
sangkan paran mesthi bisa dadi manungsa.
190
“Mula ayo wayah Sahid?
Bareng-bareng nitih baita, tak wejang sangkan paran ana tengahing
samodra kang pamrihe supaya ora dimirengake kewan ndharatan!”
“Kados ta mekaten kanjeng Eyang? Mangga suwawi kawula dherekaken
kanjeng Eyang”.
“Hayoh …! Padha-padha nitih
baita, tampanana sangkan paran sing tak wurungake marang sira”.
Gunung-gunung digawe sawah
Yak napa dulur olehe mbanyoni
Durung-durung digawe salah
Yak napa dulur olehe nglakoni
191
“Mas putu Sahid?”
“Inggih kula kanjeng Eyang”.
“Wis rampung anggonku medharake
sangkan paran. Piye wayah? Tumrapa tak paringi dhedhaharan apa wis
isa ngrasakake pedhes lan asine? Uga wis kok dhahar kanthi sak
tuwuk-tuwuke, mangkono wayah?”
“Kanjeng Eyang pepundhen kawula,
lumantar anggen paduka paring wejangan sangkan paran dhumateng kula,
mugi tansah dipun kabulna dening Gusti Kang Maha Kawasa kanjeng
Eyang”.
“Saiki sliramu wahyu wali kagungan,
ngilmu wejangan kagungan, Sahid? Nabi Khidir mitungkas marang jeneng
sira sangkan paran iki aja kok wejang-
192
wejangake menyang sapa wae. Kena jeneng sira mejangake
sangkan paran iki yen gurumu aku Nabi Khidir wis seda. Yen gurumu aku
durung seda sapa kang nyuwun sangkan paran, rawuhna mrene tak wejange
dhewe ya mas putu?”
“Kados ta mekaten kanjeng Eyang?
Anggen paduka mitungkas dhateng kawula setya tuhu badhe kawula
estokaken kanjeng Eyang”.
“Kaping pindhone, sangkan paran ora
kena kangge sipat ati jaya kawijayan sapa sira sapa ingsun, yen aku
pawongan sekti, aku pawongan wicaksana, aku duwe sangkan paran sekti
tanpa tinandhing, kuwi nora kena. Pawongan ngakuwa wong pinter, mapan
jenenge manungsa, dhuwure pinter tetep isih ana. Ngakuwa sugih,
ndhuwure sugih tetep ana. Nduweya rasa rumangsa, aja ndarbeni isa,
ning nduweya
193
rasa rumangsa. Ora ana sufi kang kinacek sesamaning
titah, ora ana waskitha mangerti sing kinacek sesamaning manungsa,
kajaba Gusti Kang Maha Kawasa.
Nek nglakoni pinter, pintere dhewe sekti, sektine dhewe
kuwi padha ngembari Gusti sing peparing, kurang becik kedadeyane
Raden Sahid.”
“Kados ta mekaten Kanjeng Eyang, lumantar anggen
paduka paring dhawuh dumateng paduka, bade kawula esthoaken Kanjeng
Eyang.”
“Kaping telune, sangkan paran ora kena kangge
mbedak-bedakake marang sesama. Bener Sahid wis nampa wahyuning wali,
nyemplung banyu kudu isa dadi banyu, mancik watu kudu isa dadi watu,
mlebu geni kudu isa dadi geni. Uger siji 1ehmu manembah marang Gusti
kok lambari ati suci. Kasucening manembah sing
194
mbiji dudu manungsa, nanging Gusti
Kang Maha Kawasa. Mapan sira ora kenek mbedak-bedakake marang sesama,
lak wis ngerti ta…? Sing tak maksutake kaya ngene iki?”
“Kados ta mekaten, kula sampun mangertosi menapa
ingkang dados kersaning paduka, mekaten Kanjeng Eyang!”
“Saiki sliramu aja wedi kangelan!”
“Nuwun inggih!”
“Coba menyanga Demak Bintara, kae lho negara Demak
bakal didegake mesjid. Mandege masjid Demak kudu nyuwun sing
ngedegake walisanga. Tumurune tinutupe wali wolu sing kagungan
sliramu. Jajal menyanga Demak Bintara. Sowana
195
narindra Demak Bintara, Sinuwun Prabu Aryo Babah Patah.
Mengko yen didangu matura, ngupadi Gustimu Sunan Bonang. Mengko yen
wis ketemu Gustimu Sunan Bonang, jajalen ethok-ethok Gurumu suwunana
wejangan. Mengko wangsulane kepriye? Nek gurumu wis rumangsa ora bisa
mejang, yen sira dijumenengake Wali, aku titip tanda asma, ya..wayah
ya…!”
“Kanjeng Eyang, panjenengan bade paring tanda asma
kula kados ta pundi, enggal dipun kadhawuhna, Kanjeng Eyang!”
“Yen wis sineksenan para ngulama, yen sira wis nampa
wahyuning wali, mundhuta asma, pucak ing anggonme nglakoni mertapa
njaga kali ana pesisir samodra. Yen sineksenan para ngulama, mundhuta
tanda asma, Sunan Kalijaga,
196
mengkono!”
“Kados ta mekaten, Kanjeng Eyang, kula ngaturaken
sembah nuwun ingkang tanpa upami, lumantar anggen paduka paring tanda
asma kula, Sunnan Kalijaga, Kanjeng Eyang!”
“Ayo Raden Sahid, coba menyanga Demak Bintara.
Jajalen ethok-ethok njaluk wejangan karo Gurumu. Mengko wangsulane
Gurumu kepriye, mangkono?”
“Kados ta mekaten, kepareng kawula nyuwun tambahing
pangestu, Kanjeng Eyang!”
“Budhala sing ati-ati Raden Sahid!”
Ela..tobil
dha ayem wae
197
Pikiran keluwargamu
Pikulan tak gendhonge
Bebrayana nata bale somah
Anak omahmu dita sing becik
Aku emoh ninggal omah
Lho..wong lanang sing cubluk
Wis wajibe ungiler budi
Budidaya lan makarya
Pikulan nyambut gawe
Pasrah jiwa raga liyane
198
Anakmu, omahmu, mangsa borong kowe
Aku nekad, aku tobat
Lho aku nyambut gawe
Kula carita mangsuli ingkang wonten Demak Bintara,
narindra Demak Bintara, Sinuwun Prabu Sunan Bintara, Aryo Babah
Patah; pinarak kursi gading, angadhep dampar kencana, pepakan ndherek
siliwaka sowane para wadya punggawa, sinten ingkang ngangklungke
jangga, wirangka, dalem Patih Wanasalam. Rawuhipun Njeng Rama Sunan
Ampel, rawuhipun Njeng Rama Sunan Kudus, Rama Sunan Giri,
Kesarusuhaning Ki Ageng Sunan Pandanaran ingkang
kadherekaken Syeh Domba, wingking cumundhuk saking Semarang. Sumengka
penakbraja, mungging ngayunan
199
Nampi rawuhipun Kanjeng Sunan Bonang, ingkang
kadherekaken Gusti Sunan Geseng. Alon Sunan Prabu Sunan Bintara, Aryo
Babah Patah menika arsadangu rawuhipun Njeng Rama Sunan Bonang.
“Mangga-mangga Rama Sunan Bonang, kawula dherekaken
pinarak, pinantu
prembage rawuh jengandhika, wonten pisowanan agung
Kasultanan Demak Bintara menika, Kanjeng Rama Sunan!”
“Nuwun inggih Nak Prabu, kula ingkang sowan
ngaturaken uluk salam pasugahan wonokrami, mugi katur dateng ngarsa
paduka, Nak Prabu!”
“Rama Sunan, kawula tampi puja pangestunipun Aryo
Babah Patah, katur deduka Kanjeng Rama Sunan.”
200
“Kados ta.. mekaten Nak Prabu, inggih. Lumantar
anggen paduka paring dhawuh dumateng kula Nak Prabu. Kawula tampi
tangan kalih, kula pundi wonten mustaka kawula, mugi andadosna
jejimatan kula Nak Prabu.”
“Kanjeng Rama Sunan Bonang!”
“Nuwun inggih kula Nak Prabui!”
“Sakwatawis jengkar jengandhika saking Demak Bintara,
anggen kawula ngrangu-ngrangu rawuh paduka salebeting pisowanan
agung, mboten wonten ingkang kapenggalihaken, namung oncat paduka lir
pidha mirantesi kumambanging watu item, sileme prau gabus, taksih
tumimbul rawuh jengandhika. Sakmenika Kanjeng Rama Sunan, daya-daya
Aryo Babah Patah, inggal nyumurupi pakarya jengandhika anggen
201
paduka sagah njangkepaken walisanga, menapa sampun dados
walisanga?”
“Yen sampun dumadi walisanga, mbenjang ngentosi
menapa? Mangga enggal tata-tata ngendekaken masjid wonten negara
Demak Bintara menika, Rama Sunan!”
“Kados ta mekaten, Nak Prabu, inggih kula ngaturaken
sewu gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, wonten ngarsa paduka,
Nak Prabu! Dene menapa anggen kawula anglampahi sedaya ingkang
panjenengan utusaken dateng kawula, sampun kasembadan mangga dipun
rantos sakwetawis, mekaten Rama Prabu!”
“Nanging Rama Sunan, kawula wau nembe kasowanan tamu
saking Semarang, asmanipun Ki Ageng Pandanaran kawula dangu, ugi
badhe ngupadi Jengandika, keparenga Rama Sunan Bonang ndangu sowane
Ki Ageng Pandanaran
202
menika Rama Sunan!”
“Kados ta mekaten tamtu badhe kawula dangu rawuhipun
Ki Ageng Pandanaran, dumateng Nak Prabu!”
“Inggih!”
“Ki Ageng Pandaranan, mara mane jeneng sira, tanpa ta
timbali sowan ana ngarsaku, semune ana wigati. Coba enggal aturna ana
ngarsaku, Ki Ageng Pandan-aran!”
“Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula, jejimatan
kawula, langkung rumiyin uluk salam kula, katur Kanjeng!”
“Hiya… jeneng sira sowan ana ngarsaku, sembah bukti
wis tak tampa, ndak
203
liwat diprayogakna anggonmu lelengggahan ana ngarsaku Ki
Ageng Pandanaran!”
“Sampun mboten kirang prayogi Kanjeng Sunan, tebih
kawula Semarang, karaya-raya dateng Demak. Sepindhah kawula milik
nyumurupi tata raharjaning Kasultanan Demak Bintara. Jangkep kaping
kalihipun, ngupadi Gusti Sunan Bonang, ratu guru sesembahan
kawula.Kanjeng, rikala kawula taksih cumondhok wonten ing Semarang,
mboten mangertosi babagan manembah, wontenipun namung ngakehaken
donya. Sareng panjenengan macak sarwa nista, ngemis wonten ngarsa
kawula, panjenengan ngawontenaken pangeram-eraman, latar kawula
panjenengan pacul, ujud yatra. Kawula dados kagum, kalih kabisan
paduka. Tujuan kawula badhe kawula tubruk, kawula guroni, Kanjeng!
Panjenengan ical saking pandulu kawula.
204
Panjenengan paring dhawuh, yen kawula milik dumunungan
sabda pandhita wali kedhah kawula ninggalake Semarang dumateng
Demak.Ohhh….Kanjeng, Kanjeng Sunan; sakestu kula ningggalake kutha
Semarang dateng Demak Bintara, dereng kemawon kawula nampi piwulang
saking ngarsa panjenengan, sampun antuk lumunturing Pangeran,
kanugrahan ingkang tanpa pepindhan ingkang kula sandhang, mekaten!”
“Ki Ageng Pandanaran, sak jroning
anggonmu sowan ana ngarsaku, nampa kanugrahaning Gusti sing kok
tampa. Coba aturna kanugrahaning Gusti kang sira tampa, apa Ki Ageng
Pandanaran?”
“Critanipun mekaten Kanjeng, rikala
kawula badhe dateng Demak, nganti
205
kalih garwa kula, mbedonya nggawa bandha, yen kabegal
ana alas seluman, mandak ora karu-karuan. Bojo kula mboten percaya,
delikan kalih kula. Njero teken dipun iseni dinar, sak kebake teken,
Kanjeng Sunan!”
“Iya… coba dibacutna Ki Ageng
Pandanaran mangkono!”
“Nderekaken kawula mlebet wonten
alas siluman, leres wonten alas siluman, wonten begal cacahe tiga.
Pengarepe begal namine Sambang Dalan, ingkang kalih namine Ribat,
ingkang satunggal kala wau Ribut. Pinuju kawula tumindak mriku, kalih
putri kawula,Sambang Dalan mboten wonten. Ingkang wonten Ribat-Ribut.
Ribat-Ribut mbegal dumateng kawula, kawula paring
dhawuh, “Aja mbegal aku Ribat-Ribut, kae lho bojoku nggawa teken.
Kae lho royoken! Nek isa ngroyok teken
206
sing digawa bojoku, kok pangan rong sasi, wong loro ora
entek. Saestu Kanjeng Sunan!”
“Iya…ya…kasembadan garwamu dibegal marang
Ribat-Ribut, mangkono Ki Ageng Pandanaran?”
“Inggih, tekene bojo kula dikroyok Ribat-Ribut, dipun
pecah wonten isine dinar sakabehing teken. Badhe dipun bage, Sambang
Dalan dumugi, nyuwun bageyan. Kaliyan Ribat-Ribu dikandhani, “Kakang
Sambang Dalan, aja njaluk iki sing tak begal sugihe wong Semarang,
asmane Ki Ageng Pandanaran. Jik sing wedok wae sakmene kehe, nek sing
lanang mesthi ana rong mene. Tututana sing lanang, begalen nek ora
pek-en dhewe!”
207
“Lha menika, Sambang Dalan mbujung
kaliyan kawula, kula dipun begal. Kalih Sambang Dalan kala wau,
saestu-estu! Kula mboten kagungan, piyambake mboten percados.
Ngglibet wonten kiwa-tengen kawula. Menika nugrahaning Gusti. Kanjeng
mboten sengaja kula nyabdakaken saklimah pangucap kula, “Ora lho …
Sambang Dalan, kowe manungsa sing tak begal, ya… manungsa sing tak
kandhani, ora duwe kaya manungsa, kok ora ngerti. Jane manungsa apa
wedus?”
“Kanjeng, saklimah pangucap kawula tumus dumateng
Sambang Dalan, ical sipate manungsa, dados awak tugelan sirahe menda,
badanne manungsa. Lha… menika wonten wingkin kawula menika.
Piyambakipun sambat kantaka, nyuwun ngapura, dumateng kawula, supados
mujudake manungsa malih. Kula mboten sengaja
208
nyabdakaken kula mboten saged. Kula utus mantun
anggenipun dados tukang mbegal, wonten alas siluman kula dadosaken
sokabat kawula. Kula paring tanda asma, Syeh Domba, Kanjeng Sunan!”
“Iya… bacutna Ki Ageng Pandanaran!”
“Agenge darma bekti kawula konjuk Gusti, kula babat
alas siluman. Paring sabda anggen kula ninggalaken Semarang, badhe
dateng Demak, wonten alas siluman, nemahi rubida wonten pawongan
tiga, seja ala, mbenjang yen wonten rejaning jaman, alas siluman
dadiya kutha, kutha Salatiga. Dadiya desa, desa Salatiga.
Pinuju kula tindak wonten wana, wonten tiyang tiga seja
ala menika, mekaten!”
“Kaya mangkono Ki Ageng Pandanaran, aku uga ndherek
nyekseni, apa kang
209
dadi sabdamu, rikala anggonmu sowan ana ngarsaku. Ana
ing tengahing alas siluman
kono kuwi, ana sengaja ala kathahe, ya kuwi pawongan
tiga. Mbok ana rejaning jaman, dadiya desa, desa Salatiga. Kutha,
kutha Salatiga. Sakawit jeneng sira, sowan ana ngarsaku, ana pawongan
tiga, kang sengaja ala, mangkono Pandanaran!”
“Menika menggahing kawula, nugraha ingkang tanpa
upama, Kanjeng! Taksih pitadoske dumateng agami Jengandhika,
kumrahaning Gusti kados ngaten, saiba kados menapa yen kawula sampun
malebet dados agami, kados agami Jengandhika. Tamtu langkung-langkung
ing menika. Mila Kanjeng, sepindhah malih sowan kawula ing ngarsa
panjenengan, kawula badhe nyuwun piwulang saking Ngersa Paduka
Kanjeng Sunan!”
210
“Ki Ageng Pandanaran, coba
midhangetna, apa kang ndak dhawuhake marang jeneng sira, yen ta …
jeneng sira arep nyuwun piwulang marang aku, kang pamrihe supaya
jeneng sira ndarbeni kabisan kaya aku. Yektine jeneng sira iku, tanpa
antuk piwulangku, kabisanmu wis padha wae kagunganku. Coba jeneng
sira matur, ana ing ngarsaku, jeneng sira ora sengaja, nyabdakake yo
kuwi Sambang Dalan, nyatane kang dadi sabdamu bisa dumadi. Uga aku
ndherek nyekseni, yen ta…kuwi kok dadegake sokabatmu. Kok paringi
tanda asma, She Domba, mangkono Ki Ageng Pandanaran!”
“Yen ngaten Kanjeng Sunan, kula mangertosi menapa
leres anggen kawula nglangkungi alas siluman, kawula sampun antuk
wahyunipun wali, Kanjeng Sunan?”
“Bener apa kang sira aturake, sakjroning anggonmu
arep sowan ana ngarsaku
211
wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning wali,
mangkon Ki Ageng Pandanaran.”
“Matur nuwun… matur nuwun… matur nuwun….
Kanjeng Sunan.”
Dereng rampung anggenipun paring dhawuh, Ki Ageng
Pandanaran kaliyan Gusti Sunan Bonang, kesarusuhan putra saking
Tuban, Raden Sahid, ingkang ndrojok tanpa larapan, “Sinnuwun,
kawula ingkang sowan! Ngaturaken pasegahan wonokrami, Sinuwun!”
Gunung-gunung
digawe sawah
Yak napa dulur olehe mbanyoni
Durung-durung digawe salah
212
Yak napa dulu olehe nglakoni
“Ngaturaken pasegahan wonokrami, mugi konjuk Kanjeng
Sinuwun!”
“Nuwun inggih Ki Sanak, kula tampi sembah bukti
jengandhika, kaprayogakaken sowan paduka, wonten ing ngarsa kawula.”
“Sampun mboten kirang prayogi, Sinuwun!”
“Mangke ta Ki Sanak, wingking saking pundi? Sinten
asma paduka?”
“Kawula saking negari Tuban, putra Adipati Tuban,
Kanjeng Rama Prabu Wilwatikta, sudarma kawula. Raden Sahid ingkang
dados asma kula.”
“Ki Sanak Sahid, tebih saking Tuban, wonten
kawigatosan menapa?”
“Sinuwun, sepindhah kula milik mangertosi tata
harjaning Kasulatanan
213
Demak Bintara. Kaping kalihipun badhe ngupadi Guru
kawula Gusti Sunan Bonang, mekaten!”
“Pinarak langkung prayogi, Ki Sanak Sahid!”
“Nuwun inggih Sunan Bonang!”
“Inggih kula Nak Prabu! Wonten pawongan saking Tuban,
asmanipun Raden Sahid, mangga dipun dangu, Raden Sahid menika Rama!”
“Kados ta mekaten Nak Prabu, nuwun inggih ngestoaken
dhawuh!”
“Lho…Raden Sahid kang sowan!”
“Uluk salam kula katur Guru!”
“Iya… jeneng sira ngaturake sembah pangabekti wis
tak tampa. Ndak liwat
214
puja pangestuku, tumrapna marang jeneng siea Raden
sahid!”
“Kula tampi tangan kula kalih, kawula pundi wonten
ing mustaka, ndadosaken jimat, Guru!”
“Raden Sahid!”
“Nuwun inggih!”
“Apa sekira wae jeneng sira lali marang apa kang dadi
mitungkasku, aja kepati badhar, yen durung antuk wadhahinh ngilmu.
Lha … kena ngapa durung tak badhar-ake kok wis sowan ana ngarsaku,
Raden Sahid?”
“Kepareng
matur wonten ngarsa paduka Guru,!”
“Iya… matur sing kepriye Raden Sahid?”
215
“Rikala Guru ngutus Raden Sahid, supados mertapa
njagi lepen wonten pesisir kidul, nyuwun tumuruning wadhahing ngilmu,
Guru sampun paring dhawuh, mboten kepatos badhar, yen Guru dereng
mbadharaken!”
“Aduh Guru, sak wetawis anggen kawula mertapa njagi
lepen, mboten wonten wadhah ngilmu ingkang kawula tampi. Kalebet Guru
mboten wonten mbadharaken dumateng kawula. Kula ngudharasa, yen
namung ngilmu wejangan, kula tumbas mawa lelampahan kawula kados
mekaten, menika kok sampun nyekapi. Mula kawula badhar, kersa kawula
piyambak. Ingkang wigatos sowan Guru, badhe nagih janji mbok inggiha
Guru, kawula menika dipun wejang, Guru!”
“Raden Sahid, dadi anggonmu sowan ana ngarsaku, kang
wigati bakal nyuwun
216
wejangan marang aku.”
“Ngestokaken!
“Tak kandhani ya Raden Sahid, jeneng sira iku arepa
tak wejang kaping pitusekira wae ora bisa malebu, ana teleng
sanubarimu. Ora… ora… bakal tak wejang Raden Sahid!”
“Guru!”
“Iya…kepriye?”
“Lepat nyuwun pangapunten, menawi wonten keladuk atur
ipun Sahid, dipun tampi kirang nuju prana.”
“Iya… ora dadi baya mangapa, Raden Sahid!”
217
“Guru sampun paring dhawuh, Sahid kurang tetukone,
ora duwe adhah ilmu, diwejanga sedina kaping pitu, durung karuan nek
ngilmu wejangan bisa maresepi ana sanubarining Sahid! Anggen kula
mertapa mluwang, mertapa njagi lepen, menawi katumbas mawa ngilmu
wejangan, yen sepuluh wejangan taksih turah, lelaku ingkang kula
sandhang. Kenging menapa ta.. Guru, sak wejangan kemawon kok dereng
wonten kasunyatan. Nuwun sewu, Guru menika sejatosipun gadhah ngilmu
wejangan menapa mboten? Yen mboten kagungan ngilmu wejangan, blak
kothang terus terang, blaka sutha. Sahid, aku ora duwe ilmu wejangan,
wahyu gaib. Ngilmuku tiban iki ora kenek digethok-tularake marang
leliyan. Mapan Guru prasaja, anggenipun kawula paring dhawuh, Sahid
mboten badhe ngajeng-ajeng, nyuwun ngilmu wejangan,
218
dumateng ngersa Panjenengan kok Guru!”
“Wow… Raden Sahid… Raden Sahid……kaya mangkona
Raden Sahid. Iya… arep tak selakkana, nyatane wis kok waca. Aku
bakal paring dhawuh, sing kanthi prasaja. Mangertenana Raden Sahid,
yektine aku ora duweni, ya kuwi ilmu wejangan Raden Sahid.”
“Lho… lak saestu ta……Kenging menapa yen ta
Guru, mboten kagungan ilmu wejangan kok lajeng ngutus Sahid supados
mertapa mluwang, mbenjang yen badhar, kedhaipun dipun wejang. Menika
medal mengku pamrih kados pundi, mekaten Guru!”
“Raden Sahid, coba midhangetna apa sing tak dhawuhake
jeneng sira, anane
219
jeneng sira, rikala jaman semana mbegal iku nyuwun
kabisan kaya kagunganku. “
“Inggih, contone kaya kolang-kaling ingkang
panjenengan sabda dadi emas emplek-eplekan, menika lho rumiyin
menika!”
“Lha… sing kaya mangkono iku, yektine jeneng sira
kurang tanggap. Sak jrone jeneng sira tak utus mertapa mluwang, iku
yektine jeneng sira wis nampa wahyuning wali. Apa ora krasa Raden
Sahid?”
“Dados rikala kawula panjenengan utus mertapa mluwang
wonten saklebeting paluwangan, kawula menika sampun nampi nugrahaning
Gusti, pinaringan wahu wali.”
“Bener, kang sira aturake ana ngarsaku. Krasa apa
ora? Yen ta.. jeneng sira
220
wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Wali/”
“Blassss, kula dereng ngerti. Yen sejatose kula empun
nampa wahyu Wali kok Guru!”
“Bener-bener, kang sira aturaken. Yektine jeneng sira
iku, wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning wali.”
“Kenging menapa yen ta Guru, sampun paring dhawuh,
rikala kula mertapa mluwang, sampun nampi wahyuning wali. Guru mboten
kersa paring dhawuh dateng Sahid? Mandak Guru ngutus dumateng kawula,
sik Sahid, golek wadhaing ilmu. Tetukone mertapa tunggunen kali ing
pesisir kidul. Nuwun sewu Guru, mangka pesisir kidul menika, papan
ingkang gawat kaliwat-liwat, kok lajeng kawula
221
panjenengan utus mertapa wonten pinggi lepen menika,
memengku pamrih kados pundi mekaten?”
‘Iya..ya… yen ta jeneng sira takon wajib tak
wangsuli, apa ta.. sebabe jeneng sira wis nampa kanugrahaning Gusti,
nampa wahyuning Wali, ndak utus sepisan maneh supaya njaga kali?
Mangertenana, salah sawijining manungsa kang nampa kanugrahaning
Gusti, nampa wahyuning Gusti, nampa wahyuning Wali, kuwi kudu nganggo
sarana pendadaran, mangkono Raden Sahid!”
“Kados ngaten!”
“Iya! “
“Tumraping Sahid, njagi lepen
pendadaran kados ngaten menika, sampun
222
rampung menapa dereng?”
“Dadi yen ta… mungguhing Raden
Sahid selamet wilujeng, kuwi nyatane enggonmu nampa kanugrahaning
Gusti, pancen wis resik sanubarimu, sampek njaba njeromu. Contone,
bangsane ilo-ilo banaspati lan sak panunggalane ora kuwat ketaman
subawamu.”
“Matur nuwun Guru!”
“Ya… mung emane wae Raden Sahid,
manungsa kang nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Wali, kudu
nganggo sarana jeneng sarwa kasunanan.”
“Dados sok sintena ingkang
dumunungan wahyu Wali, kedhah kagungan asma sarwa mawa Sunan? Kawula
sampun sediya, mekaten Guru!”
223
“Jeneng sira wis sedya? Coba aturna
jeneng sira mundhut asma sapa Raden Sahid?”
“Mugi jagad sak isine, ndherek
nyeksenana pucaking anggen kula mertapa njagi lepen wonten pesisir
samodra, yen sampun sineksenan para ngulama, kawula badhe mundhut
tanda asma Sunan Kalijaga, mekaten!”
“Wow…. Kaya mangkono, hiya
rahayu…. Rahayu…. Rahayu….! Pucaking anggonmu ngupadi sarana
nyuwun tumuruning wahyu Wali kok rewangi njaga kali, saiki jeneng
sira mundhut tanda sama Sunan Kalijaga. Hiya …. Iku prayoga,
mangkono Raden Sahid!”
“Rama Sunan Bonang, Aryo Babah
Patah, narindra Demak badhe paring
224
dhawuh.”
“Inggih, panjenengan badhe paring
dhawuh, kados ta pundi Nak Prabu?”
“Etangan kula, wali sampun jangkep
wolu. Kantun kirang setungggal, jangkepe Walisanga. Walisangan kangge
tutuping wali, menika dipun padosaken kalih mlampah Rama! Mangga sak
menika tata-tata ngedegaken masjid wonten Demak. Nembe-nembe kawula
saking negari Mojopahit, sowan Kanjeng Rama Prabu Brawijaya, narindra
Mojopahit. Gandheng Demak menika taksih ke bawah wonten Mojopahit,
taksih wonten panguasaning Rama Prabu Brawijaya, kawula nyuwun sih
palilah, Demak badhe kula wontenaken madegking masjid. Rama Prabu
Brawijaya sanget ngestoni. Kaliyan Rama Prabu Brawijaya mandak kawula
kabantu kajeng,
225
kajeng jati ingkang umure satus taun-satus taun, sak
cekapipun, kangge ngedeg aken masjid Demak. Mangga Rama, Rama wali
sami nebangi kayu jati, ingkang cumondhok ing alas Nggeduwang,
ingkang umure satus taun-satus taun menika.
Mangke yen kajeng sampun dados tebangan, tak usungana
dateng negari Demak. Kula nyuwun Wali setunggal, kedhah ndadosaken
saka setunggal. Wali wolu kedhah dados saka wolu. Kenginga kangge
pangenget-enget, masjid Demak, saka wolu damelanipun Rama Wali Wolu,
mekaten!”
“Kados ta mekaten Nak Prabu, tamtu
badhe kawula estokaken. Mangga sami dipun bibarake pisowanan angayahi
pakaryanipun piyambak-piyambak, mekaten Nak Prabu! Mangga-mangga
Ramam, sami-sami nebangi kajeng jati ingkang wonten alas
226
Nggeduwang menika nggih Rama!”
“Nuwun inggih, Nak Prabu. Mangga
kawula ndherekaken Nak Prabu.”
Tan kocapa Rama Wali Wolu kabantu para prajurit, para
ngulama Demak nebangi kayu jati ingkang umure satus taun-satus taun,
ingkang calone kangge ngedeg aken masjid wonten Demak Bintara.
Cinandra saking mandrawa, tindake Njeng Sunan kairing lumbung desa,
anggenipun lumaksana.
Lumbung desa pertani padha makarya ayo dhi….
Njupuk pari nata lesung nyandhak alu ayo yu….
Bareng maju yen wus rampung nuli adang ayo kang…
Da tumandang nasah beras alu lumpang
227
Saka kathahe rukune para ngulama, kajeng jati sampun
dados tebangan sedaya. Kantunmawon ngusungi dateng Demak Bintara.
Winanci sembahyang luhur, Rama Wali badhe pados toya, ingkang bening
kangge wudhu. Mula carita Gusti Sunan Kalijaga, tindak wonten pinggir
lepen, wonten salah sawijining kewan ula mangan kodhok. Sambate
kodhok, kagigit-gigit kalawan ula ngaru-ara. Arep diulu karo ula ora
kolu. Arep dilepeh nyumelangake yen kodhoke mlayu. Gusti Sunan
Kalijaga, dumunungan sangkan paran, ngerti pangucape para kewan.
Tanggap karo sambaten kodhok ngaru-aru. Welas tanpa alis, mireng
sambaten kodhok ngaru-ara, Gusti Sunan Kalijaga paring dhawuh,
“Huuuuuuuu!” Akhiripun kodhok dipun ucullaken ula, kodhok
sumingkir. Ula ingkang sowan Gusti Sunan Kalijaga.
228
“Ehemm… kula ingkang sowan,
wonten ngarsa paduka, Gusti Sunan Kali!”
“Sik-sik… tumon iki aku yah ene
kok ana ula ndlosor rene. Sik-sik….. kowe iki yah ene, ki ula kowe
galam apa ora ula?”
“Gusti Sunan Kali, kula kewan ula
galak. Nanging galak kula mawa papan lan panggonan.”
“Wow…. Nggawa papan-papan sing
piye kowe nek pas galak?”
“Yen ta.. galak kula wonten papan
petengan. Menawi wonten padangan, kula kuthuk.”
“Wow… pinter nek ngono ya .. kowe
kuwi!”
“Inggih!”
229
“Ula?”
“Inggih kula Gusti Sunan Kali.”
“Sowan Gustimu Sunan Kalijaga ana
wigati apa?”
“Anggen kula sowan wonten ngarsa
paduka, kenging menapa kula mangsa kewan cantaka, panjenengan paring
dhawuh “Huuuu!”
“Wow… kuwi mau ta….!
“Inggih!”
“Ngene ya ula, tak kandhani. Ananae
sliramu mangsa kodhok, aku paring dhawuh “Huuu!” Njur nek wis
dadi tinulising Gusti, kodhok kuwi mangsane ula.
Lehku ngendhika ‘Hu’ kuwi, mbok ndhang diulu. Lha…
nyang apa kok lepeh?”
230
“Wuuu… dados anggen paduka paring
dhawuh ‘huu’ kala wau, yektinipun kedhah kula ulu.”
“Lha…. Iya, kudune diulu! Lha …kowe mau kleru!”
“Inggih, yen ta kersane paduka, kados ta.. mekaten,
kepareng kula nyuwun pamit, badhe mangsa kewan cantaka malih.”
“Wis golek ana kodhok, gek mangsanen ya… ula…
yaa!”
“Inggih!”
Ula sumingkir saking Sunan Kalijaga. Kodhok
pencolot-pencolot sowan Sunan Kalijaga.
“Ehemm kruwok-kruwok….! Gusti, kula ngaturakem
sembah nuwun.”
231
“Kowe iki kodhok lanang, ketara
nggawe brengos ki kodhoke.”
“Inggih kula kodhok lanang!”
“Kok matur nuwun klawan Gustimu Sunan Kalijaga, ki
keneng apa?”
“Anggen kula ngaturaken sembah nuwun, kula dipun
kamangsa kewan ula. Panjenengan paring dhawuh ‘Huuu’ Kula saged
slamet, saged lumayu, mila kula ngaturaken sembah nuwun.”
“Kewan kodhok!”
“Inggih kula!”
“Pancen aku mesakake, aku ngerti ucaping para kewan.
Kowe mau arep dimangsa ula, sambatamu ngaru-ara, arep dilepeh wedi
nek kowe mlayu, arep diulu
232
ora kolu. Sambatmu ngaru-ara, aku mesakake. Mula Gustimu
Sunan Kalijaga, paring dhawuh ‘Huuu’ mbokya diutahake ta ya…Aja
sampek dibacutake, ning nyatane dilepeh tenan. Lha kuwi lak
pitulungane Gusti, sing dilantarake marang Gustimu aku, kangge
maluyakake kowe ta… kodhok!”
“Inggih, pramila saking menikam, kula ngaturaken
sembah nuwun, antuk pitulungan paduka mekaten.”
“Iya..ya kodhok, wis tetulung karo makhluke Alllah,
kuwi ora ana ilange kodhok.”
“Kejawi saking menika Gusti Sunan Kali, mbok inggiha
panjenengan gadhah sih kawelasan dateng jiwa raga kawula. Mugi dipun
kasantunana busana kula,
233
pamrihe kewan ula, mboten mangsa kula.”
“Kowe njaluk salin sandhanga?”
“Inggih!”
“Kang pamrihe ula ben ora doyan karo kowe. Isa
Gustimu Sunan Kalijaga nyalini sandhangan kodhok, kang pamrihe ben
ula ora doyan karo kowe kodhok.
Nanging kodhok kudu ngerti, jer basuki kudune mawa bea.”
“Gusti Sunan Kali, njenengan paring dhawuh, jer
basuki mawa bea, yen ta .. kula supados pinanggih basuki, bea nipun
kula kados ta.. pundi?”
“Bea-ne ngene ya kodhok!”
“Inggih!”
234
“Tak salini sandhangan, amrih
kodhok ora dipangan ula. Waton kodhok isa mikuli kayu glondhong neng
alas Nggeduwang. Pikulana, tekakna ing negara Demak.
Nek kodhok isa mikuli kayu glondhong tekan negara Demak,
tak salini sandhangan, kang pamrihe ula ben ora doyan karo kowe.
Nanging nek kodhok ora isa mikuli kayu glondhong, ora isa nekakake
ana negara Demak, sak cukupe kangge ngedeg ake masjid, Gustimu Sunan
Kalijaga, ora bisa nuruti apa kang dadi penjalukmu kuwi kodhok!”
“Gusti Sunan Kali, kados ta mekaten panyuwunipun
paduka, dateng kula. Kawula sagahi, ananging kula nyuwun wekdal
sakwetawis.”
“Kowe saguh!”
235
“Inggih kawula sagah! Ngatena kula
nyuwun wekdal sakwetawis.”
“Kenek, ya wis kana tak wenwhi
wektu sak untara, klumpukna kanca-kancamu, piye carane, lehmu arep
mikuli kayu glondhong. Aku ora ngerti kewan kodhok!”
“Inggih! Kula datan para kewan
kodhok, dados kepalanipun kodhok. Kula badhe ngawontenaken rapat
kodhok gedhen-gedhenan, langkung rumiyin mekaten.”
“Ya…nek ngono ya…kenek! Tak
enteni ya… kodhok!”
Gusti Sunan Bonang namung mirengakee wonten wingking.
Batose Sunan Bonang, “Ora lho… Sunan Kali kok grememeng ra enek
kancane.”
Dijawil saking wingking Gudti Sunan
Kalijaga kalyan Gusti Sunan Bonang.
236
“Sunan Kali!”
“Weh… kala wau paduka ta… Guru,
mangga-mangga inggih sampun dangu panjenengan kala wau?”
“Ya wis rada suwe sauntara, Sunan
Kali!”
“Badhe tindak pundi Guru?”
“Coba aku minta tanya mara sira
wangsulanana sing kanthi prasaja!”
“Inggih, dangu menapa Guru!”
“Tak rungokna saka mburi anane
jeneng sira, mung kemrungsung wae kuwi, yektine jeneng sira
omong-omong karo sapa Sunan Kali?”
“Wow… nembe-nembe menika kala wau
ta.. Guru?”
237
“Hiya… Sunan Kali!”
“Alah… niki jagongan kalih
kodhok!”
“Kepriye Sunan Kali?”
“Omong-omong kalih kodhok!”
“Lho… saya anganeh-nganehi
anggonmu matur ana ngarsaku. Lha wong jeneng sira iku manungsa kok
omong-omongan karo kodhok. Kuwi larah-larahe piye, Sunan Kali?”
“sadaya mekaten wau antuk
piwulange Guru. Sekawit Guru sampun paring piwulang. Wis ta.. Sahid,
percaya endi manungsa mapan iman karo sing Kuwasa? Apa sing diseja
pinter tumeka, berkahe Guru. Sepindhah kawula nyuwun piwulang
238
manembah Gusti, piwulang saking ngarsane Guru. Setya
tuhu ingkang kula lampahi, sanget agami Islam ingkang kula puji-puji.
Uga Sunan Kalijaga milik mangertosi suwantene kutu-kutu antoga
kewan-kewan ingkang gumelar wonten ing ngalam donya, kula lampahi
Guru jebul kasunyatan. Sareng sampun kula lampahi, kula mangertosi,
sak estu kalih ucaping kewan. Contone menika kala wau, nembe-nembe
menika kala wau. Wonten ula menika mangan kodhok, sambate kodhok
ngaru-ara. Kula tanggap kalih ucaping kodhok kala wau, kula paring
dhawuh “Huuuu!” Akhir-ipun kodhok diuculake kalih ula. Kodhok
menika sowan dumateng kula, ucape kodhok kalih kula mekaten, “Kula
ntuk pitulungan saking ngarsa paduka, mboten sida dipangan ula. Mbok
inggiha, Gusti Sunan Kali, kula disalini sandhangan kang
239
pamrihe, ula mboten doyan kalih kula, kados pundi?”
Menika ucaping kodhok.
Kula mangsuli,”Hiya kodhok tak salini sandhang, kang
pamrihe ben ula ora doyan karo kowe, waton kodhok isa mikul kayu
glondhong neng alas Nggeduwang, tekakna negara Demak. Sak cukupe, tak
enggo ngedekake masjid.”
“Lha.. kodhok kala wau nyagahi ta Guru!”
“Sunan Kali!”
“Kula!”
“Sing kebangeten, kaningaya kuwi ya
jeneng sira!”
“Kenging menapa kedhah kula?”
“Coba waspadakake kewan kodhok iku
mlaku nyangga jiwa ragane wae
240
kethongkrak-kethangkrik, ewasemana kok suwuni pitulungan
supaya ngusungi kayu jati. Apa sangsaya ora nganeh-nganehi, Sunan
Kali?”
“Inggih, sadaya menika nek dereng
wonten kasunyatan aneh, ning menggah ing Gusti Sunan Kalijaga, kula
mboten ngina sesamining makhluke Allah. Alit kodhok menika ragane,
ning sinten ageng gegayuhane. Mangga Guru dipun rantos kemawon, kados
pundi gelare kewan kodhok saget mikuli kayu. Sak estu menapa mboten?
Yen kodhok saged mikuli kayu sak estu, kasunyatan Sunan Kali taksih
kenging dipun percaya. Nanging yen ta.. kodhok mboten saged mikuli
kayu, pun mboten usah percaya kalih Sunan Kalijaga, mboten
menapa-menapa, mekaten Guru!”
“Hiya… yen ta kaya mangkono kang
dadi aturmu, coba tak seksenane apa bisa
241
kesembadan, yen ta… kewan kodhok bisa ngusungi kayu
jati, mangkono Sunan Kali!”
Nglajengaken kewan canthoka, wangsul saking Sunan
Kalijaga, nglumpukake kanca-kacane, ewon kthelenderan yutan akehing
kodhok, padha nglimpuk neng tengah wana. Semana ana gelaring rapat
kodhok gedhen-gedhenan.
(Nah…. Kaya mangkono gelare ana rapat gedhen-gedhenan
RT-ne kodhok isa nerbang. Nah…. Ewa semono RW-ne ana sing
ngendhang. Laaa ….hiya….!)
“Kene-kene ca padha nglumpuka rene
ya ca ya…….!”
“Inggih kangmas, wonten kawigatosan
kados ta pundi?”
“Inggih kangmas, wonten
kawigatosan kados ta pundi?”
‘Sik-sik… kae mau ana kodhok sing
ketinggalan apa ora? Nek ijik ana, coba digoleki kana! Sing turu-turu
digugahi kon tangi. Aku tak crita padha rungokna
242
critaku iki ya….!”
“Inggih kakang….. inggih
kakang….. ha… inggih kakang!”
“Aku mau lak golek memangsan,
durung wae oleh memangsan disaut ula saka mburi. Hiyahhh…. Tenan
ca…kanca,. critaku iki mau! Umpamane ora entuk pitulungane Sunan
Kalijaga aku mau wis mati. Pitulungane Gusti Sunan Kalijaga, aku
luwar saka bebaya, nyatane ora sida dipangan ula. Banjur aku sowan
Gusti Sunan Kalijaga. Sepisan, aku ngaturake sewu gung panuwun.
Pindho, aku njaluk salin sandhangan, kang pamrihe awake dhewe ben
ora dipangan ula. Wangsulane Gusti Sunan Kalijaga, gelem nyalini
sandhangan kanca kodhok, lan kowe kanca kabeh. Waton, yen kodhok isa
mikuli kayu glondhong,. supaya nekake ing negara Demak
243
sak cukupe, kangge ngedekake masjid. Mula iki tak
enekake rapat kodhok gedhen-gedhenan, tak enengake sarasehan. Ayo ta…
kanca, tinimbang awake dhewe urip ngalor-ngidul ngetan ngulon ming
diuber-uber ula, kayu glondhong kae dipikuli. Engko nek teka Demak,
awake dhewe dislini sandhangan. Akhire ula ora doyan karo awake
dhewe. Mundhak gene mareme ya ca… kanca, urip sing ora duwe musuh
karo ula, mangkono?”
“Inggih, kados ta mekaten margi,
kados ta pundi ingkang dipun lampahi kangmas? Kula nggih ndherek
Kangmas!”
“Nek kabeh padha sarujuk, aja
nggunake okole, nggunake akale. Nek nggunake okole dipikuli kaya
manungsa endi bisa? Wong kowe aku kabeh, mlakune
244
mencolot-mencolot ngrekasa. Akale digunakake, nyudarsana
manungsa, gelem ngedohi sega saya kuwasa, gelem ngedohi turu saya
tinemu. Ayo dibubarake rapate kodhok iki, golek papan sing gupit,
golek papan sing ndhelik. Kanggo nyuwun ngarsane Gusti, muga
pinaringana udan kang deres. Gusti pinaringan udan deres nimbulake
banjir. Kayu glondhong padha keli, awake dhewe mikul kayu, leh mikul
neng ndhuwur banyu, ning ngisore kayu. Aja percaya yen Pangeran
paring pitulungan ora angel tumrape Pangeran, mangkono!”
“O…inggih kula sarujuk Kangmas!
Sarujuk Kangmas!”
“Ya.. wis nek ngono iki ana
cumplung aku tak nyemplung nang cumplung kene wae!”
245
“Inggih kula wonten ngandhap
galengan mriki, Kangmas!”
“Aku mlebu gowok kene wae, oooo….
Inggih kula wonten mriki Kangmas, wonten lebeting terbang, Kangmas!!”
Bubare rapat canthoka. Nah bubare rapat cantoka!
Kerek-kerek swarane kodhok, mula kena kanggo patuladha.
Nek kodhoke kerek-kerek kae lho…! Kodhoke njaluk udan. Sekinten
sampun kasunyatan, Yen Gusti Allah menika mboten mbedak-bedake sadaya
makhluk. Contone kewan kodhok, waton minunggal karepe tenan-tenan
panyuwune, bakal diudani apa panjaluke. Mendhung saya peteng-saya
peteng, saya peteng terus udan deres poh pinoh, banjir gedhe papak
embong. Kayu glondhong padha keli, kodhok mikul kayu
246
le mikul ning ndhuwur banyu. Nek ngisore kayu kating
trempol-kating trempol, kabujeng para Rama wali.
Kali mili kena dibendhung
Yen jerone watese dhadha
Pedhote tali tan kena disambung
Pendhote trisna ketok nyang mata
Udane terang, banjire sat, kayu dadi tumpukan. Kewan
kodhok sowan Gusti Sunan Kalijaga.
“Kodhok!”
“Inggih, kula ingkang sowan malih
wonten ngarsa paduka, Gusti Sunan Kali!”
247
“Gustimu Sunan Kali mratelakake
sewu gung panuwun kang tanpa upama, yagene madege masjid Demak, kewan
kodhok melu sambatan mikuli kayu sakmene
okehe, kodhok!”
“Inggih, sadaya anggen paduka paring dhawuh sampun
kasemabadan. Mangga enggal kasantunana busa kula, Gusti Sunan Kali?!”
“Hiya……. Tak salini sandhangan, wong jare kodhok
sandhanganmu ya.. pangkas sandhangan kodhok, ning tak paringi rupa
sing lorek. Ning jenengmu kodhok bangkak, utawa kodhok bangkong.
Nadyan kowe kodhok, waton lorek rupamu, ula tetep ora doyan karo
sliramu. Sebab wis entuk sabdane Wali rikala enek lakon madege
Masjid Demak Bintara iki, mangkono!”
248
“Kados tak mekaten ngaturaken
sembah nuwun, lumantar anggen paduka paring dhawuh kaliyan kula mugi
tansah dipun kabulna dening Gusti Kang Maha Kawasa.”
“Kaya ngono kodhok…. Hiya….kodhok, ayo baliya
ana papanmu dhewe-dhewe ya… kodhok…ya…!”
“Inggih, kepareng kawula nyuwun tambahing pangestu!”
Helluh….
Pancen katenta
Engga sak priki yen kodhok bangkong
Lorek jare rupane
Pancen ula ora doyan karo dheweke
249
Sampun kasabda Wali semana okehe
Golek kayu ora nggawa arit
Dicekleki ana tangan lara
Pethuk wong ayu mas nora nggawa duwit
Dipleroki nyang ati lara
Wali satunggal kedah ndadosaken saka satunggal. Gusti
Sunan Kalijaga dadi wali sing paling licik. Kancane gawe saka
brengkutan, dheweke nyambut gawe okol ora kersa. Enak-enak wonten
dalem kadilangon, ngliwet-nderes bubar ngliwet-nderes.
Saka dados pitu, kantun kirang setunggal jangkeping
wolu, bakal saka kajeng sampun telas. Dipun ranti-ranti ingkang
dereng wonten namung Gusti Sunan Kali. Ditangguh
250
kancane mari, dheweke dugi dukane Sunan Bonang, pinuju
Sunan Kalijaga nyilepi liwete. Liwet kaasta, menika kendhil kaasta
Gusti Sunan Bonang kakepruk saknalika.
“Sing kebangeten kowe Sunan Kalijaga!”
Kembang
anggrek lomponge keli
Samiya agung ra toya nipun
Sami sadherek sami mirsani
Mbok bilih lepat nyuwun ngapura
“Mangke rumiyin-mangke rumiyin
Guru! Guru, panjenengan niku ngarep kalih mburine mboten cocok. Kok
nggih samang terak mawon niku pripun ta Guru?”
“Sunan Kali-Sunan Kali!”
251
“Inggih!”
“Aku wis bola-bali lak wis paring
dhawuh marang jeneng sira!”
“Duka nggih duka, nanging nggih
nuwun sewu, lha wong niki wahh… panjenengan menika pripun ta…
Guru, Guru! Lha wong niki liwet wis wayahe nyilep, kantun mangke niki
dipun maem. Lha kendil panjenengan kepruk… beh—behhh mawute
liwet, pecahing kendhil, dukane Guru kados ngaten. Pun yen duka,
duka mawon. Nanging nuwun sewu, kula badhe ngukupi intipe ingkang
ngglindhingan wonten mriki.”
“Hiya…. Masalah kuwi tinggalen,
sauntara Sunan Kali!”
“Wah…. Niki penting, kok
ditinggal. Sing digoleki pangane jare! Kok
252
ditinggal, pripun intipe?”
“Pancen kebangeten Sunan Kali,
jeneng sira iku!”
“Niki intipe taksih kenging kula
tulung Guru.”
“Hiya…ya… ditulung ya…
ditulung. Coba enggal midhangetna apa sing tak dhawuhake marang
jeneng sira, Sunan Kali!”
“Guru menika kok duka, menika
wonten menapa ta?”
“Bola-bali aku wis kandha, marang
jeneng sira, yen ta.. kanca-kancane nyambut gawe sing padha sayuk
saeka kapti. Coba waspadakna, Rama Wali anggone padha gawe saka wis
padha rampung. Mangka yen ta.. saka dadi sore, ya.. kuwi masjid dideg
ake sore. Saka mari esuk ya kuwi masjid dideg ake esuk. Mung kari
siji
253
wae, jeneng sira sing kurang. Gaweyanmu Sunan Kali!”
“Menika sampun, sedaya sampun
rampung ta.. Guru?”
“Coba waspadakna, kanca-kancane
kabeh wis padha rampung Sunan Kali!”
“Wah…. La menika kajenge sampun
telas? Lha lajeng kados pundi ta Guru menika, Guru!”
“Ya arepa dikaya ngapa, aku yen wis
kandha mulan kancane nyambut gawe, ya.. nyambut gawe. Mangka iki
kurang siji, kuwajibanmu kudu gawe saka, Sunan Kali!”
“Nggih, empun.. pun…pun… sampun
duka. Butuhe niki lak wonten saka ta.. niki?”
254
“Hiya… kudu ana saka!”
“Inggih, nuwun sewu, kula badhe
ndamel saka sakmenika. Dipun priksani Guru!”
“Sunan Kali!”
“Dalem!”
“Jare matur ana ngarsaku arepe
nggawe saka, coba iki wayahe jam pira? Tanganmu kok nggrayah kaya
ngono iku, arepe nyang apa Sunan Kali?”
“Nggrayah napa ta… Guru?”
“Lha kuwi tatal mbok grayahi, arepe
kok gawe apa?”
“Wow…. Kula nglumpukaken tatal
niki ta..? Sampun, pokoke mengke wonten
255
saka, lak inggih sampun, mekaten!”
“Ya…wis, yen ta.. kaya mangkono,
waton enggal dadi sakane, Suna Kali!”
Saka kantun kirang setunggal……………
MADEGE MASJID DEMAK – KASET EMPAT
258
“Mula-mulane
sak durunge nggunakake pethel, tak paringi ngerti anggonmu
nyolah-bawake pethelku!”
“Nggih-nggih…
cobi-cobi kula ngampil pethelipun!”
“Tamapanana
pethelku, Sunan Kali!”
“Inggih,
kawula badhe ngelus saka menika, mekaten!”
“Sunan
Kali, gampang ngelus saka gampang. Ning jeneng sira kok mangerteni
marang pangucapane kewan iku, cara-acarane, lelakune, kepriye Sunan
Kali?”
“Wow…
rikala kula omong-omongan kalih kodhok kala rumiyin nika ta..
Guru?”
“Iya..ya….!”
259
“Inggih,
yen Guru nyuwun pirsa, Sunan Kalijaga iki manunsa lumrah. Kok ngerti
pangucap para kewan-kewan. Milik ngertos pangucapane para kewan niku
tetukone mboten pasa kok Guru!”
“Dadi
pitukone ora nganggo pasa?”
“Mbote!”
“Ora
nggunakake tarak brata?”
“Mboten!”
“Lha
terus kepriye tetukone, Sunan Kali?’
“Tetukone
tama temen, eling, sabar, narima. Nindakake sepining pamrih ramene
gawe. Kala rumiyin kenthong titir, mbrandhal, kula Sahid. Rame-rame
maling, nyebrot,
260
ndhongkel,
ngecu, kula Sahid. Sepindha kula nampi piwulange Guru, kaping kalih
kula milik mangertosi pangucape kewan. Kok Raden Sahid wantun daksiya
kalih sesamaning manungsa, kutu-kutu, walang, togoge kewan menapa
ingkang gumelar wonten ngalam donya, yen mboten lepat Sunan Kalijaga.
Sunan Kalijaga mboten wantun mejahi kewan, Guru!”
“Kaya
mangkono Sunan, coba buktekna apa kang dadi aturmu, Sunan Kali!”
“Saklimah
ngendikane Gusti Sunan Kalijaga, sinambi pethel-pethel, mboten
waspada, yen ngandhap wonten kewan orong-orong, mengkang-mengkang;
kepethel tugel gulune.”
“Sunan
Kali, sakabehing aturmu, kuwi apa kasunyatan Sunan Kali?”
261
“Lha…kok
mboten kasunyatan niku pripun ta.. Guru!”
“Sing
ngaren aku lhak wis kandha, nggunakake pethelku aja mbok gawe
enak-kepenak, jaren wis ngerti cara-carane, nyolah-bawake pethelku.
Aku pengin mengerteni jeneng sira, bisa mangerteni pangucape marang
kewan, kepriye wangsulanmu? Anggonmu matur lha kok disambi ngrokok ki
kepiye?”
“Lha…
inggih, matur tama temen!”
“Kejaba
saka kuwi?”
“Mboten
wantun mateni menapa kemawon, menawi mboten lepat kalih Sunan
Kalijaga.”
“Saiki
coba kewan orong-orong kuwi, dosane apa lupute apa marang sliramu?”
262
“Orong-orong
kenging napa Guru?”
“Lho
la wong aku sing ora nggunakake wae, ngrumangsani. Lha .. kowe singg
nggunakake kok ora rumangsa? Kena anggonmu ngelus saka kuwi, kena
pethelmu, tugel janggane, Sunan Kali!”
“Inalilahi
Wa Inna Ilaihi Rojiun, dados orong-orong tugel gulune niki, kalawan
kenging pethel menika ta.. Guru?”
“Ya…
kena pethelmu, anggonmu ngelus saka, Sunan Kali!”
“Nuwun
sewu Guru, manungsa kuwi nek gawe eleke liyan gumampang. Mangka
manungsa mboten wonten ingkang sampurna. Mboten pisah saking luput
lan lali. Geneya ta … nek Sunan Kalijaga, sing nugel gulune
orong-orong, Guru semune deduka. Guru
263
semune
ngina. Wangsul dateng Guru, Sahid mertapa mluwang, nek badhar tak
wejang. Gagar wigar, dugi sakmenika pundi buktine ilmu wejangan?
Ngoten menika napa nggih mboten cidra?”
“Kabeh
mula iku, mung untung kowe, sing bathi kowe, anggonku paring piwulang
marang sira. Contone jeneng sira nampa kanugrahaning Gusti, nampa
wahyuning Wali.”
“Kula
nggih ngoten Guru, kula saged nugel gulune orong-orong, kula nggih
saged nggathukaken. Kula saged matine orong-orong, nggih sekintenipun
saged nguripaken.”
“Ayo
coba nyatakna. Aku pengin nekseni, apa kang dadi aturmu, Sunan Kali!”
“Aja
ngina, kula niki gadhah aji penggathukan, kalih aji panguripan. Kok
mung
264
orong-orong
sak jenthikan tugel kula gathukne mboten gathuk. Mati kula uripne.
Mboten urip, lha…wong sing nerbang njegagrok semanten mati, sing
nggarap kula mawon urip.”
“Mangga
dipun priksani Guru, sing kebangeten iku ya kowe kok orong-orong!
Nyang apa ta.. wong ana pethel-pethel ngelus saka, kok
mengkang-mengkang nganti kepethel tugel gulune. Kene … wong neng
kene ya.. anane mung tatal. Coba tak sambung tatal gulune. Tan
kocapa…. Orong-orong tugel janggane, kapundutake tatal, kaencepake
kalih janggane, kagathukake kalih sirahe, orong-orong kagathukake
Gusti Sunan Kalijaga, pandhita Wali. Orong-orong gulumu tugel tak
sambung tatalm, gathuka! Orong-orong kowe mati, uripa! Cekekal
njrantal urip saknalika!”
Kali
mili kena dibendhung
265
Yen jerune watese dhadha
Pedhote
tali tak kena disambung
Pedhote
tresna ketok nyang mata
“Percaya
menapa mboten, menawi kula gadhah aji panggathukan, kaliya aji
panguripan. Pun sumelang, sing mati pasrahne kula, tanggung urip,
mekaten Kanjeng Guru!”
“Iya…
aku ngakoni, aku percaya babagan wingkan pambudimu, Sunan Kali! Saiki
coba kabeh wis padha rampung pakaryane dhewe-dhewe, ora liwat ayo
didegne masjide, Sunan Kali!”
“Mangga-mangga
kalih diilir-ilir, Sunan Guru!”
266
Lir-ilir…
lir ilir…. Tandure wus sumilir
Tak
ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar
Ya…..eyo…..yaaa…….eyoo……………….
Pinter
tenan Sunan Kali, ayo…. Kae karek sethitik kae! Kayune padha
dicaketake mrene para kanca-kanca.
Bocah
angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu
ndang penekna
Kanggo
mbasuh dodot ira
Ya….
Eyo…ya……eyooooo………..
Menarane
masjid Demak, bangunane Rama Sunan Bonang. Saka Guru ler kilen
267
caket
pangimaman angsal bakal tatal, damelane Njeng Rama Sunan Kalijaga.
Dodot
ira-dodot ira….kumitir bedhaing pinggir
Dondomana
jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung
padhang rembulane
Mumpung
jembar kalangane
Ya…
suraka aaa….. surak….. hooooreeeee!
Ngadek
saknalika masjid Demak Bintara kantun kemawon nganyari, ora ngerti
sangkan paraning bilahi, wonten lesus gedhe nendhang masjid, dumadi
doyong saknalika.
Ayo…
kanca, padha dijejegake kanca. Ayo kanca bareng-bareng dijejegake!
Sawunggaling
wayange kuna
268
Sing
digawe kayune jati
Pena
eling disambangana
Aja
gawe gelane kanca
“Kepriye
kanca-kanca kabeh, padha sing rukun, ayo iki ora ngerti sangkan
paraning bilahi. Ngedegake masjid kok ana lesus kang gedhe, nuwuhake
doyong kaya mangkene. Ayo…dijejegake kanca!”
“Sunan
Bonang, Sunan Kalijaga kae mbok dijawil. Wong kancane njejegne
masjid, keringete sak jagung-jagung ora jejeg. Kok meneng wae. Kae
dijawil Sunan Kalijaga,kae!”
“Sunan
Kali!”
269
“Inggih,
Guru!”
“Coba
waspadakake Sunan Kali, kanca-kancane padha ngedegake gumregah
direwangi keringete sakjagung-jagung, mangka gawe enak-kepenak.
Mbokya sing padha rukun, Sunan Kali!”
“Kula
niki mboten mendel, mboten namung mendel, namung mendel kula batos
kula nggih makarya, Guru! Sunan Kalijaga tumandhang okol mboten
saged, wongsal-wangsul ingkang kawula dalaken, namung akal kula,
Guru!”
“Jeneng
sira, arep ngetokake akal kepriye maneh? Wong nyatane bisa ndhoyong
sakane kaya ngene?”
“Mesjid
menika kangge nyelengi wohing pakarti, manembah wonten
270
panguasaning
Gusti.”
“Bener
apa sing dadi aturmu, Sunan Kali!”
“Napa
maneh mesjid niki kerukunane para Wali, mbenjing-mbenjing maneh nek
ngedegne rukunan atine suci. Ananing masjid wis ngadek, nemahi
bilahi, niki wonten Wali nora suci. Duwe utang mboten nate nyaur
niki!”
“Sunan
Kali, saya kebangeten, kaningaya anggonmu matur ana ngarsaku! Jeneng
sira kaya ngono, apa wis mbok etung kanthi jangkep Sunan Kali?”
“Empun!
Neh kula ngetung pun ganep!. Panykra bawa kula pun mateng!”
“Coba
aku minta tanya marang jeneng sira, Wali sapa sing kang duwe utang,
ora tau nyaur?”
271
“Panjenengan
Guru, sing duwe utang, mboten nate nyaur!”
“Sunan
Kali, jam pira? Dina apa? Sasi apa? Tahun apa? Aku duwe utang karo
jeneng sira ora nyaur, Sunan Kali?”
“Yen
ta… Guru kesupen kula engetaken!”
“Iya…
coba elingna!”
“Kagungan
utang wejangan kalih kula napa mboten?”
“Wow….
Ya..ya… cukup semono wae, aja mbok biwarakake ana Surabaya kene,
Sunan Kali!”
“Lho…
mboten saged, nuwun sewu Guru!”
“Iya…
kepriye Sunan Kali!”
272
“Lepat
nyuwun agung sih pangapunten, mboten ateges Sunan Kalijaga niki
ngina, ananging kula ngengetaken, sok sintena kang nandhang kaliput,
gesang manungsa menika langgeng panandhang, manungsa menika cakra
manggilingan, roda cikar ibarate.
Contone
Sunan Kalijaga, jalma tan kena kinara, mila sampun ngina kalih
sesama. Biyen ngana, saiki ngene. Panjenengan kinacek sesamaning
Gusti, sampun pinaringan wahyuning Wali, nek manungsane gelem geroh
gelem lali, sing emoh dijak lai kuwi Waline. Mangka Wali menika yen
ngendika sami mangsi, temutese ana kertas, sabda pandhita Wali.
Sahid mertapa mluwang, nek badhar tak wejang. Niki jagad saiisine
empun nyekseni. Lho… wong gak duwe ilmu wejangan kok nyaguhi? Niku
sing salah kula napa panjenengan?”
273
“Iya…ya
aku sing luput. Cukup semaono wae Sunan Kali, aja mbok biwarakake ana
Surabaya, Sunan Kali!”
“Mila
kula namung engetaken ingkang sampun nggih sampun, mbok menawi sedaya
dhoyonge masjid, sepindhah Guru taksih ngingkari janji. Kaping
kalihipun, ngedegne masjid niki kirang sajene niki?”
“Sunan
Kali, anggonmu ngendhikan kaya mangkono kuwi, sing kurang pepak sing
kepiye?”
“Ngedegne
mesjid, sajene mboten gedhang setangkep. Rikala Wali taksih gangsal,
Sinuwun Prabu Aryo Babah Patah, paring dhawuh, ‘Ayo para santri
ngedegne mesjid ana Demak, ning kudu sing ngedegne Walisanga!’ Lha
niki Waline taksih wolu,
274
kok
wani ngedegne mesjid! Pun ta… nek dereng wonten tutupin walisanga,
masjid Demak kenek dienggeni, Sunan Kalijaga lajeng ditagih kados
tiyang motangaken, mekaten Guru!”
“O…
ya… kaya mangkono Sunan Kali. Bener apa sing dadi kandhamu,
panyuwune Narindra Demak Bintara iku, ngedegake masjid Demak kudu
wali wolu, sanga tinari kang nyekseni. Mengko yen dumadine Waliwolu,
kudu sarana kepriye, anggone goleke tutupe Walisanga, Sunan Kali?”
“Lha…
menika babagan Wali menika ing panguaos, wonten asta paduka, sanes
kula Guru!”
“Ayo
golek tutupe Walisanga, kudu dalane sing kepriye? Aku amung manut
275
marang
jeneng sira, Sunan Kali!”
“Kawula
kirang mangertosi, mekaten Guru!”
“Sunan
Kali gampang, gampang goleki Walisanga. Ning aku coba takon sepisan
maneh, anggonmu duweni pangerten marang pangucapane kewan kaya
mangkono kuwi, aku mbokya pengin. Duduhno lelakune kepriye? Dalanne
kepriye?”
“Ingkang
dipun maksudtaken Guru, panjenengan nyuwun priksa nggih lelampahaning
tama temen!”
“Aku
percaya marang jeneng sira, Sunan Kali! Yen ta… sirs duwe ngilmu
wejangan. Contone jeneng sira nduweni pangerten marang pangucapane
kewan, mbokya Sunan Kali aku diwejanga. Pamrihe aku bisa nduweni
kabisan kaya sira, Sunan kali!”
276
“Guru,
Sunan Kalijaga mboten selak. Kawula duwe ilmu wejangan. Rikala kawula
panjenengan utus mertapa jagi lepen, wonten pesisir kidul. Kawula
dibaharaken, Gusti kula Nabi Khidir. Kula pinaringan wejangan,
purwaning dumadi kautaman, kasampurnan, inggih sangkan paran. Mila
kawula saged mangertosi pangucape para kewan, sebab kawula dumunungan
sangkan paran. Sebab apa masjid ora kenek diangge, ora kena
dienggpni, kula sampun saged njangka sangkan paraning dumadi, sebab
kurang tutupe Wali. Guru! Yen panjenengan nyuwun wejangan sangkan
paran dateng kula, kawula mboten kuwawa nyaosaken. Sebab Eyang Nabi
Khidir sampun paring dhawuh, Sahid, sangkan paran aja mbok wejangake
sapa wae, yen Gurumu aku urung seda. Sapa kang nyuwun wejang sangkan
paran, rawuhna rene tak wejange dhewe.Menika ingkang
277
paring
dhawuh, Eyang Nabi Khidir.
Guru! Menawi panjenengan nyuwun sangkan paran, sampun
dateng kula. Mangga kula dherekaken sowan Eyang Nabi Khidir, kula
suwunaken angkan paran. Kersanipun diwejang piyambak. Ngiras panthes
kalih pados tutupe Walisanga. Yen mboten ganjil etangane Sunan
Kalijaga, niki tutupe walisanga tasik ngrantos wonten Gisik samodra,
mekaten Guru!”
“Kaya
mangkono Sunan kali, ayo sowan bebarengan ana Eyang Nabi Khidir nitih
baita, jeneng sira sing ngemudeni, aku sing numpaki Sunan kali!”
“Mangga-mangga
panjenengan ingkang nitih, kawula ingkang ngemudi, mekaten Guru!”
278
Etan kali kulon kali
Arep nyabrang ora ana wote
Etan gati kulon gati
Tak timbang-timbang padha abote
Menika sampun prapta samodra, mangga Guru sami-sami
nitih baita. Gliyer-gliyer lampahing baita saya menengah… saya
menengah. Dereng kemawon prapta parcabaanipun Gusti Nabi Khidir, ora
ngerti sangkan paraning bilahi. Wonten tengah samodra, baitanipun
bocor.
“Guru,
praune bocor!”
“Ayo
diendheg ake sauntara, Sunan Kali!”
279
“Mangga-mangga
dipun inggiraken, Guru!’
Bedug-bedug lungguh latar
Tuku kupat menyang Medura
Kula ngentrung taksih belajar
Mbok bilih lepat nyuwun ngapura
“Mandhap rumiyin!”
“Wah…
ya rahayune wae jeneng sira mangerteni yen ta.. baitane bocor, Sunan
Kali!”
“Mandhap
rumiyin, baitapun bocor!”
“Iya..ya
.. diandhapake sauntara baitane bocor!”
280
“Rahayune,
enggal nyumurupi upami mboten, baita kebak toya, tamtu kerem wonten
ing samodra. Lajeng kados pundi, Guru? Wonten mriki praune bocor,
badhe kapadosaken dempul kangge nambal baita, wonten pundi anggenipun
ngupadi dempul?
Nanging
yen baita mboten saged buntet, baita serepan mboten wonten.
Wontenipun namung setunggal menika, lajeng kados pundi anggenipun
ngreka, Guru!”
“Sunan
Kali, aja digawe grusa-grusu, mengo kedadeyane keliru. Wis kaya
mengkono wae. Yen tak sawang saka panduluku, Sunan Kali. Kae lho lor
kulon ana panggrumbulan, sekira wae ya ana panggrumbulan, sok
keadaane ana kayu kang gedhe, Sunan Kali!”
“Nuwun
inggih, mangga dipriksani. Lajeng kersane Guru kados pundi?”
281
“Ya..
coba tunggunen baita sauntara, tak priksanane apa kang mawa ana
panggrumbulan, ana lor kulon kae, Sunan Kali.”
Tan
kocapa, Gusti Sunan Bonang, milang-miling menapa nggih kangge
mbunteti baita ingkang bocor, wonten pinggir samodra. Wonten wit
Jenar, ngandhape wit Jenar wonten lempung putih, lempung kang ulet,
kapundhut kaliyan Gusti Sunan Bonang. Gusti Sunan Bonang mboten
waspada, mundut lempung katutan cacing lur. Kakepel-kepel, katutan
kangge nembel baita, baita saknalika buntet.
“Kados
pundi, Guru!”
“Sunan
Kali, saiki pada duwe pakaryan dhewe-dhewe, contone orong-orong tugel
janggane, kok gathukake, gathuk!. Urip bisa saknalika. Lha …iki ana
baita kang bocor,
282
sarana
buntet, sarana aku sing mbunteti. Mula wae Sunan Kali, samubarang apa
wae yen ta lelaku ora ditanggapi grusa-grusu, ndadekake masalah
kepenak. Contone baita bocor, tak pundhutake lempung putih, lempung
kang ulet, tak tembelake bisa buntet saknalika, Sunan Kali!”
“Wah…
nek ngaten, ayahane piyambak-piyambak Guru!”
“Ya…padha
nduweni pakaryan dhewe-dhewe!”
“Kula
sing nguripke barang mati, panjenengan mbuntetio barang bolong, nggih
Guru!”
“Ya…
kaya mangkono Sunan Kali!”
“Mangga-mangga
enggal sowan Gusti Nabi Khidir!”
283
“Ayo-ayo
Sunan Kali! Kowe sing ngemudeni, aku sing numpaki Sunan Kali!”
“Kene-kene
Sahid, ayo bacuta!”
“Nuwun
inggih , sungkem kula katur Kanjeng Eyang!”
Ireng-iren
tumumpang watu
Legok
geneng dalan nyang gunung
Mung
mandeng aku aja nemen-nemen
Tekan
omah atimu bingung
“Raden
Sahid iki kang sowan?”
“Nuwun
inggih, uluk salam kawula katur!”
“Sahid,
wis tak tampa, diprayogake. Sapa sing kok dherekake?”
284
“Kanjeng
Eyang, kawula ndherekaken guru kawula, Gusti Sunan Bonang, badhe
nyuwun sangkan paran. Pengagem kados kawula.”
“Kaya
mangkono, diprayogakake ya Raden Sahid!”
“Nuwun
inggih!”
“Mangga-mangga
Kanjeng Sunan, kawula dherekaken pinarak! Winantu prembage rawuh ing
Jengandhika wonten ngarsa kawula.”
“Nuwun
inggih Kanjeng Eyang, sowan kawula kaliyan Gusti Sunan Kalijaga
lulus
raharja. Kawula mboten kesupen ngaturaken sembah pangabekti. Muji
konjuk dateng ngarsa paduka, Sang panembahan!”
“Kanjeng
Sunan, sanget kawula tampi. Kawula sangga wonten dhadha
285
lumungsura
dateng wardaya. Lumebera sekathahing para cantrik, kalisa saking
rubida, antuk berkah restu paduka. Nanging Kanjeng, tebih dalem
kadilangon, sumengka awak braja, rawuh Jengandhika wonten ngarsa
paduka wonten wigatos napa?”
“Sang
Panembahan, sowan kawula wonten ngarsa paduka, sepindhah, kawula
pengin nyumurupi tata raharjaning anggen paduka jumeneng pandhita
wonten Gisik Samodra. Jangkep kaping kalihipun sowan kawula ing
ngarsa paduka, kang wigati kawula badhe nyuwun wejangan sangkan
paran, kados ta ingkang panjenengan paringaken Sunan Kalijaga,
mekaten Eyang!”
“Matur
nuwun… matur nuwun Kanjeng Sunan, yen ta.. panjenengan ngersakaken
286
sangkan
paran, kados pengageme Sunan kalijaga, tamtu badhe kawula caosaken.
Nanging nuwun dalem sewu Kanjeng, mejang sangkan paran mboten pareng
wonten sokur papan. Kok mejang sangkan paran papane ana papan
daratan, kewan napa mawon, waton kewan daratan, mireng sangkan paran
tamtu dados titah manungsa. Ugi menika lampahane mboten rialat,
mboten prihatin, sabar, eling, narima nindakake sepine pamrih ramene
gawe. Kok ageng daksiya sesamaning manungsa, parenga putu-putu walang
togoge kewan menapa ingkang gumelar ing ngalam donya, yen mboten
lepat kaliyan paduka, sampun merjaya kewan. Menapa Kanjeng Sunan
saged anglampahi kesabaran kados ta… mekaten Sunan!”
“Kados
ta.. mekaten, inggih, sampun mboten tumpang suk anggen paduka paring
287
dhawuh
kaliyan kula, inggih sematen ugi kawula sampun nampi aturipun Sunan
Kalijaga, kados ta.. mekaten lelampahipun Kanjeng Eyang.”
“Menawi
mekaten mangga sami-sami nitih baita, kula wejang sangkan paran,
wonten tengahing samodra. Kang pamrihe mboten kapirengke kewan wonten
daratan, Kanjeng Sunan!”
“Kados
ta.. mekaten, mangga suwawi kula dherekaken sesarengan nitih baita,
Kanjeng Eyang!”
“Ayo
Raden Sahid, dherekna Kanjeng Eyang Nabi Khidir, Sahid!”
“Nuwun
inggih Kanjeng Eyang, kula ndherekaken nitih baita.”
Tan
kocapa, baita katiti priyantun tiga, Gusti Nabi Khidir, Gusti Sunan
Bonang,
288
Gusti
Sunan Kalijaga, prapta tengahing samodra. Gusti Nabi Khidir medharake
sangkan paran, ingkang badhe kawejangaken Gusti Sunan Bonang. Sangkan
paran taksih tumpang suk, anggenipun nampi wonten Gusti Sunan Bonang.
Sinten ta… ingkang ngawula carita, ingkang katut
kangge nembel baita, cacing lur, mireng sangkan paran, saya
gedhe…saya gedhe!! Rampung anggenipun mejang sangkan paran, mboten
malebet wonten Gusti Sunan Bonang, sangkan paran dipun tampi cacing
lur. Cacing lur ketaman sangkan paran, ilang sipate cacing, gleger
dados manungsa. Mencolot dateng baita, “Kula nyuwun tandha asma
Kanjeng Eyang!”
Sari layur gandhane wangi
Yen diambung keri neng nguyung
289
Awan gati yen bengi katon
Yen tresnamu durung kelakon
“Nuwun sewu Kanjeng Sunan! Menika
kados pundi ta.. ? Rampung anggen kula mejang, lha wonten baita niki,
wau namung wonten priyantun tiga. Rampung anggen kula mejang, kok
dados tiyang sekawan? Ingkang setunggal menika sinten? Lajeng
wejangan sangkan paran napa sampun katampi dateng panjenengan?”
“Kanjeng
Eyang, sinaosa paduka sampun mendharake sangkan paran dateng kula,
parandene mboten saged tinampi dateng jiwa raga kawula. Ingkang
ndadosaken kaelokan
kawula,
mangka wontenipun nitih baita kala wau priyantun tiga. Setunggal
kula, Raden Sunan Kalijaga, ingkang setunggal panjenengan. Rampung
anggen paduka mejangaken
290
sangkan
paran, dados manungsa sekawan. Ingkang setunggal menika pawongan
saking pundi? Enggal dipun kadanguwa, Kanjeng Eyang?”
“Nuwun
inggih Kanjeng, mengko ta.. mengko pawongan, sliramu kok njaluk
jeneng kuwi, sejatine piye ta… sing kok karepake?”
“Aduh….
Kanjeng Eyang, mboten kados ta… sakawit kula saking cacing lur,
ceritanipun Gusti Sunan Bonang, Gusti Sunan Kalijaga, badhe sowan
ngarsa panjenengan nitih baita, baitanipun bocor. Sakawit kula
cumondhok ngandhap wit Jenar, wonten lempung putih, lempung kang
ulet, kacruk Gusti Sunan Bonang. Katut kangge nambal baita.
Panjenengan mendharaken sangkan paran, malebet dateng kawula. Kula
tampi sangkan paran, ilang sipaten cacing dadi manungsa. Mila kula
nyuwun tetenger dateng
291
ngarsa
paduka, Kanjeng Eyang!”
“Gusti
Sunan Bonang!”
“Inggih
kula!”
“Lepat
nyuwun gung sih pangapura, kula mboten saged mejang sangkan paran
wonten ngarsa panjenengan. Sangkan paran ingkang kawula caosaken
panjenengan malebet wonten cacing lur. Cacing lur nampi sangkan
paran, dados manungsa. Kanjeng Sunan-Kanjeng Sunan, kala wau kula lak
sampun paring dhawuh, yen mejang sangkan paran, sampun ngantos mireng
kewan daratan. Kewan menapa mawon, kewan ndaratan, mireng sangkan
paran dados manungsa. Menika ujud cacing lur, ketaman sangkan paran
dados manungsa. Nyuwun tanda asma. Mugi kaseksenana Kanjeng Sunan,
sakawit
292
cumondhok
sak ngandhape wit Jenar, lempung bahasane Siti, cacing dadi manungsa;
badhe kula paringi tandha asma Syeh Siti Jenar, mekaten!”
“Kados
ta mekaten, inggih kula ndherek nyekseni, menapa ingkang dados dhawuh
paduka, mekaten Kanjeng Eyang!”
“Syech
Siti Jenar!”
“Inggih,
kula Kanjeng Eyang!’
“Sliramu
cacing dadi manungsa, panggonanmu ana ngisor wit Jenar, mula tak
paringi tandha asma Syeh Siti Jenar, mangkono!”
“Kados
ta .. mekaten Kanjeng Eyang, kula ngaturaken sewu gunging panuwun
tanpa upami, lumantar anggen paduka paring tandha asma kula, Syeh
Siti Jenar,
293
mekaten!”
“Kawula
Sunan Kalijaga, kepareng matur Kanjeng Eyang!”
“Raden
Sahid, kepriye?”
“Yen
kados mekaten, sampun jangkep etangan kawula, mandege masjid kathah
rubida, yen mboten ganjil. Etangan kula sebab tutuping Walisanga,
panyakra-bawa kawula, tutuping Walisanga taksih ngrantos wonten Gisik
Samodra. Jebul sing wonten Gisik Samodra kok Syeh Siti Jenar menika.
Keparenga Syeh Siti Jenar kangge tutuping Walisanga, mekaten.”
“Kaya
ngono Raden Sahid, lha…ya… luwih prayoga. Syeh Siti Jenar!”
“Inggih
Kanjeng Eyang!”
294
“Ora
tak baleni maneh, sira wis midhangetake ngendikane Gustimu Sunan
Kalijaga, tutuping Walisanga, ana Gisik Samodra. Anane jeneng sira,
ora kena kok selaki, tinulis panguasane Gusti. Walisanga tutupe kudu
Syeh Siti Jenar, jeneng sira mangkono!”
“Kados
ta mekaten Kanjeng Eyang, kawula ndherek!”
“Walisanga
sing duwe sangkan paran ana loro, siji Sunan Kalijaga. Loro Syeh Siti
Jenar, jeneng sira.Sliramu klawan Sunan Kalijaga, kuwi dulur janji.
Dulur janji kuwi dulur tunggal Guru. Ora kenek ngalani, ora kenek
dialani. Sing becik, sing prasaja, solahbawamu. Sangkan paran aja
mbok wejang-wejangake neng sapa wae, yen Guruku aku durung seda. Wani
mejangke sangkan paran, mnyang sapa wae, Gurumu aku durung
295
seda,
kowe nyingkurake Guru. Mesthi bakal antuk sikudenda, beja cilakamu,
pengapesanmu, sing ngerti amung Sunan Kalijaga dhewe. Sebab kuwi sing
dulur janji karo kowe, Syeh Siti Jenar.”
“Kados
ta.. mekaten, mitungkasipun paduka dateng kula Kanjeng Eyang, tamtu
badhe kawula estokaken, kula mboten badhe ndaga, mekaten!”
“Gusti
Sunan Bonang,!”
“Inggih,
kula Kanjeng Eyang!”
“Rawuh
paduka wonten mriki, antuk damel namung riasat mboten, antuk damel
saged njangkepaken Walisanga. Mboten antuk karya, panjenengan cekap
wahyu Wali. Mboten kagungan ngilmu wejangan kados Sunan Kalijaga,
sampun… Sampun Kanjeng.”
296
“Dumadine
Walisanga sageda ngadeg masjid Demak Bintara, kalisa saka rubida,
kenginga pangayoman para ngulama, kula ndherek muji sokur dateng
panguasaning Gusti. Kenginga kangge petilasan, kangge tuntunane para
agama, mekaten!”
“Kados
ta mekaten, Kanjeng Eyang! Inggih, kawula ngaturaken sewu gunging
panuwun ingkang tanpa upami, dene Syeh Siti Jenar, badhe kawula
kanthi tindak dateng negari Demak, kanggo pinangka tutupe Walisanga,
mekaten Kanjeng Eyang!”
“Ingkang
ngatos-atos, ayo dherekna Syeh Siti Jenar!”
“Nuwun
inggih, Kanjeng Eyang! Kula nyuwun tambahing pangestu Kanjeng
Eyang!”:
“Iya..ya…tak
pangestoni!”
297
Sampun
tamat sedherek cariyos kula
Madege
masjid Demak Bintara
Laire
Syeh Siti Jenar jangkepe Walisanga
Jumenenge
Gusti Sunan Kalijaga
Sholat
tullah salam mullah
Ala
toha Rosulillah
Sholat
tullah salam mullah
Ala
yasin khabi billah
Tawa
tsalna bi bismillah
Wabil
hati Rosulillah
298
Wakul
limuja didzilillah
Bil
aliba… badriya Allah
Nandur
jagung ana tengah latar
Mangan
kupat bumbune klapa
Menika
kentrung yen mas sampun bubar
Mbok bilih lepat nyuwun ngapura
Sanget
ngaturaken sewu gung panuwun, dumateng ingkang midhangetaken kesenian
kentrung tradisionil, saking Kabupaten Tulungagung, Kecamatan Kauman,
Kalngbret, Dusun Batangsaren, Dukuhan Patekroban.
Kados
ngaten menika klawan para pamriksa babaring lelampahan Madege Masjid
299
Demak,
jangkeping Walisanga, jumenenge Gusti Sunan Kalijaga, laire Syeh Siti
Jenar.
Mangga-mangga
sami muji sokur dumateng panguasaning Allah, lelampahaning ingkang
kawula critakaken sedalu muput, manfaat ingkang sanget, migunani
tumraping suci, berkahing Gusti, dipun tampiya kaki temanten nini
temanten. Atut runtut gandheng renteng, dados kaken ninen-ninen.
Enggal pinaringan putra ingkang saged miguna, tumraping nusa lan
bangsa, lumebering dateng agama, antuk yonine Gusti Walisanga.
Kawula
sekaliyan, kemampuan kawula peparingane Gusti, inggih namung kados
menika. Mbok menawi wonten keladuk anggen kawula carita, kirang nuju
prana, pinter kawula nyuwun agung pangapura. Kawula akhiri,
wasalamu’alaiku waroh matullohi wabarokatuh!”
T a m a t
Ditransliterasi
dan salin tulis ulang, oleh
Aming Aminoedhin, dari
Desa
Canggu – Jetis, Mojokerto dan Negeri Siwalanpanji, Buduran
Sidoarjo,
27 Oktober 2002
Tidak ada komentar:
Posting Komentar