Selasa, 24 Juli 2012

Naskah Madege Masjid Demak versi Kentrung Tulungagung


KENTRUNG “SEDYA RUKUN”

TULUNGAGUNG


Dalang: Nyi Gimah dan Ki Bibit
Lakon : Madege Masjid Demak (Walisanga)
ditrasliterasi dan salin tulis ulang, oleh aming aminoedhin
1
Nggih menika pambagyane atur kula kesenian tradisionil sampun nyata. Peparinge nenek moyang kita, nyritakake sejarah kuna. Pamriksa sami midhangetna kentrung saking Tulungagung paring nama “Sedya Rukun”.
Iki kentrung Sedya Rukun saking Tulungagung seni budaya Jawa, pimpinane Ibu Gimah kang paring nama. Nglestareke peparingan para leluhur jaman kuna. Yen wonten kalepatan kawula, nyuwun gunging pangaksama.
Ing dalu puniki warga kentrung “Sedya Rukun” samiya Tulungagung dhedepoke. Amuji mugi rahayu anggen kawula medar palupi. Mupangat mring praduga lan sedaya sedayanipun. Yen wonten lepat kawula tan kasupen minta pangaksami. Mugi Gusti angapura.
2
Asalamu’alaikum kintun salam para priyagung sami sugeng mas sak rawuhipun.
Mriksani kentrung “Sedya Rukun” Tulungagung.
Niyat ingsung kawula miwiti muji nyebutake nama sukma, menika kesenian kentrung tradisionil asli “Sedya Rukun” ingkang paring nama.
Babatana arampasana digawe dalan mung nyang suwarga.
Nora mbagusi mas muji lan dzikir sing tak ilangi luk alaning pikir.
Kula badhe ndalang mboten ngadhep wayange. Kawula badhe maca mboten ngadhep layange. Kula badhe kandha taksih kathah sulayane.
Wonten lepate yoga kentrung nyuwun agung pangapurane.
3
Ayo kanca menyang plancuran

Kanggo wudhu para ulama

Ayo kanca golek seduluran
Pumpung urip na ngalam ndoya

Niyat ingsung kawula miwiti ndalang, ngudhal-udhal crita ingkang sampun ilang. Ingkang wajib modal, kawula menika dalang, Walisanga babare lelampahan.

Mayangsari kembange bocah
Menyang sawah anandur jagung
Mula ja lali mbah sholatmu sembahyang

Manembah Allah kang Maha Agung


4
Madege masjid Demak, cariyos kawula. Jangkepe Walisanga babare menika. Niyat ingsun jumadil akhir nagari sampun blaka. Demak Bintara ingkang kawula carita.



Sore-sore mlaku nyang kutha
Tuku tomat dienggo lalapan
Wong mesthine mas urip na ndonya
Kudu sambat kasinambatan

Eneng nggih nagari pundhi kawula carita ing dalu mangke?
Nggih nagari pundi ta.. ingkang kawula carita ing dalu mangke?”
Kraton Demak Bintara ingkang kawula carita.”
5
Anjeng ngejeraken wonten nagari Demak Bintara ingkang kawula carita.
Sayekti Demak Bintara nagari kondhang kaloka saking manca nagara.
Demak Bintara kumpulan ngakasa, sinangga ing pratiwi, pinapit samudra.
Nagari Demak Bintara kaeka adhi dasa purwa.
Apa ta kang diarani kaeka adhi dasa purwa?”
Kaeka sawiji, purwa kawitan, sadasa sepuluh. Na… sadasa sepuluh, paribasan sadasa negari. Mboten wonten linuwih kraton satunggaling Demak Bintara, ingkang kawula carita.
Kraton Demak Bintara panjang punjung pasir wukir loh jinawi. Tata titi tentrem, gemah ripah tur raharja.
6
Apa ta kang diarani tata titi tentrem tur raharja, kaya mangkono?”
Panjang dawa critane, punjung dhuwur katribawane. Uger pagunungan pasir samudra nggih nagari Demak Bintara. Ngungkurake pegunungan, ngiringake pesabinan, ngadhepake bandaran agung. Demak Bintara ombo jajahane, kathah kawulane. Gedhe obore, dhuwur kukusing, jeru tancepe. Asri katribawane.
Negari Demak Binatara
Sinten ta… ingkang jumeneng narindra wonten nagari Demak Bintara?”
Ingkang jumeneng inggih menika, Ariyo Babah Patah.
Ariyo Babah Patah, nggih sang maharaja Sunan Bintara, sinullah mukmin minta judul Sunan Saklah Mangkuwono jembeningrat, nggih Raden Kasan Narindra Demak
7
ingkang kawula carita.
Narindra kondhang kaloka, ratu ratuning ratu. Raja rajaning raja.
Apa ta kang diarani ratu ratuning ratu, raja rajaning raja?”
Ratu ratuning ratu, ratu narapraja, sesembahaning para kawula. Mustikaning para agama, ratuning para ngulama. Mula nora mokal yen kasebut ratu ratuning ratu. Raja rajaning raja.
Sak wentawis sang maha prabu anggenipun ngembat sarana adil ana praja. Kathah raja ratu saking manca ingkang tumungkul asok glondhong pangareng-areng, bulu kethi wonten pesowanan agung Kraton Demak ing Bintara.
Pinarak kursi gadhing ngadhep dampar kencana.
8
Sinten ta ingkang anglung midhangetaken karno. Sowane wirangka dalem Patih Wonosalam. Sowane wirangka dalem patih Wonosalam. Patih Wonosalam gedhe dhuwur gagah prakosa. La iya…. Patih godheg simbar dhadha. Digdaya wiyono, nora tedhas papak paluning pande, gak isa garindra. Tinatah mendat.
Nora mokal agul-agule Demak, Patih Wonosalam. Oglak-oglak negari Demak, Patih Wonosalam. Wajib Patih Wonosalam menika kabedhil nyisil, katumbak lakak-lakak. Seje karo tukang terbang, kabruk pithik mlayu ngandhakake tukang kendhang.

Sinten ta…. ingkang karawuhake wonten pisowanan agung?
Saking pondhok Ngampel Denta rawuhipun, Kanjeng Rama Sunan Ampel,
Rama Sunan Kudus, Rama Sunan Giri, njeng Sunan Bonang, lan Gusti kawula Sunan
9
Bintara, Aryo Babah Patah.
Andangu rawuhipun para Rama Sunan, alun sang Nata angandhika mangke: Mangga Rama Sunan pepundhen kula. Winantu pambage wonten ngarsa.

Kayu jati kayu maoni
Dak gawe meja dak gawe kursi
Tekan ngendi bakal tak ugemi
Kanggo mbela Ibu pertiwi

Duh Sinuwun, dalem sowan wonten ngarsa panjenengan.
Salam taklim katur sang Raja. Duh Sinuwun, sesembahan kula, Rama Sunan sampun saged kawula tampa.
10
Aku emoh klambi sing biru
Elek ritek sing weton Jombang
Aku emoh rabi wong ayu
Elek ritek sing pinter ngendhang

Kawula waspadaaken ingkang sampun tumata wonten ing Kasultanan Demak Bintara, panjenengan Kanjeng Rama Sunan Ampel, Rama Sunan Kudus, Rama Sunan Giri, Rama Sunan Bonang, menawa sami piyantuk rembage rawuh paduka ing pisowanan agung Kasultanan Demak Bintara menika, kanjeng Rama Sunan.
Nuwun inggih nak Prabu, kawula ingkang sowan wonten ngarsa paduka, ngaturaken uluk salam pasukan Wonokrami, mugi katur dateng nak Prabu.
11
“Kanjeng Rama Sunan!”, inggih kula nak Prabu.
Sanget mahayu sakethi rumaja rawuh jeng ngandhika nglejaraken penggalihe putra panjenengan, Aryo Babah Patah.
Uluk salam paduka kawula tampi, Rama Sunan.
Kawula sangga wonten dhadha, lumungsura dateng wardaya. Tuwuha teguh kawula. Puja pengestunipun Aryo Babah Patah katur ngarsa Paduka Kanjeng Sunan.
Nak Prabu sesembahan kawula, inggih pepundhen kawula.
Lumantar anggen paduka paring dhawuh kawula nak Prabu. Kawula tampi tangan kawula kalih, kula pundhi wonten mustaka kawula. Mugi andadosaken jejimatan kawula, nak Prabu.
12
“Kanjeng Rama Sunan Ngampel!” Nuwun inggih nak Prabu.
“Kanjeng Rama Sunan Kudus!” Nuwun inggih nak Prabu.
“Kanjeng Rama Sunan Giri!” Wo.. nuwun inggih nak Prabu.
“Kalebet Kanjeng Rama Sunan Bonang! Nuwun inggih nak Prabu.
Panjenengan sesami karawuhan wonten Kasultanan Demak Bintara ngriki, wonten kawigatosan menapa mangke ingkang kawula babaraken wonten ngarsa panjenengan. Gandheng taksih wonten kuwajiban ingkang dereng kawula rampungaken, monggo Rama Sunan kawula nyuwun kanthi sanget, kaprayogakaken langkung rumiyin anggen panjenengan pinarakan, Kanjeng Rama Sunan.
Kados ta.. mekaten nak Prabu, inggih anggen kawula sowan wonten ngarsa
13
paduka sampun mboten kirang prayogi. Mangga dipun kacekapna anggen paduka paring dhawuh marang kawula, nak Prabu.
“Dimas Patih Wonosalam!” Nuwun inggih Kanjeng Sinuwun.
Sowan sira ana ing pisowanan agung Kasultanan Demak Bintara ana kene, Wonosalam.
“Kanjeng Sinuwun sesembahan kawula.”
Sowan kawula wonten ngarsa paduka lulus raharja, langkung rumiyin sembah kawula katur dateng ngarsa paduka, mekaten Sinuwun.
“Iya..ya. Wonosalam, banget panarimaningsun marem manta ngaturake bukti ingsung tampa. Ndak liwat puja pangestu ingsung tumrapmu marang sepra yayi Patih
14
Wonosalam!”.
Kanjeng Sinuwun sesembahan kawula, inggih pepundhen kawula.
Lumantar anggen paduka paring dhawuh kawula, Kanjeng Sinuwun. Kula tampi kalian tangan kawula kalih, kula pundhi wonten ing mustaka kawula. Kula cancang wonten ing rikma kawula, mugi andadosna jejimatan, kula Patih Wonosalam, mekaten kanjeng Sunan.
“Kepriye Wonosalam pakaryan sira?”
Anggon sira mimpin para wadya punggawa, momong para kawula kang cumondhok ana Demak Bintara kene?.
Apa wis katon sayuk saeka-kapti, santosaning
15
para prajurit, apa kasunyatan wis bisa ngangkat pakar-yane praja Demak Bintara iki?
Mbok menawa Demak cilik ada duratmoko, gedhe ana musuh saka manca. Apa prajurit Demak Bintara kabeh wis padha bisa ngentasi karya,
Wonosalam?
“Kanjeng Sinuwun sesembahan kawula, panjenengan an-dangu kalian kawula kados pundhi sadaya pakaryan kawula? Sadaya pakarya klawula sampunmboten wonten ingkang andhadosaken lingsem-ipun Paduka ingkang Sinuwun. Menapa malih yen tha.. andangu kawula kados tha .. pundi kawula mimpin nalapraja lumeberipun para kawula nagari Demak Bintara.
Anggenipun kawula mimpin olah-gladen bela diri sadaya prajurit wonten nagari
16
Demak Bintara, Kanjeng Sinuwun. Yen ta.. alitipun wonten
duratmoko,agengipun wonten mengsah saking manca nagari. Panjenengan sampun jengkar saking kepinarakan, kawula Patih Wonosalam ingkang sagah, saged ngentasi karya, mekaten Sinuwun.
“Dimas Patih Wonosalam!” Nuwun inggih Sinuwun.
Banget panarimaningsun, jeneng sira pepatih kang banget wicaksana. Bisa ndhepani kamadikan Demak Bintara. Ya..pakarya kang kaya mangkono kuwi, Wonosalam.
Kula mboten badhe ndaga setya tuhu badhe kawula estoaken, Kanjeng Sinuwun.
Mara coba diprayogyake Wonosalam. Nuwun inggih!
17
Wangsul Kanjeng Rama Sunan ndhika.
Wonten papan mriki ing ngarso.
Kula rawuhaken wonten Demak Bintara.
Rama Sunan pepundhen kula.


La..yah… ello Rasulullah!

Rempeyek mas enak kacange
Iwak bandheng tumumpang meja
Rabi tuwek mas enak kayane
Wong mlaku bareng nora mentala

Ya … sing apik dibuntel klasa
18

Rama Sunan pepundhen kula
Kaya mangkono lho.. kersane
Kanjeng Rama Sunan pepundhen paduka
Tebih Demak kraton Bintara

Lha..ya.. ello Rasulullah!

Nora njamoni nora nyekoki
Parikan ditemani pantun
Nora nyemoni nora moyoki
Niki parikan betane kentrung

Lha..ya… iki bethane kentrung

19

Mangga Rama Sunan paduka
Wonten ngarsa niki jeng ngandika

Tebih Demak jare kraton Bintara

Rawuh wonten pisowanan ngarsa

Lha..ya… ello.. Rasulullah

Numpak prau kok malang-malang
Numpak gethek sathangku tugel
Rabi ayu mas yen bengi ilang
Rabi elek watuke kekel
Mangga-mangga Kanjeng Rama Sunan, kawula dherekaken ingkang langkung
20
prayogi, Rama Sunan.
Inggih nak Prabu! Sampun mboten kirang prayogi anggen kawula sowan wonten ngarsa paduka, nak Prabu!
Rama Sunan Ngampel tebih dalem kasunanan, panjenengan sesami karawuhaken wonten Demak Bintara, inggih babaring lelampahan menika inmgkang badhe kawula aturaken, Rama Sunan.
Kados ta.. mekaten nak Prabu, inggih panjenengan animbali sak gungipun para kasunanan. Wonten kawigatosan kados ta.. pundi enggal kersa ambabaraken dhawuh, mekaten nak Prabu!
Sepindhah, Aryo Babah Patah narindra Demak, ngaturaken sewu gung


21
panuwun ingkang tanpa upami. Dene kawula jumeneng ing narindra Demak Bintara, kalis saking rubida. Mboten wonten mengsah saking manca ingkang ngrebut panguasa. Sadaya wibawan anggen kawula ngasta panguasa antuk sengkuyunge Rama-rama Sunan.
“Kanjeng Rama Sunan!”
“Nuwun inggih, nak Prabu.”
Kawula enget purwa duksina, purwa kawitan, duksina pamungkasan. Arya Babah Patah, putra narindra Majapahit. Putra Kanjeng Rama Prabu Brawijaya. Sakawit kawula taksih timur, kalian Rama Prabu Brawijaya dipun pondhokaken wonten pondhok Ngampel Denta. Kawula alit panjenengan agengaken, goblok
22
panjenengan pinteraken. Panjenengan paringi piwulang manembah Allah medal tuntunan kitab Quran kang suci. Sedya tuhu anggen kawula nestrani agami Islam ingkang sanget kawula puji-puji.
Sareng kawula sowan Kanjeng Rama Prabu Brawijaya nyuwun kawibawan pinaringan Demak Bintara.
Pisowanan agung Demak Bintara, narindra Demak agamaning Islam. Sadulur para kawula Demak setya tuhu anggenipun manembah dumateng ngarsane Gusti Allah. Nitik nagari sampun kalis saking rubida, tata titi tentrem. Nanging kawula Demak ingkang malebet wonten agami Islam tindak Jumuahan kemawon kok ndadak dateng masjid Ampel Denta. Menika Rama ingkang dadosna penggalihan kawula.
23
Mangka Demak kalian Ngampel Denta menika tebih.
Saeba kados menapa yen nagari Demak dipun wontenaken masjid ingkang langkung ageng. Menggahipun Kanjeng Rama-rama Sunan, menapa sakinten ngayogyani, Rama Sunan!
“Wow… nak Prabu….nak Prabu!”
(Sampun banter-banter, kula kaget, Rama!)
“Dados anggen paduka animbali sakgungipun para kasunanan wonten negari Demak Bintara, kang wigati panjenengan nyuwun eguh pinanggih, menggahipun nagari Demak Bintara badhe panjenengan ngawontenaken masjid ingkang langkung ageng. Menapa sadaya para Sunan-Sunan sami nayogyani, nak Sunan?”
24
“Nak Prabu, ndadosaken bombongipun manah kawula, nak Prabu”
Menapa ingkang dados eguh pinanggih paduka, kawula sanget nayogyani mekaten nak Prabu.
“Kanjeng Rama Sunan Ampel!”
“Kanjeng Rama Sunan Kudus!”
“Kanjeng Rama Sunan Giri!”
Mila madege masjid ingkang wonten Demak, langkung rumiyin kula nyuwun eguh-pinanggih dateng panjenengan sesami.
Ngajeng kala wau kula sampun paring dhawuh, Aryo Babah Patah, nyumurupi gelaring agami Islam antuk piwulangan Rama Sunan. Yen kawula ngedegake masjid
25
tanpa antuk palilahe Rama Sunan, kawula nyingkuraken dateng Rama Sunan, kawula mboten wantun.
Gandheng Rama Sunan sampun sami nayogyani, madege masjid Demak, kula entenaken rerukunan. Kawula wontenaken gotong-royongan, kagem mriksani, sepinten prasetyaning kawula Demak anggenipun nresnani dateng agamane Islam, menika sepindhah Rama.
“Nuwun inggih!” Kados ta.. mekaten tamtu badhe kawula estoaken, badhe paring dhawuh kados ta… pundi malih!”
Kaping kalih, madege masjid Demak, kula nyuwun sineksenan para wali, nyuwun jangkeping wali wolu, sanga tinari ingkang nyekseni.
26
Yen ta.. Gusti Allah tansah mbarokahi madege masjid Demak sineksenan Walisanga.
Mbenjang yen Aryo Babah Patah sampun kapundhut sowan pangayunane Allah, kenginga kangge patilasan yen Masjid Demak ingkang ngedekaken para wali, Kanjeng Rama Sunan.
“Nak Prabu pepundhen kawula, inggih sesembahan kula.”
Dados negari Demak sinaosa badhe panjenengan wontenaken masjid ingkang langkung ageng, panyuwunipun ingkang ngedegaken Masjid ing Demak menika kedhah para wali wolu, tinari sanga ingkang nyekseni.
“Duh nak Prabu, maka dumadinipun negari Demak Bintara wontenipun wali menika taksih gangsal. Lajeng sinten ingkang panjenengan pitados anjangkepi wali
27
wolu, tinari sanga ingkang nyekseni?”
“Mugi nak Prabu, kersaa paring dhawuh dateng kula, nak Prabu!”
“Leres menapa ingkang panjenengan dhawuhaken Rama, babaripun lelampahan menika Demak, wali taksih gangsal.”
“Satunggal, Rama Sunan Ngampel,”
“Kalih, Rama Sunan Kudus,”
“Tiga, Rama Sunan Giri,”
“Sekawan, Rama Sunan Bonang,” lan
“Gangsal, kawula piyambak Sunan Bintara.”
Jangkepe sanga sinten ingkang kawula piniscaya yen mboten ganjil etangan
28
kawula. Ingkang saget njangkepaken wali sanga inggih Kanjeng Rama Sunan Bonang menika!”
“Rama Sunan Bonang ingkang sampun kinacek sesami ing para wali, sampun mengertosi pundi mangke titah Allah ingkang kiyat nampi wahyunipun wali Rama Sunan.”
“Wow… kados ta… mekaten, nuwun inggih!”
“Menawi panjenengan gadhah kapitadosan kados ta.. mekaten, mangga enggal dipun kadhawuhaken Kanjeng Rama Sunan Bonang, kados ta… pundi anggenipun paring wangsulan ingkang mekaten, nak Prabu!”
“Kaprayogyaken pinarakan paduka Rama Sunan Ngampel!”
29
“Nuwun, ngestoaken dhawuh nak Prabu!”
Lha… Kanjeng Rama Sunan Bonang, mangga caket dateng putra Raden Kasan, mboten badhe kawula wangsuli malih yen Demak Binatara niki arane.

Awang-awang ing mega mendhung
Trenggiling amba sisike
Tega nyawang nora tega nundhung
Wong eling-eling kabecikane

Jangkepe walisanga Demak kraton Bintara. Kanjeng Rama Sunan Bonang inggih paduka.
“Dhuh..nak Prabu, kula mboten badhe ndaga, nanging winajian Jemuah luk
30
nika.

Iket blangkon weton Boyolali
Bebetana jarik sidoluhur
Arek wedok dik winanci rabi
Kudune umur selikur taun

Kanjeng Rama Sunan Bonang mboten badhe kula wangsuli malih, Rama Sunan bonang tamtu ndherek midhangetaken, menapa ingkang kawula paring dhawuh kalian panjenengan Rama Sunan Ngampel, Kanjeng Rama.
“Nuwun inggih, nak Prabu, sadaya menapa ingkang panjenengan dhawuhaken tamtunipun kawula ndherek midhangetaken anggen paduka paring dhawuh, kalian
31
Njeng Rama Sunan Ngampel”
Sadaya menapa ingkang panjenengan aturaken dateng kula nak Prabu. Kula mboten badhe ndaga, setya tuhu badhe kula lampahi, nanging mugi andadosna renaning penggalih nak Prabu.
“Niki dinten lak dinten Jemuah, kula mboten wantun aninggalaken saking kuwajiban kula, sadaya menapa ingkang panjenengan utusaken dateng kula badhe kula estoaken, nanging sak bibaripun kawula mandhap saking Jemuahan, nak Prabu”
“Inggih-inggih Rama!”
Kawula ingkang kesupen, , menika ngadhepi dinten Jemuah, sadaya para ngulama sami tindak Njemuahan. Mangga-mangga Rama langkung rumiyin ngayahi
32
wajib dateng Jemuahan. Mangke menawi yen sampun mandhap Jemuahan enggal-enggal njangkepna Walisanga, ngiras pantes kalih mbabaraken agama, Kanjeng Raden Sunan.
Kados ta… mekaten tamtu badhe kawula estoaken, Nak Prabu.
“Yai Patih Wonosalam!” Nuwun inggih Kanjeng Sinuwun.
“Metuwa njaba untapna para prajurit, jaganen ketentremane Demak Bintara, kabeh para ngulama bakal tindak menyang Jemuahan Masjid Ngampel Denta.”
Kados ta.. mekaten Kanjeng Sinuwun, tamtu badhe kawula estoaken, kawula kepareng nyuwun tambahing pangestu, Sinuwun.
“Sing ngati-ati Wonosalam, banget ingsun estoni!”
33
Ayo kanca-kanca padha ngayahi pakaryane praja.
Kene-kene gugur gunung tandhang gawe.
Sayuk-sayuk rukun bebarengan karo kancane.
Mbela nagara kanggo makaryaning praja.
Siji…loro… telu…papat….
Maju papat-papat diwulang-wulangake
Mesthi enggal rerampunge

Tolobis kunthol baris…..
Tolobis kunthol baris….
Tolobis kunthol baris…..

34
Bubarane pisowanan agung Demak Bintara, njumejeraken dalem kadi
langon. Katungganing Gusti Sunan Bonang, sakguning para sokabat nyumurupi gustiningsung rawuh mapagake tumindaking Gusti Sunan.
Kene-kene para sokabat, padha piyantuk rembage sowan sira sing ngarsane Gustimu Sunan Bonang, sokabat.
Piye-piye pakaryamu sokabat, anggon sira mimpin para santri para murid kang ana dalem kadilangon kene, lak yo… wis ora ana kang nguciwani ta…sokabat.
Rama sesembahan kawula, sadaya anggen kawula mimpin para santri para murid sampun sae.
Golek sastrane raga, sastra tulis, raga pribadi. Gelem nyelengana wohing
35
pakarti. Siji manembah gusti, loro sekolah tulis.
Manembah Gusti sebab apa ta..sokabat, kena kanggo nggrayang sangkan paraning dumadi. Uripe manungsa ing ngalam donya iki mung kari antri, nunggu pendaftaran, dhisik sing ngendi, sowan ing pangayuning Gusti. Ora kena disangoni bandha, ora kena disangoni donya.
Apa sangune leh.. manembah marang Gusti sing suci lair lan batine manut karo agamane dewe-dewe.
“Sokabat….!!!!”
Isi jiwa manungsa nek ora eling ora waspada soadakane pasudungane Iblis, dadi pasudungane Setan, dadi pasudungane dajjil sipat angkara.
36
Apa ta… sing dienggo ngusir Iblis, Setan lan Dajjil sipat angkara, kang sumudung ana wadas manungsa? Kajaba jiwa mudha kang mangerteni tumraping isi agama, mangkono!
Kados ta.. mekaten Rama Guru sesembahan kawula, lumantar anggen paduka paring dhawuh dateng kula Rama Guru. Mugi sageda lumuntur dateng jiwa raga kawula, Rama Guru.
Jeneng sira isik jaka, sedela maneh mundhut garwa. Jumbuhna kekudangane wong tuwa, anakku lanang mbesuk isa mikul dhuwur mendhem jero karo wong tuwa.
Apa nek anak lanang sing mikul dhuwur karo wong tuwa? Nek wong tuwane seda dipendhem dewe sing jero, ora kaya mengkono kuwi. Apa nek wong tuwane seda
37
dipikul sing dhuwur, ora kaya mengkono kuwi.
Lire anak lanang mikul dhuwur mendhem jero karo wong tuwa, ngluhurake asmane wong tuwa. Rumangsanana nek bocah lanang calon nanggung jawab warga.
Aja kesusu rabi nek urung mandiri. Aja mundhut garwa nek urung sedya. Sebab calone nanggung jawab warga.
Iki kentrung kena kanggo tontonan, lan wau kena kanggo tuntunan.
Rama Guru, lumantar anggen paduka paring piwulang dateng kula, mugi sageda kasudarsono priyantun mriki, Rama Guru!.
Sebab apa sokabat, nyelengi wohing pakarti, siji manembah Gusti, manut karo agamane sing ditresnani. Loro, gelema sekolah tulis, sekolah tulis kuwi ngudi ilmu.
38
Ora cukup dituku nganggo bandha, nganggo donya, tukune nganggo lelaku.
Disangonana akeh ruh karo sekolahe, ning nek gaweane mung mbolos ora sinau (mung nyethe wae!), ora nindakake piwulang guru, cukup ruh karo sekolahe, ning gak isa nyekel ilmune. Mula diarani ilmu iku angele nek wis temu. Nek angel piye, ruh nggone kae ngilmu, nanging nek mlaku ora madhep mantep setia tuhu. Sekira ya…. Mung ruh wae panggone ngilmu.
Mula nek dipondhokke, sing sregep neh ngaji.
Nek disekolahke sing sregep leh sinau.
Ditindakake apa piwulange Guru. Diwarisi bandha donya sokabat, bandha kuwi bala, ibarate nek ora langgeng nggone wadag manungsa. Isa entek, isa lunga.
39
Nanging nek diwarisi kapinteran karo wong tuwa, waton becik leh nggunaake, enteke bareng pecate nyawa, tak kandhani.
Wow… kados ta… mekaten Rama Guru.
Lumantar anggen paduka paring dhawuh kalian kula, mugi tansah dipun kabulna dening Gusti Ingkang Maha Kwasa, Rama Guru!
Mula dadi jaka kuwi golongan karo galangan, mesthi menang golongan. Dikudhang karo wong tuwa, tak gadhang-gadhang golongane anakku, golongane dadiya bocah kang miguna. Nanging antuk golongan kang nalincir saka pangeraming kautaman.
Witing tresna jalaran saka kulina.
40
Kulinane dolanan lading mesthi kebacok lading.
Kula dolanan terbang kemawon… nggih kecakot terbang kok Rama Guru.
Dolanan ula mesthi kecakot ula.

Dicakot ula ritek waton bacah lanang wis sedya ora apa-apa. Dicakot ula urung sedya, saking mepete dadi susahing wong tuwa. Kuwi kurang prayoga. Jenenge ora mikul dhuwur mendhem jero, nanging nglorotake asmane wong tuwa.
Ya… ora etang putrane wong sederhana, nanging nek wis bisa nanggung jawab wargane, sembada karo kakunge. Sekira kae putrane sapa ya… becik utama.
Sebab wong tuwa kuwi kendhi ibarate. Kothong kecangking, kebak kegawa. Putrane tumindak becik , wong tuwa mesthi kejunjung apik.
41
Iki sokabat pitutur marang sira, tumrape menyang jiwa mudha.
Seje meneh karo bocah prawan, sokabat!
Kados ta… pundi menggahipun gerak-gerikipun menika priyantun putri, Rama Guru?
“Weh… dadi prawan mojoputri kuwi sing ngati-ati, sirikane akeh.”
“Inggih menapa ingkang dadi sirikanipun?”
Dadi prawan sing ngati-ati, dadi wong tuwa nduwe anak prawan wayahe mojoputri. Dadi wong tuwa kaya ancik-ancik pucuking eri. Pada kae lho… nandhur gedang satundhun ana sing suluh siji, nanging nek gak waspada dikruweki codhot.
Mula dadai prawan aja ninggalake cara kuna, ora kenek diarani nah.. kok
42
kunamen. Ning nek ora ana kuna oea dadi wong saiki. Nek cara kuna iki disudar-sanani lebih utama lho.. sokabat!
Inggih monngo enggal dipun kadhawuhna, kados ta…pundi tarak-sirik ipun priyantun putri Rama?
Prawan jaman kuna makunane kuwi prawane prawan sejati. Tangi turu mbangkong jam sanga, kedikikan surya, ngono kae nek prawan kuna ora kenek, jare ala. Prawan kuwi nek tangi kudu jam lima. Sarate metu neng njaba, iki tradisi kuna, iki kenek dijajal.
Kula nek jajal-jajalan mboten purun, kudu ditenani, Rama Guru!
Tangi turu jam lima metu njaba, ngebutake ping telu kemule tanpa ambegan.
43
Rutin gelem nindakake kaya ngono kuwi, ngedohke bilahine, nyepakke rejekine, nggampangke bakal bojone.
Jajal nyuwuna pirsa priyayi sepuh-sepuh, jaman kuna makunane, manten ki ora setahun rong taun sing lanang tlaten nunggoni. Sebab wedoke wedok sejati. Nanging saiki nek ora atut dhisik ora dadi.
“Rama Guru!”
“Apa sokabat!”
Kula mireng kabar pawarta ingkang kula tampi saking tanggi kula, wonten ipun priyantun kuna menika, krama menika setahun rong taun mboten atut menika kanten ngenteni. Kabar pawarta ingka kula tampi, pusakane tiyang kuna menika sami
44
bundhel-bundhel, Rama!
“Kowe aja kurang ajar!”
“Mboten kados ta… pusakane priyantun sak menika!”
“Ora kaya mangkono kuwi! Kuwi kanggo mbujuki!”
Nek adate wong wedok kuna, ngenggoni wedok sejati. Bocah prawan, tangi turu nyandhak sapu. Diresiki jogan latare, dikebaki genthong kendhine. Sarendahe mbantu wong tuwane, masak kudu bisa. Dadi prawan ki pinter oleh masak, nek ora bisa masak, engko digething maratuwa, ngono!”
“Wow… kados ta… mekaten menggahing priyantun putri kedhah saged masak, inggih saged manak, Rama Guru?”
45
“Kok manak!”
“Ya.. masak, macak lan manak!”
Jaman biyen prawan ki arep masak ora kenek kesusu. Cethik geni, ngedegne dandang nek urung cumawis bumbune. Umpama sokabat, bumbune urung mlumpuk, dandange ngadeg genine murup; ditinggal wira-wiri nglumpuke bumbune kuwi, dandang ngadeg wau ditendang Batarakala. Dandang rubuh, Batarakala lunga. Sing adang ditinggali lara. Ora kepati mari nek ora diruwat dalang tuwa sejati.
Mula kuna kunane prawan kuwi nek adang ora kenek ditinggal wira-wiri. Aja nggawe bentuk kaya prawan saiki. Budhal adang enek bel mak thin…thin…, mlayu menyanyi karo nggoleki. Ngono kuwi ora kenek ya….!
46
“Wah…kinten-kinten kemawon kok prawan prawane sing ngendhang ta Rama?”
“La…nek aku ra ngenyangi ora isa crita. Ananae ngono aku ya…ngenyangi.”
Mateng neh adang sega panas aja didahar. Sega panas nek didahar neng pikiran nggrangsang. Nyepakke alu amah nyang pikiran, ngangsa-angsa.
Mula priyayi kuna padha diparingi panjang yuswa. Sebab dahare nek ora adem ora kersa. Aja kaya tukang terbang angger bojone mbukak kekep, cepet Bu aku ndang ler-na.
Bocah prawan nek sore aja cal-cul metu njaba, sokabat!
Saiki rada gawat, akeh prawan sing kalap ndarat. Dadi prawan nek sore mlebu
47
nang griya, nyumeti dimar, nggelari klasa. Dimar padhang, klasa ketara. Prawane wajib nendra. Dadi prawan nek sore ora entuk manjer dimar. Ila-ilane diinceng jaka tengah latar. Leh turu kethok nglekar. Bocah prawan nek sore turu lampune dipateni.
Nuruna kaya prawane dalange, kesempatan nek ana jaka nusul, wong tuwane ora ngerti.
(Aja marahi sing ora-ora ta… Rama)
“Sokabat!”
Iki dinane Jemuah, winanci tindak menyang Jemuahan, Sokabat! Gusti Mus
kautus Sinuwun Aryo Babah Patah, negara Demak bakal didegake masjid. Madege masjid Demak kudu nyuwun kang ngedegake para Wali. Nyuwun jangkepe wali
48
wolu, sanga tinari kang nyekseni.
Ora ana kang kautus nyakepake wali sanga, anane mung Gusti Sunan Bonang, sokabat!
Ayo dhisik tindak menyang Jemuahan, mengko nek wis mudhun saka Jemuahan, enggal-enggal ngayahi wajib nyangkepake wali sanga. Apa kasunyatan masjid Demak sing ngedegake para wali, sokabat!
Tan kocapa…. Jare crita kaincrit waton ditata. Mirsani wayang larapane debok dawa, mirsani kentrung larapane lambe blaka.
Wow…. Ya layak sing ngendhang lambene nganti ngggandul ngono.
Pengageme sarwa seta, ngagem jobah ngagem sorban, ngasta teken lan tasbeh,
49
ngagem gamparan. Mijil saking kadilangon arsa tindak dateng Jemuahan, Gusti Sunan Bonang.
Doa manuh oh…. Eling-eling…….
Gliyak-gliyak pokok tumindak, Sokabat!
Dasaring nagari sayekti pancasila maton
Pipa pabrik kudu lahir batin
Aja lali manut mbakalahe
Aja ngece marang wong ora duwe
Tepa slira wajibe wong ngaurip
Engko kembang gori
50
Yen wis cukup aja lali
Asih asuh sami, saka guyup rukun
Kula ungkuraken Gusti Sunan Bonang.

Sinten ta…ingkang wonten wana Dirbaya.
Apa ta…kang diarani wana Dirbaya?
Wana ki alas, dir gedhe, baya pakewuh. Putra saking Tuban kang asma Raden Sahid. Alon Raden Sahid wonten tengahing wana. Tak pikir saya tak rasa, Raden Sahid putra Adipati Tuban. Kanjeng Rama Prabu Wilwatikta putrane amung loro. Siji aku Raden Sahid, loro adhiku Dewi Rasa Wulan. Kekudangane Kanjeng Rama, aku cilik kagedekake, goblok kapinterake. Yen Kanjeng Rama jengkar saka pinarakan,
51
Raden Sahid bisa nyetir karibawan Tuban.
Nanging aku ora bakal nyuwun karibawan saka ngarsane Kanjeng Rama. Butuhku aku nyelengi golek tawane pakarti. Aku golek sangune mati. Mula pagawe-yanku, esuk dolan bali sore. Nyuwun duwit, diparingi Kanjeng Rama, budhal dolan maneh.
Pendhak budhal dolan duwitku akeh, sandanganku apik. Mengko bali pengagemku kathok cekak, kaos kothang, duwit ora duwe.
Nek trima nakal kaya ngono kuwi, wong tuwaku gedhe pangapurane. Pegaweyanku kenthong titir mbrandal, Sahid. Kenthong titir maling, aku Sahid.
Pagaweyanku mbrandal, maling, ngebrot, ngecu, ngrampok, lan mbegal. Aku mbegal
52
oran kurang mangan, ora kurang nyandang. Aku butuh nyelengi pakarti, golek sangune mati.
Aku gelem maling, gelem mbegal, ora sokur pawongan sing tak begal. Golek pawongan sing turah donyane, sing turah bandhane. Ning pawongan kuwi ora tau zakat fitah, ora tau dana driyah; dadi pangane Sahid.
Ruh omahe mesthi tak malingi, temu ijen mesthi tak begal. Nek wis oleh-olehan saka wong kang turah donyane, ora tak pangan dewe, tak sodakohke marang wong miskin. Tak sedriyahke marang wong kang ora duwe.
Raden Sahid duwe kapicayan angger gedhe zakat fitrahku mbesuk munggah swarga ana kananku.
53
Mula taunnana windonana ora mari lehku dadi tukang mbegal, yen durung ketemu sastrane ragaku.
Iki wayahe bedug bener, srengenge manjer. Eneng ngisor aren iki kok eyup ana apane. Tak leren aku ana ngisore aren kene. Napasake kringetku, nlandhungake nafasku. Ngiras pantes ngadhang salah sawijining pawongan. Sapa wong liwat ana papan kene, ketok nggawa bandha tak jaluk bandhane. Ora entuk, utawa ngamuk, tak sembari sembada, tak rampungi.
Ah… kalawan leren ngisor aren kene, tak ura-ura dandanggula. Tak wakilke tukang terbang, mbok menawa ana wong liwat sugih bandha, tak begale ana papan kene.
54
Linakonan sak lumahing bumi
Bangsa kita wis malih merdika
Wohing pakartining dewe
Sarana jiwa kukuh angukuhi
Ibu Pertiwi
Kajajah gulet seta si kuning tamtu
Abebanten jiwa raga, kaleksanan dadiya
Republik Nagari, dedasar Pancasila

Dibukak sokabat! Iki mantene saka kutha Blitar. Ayo dhawahke kutha Blitar.”
55
Rama Guru sesembahan kawula. Menawi kula supados ngangkat kutha Blitar, semune kok radi amrat.”
Ayo… gliyak-gliyak… wis ora ana critane abot.” (Potong bayaranmu, nek ora gelem budhal.)

Blitar kutha cilik kang kawentar
Edi peni gunung Kelud kang ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta berontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit aneng candi Penataran
56
Blitar nyimpen wayone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang sepisan

Ana crita jare Patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekne Nusantara
Uga Pak Bung Karno raja kang kaloka
Ana tlatah Blitar cilik mula
Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh kang padha nyataake
Yen toh geni ngurupake semangate
Yen toh banyu nuwuhake patriote
57
Ketan pulukanku
Nah..ketekan panjalukanku
Gogo pariku
Ya… ayem atiku

(Kok neruske wae….. Barang terusan sing penak!)

(Koyok ngono kok ya… gelem ngemik-i. Nek ora dimik-I, malah ora gandheng kowe. Lho…lak ndableg!)

Durung antara suwe anggonku leren ana ngisor aren, kae ana pawongan nganggo sandhangan sarwa putih, watone ki mesthi sugih duwit. Ora tak begal aja takon dosane.
58
Eee….pawongan mandeg. Bandha apa nyawa?”
Sokabat kene-kene caketa Gustimu, aku, sokabat!”

Kodok ijo neng ngisor lungka
Mikul pacul liwat nggalengan
Duwe bojo tindakmu ngiwa
Tak cukur gundul ben ora tuman.

Pawongan, wis mangerteni marang pitakonku apa durung, pawongan!”

Mengko ta…mengko dhisik kisanak. Durung antara suwe anggonku tumindak ana papan kene. Ana pawongan nom-noman, pitakonmu kok bandha apa nyawa? Pitakonmu bandha apa nyawa iku pitakon apa?”
59
Kudu tak wangsuli piye? Babar pisan durung wuninga pitakonmu kang kaya mangkono kuwi, pawongan?”
Dadi pitakonku sing kaya mangkono kuwi durung kok mangerteni?”
Babar pisan durung mangerti.”
Mangertenana pawongan anggonmu lunga aku ana manggon papan kene, abot bandha apa abot donya. Sing yen sira ngebotake bandha, ayo klakon tak prawasa, klakon tak gawe bendhan mustakamu. Nanging yen ta… jeneng sira ngebotake nyawa, ngentengake bandha, bandhamu wulungke aku, pawongan.”
Yen ngono sliramu kuwi begal?”
Bener apa kang dadi kandhamu, aku tukang mbegal, pawongan!”

60
Kok ora eman-eman lho… wong ngantheng-nggantheng pegaweyane kok mbegal.
Begal!”
Apa pawongan!”
Umpamane aku nggawa bandha, aku ngenthengake bandha, ngebotake nyawa. Bndha mbok jaluk, tak wulungake jeneng sira. Waton aku nora kok prawasa. Ya… ngono maneh, tumindakku ing papan kene oea nggawa bandha. Sebab ora sengaja sesuka langening penggalih, aku ngayahi wajib bakal tindak menyang Jemuahan, tukang begal.
Apa pawongan!”
61
Mbesuk-mbesuk maneh nek mbegal, aja mbegal wong nyang Jemuahan. Mesthi luput. Ora enek wong neng Jemuahan sangu duwit. Ya…petung sing apik, mbegal liyane wong nyang Jemuahan. Sok kalamangsa entuk rejeki tenan wong mbegal.
Pawongan, anggon olehmu lumaku ana papan kene ora nggawa bandha ora nggawa donya. Senajan olehmu lumaku ana papan kene, ora nggawa bandha ora nggawa donya, sandhangan sing kok gawe iku aku ya arep, pawongan!”
Lha…kok kejemen lho… sliramu kuwi!”
Mangertenana pawongan, anggonku ngadang ana papan keke, ora mandang apa wae… Waton ana manungsa kang lumaku ana papan kene, kudu aku oleh-olehan,
62
pawongan.
Umpamane sandhangan sing tak gawe iki mbok jaluk, tak ulungake, aku bali ganti liyane, sik ana tunggale. Ning dhisik pikiren, begal. Sandhangan kaya ngene mbok jaluk, umpamane tak wehke, kok dol paling pol payune pira?
Apa kok gawe tuku pangan apa wis mareki wetengmu? Kok gawe kumpul kanca, wis bisa ndadekake gagahmu?”
Kuwi nek tak ulungake, umpamane ora. Mesthi tuwuh kamurkanmu, dumadi pasulayan, timbule mesthi bakal perang.”
Pawongan!”
Bedhekane wong perang ki mung loro, nek ora kalah mesthi menang. Nek
63
ora urip iku, mesthi mati.”
Umpamane kowe menang perang karo aku, entukmu mung sandhangan kaya ngene. Iki mau mbok dol, apa bisa ngurupake olehe keselmu perang karo aku. Kuwi nek menangmu. Saeba kaya apa ana kalahmu, cilike lara, gedhe sliramu tumekaning pati.
Sesiku denda, sesikune Allah sing bakal dilumunturake aku. Bakal gawe patine padha-padha makhluking Allah.
Ning sandhanga kang ora nyepirani, nek nehmu mbegal butuh golek donya golek bandha, mbok aja sandhanganku sing mbok jaluk.
Terus sing kok kersake sing kepriye, pawongan?”
64
Begal!”
Apa pawongan!”
Ndangaka, noleha mburi, sawangen ndhuwurmu kuwi apa?”
Kula piyambak dereng wuninga seratanipun sampun nyata. Nginggilipun Raden sahid kolang-kaling wohing aren.
Gusti Sunan Bonang kinacek sesamining titah, sampun kinasiyan kaliyan Gusti nampa wahyu Wali. Nora mokal ingkang kasabda sepisan dadi. Kolang-kaling kasabda Gusti Sunan Bonang, kolang-kaling kacipta Gusti Sunan Boanang, ilang sipate kolang-kaling. Gleger ana aren who emas emplek-emplekan, kolang-kaling dadi emas dompol-dompolan. Raden Sahid lali marang Gusti Sunan bonang.
65
Ijo-ijo neng ndhuwur langgar
Yen tak senggek mangsa geduka
Duwe bojo aja diumbar
Nek tak epek mangsa entuka

Sokabat!”
Inggih kula Rama Guru”
Mung coba-coba majuwa rene. Delengen tukang mbegal kuwi kok nekad. Begal kuwi kejem ya sokabat!”
Inggih , nyuwun bandha nyuwun donya, diaturi ora nggawa apa-apa kok sandhangan digawe kok ajeng disuwun, kados ta…pundi?”
66
Sandhangan ora tak ulungake. Kolang-kaling tak sabda dadi emas emplek-emplekan. Jik ngono wae begal wis lali, sliramu marang aku. Tokna wae! Begal ben ndomblong neh nyawang kolang-kaling. Ayo dibacutake menyang Jemuahan!”
Kados ta..mekaten, monggo sewawi kula ndherekaken Rama Guru!”
Gusti Sunan Bonang ninggalake Raden Sahid. Kagete Raden Sahid noleh wingking, nyumurupi Gusti Sunan nora nana,
Sing tak begal mau gek golongane apa? Eneng pawongan gawe sandhangan sarwo putih nek mesthine iki mau sugih duwit. Tak begal, duwike ora duwe duwit.
Priyayi iki mau paring dhawuh, yen aku pilih donya, ora kena aku nyuwun pengageme, kudu aku noleh nyawang dhuwur iku apa?
67
Aku noleh mburi nyawang ndhuwur, kaget rasane atiku. Papan kene mau durung katindakan priyayi iki maeng. Genah kolang-kaling wohe aren. Bareng priyayi
Iki mau paring dhawuh, ilang sipaten kolang-kaling. Jebul sing tak begal mau dudu wong sembarangan. Pawongan sing sekti tenan. Sakwantahe kolang-kaling disabda kok bisa dadi emas kaya ngene.
Wong nduwe kabisan kaya ngene iki biyen gurune sapa?
(Takoka sing ngendhang kuwi Yu!
Aku ora takok karo awakmu!)
Wong duwe kabisan kaya ngene iki biyen tetukane priye ya? Gek ngene iki biyen neh meguru neng nggone sapa?
68
Ah….. tak pikir saya tak rasa. Raden Sahid mbegal, aora kurang mangan orang kurang nyandhang. Ngarep wis tak kandhakake aku nyelengi wohing pakarti.
Butuh golek sangune mati.
Mbegal ora kangge Sahid, tak zakat fitrahke neng wong ora duwe. Kapicayanku angger gedhe zakat fitrahku isa munggah swarga mbesuk ana kananku.
La…aku butuh emas kaya ngene, arepa akeh, mungguha aku bolot. Bandha ora langgeng manggon ing wadag manungsa, isa entek isa lunga.
Ning umpamane kabisan kaya kagungane wong kang tak begal mau, maton kenek tak anggo sangu tuwa.
Ah…emoh aku emas dompol-dompolan, tak gawe apa. Lebih becik pawongan
69
mau tak tututane. Aku bakal ngangsu kawruh, meguru ilmu kang kaya ngene iki.
“Gusti dipun rantos!”
“Gusti dipun rantos! Kula mboten sida mbegal bandha, kula badhe meguru wonten ngarsa paduka!”

Nyembah Gusti Kang Maha Kawasa
Seje adat lan tatacara
Bangsa kita penganut agama
Angur mati kapercayan uga

Raden Sahid tinggal gelanggang colong playu, ninggalake enas emplek-emplekan. Mlajar mbujung tindake Gusti Sunan Bonang.
70
“Mlayu-mlayu ambruk ana ngarepku. Lo…iki lak tukang mbegal. Sing mbegal aku ana tengah wana kana maeng.”
“Inggih-inggih pawongan, leres anggen paduka paring dhawuh kaliyan kula. Kula ingkang mbegal panjenengan kala wau pawongan.”
` “Begal, jeneng sira mbegal marang aku. Tak tinggali, tak gawekna bandha sak mana kehe. Yagene ta…isik mlayu nututi anggonku mlaku. Kurang akeh apa piye? Tukang mbegal, nek kurang akeh matura, aku nggawe pitung ngana enkas, aku ijik biisa kok tukang mbegal!”:
“Pawongan, panjenengan sampun ngantos klenta-klentu panampi. Anggen kawula mlajar nungka anggen paduka lumaku, kang wigati saoindhah kawula ajar
71
kenal. Kaping kalihipun panjenengan pawongan saking pundi, paring asma sinten?”
“Mliki srawung marang aku tukang mbegal, pondhok Ampel Denta kelahiranku, Raden Sunan Ampel sudarmaku, Sunan Bonang kang dadi asmaku, mangkono!”
“Panjenengan sinten?”
“Sunan Bonang!”
“Waduh…. Kula nyuwun pangapunten Kanjeng Sunan! Kula nyuwun pangapunten wonten ngarsa paduka, Kanjeng Sunan! Kenging menapa kawula wantun cegug murang tata, kula mboten wuninga yen ta… panjenengan Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula.”
72
“Mugi dipun kapejahana kula Kanjeng Sunan!”
“Tukang mbegal, wis-wis tukang mbegal. Rikala semana sliramu kladuk wani kurang duga. Kurang trapsila, sebab durung wuninga sapa sejatine aku. Bareng sliramu wis nyumurupi aku mburi saka pondhok Denta, putra Njeng Sunan Ampel, Sunan Bonang gustimu aku. Trapsilamu ora ndadekake kuciwane pangrasaku.”
“Bali pitakon Gustimu Sunan Boanang, begal saka endhi pinangkane, apa sliramu, asmamu begal?”
“Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, pepundhen kula. Menawi panjenengan paring dhawuh mekaten kaliyan kawula, kula saking negari Tuban.
Putra adipati Sang Prabu Wilwatikta, sudarma kawula. Dene nami kula Raden Sahid,






73
mekaten Kanjeng Sunan Bonang!”
“Raden Sahid la..wong atmajane adipati lho…tumindake kok mbegal kaya mangkono kuwi. Kok ora eman-eman klawan pinarakan sudarmamu, Raden Sahid?”
“Kanjeng Sunan Bonang pepundhen kawula, menawi panjenengan paring dhawuh kados ta.. mekaten mboten ateges mokal. Mugi andadosna kawuningan paduka Kanjeng Sunan Bonang. Anggen kawula mbegal kang wigati, kawula mboten kurang nyandhang, mboten kurang mangan. Anggen kawula mbegal, kula pados sangune mati, Sunan Bonang!”
“Saya kebangeten, wong golek sangune mati kok mbegal, kang pamrihe nggo munggah swarga. Iku pamrih sing kepiye Raden Sahid?”
74
“Sinaosa pidamelan kula mbegal, ingkang kula begali mboten namung sokur salah satunipun pawongan. Kula pados manungsa ingkang gesang wonten ing donya, sugih bandha sugih donya. Sepindhah mboten nate rukun marang tiyang sapadha-padha. Kaping kalih, mboten nate dana weweh marang tiyang ora duwe. Ketemu ijen kula begal, weruh omahe kula malingi. Menawi sampun angsal bandha klawan donya boten kawula dahar piyambak, mboten!”
“Kawula sodakohaken, kawula zakat fitrahaken tiyang sing mboten duwe. Kula gadhah kapitadosan yen ta… gesang kawula wonten ing donya, kathah tetulung kula kaliyan tiyang sing mboten duwe. Yen ..ta… Raden sahid mbenjang nampi tinimbalan wonten ngarsanipun Allah, Pangeran Ingkang Sejati, kawula saged
75
munggah swarga, mekaten Kanjeng Sunan!”
“Wow… kaya mangkono kuwi sing kok karepake!”
“Nuwun inggih!”
“La nek tujuwanmu apik, mungguhing Sahid wis becik. Ya…ora apa-apa ta!
Ayo dibacutake. La…kok nututi aku, wigatine apa?”
“Duh Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula. Kawula badhe nyuwun pirsa rikala panjenengan kawula begal wonten sak lebetipun wana. Anggen paduka paring dhawuh dateng kula, panjenengan mboten mbeta bandha mboten mbeta donya.
Amargi panjenengan paring dhawuh dateng kula, panjenengan badhe dateng Njemuahan. Ingkang dipun wastani dateng Njemuahan menika mengku werdi kados
76
ta… pundi, Kanjeng Sunan?”
“Raden Sahid butuh nyuwun pirsa?”
“Lehku Njemuahan ngene iki nyang apa, ya wong pitakon kuwi menange yen kudu diwangsuli. Yen sira milik nyuwun pirsa anggonku anggonku menyang Jemuah-an iki, Raden Sahid marang Gustimu Sunan Bonang tunggal tujuan, nanging seje dalan. Iki wangsulanku marang pitakonmu, ngono!”
Kanjeng Sunan Bonang pepundhen kawula, anggen paduka paring wangsulan paring dhawuih daten kula, Raden Sahid kalih panjenengan tunggal tujuan seje dalan menika mengku werdi kados ta… pundi?”
“Raden Sahid!”


NGADEGE MASJID DEMAK – KASET DUA

“Gustimu Sunan Bonang ya semono uga. Ya ngerti yen urip iku bakale mati. Mati ora kenek disangoni bandha donya. Olehku budha nyang Jemuahan iki ya golek dangune mati. Padha karo sliramu kuwi. Mula seje dalane. Dalanku ora mbegal kaya sliramu. Dalanku manembah Allah, metu tuntunan kitab Quran kang suci,kalebu nyang Jemuahan iki. Katrima panembahku, Insya Allah, bakal munggah swarga mbesuk ana akheratku. Mula sandhanganku putih Sahid, iki jobah iki sorban. Mertandaake titahe Gusti Allah kang lungguh menyang agama Islam, Raden Sahid.”
“Wow… kados ta mekaten!” (Suaranya keras sekali).
(“Aja mbok pindho maneh, aja mbok pindho maneh, aku kaget! Aku kaget
77
tenan, aja mbok pindho maneh!”
“Iki ethok-ethok nggumun, ngono lho!”
“Pokok pisan engkas, tak tinggal tenan!”
“Alaaah…mbok ditinggal ngaleh, aku malah dipecuti karo dulur kene, wong critane durung tutug kok”).
“Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, dados anggen paduka tindak dateng Jemuahan menika malebet dateng agami Islam?”
“Nyuwun sewu Kanjeng Sunan Bonang sesembahaning kawula, menawi kula Raden Sahid nyawiji kados ta panjenengan, malebet dateng agami Islam, menapa dipun kaparingaken, Kanjeng Sunan?”
78
“Alhamdulillah Sahid!”
“Nuwun sewu Kanjeng Sunan Bonang, ingkang dipun wastani alhamdulillah menika mengku werdi kados ta pundi?”
“Ya..ya kowe pancen bocah Tuban, urung ngerti agama Islam. Alhamdulillah kuwi cara Sahid, cara Tuban, matur sembah nuwun.”
“Wow… kados ta mekaten, matur sembah nuwun. Monggo dipun kalajengaken, Kanjeng Sunan Bonang!”
“Matur nuwun Sahid,, gene wis tinarbuka penggalih sira. Ginugah marang Allah Gusti Allah kang Maha Kawasa. Sahid kepranan marang agamaning Gustimu Sunan Bonang, milik nyawiji malebu menyang agama Islam.”
79
“Raden Sahid!”
“Inggih kula, Kanjeng Sinuwun!”
“Gusti Allah iku oran mbedak-mbedakake, titah ingkang makhluke. Lanang wadon mlebu Islam kena, sugih mlarat mlebu Islam bisa, cilik gedhe melu Islam ketampa. Waton…nyangana piye sarengate Islam, sing kirana apa sing dadi larangane agama Islam, mangkono!”
“Kanjeng Sunan Bonang pepundhen kawula, menapa ingkang dados tarak-sirikipun agami Islam. Kalebet menapa kang dadi larangane gami Islam. Mugi Kanjeng Sunan Bonang kersaa mbabaraken dhawuh dateng kawula, mekaten!”
“Kene-kene aseten palungguhanmu Sahid, tak paringi piwulang. Ngertine
80
wong Islam kudune piye, Raden Sahid?”
‘Kados ta mekaten, ngestoaken dhawuh Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula!”






Kembang jambe kembange jambe
Wayah mekar winanci sore
Tukang ngendhang pancen lho.. juragane
Panjak terbang kuwi buruhe

(La… aku iki dadi buruhe!)
Kembang jambe mas kembange jambe
Iwak pithik mas dibumbu Bali
Aku buruhe nora diopahi
Nek oleh duwit Gimah sing ngapusi

(La..ya ello… Gimah sing ngapusi
81
Kapan lehku ngapusi ki lho!

Nyambut gawe neng Sobontoro kae, jebulane oleh panjer satus.
Tak takokne, omongmu gak dipanjeri blaasss! Nyambut gawe,
Wong loro kok olehmu lecet, awakmu iki!
Mulane aja ngluyur wae nek awan, ben ngerti enek wong ngeteri duwit.
Ya..ngono kae, wong wedok ki mbok sing bekti marang wong lanang.)

Kembang gedhang kembange jangleng
Kembang gedhang kembange kelor
Panjakku nerbang memang wong nggantheng

Tak tamatna irunge memang kaya bel montor

82

(La…ya mas irungku kaya bel montor!
Ora oleh nesu lho iki engko?! Iki nyambut gawe ora ana bojo, tapi musuh.)

Kembang kelor kembange cengkeh
Kaya bel montor mala olehe akeh
(Sik..sik oleh kaya apa oleh duwit?
Oleh kaya iku ya.. duwit kuwi.)
Kembang jambe mas kembange kates
Irungmu dhewe kaya garan kenthes
(Nek irungku kaya garan kenthes, njur sepira kenthese? Kaya apa kenthese?
Dadi kenthesku ya ngene iki kon ngetoke piye?)
83

Kembang kates diiris-iris
Kaya kenthes tamatna mundhak manis

(Rupamu kaya endhut ngono wae manis!)

Kembang lombok jare kembange uwi
Sing ngendhang mlerok, sing nerbang memeti
(La… kowe kuwi menang kalah pancen nuthuk. Njajal nyuwunan pirsa karo mas-masa, lan mbak-mbak kabeh, sing biasane memeti iku babon apa jago?
Penonton menjawab babon!)

Tukang kayu mas lak numpak sepur
Bali ngalor mung kari base
84
Sing ngendhang ayu mas yen wedhak pupur
Ilang pupure mung kari kadase

(Dudu nggone markas kodim! Sing kok karepke?
Dudu kadas nanging eksim)

Wow…goblok! Coba nyuwuna mas-mas lan mbak-mbak kene, eksim, kadas, panu, kuwi penyakit jamur kulit. Nggateline padha.

Kembang luntas mas kembange pelem
Aku duwe kadas awakmu kok gelem

Kembang cengkeh kembange jambe
Nek sing nembang waleh aku sesuk keri kene

85
(Peneran, nyudha jatah! Wis melua mas Imam. Aku tak balik karo Pak Musari. Ben… budhal bareng, mulih gak bareng …ora apa-apa!)

Iwak kuthuk mas mulus wetenge
Iwak sili mas sing golek aspro
Yen kepethuk padha mandenge
Malem Senen ngentrung wong loro

(Wis… saiki mbabarake agama Islam. Ayo majua kene!”
“Raden Sahid!”
“Inggih kawula Kanjeng Sunan Bonang, mekaten!”
“Yen sliramu milik mangerteni, apa ta sarengate dadi wong Islam. Aja
86
ngenyangi larangane agama Islam, kena tak paringi piwulang. Sebab wong Islam iku wong iman. Nek wis ngerti iman ayo kangge ngimanake. Wis bisa ngimanake dadi wong Islam, ndadenana sipat kang beriman!”

“Diarani wong Islam ki wong iman. Aku ngerti yen titahe Gusti Allah, ayo wong Islam padha gelema manembah Allah. Iku pawongan iman. Yen wis ngerti iman kangge ngimanake! Agama Islam menehna pepadhang pawongan kang nandhang pepetengan. Paringa teteken pawongan sing durung bisa. Sarengat Islam kudu bisa ngaji. Engko nek tak warahi ngaji sliramu wis pinter, kabisan ngaji kuwi aja diagem dhewe. Mbesuk nek sliramu mundhut garwa, putrimu ora isa, warahana. Kuwi ngimanake. Putrane diwarahi, sokur nyang dulure, gedhe nang tangga kanan-kirine.”
87
“Umpamane kurang neh ngimanake, tak warahi ngaji pinter, ning kabisan ngaji, bojo gak bisa ora diwarahi. Anak ora kok warahi ngerti. Katrima panguasane
Gusti, panembahanmu antuk swarga, nanging sing mbok tinggalake ing ngalam donya ora ngerti iman. Uripe berantakan ora karu-karuan, mung rebutan warisan. Kowe mbesuk neng swarga ya.. ora patek krasan. Mula kabisan manembah marang Gusti, ayo diimanake. Diwehke anak lan bojone, jiwa paneruse. Tur sliramu setia tuhu manembah Gusti.
“Katrima swargamu antuk swarga ana akheratmu. Sing kok tinggalke ing ngalam donya dadi titah kang soleh. Bisa mujike, bisa ndalilke. Kasil neh ngimanake. Langgeng swargane. Iki buahe wong sing akeh kang kasil ngimanake, mangkono!”
88
“Kados ta mekaten kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula!”
“Ngerti tumrape iman wis ngerti lire ngimanake. Dadi wong Islam ngenggenana sipat kang beriman. Lire sipat beriman. Iki agama ora kenek kangge mbedak-bedakake marang leliyan. Ana wong sugih ora kenek dimerekake, ana wong ora duwe ora kenek kapaido. Endi ning wong ora ngerti, nek milik isa warahana. Gene ketekanane manungsa anane cukup mung samono kuwi. Sing becik disuwunake marang Gusti. Iki sipat beriman, ora kenek dienggo mbedak-bedake sesami, mangkono!”
“Kados ta mekaten Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula!”
“Sokabat!”
89
“Inggih kula Rama Guru!”
“Dimirengake ya.. sokabat!”
“Inggih kula ndherek midangetaken, lumantar anggen paduka paring piwulang daten Raden sahid, Rama Guru!”
“Iki lho Sahid, yen sira milik ngerti sejatining Islam. Aku mbabarake cangkri-man…, mbabarake cangkriman, bathangen cangkrimanku iki. Bisa mbatang cangkri-manku, bakal dadi sejatining santri. Yen durung bisa mbatang, bakal tak wedarake, Raden Sahid.”
“Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, panjenengan bade medharaken
cecangkriman kados ta pundi, enggal dipun kadhawuhaken dateng kawula ingkang
90
midhangetaken, mekaten!”
“Gumelare jagad iki ana songsong tunggul naga. Ngisore songsong tunggul naga ana warna limang perkara. Siji bumbung wong-wang, loro tambine pucang, telu susuhing angin, papat galihe kangkung, lima napaka kontulmu layang. Iki tetukone dadi wong Islam. Kudu isa lungguh menyang isi cangkriman iki, mangkono!”
“Kados ta mekaten, kados ta pundi werdinipun enggal dipun kadhawuhaken, mekaten Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula.”
“Sliramu durung ngerti?’
“Nggih, kula dereng mangerteni werdinipun kados ta mekaten!”
“Songsong tunggul naga kuwi pepayung. Yen kawaca dumadine manungsa


91
kuwi Allah SWT, Gusti Kang Maha Kawasa, kang ngayomi jagad saisine. Kang nitahake marang manungsa. Mula Sahid, yen sira milik munggah swarga, marenana sipatmu candhala, ungkurna sipatmu dursila. Ngayoma Gusti Kang Maha Kawasa, sembahen manut marang agama kang kok tresnani. Insya Allah bakal kabul panyuwunmu. Bakal munggah swarga ana akheratmu. Kuwi yen diwaca dumadine manungsa.”
“Songsong tunggul naga yen panggone ana ngalam donya, kena kawaspadaake mungguhing netra, kuwi panguasa nagara. Kang ngyomi kawula sak reh-rehane. Rumangsa dadi kawula kudu ngabdi marang panguasa, setya tuhu tindake Ratu, gedhe marsudine marang arane Ratu. Becik budi pakertine, panguasa bisa menggalihake
92
bakal paring ganjaran sok sapa sing tak timpal kalawan perjuangane.
Mula Sahid, bakune songsong tunggul naga manembah ana panguasaning Gusti sing diestoni panguasa nagara, mangkono Sahid.!”
“Kados ta mekaten Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, ingkang dipun kawastani Songsong Tunggul Naga. Monggo dipun kalajengaken mekaten, Sunan Bonang!”
“Ngisore song-song tunggul naga siji bumbung wong-wang. Bumbung Wong-wang, mertandhaake titah Allah, wong kang lungguh menyang agama Islam. Hey…. Wong Islam, ndarbenana wadag bumbung wong-wang. Bongkot pucuk padha, lahir lan batin sing siji jumbuh karo panembahe. Nek pancen Islam, laire kudu tulus karo
93
atine. Sebab Gusti Allah kalawan umat makhluk manungsa tak wenehi gambaran. Contone anak karo wong tuwa. Putrane akeh disekolahke dadi anak sing pinter. Ning eneng salah sawijining anak pamit sekolah, mbolos. Ora gelem mlebu. Mongko wong tuwa kinacek sesamine titah. Ora sepi saka jiwa manungsa, sak obah-polahe mangerteni.
Endi sing cidra menyang panembahe, tuntunan agama wis ndhawuhake, ora ana siku denda, ora kenek disuwunake pangapura, kajaba mbujuk karo sing manembah. Seje pancen pawongan sing belas durung eruh karo sing manembah, tetep diparingi pangapura. Padha karo anak lan wong tuwa pancen tulungane anakku ora ngerti. Salaha ya dibenerke, laliya dielekake, kecemplunga jurang ya ditulungi. Sing
94
gedhe siku dendane. Bareng wis ngerti, tidha-tidha leh ngenyangi.”
“Yen kurang terang Sahid, tepa patuladha swasananing donya, saindhenge nuswantara, wis bisa kanggo mejang budi pakartining manungsa.
Kuna makunane, senenge gawe omah gedhe-gedhe, joglo-joglo, rosa, dadiya telung piturunan, patang piturunan. Saiki ora model. Nggawe omah cilik ritek, pokok cekli. Sing ngarep dipasang kaca, kena kanggo tepa patuladha. Nek disawang saka njaba apik, nek dileboni wis mesthi ketok becik. Njaba karo njerone kudu padha panyawange. Iki contone bumbung wong-wang. Apa kowe isa ngenyangi ta, Raden Sahid?”
“Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, lumantar sadaya anggen paduka
95
paring piwulang dateng kula, kula mboten bade ndaga, setya tuhu bade kula estoaken, Kanjeng Sunan!”
“Yen ngerti bumbung wong-wang, wediya tambine pucang!”
“Apa ta… werdine tambine pucang?”
“Embuh! Dalang kok takok terus!”
“Tambine pucang, gegayuhaning manungsa. Manungsa pinaringan sipat ganep, pancadirya jangkep. Ora sepi saka gegayuhan. Ora Tulungagung ora Surabaya, umume gegayuhaning manungsa, aku urip ki mbok ya sugih bandha. Sugih donya. Ora kana ora kene, sing diajab sugih bandha. Nanging Sahid, yen tenan-tenan sliramu milik dadi wong Islam, nyuwuna donya-donya sing halal. Aja daksiya marang
96
sapadha. Aja gawe kapitunane leliyan. Aja mercaya jim, setan, priprayangan. Dalil agama wis ndhawuhake, sregepa nek manembah Gustine.”
“Nanging kok percaya karo jim, setan, priprayangan, ora-ora nek munggah swarga. Dalil agama wis ndhawuhake, ora ana titahe Gusti Allah sing munggah swarga kajaba manungsa. Bisa nelukake jim setan priprayangan, sliramu katrima manembahmu, isa munggah swarga. Sing kok telukake melok kowe munggah swarga. Nanging sregepa manembah Gusti, mercaya marang jim setan priprayangan, mbesuk mati katut melok jim setan priprayangan. Papane ana papan penasaran. Kasembadan
kowe makmur, dalil agama ora kenek lali sanak-sedulur. Rukun karo tetangga, rukun karo lingkungan. Ngerti karo opyake lingkungane. Ngerti prentahe Pak RT-RW-ne.
97
Ngerti apa sing digunaake karo kepentingan lingkungane. Tulung yatim piyatu, sodakoh zakat-fitrah donya, sing krana lilahi taala. Katrima Gusti Allah, alhamdulillah, kuwi iku kalebu amal jariyah.”
“Sahid, gedhe amal jariyahe, mbesuk ana akherat kepetengan dalan, kuwi kenek kanggo padhang. Gedhe zakat-fitrah sira marang titah kang miskin, mbesuk angel nehmu mlaku, kuwi kenek kanggo tumpakan.”
“Apa ngamal jariyah kudu bandha sing akeh, donya sing akeh?”
“Ora bandha ora donya, tembung sak klimah, laku sak jangkah. Contone sliramu marang aku, adoh-adoh saka Tulungagung dirawuhake Surabaya. Iki sokur ana panguasa-ne Allah. Kalis saka rubida, muga anggene mas Imam dadi manten dadi
98
kaki lan mintuna. Sineksenan para Gusti Wali kang dibabarake bengi iki.”
“Sokuran dicaosi pasugatan, kondur didahar, sesuk wis ora kena kanggo dongeng-an. Ning diparingi pasugatan kentrung, iki tontonan. Ngarep wau wis didhawuhake kla-wan Pak Musari, ya… kenek kanggo tontonan, sing uga kena kangge tuntunan. Siji tuntunan mupuk keimanan, loro tuntunan menyang agama. Yen tenan-tenan diresepi menyang sanubari katrima Gusti Allah. Iki ngamal jariyah sing tanpa upama. Sing gelem mindhangetake entuk berkahe Gusti, bakal munggah swarga, tak kandhani!”
(Wis ngelem daganngane meneh, sesuk ben payu!?)
“Kuwi kalebu tambine pucang, raden Sahid!”
99 “Kados ta mekaten werdinipun tambine pucang. Monggo jangkep kaping tiga dos ta pundi ingkang diwastani susuhing angin, kados ta pundi werduinipun, Kanjeng
Sunan!”
“Susuhing angin nggone nyang endi?”
“Susuhing angin ora kana ora kene, ora adoh ora cedhak, cukup ana wadag manungsa. Apa susuhing angin kuwi napas, urip duwe napas, bisa mupus. Manungsa nom bakale tuwa, tingkah lakune ayo sing prasaja. Adat tumindak kena kanggo tepa patuladha tumrape nusa lan bangsa. Kasenengan ditata, anak putune seneng dingengehi. Seneng dipek dhewe, ora eling anak putune, seneng wong tuwane senep jiwa paneruse.

100
Nyambut gawe sing gemi, sing setiti, sing ngati-ati, nek makarya dicelengi. Nek celeng-ane wong urip neng ngalam donya Sahid, siji neh mapakake anak lan bojone. Loro neh makarya sak ben dinane. Nanging celengane kangge sangu mati apa? Nek manembah marang Gustine. Manut karo agamane dhewe-dhewe, zakat-fitrah, ngamal jariyah tumpakane. Kuwi mungguhing susuhing angin, mangkono!”
“Kados ta mekaten werdinipun susuhing angin, Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula. Lanjeng jangkep kaping sekawan, kados ta pundi werdinipun ingkang diwastani galihe kangkung, mekaten Kanjeng Sunan Bonang?”
Galihe kangkung kuwi gedhene sak lumbung mbandung, disampar disandhung, tundhane akeh manungsa kang urung dumunung!”101
“Nggrayang sangkan paraning dumadi, sangkane manungsa saka endi. Dadiya manungsa lantaran saka ngendi, paran paraning manungsa kudu ning ngendi? Iki ngggone susuhing angin neng kene iki, nggone galihing kangkung ana pan iki.”
“Iki mungguhe galihe kangkung, sangkane manungsa titahe Gusti Allah Kang Maha Suci, dadiya manungsa dilantarake wong tuwa kakung karo putri. Paraning manungsa manuta karo tinulise Gusti. Mula Sahid, yen sira milik mlebu Islam,
sregepa nehmu ngaji. Ngajenana pak Kyai, eling-eling kuwi kang nuntun marang sira paring piwulang ngejak manembah Gusti. Wajib kuwi diajeni.
Raden Sahid, kowe dadi santri, sregep nehmu ngaji, ngajeni Pak Kyai. Ning kok santri kuwi jik gelem wani wong tuwane karo, kakung putri, kuwi ya.. kurang
102
utama.. Sebab Gusti Allah nitahake manungsa, manungsa iku ora enek sing thukul saka kayu watu. Ora enek manungsa thukul saka bumi. Jer titah Allah iku lantarane Bapak karo Ibu.
Ana Bapak tanpa Ibumu sing nglairake sira, ora nana. Ana Ibumu tanpa Bapakmu, ngandhut tanpa nduwe Bapak, aloke tangga tan ora prayoga.
Mula Bapak Ibu kangge lantaran mujudake marang slira. Iki mungguhing santri. Sregep olehe ngaji, ngajeni Pak Kyai. Bukti marang wong tuwa kakung karo putri, eling-eling iku guru nomer siji. Urung sekolah tulis, urung sekolah ngaji, dhisik leh sekolah ana wong tuwane. Contone isa maem krana didulang, isa mlaku dibelajari, dititah. Kari sesa-sesa wong tuwane ngajari anak piye?”
103
“Nek ngajari apik, dadine murid ya becik. Bapak mapagne putra, Ibu kang ngandhut jeneng sira, perang sabil nglairake putra, totohane nyawa. Dumunungen sabda pandita Wali, nyabdaake anak sepisan mandi. Eling-eling dalan amung siji, kuwi ora kekek diwaneni. Bukti karo maratuwa. Bener, maratuwa ki mara-mara wis tuwa.
(Mas Imam kedhah bukti karo Bapak maratuwa).
“Bab Bapak maratuwa sing menehi kanikmatan anak mantu sing tanpa utama. Mantu bukti marang maratuwa, eling-eling maratuwa sing menehi, ngganjar anak mantu kang tanpa upama. Sing direwangi budhal nyambut gawe esuk mulih sore. Nek macul neng sawah bengkeng boyoke, sing digolekke ganjaran. Leh nggganjar
104
maratuwane.
Umpama Sahid, kowe duwe pitik babon ngendog lima, ilang loro, gedhe pangapuramu. Ning sak dhumuk bathuk sak nyari bumi, jajal sing colong ganjaran, leh ngganjar maratuwamu. Kuwi totohane pecah dhadha, utahe ludira.”
“Ning menggahing kawula kajenge!”
“Lha…kok blaba men ta …kowe!”
“Mula Sahid, kaya ngono kuwi. Wanita kudu wani karo tata. Ngertenana dadi wong koneng priya, wong lanang guru nabi, digugu, ditiru, diajeni! Lho…Sahid, iki kasunyatan! Apa njaluk dicritani?”
“Inggih, monggo dipun dhawuhaken Kanjeng Sunan!”
105
“Rikala bebukaning lakon ‘Tapel Adam,’ jaman semana ana lakon ‘Tapel Adam’. Gusti Allah iku muja gawe maungsa, kapundhutake saka sarine bumi, sarine geni, sarine angin, sarine banyu. Kingumpulake dadi sawiji. Mula manungsa utusane kang kuasa, ciptaning Gusti Allah. Dipuja dadi titah manungsa, siji kakung kawastanan Gusti Kanjeng Nabi Adam. Gusti Kanjeng Nabi Adam titah Allah kang kinasih, matur ana ngarsaning Alllah, “Ya…duh Gusti mbok inggiha kula niki diparing garwa.!”
Gusti Allah paring dhawuh, “Titahku Adam, manungsa mapan iman karo sing kuasa. Apa sing kacipta mesthi bisa tumeka.”
Nyempal lambung sing kiwa, kapuja dadi wanita sulitya warna, kang aran Ibu
106
Siti Hawa. Mula wanita iku sempalane wong lanang, swargane nunut, nerakane katut.
Endi wong wedok sing kumalangkung marang wong lanang, ora kenek pupur gunungan gambar paesan kepranan, karo kengganthengane liyan. Wong wedok kuwi daringan Sahid, ora kene nggerohi karo bojone. Kudu singg langgeng papane.Kok geroh karo sing lanang, sing digerohi dudu bojone, sing digerohi guru nabine. Nyambuta gawe rina dienggo wengi, wengi dienggo rina. Wong wedok geroh karo
sing lanang, tetep kesiksa rumah tanggane. Ora tentrem bebrayane. Endi wong wedok bukti karo wong lanang, ora ethang ngedhep kendhang, kira-kira gak kurang sandhang gak kurang pangan, ngono!”
(E….ngelem meneh dagangane. Ben payu!
107
Eeee….gawane kentrung nek ang… ki ya ang kabeh mburine. Nek i..ya i… kabeh. Nek a..ya…a .. kabeh)
Raden Sahid, parane manungsa manuta tinulise Gusti. Manungsa neng ngalam donya tak wenehi gegambaran, wayang ibarate. Alam donya larapane, Gusti Malaikat yagane, Gusti Allah dalange. Dalang kuwi Gusti Allah, tak kandhani.
(Inggih, mila kedhah mbangun turut Pak Dalang. Ning nek mati gak dislameti, merga kadal karo walang).
Dalang Gusti Allah ibarate. Ora ana wayang sak kothak sing duwe lakon dhewe-dhewe. Manungsa ing ngalam donya padha kaya pawongan sing kuliah, ora enek sing ora dikek-i soal dhewe-dhewe. Sesa-sesa dadi siswane, dadi muride nek
108
dikek-I soal karo gurune, ngerpek duweke kacane aja ngarep-arep munggahe. Nanging nek diwenehi soal takon marang gurune, “Pak Guru ngenten niki digarap pripun?”.
Endi murid sing gelem cedhek karo guru, kuwi murid sing apik. Padha manungsa, bukti karo Pangeran. Cara wayang gelem cedhak karo dalang, mesthi luhur wekasane. Beda karo wayang pinggiran, bala kiwa sing gedhi-gedhi. Di asta dalang arang-arang, dikeplek-keplekake, palinga dienggo malihan. Ket tuwa tuwas ora bisa nglaras, ora ngerti mungguhing galihe kangkung, Raden Sahid.
Kanjeng Sunan Bonang sesembahaning kawula, kados ta mekaten wedinipun galihe kangkung. Monggo jangkep kaping gangsalipun, kados ta pundi?”

109
Tapaka kontulmu layang, tak gambarake manungsa ana pasar. Sak suwene nyang pasar, isik suwe mulih ana omahe dhewe-dhewe. Aku kowe iki ijik ana pasar, calone mbesuk mulih nyang omahe dhewe-dhewe. Nek wis mulih nyang omahe aja ora nggawa apa-apa, kabeh aja dientekke ana pasar. Ngengehana dienggo mulih nyang omahe, kangge mbukak lawange. Neng pasar, becika budi pakartine, rukuna klawan sak padha-padhane. Slira seda, sing ngrumat akeh, sing nglayat sepirang-pirang. Diganda, dirasa, diucap ya becik, ya prasaja. Wah… dhek neng ngalam donya apike kaya ngana, kok ya seda. Gelem dalilke, gelem mujekake.
Nanging neng nglam donya jahil methakil, drengki srehi; sugiha bandha donya, nek ora rukun karo sesama, mati glethak. Dibelehke kebo papat, ning upama
110
ora ana sing nglayat, aloke tangga piye?”
Napaka kontulmu layang, contone tuntunan agama. Gusti nabi, gusti wali wis pirang abad anggone seda, tak gambarna wayang pancen cedhek karo dalang. Tak gambarna murid pancen cedhak karo guru. Senajan seda dipuji-puji. Contone para Bapak Pahlawan, para Baapak Perjuangan, kang gugur ana papan palagan. Nek sedane kanggo labuh labet njunjung kamrdikan negara, gawe tentreme nusa lan bangsa. Nadyan seda diperingati, Raden Sahid.”
Kados ta mekaten werdinipun tapakipun kontulmu layang. Inggih lumantar anggen paduka paring dhawuh kados ta mekaten kaliyan kawula, mugi sageda lumuntur dateng jiwa raga kawula, Kanjeng Sunan!”
111
Sarengat, hakekat, lan makrifat, telung telu kudu nyawiji wajib Islam dinyangi. Sarengat, sarengate wong Islam kudu sholat. Limang wektu wajib Islam ora kenek dilalekake, kuwi sarengat jenenge. Hakekat, sira sholat sangu duwit kok aturake Gusti Allah, ora ditampa. Sangune hakekat, tekad, niyat, mandhep manteb.
Sangune cengkir, waton kenceng rasane pikir. Laire sholat nek batine dienggo mikirake rana-rana, padha karo olahraga blaka, ora bakal ketrima.”
Nek wis ngerti hakekate, piye maknane, ayo dimakrifati. Iki isi Islam komplite kaya ngene iki.”
Mbrandal, maling, nyabrot, ngecu kaya tingka sing kok sandhang, kuwi larangane agama, gawe regede nagara. Nek kowe milik dadi wong Islam, sipatmu
112
kaya ngono kuwi marenana ya Raden Sahid!”
Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula. Lelampahan kados ta mekaten, cekap kados ta mekaten, kula mboten bade mangsuli malih, Kanjeng Sunan!”
Madon, main, minum kuwi larangane agama. Milik dadi wong Islam, aja sampek sliramu ngenyangi lakon kang kaya ngono kuwi, Raden Sahid!”
Kados ta mekaten tamtu bade kula estoaken, lumantar anggen paduka paring dhawuh Kanjeng Sunan!”
Nek wis pancen gelem tenan, ayo ana nyuwun ing panguasane, pondasining Islam maca Syahadat. Kangge sineksenan, kudu dinyangi. Nek sliramu durung bisa, ayo tak paringi piwulang. Derekna ngendikaku iki, Raden Sahid!”
113
Bismilahi rohman nir rohim!”
Bismilahi rohman nir rohim!”
Weh… kok wiskewes temen ta kowe!
Inggih, Rama Kyai, adeg langgar goleh bocah sing pinter nalar
Rama Kyai adeg masjid golek bocah sing pinter nganggit.
Ayo dibaleni maneh Sahid!”
Bismilahi rohman nir rohim”
Bismilahi rohman nir rohim”
Ashadu ala illaha ilallah”
Ashadu ala illaha ilallah”
114
Waashadu anna Muhammadur rasulullah”

Waashadu anna Muhammadur rasulullah”

Kawula nekseni setuhune mboten wonten Gusti Pangeran ingkang wajib kawula sembah, kajawi Gusti Allah.”
Kawula nekseni setuhune mboten wonten Gusti Pangeran ingkang wajib kawula sembah, kajawi Gusti Allah.”
Kawula nyekseni Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW menika dados utusane Allah.”
Kawula nyekseni Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW menika dados utusane Allah.”
115
Kaya ngono kuwi tetukonne dadi wong Islam, Raden Sahid!”
Raden Sahid, nek wis rampung aku bakal tindak Jemuahan, Sahid.”
Nuwun sewu Kanjeng Sunan Bonang sesembahan kawula, rikala panjenengan kula begal, panjenengan paring dhawuh kaliyan kula, yen ta kawula Raden Sahid mbetahaken bandha klawan donya, supados kawula menoleh mriksani wonten nginggil kawula. Mangka sakderengipun panjenengan paring dhawuh kados ta mekaten angsal kawula kendel ngandhapipun wit aren. Woh kolang-kaling dados emas emplek-emplekan. Kula pitados menawi who kolang-kaling menika kenging pujane paduka. Kenging sabdanipun paduka. Kula pitados yen ta panjenengan kagungan ngilmu wejang-an. Mbokya panjenengan gadhaha sih kawelasan dateng
116
jiwa raga kawula. Kang pamrihe kula supados kagungan ngilmu kados ta kagungan panjenengan, mekaten Kanjeng Sunan!”
Raden Sahid, kolang-kaling tak sabda dadi emas emplek-emplekan. Sira kepranan, milik kabisan kaya duwekku. Yen kuwi ngilmu wejangan milik bakal nyuwun tak wejang. Iya…isa, iki ilmu. Waton Sahid gelem ngenyangi karo tekone karo lelakune, Raden Sahid.
Kanjeng Raden Sunan Bonang sesembahan kawula, Lelampahanipun kados ta pundi enggal dipun kadhawuhaken kula, Raden Sahid>”
Jeneng sira bakal tak wejang, kang pamrihe dumunung sabda pandita Wali. Apa sing kok sabda sepisan dadi. Nanging Sahid, kudu gelem mertapa ngluwang. Ana
117
tengah ing wana kene. Sepisan, anggonku tumindak ing papan kene bakal menyang Jemuahan. Kaping pindho, yen wis mudhun Jemuahan, gelaring lelakone negari Demak, bakal kaadegake masjid. Madege masjid Demak kudu nyuwun sing ngedegake Walisanga. Gandheng lelakon iki wali durung jangkep sanga, sapa kang njangkepake Walisanga? Mula Sahid ayo mertapa ngluwang. Aja kecap, aja pega, aja badar, yen durung gurumu, Aku rawuh ing papan kene, mbadarake sliramu. Kuat mertapa ngluwang sak baliku ing papan kene. Ora cukup amung tak wejang, Insya Allah, bakal nampa wahyuning Wali, Raden Sahid!”
Kados ta mekaten, monggo enggal dipun kadamelaken paluwangan!”
Ayo tak gawekke paluwangan, Raden Sahid!”




118
Sore-sore padhang mbulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Kanca kabeh padha gojegan


Kae-kae rembulane
Yen tak sawang mas mung awe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca kabeh aja turu sore


Gethuk angsale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
119
Gethuk angsale saka pohong
Timbang ngantuk ayo ngrungokna kentrung


Aja ngono mas, aja ngono
Kadung janji mas menko mundak gela

Gusti Sunan Bonang kang kaasta teken uluh gading. Teken uluh gading kagaritake bumi sepindhah, sreeet….., bumi menga saknalika dadi paluangan.
Kacemplungi Raden sahid, mertapa mluwang. Raden Sahid mlebet wonten ing paluawangan, poluawangan ingkang sampun kalebetan Raden Sahid, katungkuli teken uluh gading mingkem saknalika. Raden Sahid padha kapendem uripan dateng tenga wana. Alon Gusti Sunan Bonang.
120
“Kene sokabat, tak jarwani sokabat!”
“Inggih ngestoaken dhawuh Rama Guru!”
“Kaya ngene iki owah-gingsire kahanan, urip manungsa langsung panandhang, manungsa cakra-manggilingan. Contone Raden Sahif, tukang mbegal, mbegal Gustimu, aku. Kolang-kaling tak sabda dadi emas, njunjung tumindakku, milik mlebu agama Islam. Ya.. saketang sak klimah tak paringi piwulang.
Dheweke nyuwun wejangan, Gustimu aku saguh mejang. Sahid kudu gelem tak luwang. Sliramu ngerti sokabat, Sahid tak cemplungake paluwangan, bumi tak tutup iki lak padha tak pendem uripan.”
“Inggih leres paduka paring dhawuh, Rama guru!”
121
“Mengko Gustimu aku ora kagungan ilmu wejangan. Gustimu Sunan Bonang wahyu gaib ilmu tiban. Wahyu gaib ngilmu tiban, iki yen teka ora kulonuwun. Nek enek ora krasane, yen bali ora pmitan. Sebab sangka setya tuhuku manembah marang Gusti!”
“Dadi kabeh kabisanku iki wahyu. Iki dudu ilmu wejangan, la kok Raden Sahid milik nyuwun wejangan, sampek kapan? Ora-ora nek Raden Sahid tak wejang, mangkono!”
“Rama Guru sesembahan kawula, panjenengan paring dhawuh kaliyan kula mboten kagungan ilmu wejangan. Kenging menapa menawi mboten kagungan ilmu wejangan sagah bade mejang bagus Raden Sahid? Menawi mbenjang disuwuni ilmu


122
wejangan, kados ta.. pundi anggenipun paduka mangsuli, Rama Guru?”
“Sliramu lak ora ngerti tujuwanku ta sokabat?”
“Inggih kula mboten mangertos.”
“Anggonku nindakake dup nang-ning Sinuwun Sunan Bintara, Aryo Babah Patah, jare aku njangkepake Walisanga. Mula Raden Sahid tak magangake dadi ganepe wali. Sarate supaya mertapa mluwang. Sak baliku mrene, Raden Sahid, tak badarake, badar. Kaya-kaya antuk nugrahaning Gusti nampa wahyuning Wali. Lo… nek sing disuwun kabisan kaya kagunganku, kuwi ya wahyuning wali. Nek pancen Sahid kagungan wahyu wali tenan, apa ya aku mblenjani janji, lak ya ora ta?”
“Oo.. kados ta mekaten. Inggih menawi panyuwunipun Radeen Sahid kados ta
123
mekaten? Mugi sedaya menapa ingkang dados gegayuhanipun bagus Raden Sahid, sagedha kasembadan, Rama Guru!”
“Budhal neng Jemuahan, sokabat!”
“Inggih . monggo suwawi kula dherekaken!”
“Kene nratas metu Surabaya kene ya sokabat!”
“Inggih-inggih kula ndherek!”
“Ayo-ayo sokabat!”
Rek ayo rek mlaku-mlaku neng Tunjungan
Rek ayo rek rame-rame bebarengan

Cak ayo cak sapa gelem melu aku

124
Cak ayo cak golek kenalan cah ayu
Ngalor ngidul liwat toko ngumbah mata
Senggal-senggol nyang ati wis krasa lega
Sapa ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anake sing dodol rujak cingur

Jok dipikir yen padha gak duwene sangu
Jok dipikir angger gelem padha mlaku
Mangan tahu jok dicampur nganggo timun
Malem minggu enake disambi ngentrung

“Sokabat!”
125
“Inggih kula!”
“Rikala jaman semana, Gustimu aku mbabarake agama Islam ana kutha Semarang. Critane ngono kae Semarang ana salah sawijining pawongan sugih bandha, sugih donya. Putra ora kagungan. Sodakoh emoh, zakat fitrah ora gelem. Aja maneh dizakatke, disodakohake, wong didahar dhewe wae eman. Asmane Ki Ageng Pandanaran. Sangka sugihe wong sak kutha Semarang, karan penggedhe Semarang.
Sokabat!”
Inggih kula!”
Jaman semana aku nyoba Ki Ageng Pandanaran, aku macak sarwa nista. Ngemis ing ngarsane Ki Ageng Pandanaran. Biyung Gusti aku di-ina sokabat, tenan


126
di-ina. Diuncali duwit sak sen, ora diulungake, diucalake ana ngarepku. Ngendikane banget murang tata, anggone ngina marang aku. Banjur aku ngenengake pangeram-eraman. Aku ngampil pacul ana ngarsane Ki Ageng Pandanaran.”
Latare Ki Ageng Pandanaran tak paculi ora ujud lemah, ujud duwit ewon, yutan-yutan ora karuan akehe. Deweke kepranan marang aku, sokbata!”
O.. inggih piyambakipun kepranan kaliyan Rama Guru!”
Tujuwane aku arep ditubruk diguroni. Aku matek-aji panglimunan, Ki Ageng Pandaranan ora bisa maspadaake marang aku, ning aku ngerti marang deweke.”
O…yen ngaten panjenengan kagungan srandal gondhel, Rama Guru!”
Srandal gondhel ki apa?”
127
Lir ipun kula matur wonten ngarsa paduka panjenengan kagungan ilmu srandal gondhel, yen mlebu penak metu angel, ngaten?”
Ah…kowe kok ya teka kono, kuwi pengasihan apa?”
Mila mboten ateges mokal Ki Ageng Pandanaran mboten sumurup panjenengan, panjenengan saged nyumurupi Ki Ageng Pandanaran.”
Semono aku paring dhawuh, sokabat!”
Inggih, paduka paring dhawuh kados pundi?”
Ki Ageng Pandanaran, yen sira bakal nubruk aku ngguroni aku, aja neng Semarang. Aku Gustimu Sunan Bonang, tututana aku ana kraton Demak Bintara.
Nek pancen Ki Ageng Pandanaran gelem ninggalake kutha Semarang. Wali lak wis
128
bisa dadi genep ta sokabat!”
“Inggih, leres anggen paduka paring dhawuih Rama Guru!”
“Semono bubare saka ngarsane Ki Ageng Pandanaran aku mlebu alas Begelen, sokabat!”
“Inggih, rikala samanten panjenengan mlebet wana Begelen.”
“Ana tengahing alas Begelen kuwi ya ana salah sawijining pawongan sing jenenge Lokajaya. Lokajaya uga milik numurunke wahyuning wali. Lokajaya tak paringi dhawuh, eee… Lokajaya, yen sira milik nyuwun tumuruning wahyuning wali, iki lho teken wuluh gading tak encepake ana kene. Tunggunen, silanana, aja badar nek durung aku bali rene. La nek Lokajaya iki pancen tenan-tenan ora tumekaning pati,
129
wali ki yen ora ganjil etunganku wis dadi wolu, sokabat!”
“Kados ta mekaten, leres anggenipun paduka paring dhawuh, mbok bilih wali sampun dumados wolu!”
“Ayo njajal diendangi, Raden Sahid anggene mertapa mluwang kae dipirsani, mati apa urip ya sokaba?”
“Kados ta mekaten, monggo kawula derekaken!”
“Ayo goleka dalan sokabat!”
Jenang gula kowe aja lali
Ali-ali niki sulih kula
Aja dianggep sepele
130

Nadyan ta mboten melu nanging ati

Tak sanggup nggondeli
Yen gawe lara, gela, sedih rinten dalu
Ketok-ketoken kewala nganti-anti
Apa besuk bisa bakal bali

Yen bali beja mas Imam

(Dhandhanggula tibane ‘a’ kok ‘mam?}
Yen bali beja kula

“Monggo kadhawuhaken ngagem ali-ali, Rama Guru!”

Ngagema ali-aliku
131
Pamrihe aja lali karo aku
Nadyan kula mboten melu mbesuke

Ngelingana leladenku


Lamun ambuh saloka
Pamrihe lamune tansah gawe cuwa
Iki embane kencana
Pamrihe tansah manggihi raharja

Yen nganti ilang mripate jarene

Nemak irupe ya

Yen nganti dienggo wong seje
132
Mbesuke wis padha bodoa

(Aaalaaahhh ngepos dhisik, pake!
Aku ngelak, tak yo ngombe
Mbokya ana wong ngeteri rokok ta…
Rokokku entek,..e..rokoke keri!)

Pilihanku mripat biru
Pamrihe wis sulistya ingkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke
Pirsanana ali-ali

Mangsuli putra saking Tuban, atmajane Sinuwun Wilwatikta, adipati Tuban. Raden Sahid ingkang ngawula carita. Setya tuhu anggenipun bukti kaliyan guru. Saka
133
gedhene aritaseha, saka bantere aristaseha, malaikat ing Raden Sahid, ngoncati saking gua garbaning Sahid. Alon maikating Raden Sahid, kula carita.
“Raden Sahid, aku maikatmu, tenan-tenan sliramu murid setya tuhu marang guru. Gelem mertobat dosa kaluputanmu, kok lebur ngangge manembahmu. Mangka para pinter wis ndhawuhake Sahid, endi satiya nggayuh mukti kudu dadiya wong sekti.”
Raden Sahid duwe adhi kinasih, Dewi Rasa Wulan asmane. Coba aku tak nyipta tangise Dewi Rasa Wulan. Tak nyoba mertapane Raden Sahid.
(Ana swara nanging datan ana rupa,
Nah… ana swara naninging datan ana rupa)

134
“Kangmas Raden Sahid, kawula kadang panjenengan Rasa Wulan, kangmas. Putra Kanjeng Prabu Wilwatikta, namung kalih. Paduka kaliyan kula, Rasa Wulan. Tresna kawula kalih paduka tanpa upama, emanipun panjenengan oncat saking Tuban. Rasa Wulan mboten kakanthi. Kawula ninggalaken Tuban, ngupadi jengandika. Godhong mlumah kula kurepaken, godhong murep kula lumahaken, mboten pinanggih. Sumpah prasetya kawula sageda panjenengan sekti kula ndherek mukti. Panjenengan seda kula ndherek pralaya, panjenengan tindak pundi?”
Raden Sahid midhangetaken tangise adhine. Gandheng Sahid sampun kajanji kalih gurune, ora kena kecap, ora kena ngendika, ora kena segu. Sahid menika paring dhawuh, nanging anggone ngendika cukup kaampet wonten salebete kalbu. Batine
135
Sahid mangkene, “Mustikane jagad wong ayu Rasa Wulan, semono tresnamu karo kakang wong ayu. Ninggalake Tuban, nangis-nangis ngupadi pun kakang. Iya..ya… aku mertapa. Guru wis ndhawuhake, Sahid ora kena kecap ora kena segu. Tangise Rasa Wulan nuwuhake aku mesakke welas, jenenge ora jumbuh karo nakalku, ora.
Kowe arep nangis, iluhmu mili getih, paribasane. Aku ora mesakke. Rasa Wulan klawan Raden Sahid kuwi dulur, nanging nek Raden Sahid ora mertapa. Anane
Sahid ijik mertapa, guru wis ndhawuhake ora kena kecap ora kena ngendika, ora kena segu.
Jagad mertapaku iki ora duwe sanak ora duwe kadng, sing ana mung Gusti Allah sing paring pangayoman. Mbegegeg lir tindha tuku sinukarto puguh datan
136
gigrig si rambut pinara sasra, Raden Sahid.
Icale tangise Dewi Rasa Wulan, malaikaie Raden Sahid nyipta klabang sak blarak sineret “sreeetttt!!!!!!”
(Ora-ora kowe apa ya eruh ana klabang sak blarak sineret kuwi?
Awakke dhewe mung karek neruske crita, pokoke manut!
Jane kwe kuwi urung eruh dhewe?
Blaaassssss! Mudheng ya durung!
Berarti, ngapusi dulur-dulur kene?!!
Wah… kok ngapusi, critane ya.. ngono kuwi!)
“Ana klabang sak blarat sineret……”
137
“ Ssruuuueeeettttt!”
“Nggodha Raden Sahid, parandene Raden Sahid ingkang kawula ceitaake! Badar anggenipun nglampahi mertapa, Bagus Raden Sahid ingkang kawula carita!”

Awang-awang ing mega mendhung
Yen trenggiling amba sisike
Tega nyawang ra tega nundhung
Wong eling-eling kabecikane

Tan kocapa, Raden Sahid ingkang kawula carita, mangke kathah-kathah ing rubida, kathah-kathah ing para reksi, katha-kathaing para wiku brahmana, ingkang nyoba Bagus Raden Sahid. Parandene datan kersa badar. Ana dina sukra maneh, sukra
138
Jemuah maneh segi winanci jam tiga dalu. Wonten cumlorot lir kadya ndaru saking ler wetan. Wonten cumlorot lir kadya ndaru antariksa, malebu paluwangan. Masrup gua garbaning Raden Sahid, wahyu tinutuping Wali Wolu, sampun katampi Bagus Raden Sahid.


Iwur-iwur iwak segara
Iwak nener dipangan ula
Ana perlambang sak bendinane
Wong ati-ati momong ragane

Raden Sahid sampun tinampa wahyu, tinutuping Wali Wolu. Nanging Sahid mboten wuninga yen menawi sampun nampi wahyu wali wolu.
139
“Alon-alon kula carita Gustine Sunan Bonang, sokabat!”
“Inggih kula.”
“Mara coba sokabat, ayp dibacutake ana ngendi anggone mertapa Raden Sahid semana kae?”
“Wow… panjenengan bade nyuwun pirsa kaliyan kula, mangga kawula dunungaken, anggen paduka ngutus Bagus Raden Sahid mertapa, mekaten!”
Tan kocapa, menika wonten parane Gusti Sunan Bonang, “Lo… papan iki ngene lo sokabat?”
“Inggih wonten mriki papan dumunungipun anggen paduka ngutus mertapa Bagus raden Sahid!”
140
“Jajal tak badarake ya… sokabat!”
“Inggih, enggal dipun kabadaraken!”
“Raden Sahid, yen pancen tenan-tenan iki anggonmu sira mertapa, ayo badara Sahid! Aku gurumu, Sunan Bonang, kang rawuh!”
Raden Sahid bakal badar anggone mertapa, badare Sahid nuwuhake magara-gara, magiri-giri. Ana pedhut petheng ndhedet lelimengan. Ana lindhu sedina kaping pitu, kluwung pathing plengkung, bledek sesamberan. Udan angin salah mangsa. Sahid obah bumine bungkah “hhheeeereeeggggggg!!!!!”
Mentas saking paluwangan lir pidha tak-tik, badar saknalika Raden Sahid, uluk salam “Aslamu’alaikum!”
141
“Walaikum salam!! Kene-kene Sahid bacuta Sahid!”

Jangkar taline rante
Limpah-limpah banyune segara
Sugeng rahayu sedayane
Mangga pinarak ingkang sekeca

“Dawa tenan kowe umurmu Raden Sahid!”
“Inggih sang Guru, kula ingkang sowan ngaturaken sembah pangabukti, mugi konjuk wonten ngarsa paduka, mekaten Guru!”
“Iya..ya Raden Sahid, bukti sira wis tak tampa. Kene-kene diprayogaake!”
“Kados ta mekaten, ngestokaken dhawuh.”
142
“Wis asuntara suwe anggonmu nglakoni mertapa. Mentas saka paluwangan, mundhak enom, mundhak nggantheng, mundhak bagus. Jerone marwanto mertapa apa akeh godha rencana, kang nyoba anggon sira mertapa, Raden Sahid?”
“Duh… sang Guru, menawi panjenengan paring dhawuh kados ta mekaten, leres anggen paduka paring dhawuh daten kula. Skalebetipun anggen kawula nglampahi mertapa wonten paluwangan, kathag godha kathah rencana. Parandene saged ical musna, contonipun saged sowan wonten ngarsa paduka, Guru!”
“Banjur saiki wis ngadhep ana ngarsaku, sing kudune piye Raden Sahid?”
“Sang Guru, menawi panjenengan paring dhawuh kados ta mekaten, mangga… mangga… Raden enggal dipun kawejang Guru!”
143
“Ngarep Gustimu aku paring dhawuh, sira tak wejang, tetukone Raden Sahid kudu gelem mertapa mluwang. Nyumurupana ya… Sahid, leh mu mertapa mluwang iki ijik tetukone anggon sira bakal nampa wejangan. Ning tak waspadakake sliramu durung duwe wadhahe ngilmu. Tak wejanga sadina kaping pitu, durung bisa ngilmu wejangan malebu ana sanubarimu. Umpamane Sahid tak wenehi omah, nek pekarang-ane ora duwe, omah bakal kok thukke pekarangane sapa? Tak wenehi dedaharan, nek ora duwe ajang, mbok ngge ajang apa? Isik goleka pekarangan, engko tak wenehi omah. Goleka ajang mengko tak wenehi dedaharan. Goleka adhahe ngilmu, tak wejang jumbuh klawan penyuwunmu, Raden Sahid!”
“Kanjeng Sunan Bonang sesembahaning kawula, menggahing Rama Guru
144
kula dereng gadhah wadhahipun ilmu wejangan, margi kados ta pundi ingkang kawula lampahi supados kawula gadhah wadhah ilmu wejangan? Mugi sang Guru kersaa paring dhawuh, mekaten!”
“Umpamane tak utus mertapa sepisan maneh apa sik gelem ngenyangi?”
“Sang Guru, kawula bade ngestokaken!”
“Bagus, mertapa sepisan maneh iki mertapa kanggo golek wadhah ilmu.”
“:Inggih!”
“Mlakuwa ngidul bener kene. Aja mandheg aja noleh, yen durung teka pesisir kidul. Tepis piringe samudra kidul ana kali, kuwi lho…enggone adhahe ilmu. Mertapa tunggu kali ana pesisir kidul kono kuwi. Aja kepati badar yen durung antuk adhahe
145
ilmu. Besuk entuk adhahe ilmu, gurumu aku, sing bakal mbadarake sliramu, Sahid!”
“Kados ta mekaten Rama Guru, menapa sampun diparengaken kedhah kula nglampahi menapa ingkang dados utusan paduka Guru?”
“Budhala, sing ati-ati, Raden Sahid!!”
“Nuwun inggih, kepareng, nyuwun tambahing pangestu, Rama Guru!”
“Sokabat!”
“Inggih kula.”
“Sahid mau wis budhal?”
“Inggih, sampun bidhal, Rama Guru!”
“Wis adhoh apa durung?”
146
“Inggih, taksih dumugi kali Kendal.”
“Apa.. iya….”
“Sokabat!”
“Inggih kula.”
“Sejatine Raden Sahid murid sing bagus widaksa. Raden Sahid iku mau sejatine wis antuk wahyuning wali, ning dheweke durung ngerti, sokabat!”
“Wow….. Bagus Raden Sahid sejatosipun sampun nampi kanugrahaning Gusti, nampi wahyunipun wali.”
“Pancen mangkono!”
“Kenging menapa panjenengan mboten paring dhawuh kaliyan Bagus Raden
147
Sahid, mekaten Rama Guru?”
“Anane Gustimu aku durung paring dhawuh marang Raden Sahid, yen dheweke wis nampa wahyuning wali. Sebab aku mbutuhake golek murid golek guru. Arane murid sing kinacek karo sesamane murid. Ora ana murid ora ana guru. Kapinterane murid ngembari gurune. Sing tak enggo conto Raden Sahid. Jane ora enek mertapa nunggu kali ana pesisir kidul, golek adhahe ilmu iku ora enek. Pesisir kidul iku sato mara sato mati, jalma mara jalma mati. Jim setan priprayangan, ilo-ilo banaspati, lelembut kabeh; papane lak ana kono, sokabat!”
“Inggih kadod ta mekaten, Rama Guru!”
“Mula iki kanggo pendadarane Raden Sahid!”
148
“Wow…. Kados ta mekaten!”
“Tak contokake klawan bangsa lelembut. Piye mengko dadine. Nek Raden Sahid mengko mati kateluh bangsa lelembut, kakroyok jim priprayangan pesisir kidul, kurang suci atine. Sahid, ora bisa nyingkirake sipat angkara. Nanging nek jim priprayangan, ilo-ilo banaspati, lelembut iki mengko ora kuwat ketaman wibawaning Raden Sahid, kelakon aku entuk murid kinacek karo sesamaning murid. Ora ana murid ora ana guru, pintere murid lir kadya guru, dudu piwulange guru, mangkono.”
“Kados ta mekaten Guru!”
“Ayo njajal mriksani Lokajaya, sing tak utus mertapa tunggu teken uluh gading, sing tak encepake rikala semana kae. Lokajaya bocah Begelen diendangi ya
149
sokabat!”
“Kados ta mekaten, mangga dipriksani, Rama Guru!”
“Ayo-ayo sokabat, dherekna Gustimu aku!”
“Kados ta mekaten, kawula bade ndherekaken!”

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong ayu tak anti-anti
Rina wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati tresnaku tulusing ati

Jenang gula kowe dik mbok aja lali
Ngelingana rikala jaman semana
150
Sliramu janji wong ayu aku ngenteni
Lair batin tresnaku setengah mati

Kangen-kangen wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu wong ayu kowe tak tunggu
Kangen-kangen wong kangen apa tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klapa mudha enake kanggo rujakan
Leganana anggonku nandhang kasmaran
Mbalung sungsum wong ayu tak anti-anti
Ngusadani kangenku tak antuk jampi

151
Kula piyambak dereng nguninga, seratanipun sampun nyata. Lokajaya samanten kamagangaken wali. Tetukone teken uluh gading kaencepake wonten bumi tengah wana. Dipun silani Lokajaya, sarenga mertapa.











































Parandene Raden Sahid saka gedhene arihalate, saka bantere prihatine, luwih panas wibawane tumprapin jim priprayangan. Mula nora mokal pesisir kidul kangge mertapa Raden sahid. Polahe bangsa lelembut kaya kebyakan geni marongan. Ora kuwat ketamen wibawa panas, padha sumisih, padha sumilak, padha sumingkir.
Gempalaning cinarita, tunggal kandha siji kakocapake, njumedharake wonten pulau tengah segara. Wonten pulo nginggil pulau, wonten bale percabaan, ingkang
160
kondhang kaloka kajalandara.
“Inggih percabaan pulo tambak samodra, sinten ta …ingkang jumeneng pandhita ing percabaan pulo tambak samodra.
(Embuh kok angger kok tekok, aku wegah nyauri!
Tradisi dhalang nyangono kuwi. Diomongi kok!
Sinten ta ingkang kawula carita?
Embuh!
Wong kaya ngono barang kok njaluk bayaran padha!)
Dewane pesisir kidul, shangyang resi Bagindha Kilir , inggih menika Gusti kula Nabi Khidir. Pinarakan para cantrik, para puthut, para siswa, sami gegojegan
161
kelawan ngrantos sang pandhita.
Wonten balai percaaan pulo tambak samodra, candra saking mandrawa kairing sidoasih lampah ira.
“Lhole…lhole….., ayo mas ditarik alon-alon!”
“Karepmu dhewe, wis ora usah ndadak takok biasane piye?”
“Lho aku rewang adune patene?”
“Lho anane mung wong loro, terus karepe sapa? Nek ora sampeyan njajal?”
“Ya…ya … ngono wae kok ngetokake keris! Ayo!”
Pamintaku nimas sidoasih
Cantrik swaramu becik cantrik
162
Antut runtut tansah reruntungan
Kaya ngono kuwi pancen ki dhandhanggulane manten anyar kok cantrik
Ing sarina sawengine
Ehm… kaya ngene iki prawane nitip naggone pak dhalang, anggitmu ngono
Datan ki sak rambut lamun atut caketing ati
Yen cedhak tansah mulat, soidoasih tuhu
Ya…ya… cantrik becik tenan swaramu, bisa mandhangake jagad ing pandhita
Cantrik ayo dibacutake!

Pindha mimi lan mintuna
Ayo yayi bareng anetepi wajib
163
Sidoasih bebrayan

“Ayo…ayo…. Cantrik didawakake nyidam sari, cantrik!”
“Wow… kados ta mekaten sang panembahan, mbok bilih wonten lepatipun kula panjenengan ingkang ngleresaken, sang panembahan!”
“Ya…wis ta, mengko sajak kurang prayoga. Ananne pintere mung nyuwun ngapura, cantrik!”

Umpama sliramu sekar melathi
Aku kumbang nyidam sari
Umpama sliramu mati, wong manis

Aku kang bakal nglewati

164
Sina sinah lintange luku
Janji prasetyaning ati

Sampe mati ora bakal lali


“Aku nek durung pener ya.. kudu tak baleni maneh. Pancen aku durung apal, diomongi kok ngengkel! Baleni!, ora trima!”
“Ayo cantrik gliyak-gliyak, cantrik!”
“Ya… diulangi maneh, kendhangane karo dene Yogya kok! Bon terus ta?”
“Ya… dibaleni mbokmu!”
Umpama sliramu sekar melathi
Aku kumbang nyidam sari
165

Umpama sliramu mati, wong manis

Aku kang bakal nglewati


“Piye? Lhah…. Diomongi aku ora kok…. Sineksenan piye?”
“Kene-kene cantrik, kene. Yoh…wis mengko wae dibacutake ya.. cantrik!”
“Ora-ora trima, diterusne, kowe kuwi isa apa ora?”
“Apa?”
“Bar ngono ki terus piye?”
“Lha…embuh, aku ora ngerti kok. Sing mbengok mau awakmu kok!”
“Lhah…. Kowe mesthi lecet, wong loro kok ora rukun. Kowe isa ngono kuwi, swaramu ora cetha, tak tarike wis ta….!”
166
“Ayo ta… nek ditarik!”
“Dibaleni sampek ping telu, ora dadi, bar kluthuke!”
“Ya..ya, sak karepmu kono!”
“Tenan, aku ora wedi kliru, pancen aku pengin isa ngono!”
“Wis kono nesuwa, sak pole mbok tuwek ngono!”

Umpama sliramu sekar melathi
Aku kumbang nyidam sari
Umpama sliramu mati, wong manis

Aku kang bakal ngliwati


“Piye?”
167
` “Lha yo terus piye, wong aku ya..lali..kok!”
“Lho gendheng kabeh nek carane kaya mangkene mengko!”
“Cantrik, kene-kene cantrik! Pancen ya.. nek durung apal, ya ora usah ditekatake. Wis mandheg tekan semene wae. Ya… Trik ya…!”
“Ora… kula mboten trimah sang panembahan, panjenengan biasane empun kilakan. Panjenengan mboten ngangkat kula kemawon ingkang ngangkat sang panembahan “.
“Wong aku ya lali lho trik!”
“Yah…. Uteke campur gethuk!”
“Lek ngono iki kabeh cantrik?”
168
Inggih kula.”
“Ana kawigaten sing kudune,….

Whah… !” Nalikane roh ing dalu semana
Atiku lem-lamen sira wong ayu
Sampe mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku

Cantrik?”
Ora rinasa rinasane rasaning ndriya kae piye?”
Lha… ya sesuk!”
Rasaku mendhare netra kae lho!”
169
Ah…. Sesuk diapalake neng ngomah wae, sesuk!”
Apa sesuk?”
Cantrik?”
Inggih kula”.
Pancene tahape nyantrik ana kene iki tahape belajar”.
Inggih sang panembahan?”
Wong belajar kuwi waton dikulinakake mbaka sethithik mbaka sethithik suwe-suwe mesthi pinter, mesthi bisa. Mula cantrik, ngenger wong tuwa nadyan ra entuk upa nek entuk cara, sokur bage entuk tata. Ya trik ya?”
Inggih kados ta mekaten, sedaya menapa ingkang dados piwulang
170
panjenengan mboten wonten ingkang ndadosaken kuciwanipun manah kula sang panembahan?”
Ana wigati sing ndak dhawuhake sliramu trik?”
Inggih, wonten kawigatosan kados pundi”.
Kae lho…. Ndhuwur nggisik samodra segara sing kapernah lor kulon, ana mendhung sepayung. Tak kedhepake ilang mendhung sepayung kok ana teja ngganther sak sada lanang gedhene. Ndhuwur nggisik samodra kok nuwuhake teja, kae gek tejane sapa ta cantrik?”
Wow…. Sang panembahan, wongsal-wangsul kawula matur wonten ngersa paduka mboten wantun. Angrumiyini saking kersanipun paduka mekaten sang
171
panembahan?”
Mula cantrik, reksanen percobaan pulo tambak samodra, Gustimu nabi Khidir bakal mriksani apa kang mawa teja, tak waspadakake katon saka kene kae ya trik ya?”
Kados ta mekaten sang panembahan mugi enggal dipun kapreksanana menapa ingkang muwuhake teja kados ta mekaten sang panembahan?”

Jengkarela, sang panembahan
Ninggalake percobaan menika
Daya-daya kula mriksani menapa kang mawa teja
Ana ini ana, wetan kali kulon ya kali
172
Arep nyabrang ra ana uwote
Wetan gati kulon ya gati

Tak timbang-timbang padha abote

Ana ini ana, wus wayahe wancine esuk
Jagone wus padha keluruk
Golek ngilmu sing nganti pethuk
Kanggo sangu nek tuwek besuk

Lak tenan… ta lak tenan, ngisor teja jebul satriya bagus pideksa, lha kok mertapa. Wong mertapa kok neng pinggir kali kaya ngene, gek mertapa kepriye?”


Ah? Kok mesakake, jajal tak badharake. Mas putu badhara? Iki kali dudu papan kanggo mbesut raga. Wong mertapa kok ning pinggir kali kaya ngene gek
173
piye? Ayo badhara ya wayah, wayah….. ayo badhara?”
Badhar Raden Sahid anggone mertapa nyumurupi ingkang mbadharaken sanes gurune. Priyayi tuwa ingkang dereng natos dipun sumurupi, Raden Sahid duka yayah sinipi!
Wong tuwa ala…. Kaduk wani kurang duga, wani mbadharake Raden Sahid padha karo ngilani dhadhane Raden Sahid. Ayo! Padha neter kaprawirane mirik ngemasi cipta pilaya, tandhingana kadigdayane Raden Sahid mangkono!”


mendhung peteng kapan udane
sumur-sumur tak timbanana
tembung mateng kapan sidane
174
dulur-dulur tak kandhanane


Sik ta… iki karepe piye ta?”
Ana wong tuwa murang tata wani mbadharake anggonku mertapa,apa pancen uwis bosen nyawang srengenge wong tuwa? Yen ta ora enak ati ngamuk tak kembari, bangka tak rampungi. Kudu tak gawe bendhan mustakamu wong tuwa!”
Alon ta dhisik…sareh ya wayah? Sareh ya mas putu ya?”
Ora ana pangapura mungguhe kaya rasaku, sing wong tuwa murang tata wani mbadharake marang aku mangkono!”
Alon dhisikkena sliramu deduka ning mbok ya srawung sliramu kuwi. Sapa asmamu, ngendi pinangkamu?”
175
Kowe pingin mangerteni marang aku, saka ngendi papan dunungku? Sapa kang dadi aranku?”
Pancene kaya ngono.”
Yen ta pingin mangerteni marang aku, aku Raden Sahid asmaku. Sangka negara Tuban mangkono wong tuwa!”
Pawongan saka Tuban, asmamu Raden Sahid”.
Iya. Asmaku Raden Sahid. Bali pitakon wong tuwa murang tata saka ngendi papan dunungmu, sapa kang dadi aranmu wong tuwa?”
Raden Sahid, kae lho… cumondhok ana pulo tengah segara. Ndhuwur pulo kae ana percobaan kang aran percabaan tambak samodra. Dewane pesisir kidul kene,
176
aku shangyang resi Bagindha Kilir, ya gustimu Nabi Khidir, Raden Sahid?”
Sinten paanjenengan?”
Dewane pesisir kidul kene, aku Nabi Khidir mangkono”.
Wadhuuuh….kanjeng Eyang? Kanjeng Eyang, kula dipun kapejahana kanjeng Eyang. Kenging menapa kula wantun kaduk wani murang tata. Kula mboten wuninga yen ta panjenengan kanjeng Eyang sesembahan kula kanjeng Eyang?”
Kula mboten wuninga yen ta panjenengan Kanjeng Eyang sesembahan kula, Kanjeng Eyang.”
Wayah Raden Sahid!”
Inggih kula Kanjeng Eyang!”
177
Wis-wis aja kaya ngono kuwi, ayo pinarak sing prasaja. Wis cukup semono wae ngarep sliramu kurang tata, durung wuninga. Bareng wis ngerti sejatine aku, becik trapsilamu ora gawe kuciwaku, kok Mas Putu Sahid!”
Kados ta mekaten kula nyuwun tambahing pangestu Kanjeng Eyang! Kula nyuwun pangapunten!”
Iki kali dudu papan kanggo mbesut raga. Iki kali dudu papan kanggo mertapa. Wong mertapa kok ning pinggir kali kaya ngene, mertapa piye golek apa sliramu wayah?”
Kanjeng Eyang wontenipun kawula wantun kaduk murang tata sakawit anggen kawula mertapa wonten mriki kang wigati, kula nampi utusanipun guru
178
kawula mekaten sang panembahan?”
Raden Sahid?”
Inggih kula.
Coba Eyang bakal paring dhawuh, nek pancen anggone paring dhawuh Eyang ana sing gepok senggol karo pangrasamu aja dadi kuciwane atimu ya Raden Sahid?”
Kados ta mekaten, paduka badhe paring dhawuh kados ta pundi kalian kula? Kula mboten badhe swula mekaten kanjeng Eyang”.
Sejatine Raden Sahid ki dudu tedhake kaki among tani, isih tedhak kali parang suh tedhake priyagung luhur. Ya ming cumak Sahid, tumindakmu sing kurang
179
prayoga nalisir saka kekudangane wong tuwa. Pegawianmu mbrandhal, nyebrat, ndhongkel,ngecu tujuanmu golek sanguning pati. Ning sliramu pinaringan dhawuh marang sudarmamu jare arep nggenepi isining jagad. Warna-warna isining donya ning loro etungane, isaning gedhe saka cilik isaning pinter saka sekolah. Kapicayane Raden Sahid isaning apik ndhisik kudu ngenyangi elek. Sing kok karepke yen durung weruh elekeora ngerti karo apike. Lak ngono ta wayah?”
Kanjeng Eyang leres anggen paduka paring dhawuh kalian kula kanjeng eyang?”
Kaya mangkono iku ya bener ning ya ana ora benere. Bener donya ki loro etungane, isaning gedhe saka cilik isaning apik saka elek, ning balekna! Isaning di
180
tagih nduwe utang. Utang ki nyaur wayah? Nyilih ki mbalekake, percaya klawan ngedikane Eyang Nabi Khidir. Gusti Kang Maha Kawasa kang nitahake marang manungsa ora bakal paring pidana nyiksa kawulane sing ish dititahake. Endi menungsa ing alam donya rumangsa kasiksa panandhange, kuwi kari mundhut tandurane dhewe. Contone kaya Sahid isa wong elek dadi wong apik, waton isa nyauri utang karo eleke lehmu nyaur utang.
Lehmu mertapa mluwang ana tengahing wana rikala semana kae, kuwi penagihane lehmu tumindak angkara. Rahayuning sliramu ndang mertobat klawan Gusti, setya tuhu lehmu manembah marang Gusti metu tuntunan kitab Qur’an kang suci. Umpamane ora, rasakna ta Sahid? Jik pasiksane ning ndonya kaya ngana mindak
181
gene mbesuk ana kanane kaya apa. Mula ya wayah…. uwis, uwis wayah percoyoa yen Gusti Maha Kawasa iku maha murah, maha welas, maha asih gelem weneh pangapura sepira dosane titah sing dimakhlukake waton tenan-tenan leh njaluk ngapura. Nek uwis di paringi ngapura aja dinyangi maneh apa sing dadi pepacuhing Pengeran.
Contone Raden sahid, wis mungkur tumindak kang ala kari ngenyangi tumindak kang becik. Contone anane Eyang ngerti sliramu diwenehi pangapura sebab wis antuk kamurahaning Pengeran. Sliramu mertapa mluwang kae wis pinaringan wahyuning wali Raden Sahid?”
Kanjeng Eyang, kanjeng Eyang pepundhen kawula, dados anggen kawula
182
metapa mluwang sejatosipun kawula sampun nampi wahyunipun wali mekaten kanjeng Eyang?”
Kaya ngono. Bagus mas putu Sahid?”
Inggih kula?”
Sliramu menyang mrene lak diutus gurumu, gusti Sunan Bonang ta?”
Leres anggen paduka paring dhawuh Kanjeng Eyang?”
Supaya mertapa golek wadhahe ngilmu, calon kangge wadhah wejangan sing bakal diwulangake sliramu lak ngono ta!”
Nuwun inggih Kanjeng Eyang”.
Tak jarwani aja kaget tangeh kathik lamun yen sira bakal nyuwun wejangane
183
gusti Sunan Bonang. Gusti Sunan Bonang kuwi ora kagunagan ngilmu wejangan wahyuning gaib. Ngilmuning tiban nek teka ora kula nuwun, nek ora krasane yen bali nora pamitan. Kuwi wahyu wali ora kenek di gethok tularake marang leliyan, nadyan gusti Sunan Bonang ora mejang ning sira wis pinaringan kabisan lir kadya kagungane Sunan Bonang. Sebab sira wis nampa wahyuning wali wis padha kagungane gusti Sunan Bonang.”
Mula sliramu kautus njaga kali ana papan kene, kene iki ora enek andhang ngilmu. Iki papan kanggo pandadarane Raden Sahid. Tujuane gustimu Sunan Bonang bakal golek murid sing kinacek sesamaning murid, ora ana murid ora eneng guru. Pintere murid lir kadya guru ning dudu piwulange guru. Di contohake klawan bangsa
184
lelembut papan kene papan panggonane bangsane lelembut, endi manungsa tumindake papan kene tanpa pinayungan Pengerane mesthi luluh tanpa dumadi. Ning nyatane piye Raden Sahid? Jim priprayangan kalah klawan sliramu ora kuwat ketaman wibawane Raden Sahid. Padha sumisih padha sumilak, kasil pendadaranmu.
Tumrapa gaman kurang landhep anggone ngungkal ana papan kene, anggone marangi ana papan kene menehi pamor ana papan kene. Wis kasil apa kang dadi panyuwunmu. Ayo… gek sumingkir saka papan kene Raden Sahid!”
Kanjeng Eyang sinaosa kula sampun nampi wahyunipun wali, nanging yen ta kula Raden Sahid dereng kagungan ngilmu wejangan kula mboten badhe sumingkir wonten papan mriki, mekaten kanjeng Eyang?”
185
Lho…. lak ngengkel ta? Lak ngengkel ta. Wong wis duwe wahyu wali nek ora kagungan ngilmu wejangan tetep ora ngalih saka papan iki, iya ta wayah? Nek pancen sira ngudi ngilmu wejangan aja ngarep-arep anggone mejang Gusti Sunan Bonang. Shangyang resi Bagindha Kilir, Nabi Khidir saguh bakal mejang jeneng sira Raden Sahid?”
Kanjeng Eyang sesembahan kawula panjenengan sagah badhe paring ngilmu wejangan kula, ngilmu wejangan menapa ingkang badhe panjenengan paringaken dhateng kula kanjeng Eyang?”
Nanging ana lelakon maneh luwih abot, abote abot. Apa Sahid kira-kira kelar ngenyangi karo lakon sing tak wenehake sliramu iki?”
186
Lelampahanipun kados ta pundi, mekaten sang Panembahan?”
Lakone ora rialat, ora prihatin, ora pasa ora mangan, lan kurang turu lali. Lakone tama temen eling sabar tawakal narima nindakna sepining pamrih ramene gawe. Bener nom-nomane Sahid tukang mbrandhal, maling, nyebrot, ndhongkel, ngecu tumindak ceguk, cengkiling mara tangan, lan brangasan. Nanging yen nyuwun wejangane Nabi Khidir aja maneh kowe daksiya karo titah manungsa. Keneka kutu-kutu, walang antoga, kewan apa kang gumelar ana alam donya nek ora luput klawan Raden Sahid, kowe nora kena mateni kewan. Apa kowe isa ngenyangi sabar sampek semene iki Raden Sahid?”
Kanjeng Eyang kados ta mekaten lelampahanipun kula? Inggih kados ta
187
pundi kawula sagah anglampahi menapa ingkang dados dhawuhipun paduka mekaten kanjeng Eyang!”.
Wejangan asli kelahiran tanah jawa ‘Purwaning Dumadi Kautaman Kasampurnan,’ sira bakal tak wejang aji sangkan paran Raden Sahid”.
Kados ta mekaten enggal dipun kawejangna kula mekaten kanjeng Eyang?”
Ora kesusu…. Mejang sangkan paran ki golek papan. Purwaning dumadi kautaman kasampurnan, purwa kawitan dumadi ciptaning Gusti kang maha suci sing diwujudake ana gumelare alam donya iki. Kautaman, utamakna apa tinulising Gusti Kang Maha Kawasa. Kasampurnan, kunci urip nang alam ndoya nduwea rasa rumangsa, wayah? Isi jiwa sak isine ki mung barang titipan. Sira kuwat nampa
188
wejangan sangkan paran kena kangge njangka sangkan paraning dumadi. Sliramu bakal kapundhut sowan pengayunane Gusti, cilike kurang setahun gedhene rong tahun mesthi wis ngerti. Nek wis ngerti bakal kapundhut sowan pengayunane Gusti, titipane balekna. Kangge mbalekna kasampurnan, angsal saka bumi balekna bumi, angsal saka banyu balekna banyu, angsal saka angin balekna angin,, angsal saka geni balekna geni sing ana amung sukma sejati. Kok landhasi kowe ngaji, whuh… tenan, wayah! Tenan. Kaya-kaya wis kinacek sesamaning titah. Barang titipan wis kok balekake sangu kangge sowan pengayunane Gusti wis duwe. Ngerti. Papan sak mesthine ora mayang mentoleh lakune.
Tak gambarake cara kebo ucul saka kandhange, prapta dina titi wanci isa
189
mulih mlebu nyang kandhange dhewe. Kuwi anane kasampurnan. Kuwat nampa wejangan sangkan paran, gedhe kuasane sangkan paran kena kangge ngungak jagading manungsa. Manungsa iki mikir apa sing durung dilahirake sliramu wis isa maca.
Sangkan paran kena kangge ngusadani pawongan kang nandhang papa cintraka, sangkan paran iku kena kangge njangka sangkan paraning dumadi. Kuwat sira nampa sangkan paran ngerti karo pangucaping para kewan. Ya mung emane, wayah! Mejang sangkan paran ora kenek ana sokur papan. Mejang sangkan paran kok papane ana papan ndharatan, kewan apa wae mapan kewan ndharatan mireng wejangan sangkan paran mesthi bisa dadi manungsa.
190
Mula ayo wayah Sahid? Bareng-bareng nitih baita, tak wejang sangkan paran ana tengahing samodra kang pamrihe supaya ora dimirengake kewan ndharatan!” “Kados ta mekaten kanjeng Eyang? Mangga suwawi kawula dherekaken kanjeng Eyang”.
Hayoh …! Padha-padha nitih baita, tampanana sangkan paran sing tak wurungake marang sira”.


Gunung-gunung digawe sawah
Yak napa dulur olehe mbanyoni
Durung-durung digawe salah
Yak napa dulur olehe nglakoni
191
Mas putu Sahid?”
Inggih kula kanjeng Eyang”.
Wis rampung anggonku medharake sangkan paran. Piye wayah? Tumrapa tak paringi dhedhaharan apa wis isa ngrasakake pedhes lan asine? Uga wis kok dhahar kanthi sak tuwuk-tuwuke, mangkono wayah?”
Kanjeng Eyang pepundhen kawula, lumantar anggen paduka paring wejangan sangkan paran dhumateng kula, mugi tansah dipun kabulna dening Gusti Kang Maha Kawasa kanjeng Eyang”.
Saiki sliramu wahyu wali kagungan, ngilmu wejangan kagungan, Sahid? Nabi Khidir mitungkas marang jeneng sira sangkan paran iki aja kok wejang-
192
wejangake menyang sapa wae. Kena jeneng sira mejangake sangkan paran iki yen gurumu aku Nabi Khidir wis seda. Yen gurumu aku durung seda sapa kang nyuwun sangkan paran, rawuhna mrene tak wejange dhewe ya mas putu?”
Kados ta mekaten kanjeng Eyang? Anggen paduka mitungkas dhateng kawula setya tuhu badhe kawula estokaken kanjeng Eyang”.
Kaping pindhone, sangkan paran ora kena kangge sipat ati jaya kawijayan sapa sira sapa ingsun, yen aku pawongan sekti, aku pawongan wicaksana, aku duwe sangkan paran sekti tanpa tinandhing, kuwi nora kena. Pawongan ngakuwa wong pinter, mapan jenenge manungsa, dhuwure pinter tetep isih ana. Ngakuwa sugih, ndhuwure sugih tetep ana. Nduweya rasa rumangsa, aja ndarbeni isa, ning nduweya
193
rasa rumangsa. Ora ana sufi kang kinacek sesamaning titah, ora ana waskitha mangerti sing kinacek sesamaning manungsa, kajaba Gusti Kang Maha Kawasa.
Nek nglakoni pinter, pintere dhewe sekti, sektine dhewe kuwi padha ngembari Gusti sing peparing, kurang becik kedadeyane Raden Sahid.”
“Kados ta mekaten Kanjeng Eyang, lumantar anggen paduka paring dhawuh dumateng paduka, bade kawula esthoaken Kanjeng Eyang.”
“Kaping telune, sangkan paran ora kena kangge mbedak-bedakake marang sesama. Bener Sahid wis nampa wahyuning wali, nyemplung banyu kudu isa dadi banyu, mancik watu kudu isa dadi watu, mlebu geni kudu isa dadi geni. Uger siji 1ehmu manembah marang Gusti kok lambari ati suci. Kasucening manembah sing
194
mbiji dudu manungsa, nanging Gusti Kang Maha Kawasa. Mapan sira ora kenek mbedak-bedakake marang sesama, lak wis ngerti ta…? Sing tak maksutake kaya ngene iki?”
“Kados ta mekaten, kula sampun mangertosi menapa ingkang dados kersaning paduka, mekaten Kanjeng Eyang!”
“Saiki sliramu aja wedi kangelan!”
“Nuwun inggih!”
“Coba menyanga Demak Bintara, kae lho negara Demak bakal didegake mesjid. Mandege masjid Demak kudu nyuwun sing ngedegake walisanga. Tumurune tinutupe wali wolu sing kagungan sliramu. Jajal menyanga Demak Bintara. Sowana
195
narindra Demak Bintara, Sinuwun Prabu Aryo Babah Patah. Mengko yen didangu matura, ngupadi Gustimu Sunan Bonang. Mengko yen wis ketemu Gustimu Sunan Bonang, jajalen ethok-ethok Gurumu suwunana wejangan. Mengko wangsulane kepriye? Nek gurumu wis rumangsa ora bisa mejang, yen sira dijumenengake Wali, aku titip tanda asma, ya..wayah ya…!”
“Kanjeng Eyang, panjenengan bade paring tanda asma kula kados ta pundi, enggal dipun kadhawuhna, Kanjeng Eyang!”
“Yen wis sineksenan para ngulama, yen sira wis nampa wahyuning wali, mundhuta asma, pucak ing anggonme nglakoni mertapa njaga kali ana pesisir samodra. Yen sineksenan para ngulama, mundhuta tanda asma, Sunan Kalijaga,
196
mengkono!”
“Kados ta mekaten, Kanjeng Eyang, kula ngaturaken sembah nuwun ingkang tanpa upami, lumantar anggen paduka paring tanda asma kula, Sunnan Kalijaga, Kanjeng Eyang!”
“Ayo Raden Sahid, coba menyanga Demak Bintara. Jajalen ethok-ethok njaluk wejangan karo Gurumu. Mengko wangsulane Gurumu kepriye, mangkono?”
“Kados ta mekaten, kepareng kawula nyuwun tambahing pangestu, Kanjeng Eyang!”
“Budhala sing ati-ati Raden Sahid!”


Ela..tobil dha ayem wae
197
Pikiran keluwargamu
Pikulan tak gendhonge
Bebrayana nata bale somah
Anak omahmu dita sing becik
Aku emoh ninggal omah
Lho..wong lanang sing cubluk
Wis wajibe ungiler budi
Budidaya lan makarya
Pikulan nyambut gawe
Pasrah jiwa raga liyane




198
Anakmu, omahmu, mangsa borong kowe
Aku nekad, aku tobat
Lho aku nyambut gawe


Kula carita mangsuli ingkang wonten Demak Bintara, narindra Demak Bintara, Sinuwun Prabu Sunan Bintara, Aryo Babah Patah; pinarak kursi gading, angadhep dampar kencana, pepakan ndherek siliwaka sowane para wadya punggawa, sinten ingkang ngangklungke jangga, wirangka, dalem Patih Wanasalam. Rawuhipun Njeng Rama Sunan Ampel, rawuhipun Njeng Rama Sunan Kudus, Rama Sunan Giri,
Kesarusuhaning Ki Ageng Sunan Pandanaran ingkang kadherekaken Syeh Domba, wingking cumundhuk saking Semarang. Sumengka penakbraja, mungging ngayunan
199
Nampi rawuhipun Kanjeng Sunan Bonang, ingkang kadherekaken Gusti Sunan Geseng. Alon Sunan Prabu Sunan Bintara, Aryo Babah Patah menika arsadangu rawuhipun Njeng Rama Sunan Bonang.
“Mangga-mangga Rama Sunan Bonang, kawula dherekaken pinarak, pinantu
prembage rawuh jengandhika, wonten pisowanan agung Kasultanan Demak Bintara menika, Kanjeng Rama Sunan!”
“Nuwun inggih Nak Prabu, kula ingkang sowan ngaturaken uluk salam pasugahan wonokrami, mugi katur dateng ngarsa paduka, Nak Prabu!”
“Rama Sunan, kawula tampi puja pangestunipun Aryo Babah Patah, katur deduka Kanjeng Rama Sunan.”
200
“Kados ta.. mekaten Nak Prabu, inggih. Lumantar anggen paduka paring dhawuh dumateng kula Nak Prabu. Kawula tampi tangan kalih, kula pundi wonten mustaka kawula, mugi andadosna jejimatan kula Nak Prabu.”
“Kanjeng Rama Sunan Bonang!”
“Nuwun inggih kula Nak Prabui!”
“Sakwatawis jengkar jengandhika saking Demak Bintara, anggen kawula ngrangu-ngrangu rawuh paduka salebeting pisowanan agung, mboten wonten ingkang kapenggalihaken, namung oncat paduka lir pidha mirantesi kumambanging watu item, sileme prau gabus, taksih tumimbul rawuh jengandhika. Sakmenika Kanjeng Rama Sunan, daya-daya Aryo Babah Patah, inggal nyumurupi pakarya jengandhika anggen
201
paduka sagah njangkepaken walisanga, menapa sampun dados walisanga?”
“Yen sampun dumadi walisanga, mbenjang ngentosi menapa? Mangga enggal tata-tata ngendekaken masjid wonten negara Demak Bintara menika, Rama Sunan!”
“Kados ta mekaten, Nak Prabu, inggih kula ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, wonten ngarsa paduka, Nak Prabu! Dene menapa anggen kawula anglampahi sedaya ingkang panjenengan utusaken dateng kawula, sampun kasembadan mangga dipun rantos sakwetawis, mekaten Rama Prabu!”
“Nanging Rama Sunan, kawula wau nembe kasowanan tamu saking Semarang, asmanipun Ki Ageng Pandanaran kawula dangu, ugi badhe ngupadi Jengandika, keparenga Rama Sunan Bonang ndangu sowane Ki Ageng Pandanaran
202
menika Rama Sunan!”
“Kados ta mekaten tamtu badhe kawula dangu rawuhipun Ki Ageng Pandanaran, dumateng Nak Prabu!”
“Inggih!”
“Ki Ageng Pandaranan, mara mane jeneng sira, tanpa ta timbali sowan ana ngarsaku, semune ana wigati. Coba enggal aturna ana ngarsaku, Ki Ageng Pandan-aran!”
“Kanjeng Sunan Bonang, sesembahan kawula, jejimatan kawula, langkung rumiyin uluk salam kula, katur Kanjeng!”
“Hiya… jeneng sira sowan ana ngarsaku, sembah bukti wis tak tampa, ndak
203
liwat diprayogakna anggonmu lelengggahan ana ngarsaku Ki Ageng Pandanaran!”
“Sampun mboten kirang prayogi Kanjeng Sunan, tebih kawula Semarang, karaya-raya dateng Demak. Sepindhah kawula milik nyumurupi tata raharjaning Kasultanan Demak Bintara. Jangkep kaping kalihipun, ngupadi Gusti Sunan Bonang, ratu guru sesembahan kawula.Kanjeng, rikala kawula taksih cumondhok wonten ing Semarang, mboten mangertosi babagan manembah, wontenipun namung ngakehaken donya. Sareng panjenengan macak sarwa nista, ngemis wonten ngarsa kawula, panjenengan ngawontenaken pangeram-eraman, latar kawula panjenengan pacul, ujud yatra. Kawula dados kagum, kalih kabisan paduka. Tujuan kawula badhe kawula tubruk, kawula guroni, Kanjeng! Panjenengan ical saking pandulu kawula.
204
Panjenengan paring dhawuh, yen kawula milik dumunungan sabda pandhita wali kedhah kawula ninggalake Semarang dumateng Demak.Ohhh….Kanjeng, Kanjeng Sunan; sakestu kula ningggalake kutha Semarang dateng Demak Bintara, dereng kemawon kawula nampi piwulang saking ngarsa panjenengan, sampun antuk lumunturing Pangeran, kanugrahan ingkang tanpa pepindhan ingkang kula sandhang, mekaten!”
Ki Ageng Pandanaran, sak jroning anggonmu sowan ana ngarsaku, nampa kanugrahaning Gusti sing kok tampa. Coba aturna kanugrahaning Gusti kang sira tampa, apa Ki Ageng Pandanaran?”
Critanipun mekaten Kanjeng, rikala kawula badhe dateng Demak, nganti
205
kalih garwa kula, mbedonya nggawa bandha, yen kabegal ana alas seluman, mandak ora karu-karuan. Bojo kula mboten percaya, delikan kalih kula. Njero teken dipun iseni dinar, sak kebake teken, Kanjeng Sunan!”
Iya… coba dibacutna Ki Ageng Pandanaran mangkono!”
Nderekaken kawula mlebet wonten alas siluman, leres wonten alas siluman, wonten begal cacahe tiga. Pengarepe begal namine Sambang Dalan, ingkang kalih namine Ribat, ingkang satunggal kala wau Ribut. Pinuju kawula tumindak mriku, kalih putri kawula,Sambang Dalan mboten wonten. Ingkang wonten Ribat-Ribut.
Ribat-Ribut mbegal dumateng kawula, kawula paring dhawuh, “Aja mbegal aku Ribat-Ribut, kae lho bojoku nggawa teken. Kae lho royoken! Nek isa ngroyok teken
206
sing digawa bojoku, kok pangan rong sasi, wong loro ora entek. Saestu Kanjeng Sunan!”
“Iya…ya…kasembadan garwamu dibegal marang Ribat-Ribut, mangkono Ki Ageng Pandanaran?”
“Inggih, tekene bojo kula dikroyok Ribat-Ribut, dipun pecah wonten isine dinar sakabehing teken. Badhe dipun bage, Sambang Dalan dumugi, nyuwun bageyan. Kaliyan Ribat-Ribu dikandhani, “Kakang Sambang Dalan, aja njaluk iki sing tak begal sugihe wong Semarang, asmane Ki Ageng Pandanaran. Jik sing wedok wae sakmene kehe, nek sing lanang mesthi ana rong mene. Tututana sing lanang, begalen nek ora pek-en dhewe!”
207
Lha menika, Sambang Dalan mbujung kaliyan kawula, kula dipun begal. Kalih Sambang Dalan kala wau, saestu-estu! Kula mboten kagungan, piyambake mboten percados. Ngglibet wonten kiwa-tengen kawula. Menika nugrahaning Gusti. Kanjeng mboten sengaja kula nyabdakaken saklimah pangucap kula, “Ora lho … Sambang Dalan, kowe manungsa sing tak begal, ya… manungsa sing tak kandhani, ora duwe kaya manungsa, kok ora ngerti. Jane manungsa apa wedus?”
“Kanjeng, saklimah pangucap kawula tumus dumateng Sambang Dalan, ical sipate manungsa, dados awak tugelan sirahe menda, badanne manungsa. Lha… menika wonten wingkin kawula menika. Piyambakipun sambat kantaka, nyuwun ngapura, dumateng kawula, supados mujudake manungsa malih. Kula mboten sengaja
208
nyabdakaken kula mboten saged. Kula utus mantun anggenipun dados tukang mbegal, wonten alas siluman kula dadosaken sokabat kawula. Kula paring tanda asma, Syeh Domba, Kanjeng Sunan!”
“Iya… bacutna Ki Ageng Pandanaran!”
“Agenge darma bekti kawula konjuk Gusti, kula babat alas siluman. Paring sabda anggen kula ninggalaken Semarang, badhe dateng Demak, wonten alas siluman, nemahi rubida wonten pawongan tiga, seja ala, mbenjang yen wonten rejaning jaman, alas siluman dadiya kutha, kutha Salatiga. Dadiya desa, desa Salatiga.
Pinuju kula tindak wonten wana, wonten tiyang tiga seja ala menika, mekaten!”
“Kaya mangkono Ki Ageng Pandanaran, aku uga ndherek nyekseni, apa kang
209
dadi sabdamu, rikala anggonmu sowan ana ngarsaku. Ana ing tengahing alas siluman
kono kuwi, ana sengaja ala kathahe, ya kuwi pawongan tiga. Mbok ana rejaning jaman, dadiya desa, desa Salatiga. Kutha, kutha Salatiga. Sakawit jeneng sira, sowan ana ngarsaku, ana pawongan tiga, kang sengaja ala, mangkono Pandanaran!”
“Menika menggahing kawula, nugraha ingkang tanpa upama, Kanjeng! Taksih pitadoske dumateng agami Jengandhika, kumrahaning Gusti kados ngaten, saiba kados menapa yen kawula sampun malebet dados agami, kados agami Jengandhika. Tamtu langkung-langkung ing menika. Mila Kanjeng, sepindhah malih sowan kawula ing ngarsa panjenengan, kawula badhe nyuwun piwulang saking Ngersa Paduka Kanjeng Sunan!”
210
Ki Ageng Pandanaran, coba midhangetna, apa kang ndak dhawuhake marang jeneng sira, yen ta … jeneng sira arep nyuwun piwulang marang aku, kang pamrihe supaya jeneng sira ndarbeni kabisan kaya aku. Yektine jeneng sira iku, tanpa antuk piwulangku, kabisanmu wis padha wae kagunganku. Coba jeneng sira matur, ana ing ngarsaku, jeneng sira ora sengaja, nyabdakake yo kuwi Sambang Dalan, nyatane kang dadi sabdamu bisa dumadi. Uga aku ndherek nyekseni, yen ta…kuwi kok dadegake sokabatmu. Kok paringi tanda asma, She Domba, mangkono Ki Ageng Pandanaran!”
“Yen ngaten Kanjeng Sunan, kula mangertosi menapa leres anggen kawula nglangkungi alas siluman, kawula sampun antuk wahyunipun wali, Kanjeng Sunan?”
“Bener apa kang sira aturake, sakjroning anggonmu arep sowan ana ngarsaku
211
wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning wali, mangkon Ki Ageng Pandanaran.”
“Matur nuwun… matur nuwun… matur nuwun…. Kanjeng Sunan.”
Dereng rampung anggenipun paring dhawuh, Ki Ageng Pandanaran kaliyan Gusti Sunan Bonang, kesarusuhan putra saking Tuban, Raden Sahid, ingkang ndrojok tanpa larapan, “Sinnuwun, kawula ingkang sowan! Ngaturaken pasegahan wonokrami, Sinuwun!”




Gunung-gunung digawe sawah
Yak napa dulur olehe mbanyoni
Durung-durung digawe salah
212
Yak napa dulu olehe nglakoni


“Ngaturaken pasegahan wonokrami, mugi konjuk Kanjeng Sinuwun!”
“Nuwun inggih Ki Sanak, kula tampi sembah bukti jengandhika, kaprayogakaken sowan paduka, wonten ing ngarsa kawula.”
“Sampun mboten kirang prayogi, Sinuwun!”
“Mangke ta Ki Sanak, wingking saking pundi? Sinten asma paduka?”
“Kawula saking negari Tuban, putra Adipati Tuban, Kanjeng Rama Prabu Wilwatikta, sudarma kawula. Raden Sahid ingkang dados asma kula.”
“Ki Sanak Sahid, tebih saking Tuban, wonten kawigatosan menapa?”
“Sinuwun, sepindhah kula milik mangertosi tata harjaning Kasulatanan
213
Demak Bintara. Kaping kalihipun badhe ngupadi Guru kawula Gusti Sunan Bonang, mekaten!”
“Pinarak langkung prayogi, Ki Sanak Sahid!”
“Nuwun inggih Sunan Bonang!”
“Inggih kula Nak Prabu! Wonten pawongan saking Tuban, asmanipun Raden Sahid, mangga dipun dangu, Raden Sahid menika Rama!”
“Kados ta mekaten Nak Prabu, nuwun inggih ngestoaken dhawuh!”
“Lho…Raden Sahid kang sowan!”
“Uluk salam kula katur Guru!”
“Iya… jeneng sira ngaturake sembah pangabekti wis tak tampa. Ndak liwat
214
puja pangestuku, tumrapna marang jeneng siea Raden sahid!”
“Kula tampi tangan kula kalih, kawula pundi wonten ing mustaka, ndadosaken jimat, Guru!”
“Raden Sahid!”
“Nuwun inggih!”
“Apa sekira wae jeneng sira lali marang apa kang dadi mitungkasku, aja kepati badhar, yen durung antuk wadhahinh ngilmu. Lha … kena ngapa durung tak badhar-ake kok wis sowan ana ngarsaku, Raden Sahid?”
“Kepareng matur wonten ngarsa paduka Guru,!”
“Iya… matur sing kepriye Raden Sahid?”
215
“Rikala Guru ngutus Raden Sahid, supados mertapa njagi lepen wonten pesisir kidul, nyuwun tumuruning wadhahing ngilmu, Guru sampun paring dhawuh, mboten kepatos badhar, yen Guru dereng mbadharaken!”
“Aduh Guru, sak wetawis anggen kawula mertapa njagi lepen, mboten wonten wadhah ngilmu ingkang kawula tampi. Kalebet Guru mboten wonten mbadharaken dumateng kawula. Kula ngudharasa, yen namung ngilmu wejangan, kula tumbas mawa lelampahan kawula kados mekaten, menika kok sampun nyekapi. Mula kawula badhar, kersa kawula piyambak. Ingkang wigatos sowan Guru, badhe nagih janji mbok inggiha Guru, kawula menika dipun wejang, Guru!”
“Raden Sahid, dadi anggonmu sowan ana ngarsaku, kang wigati bakal nyuwun
216
wejangan marang aku.”
“Ngestokaken!
“Tak kandhani ya Raden Sahid, jeneng sira iku arepa tak wejang kaping pitusekira wae ora bisa malebu, ana teleng sanubarimu. Ora… ora… bakal tak wejang Raden Sahid!”
“Guru!”
“Iya…kepriye?”
“Lepat nyuwun pangapunten, menawi wonten keladuk atur ipun Sahid, dipun tampi kirang nuju prana.”
“Iya… ora dadi baya mangapa, Raden Sahid!”
217
“Guru sampun paring dhawuh, Sahid kurang tetukone, ora duwe adhah ilmu, diwejanga sedina kaping pitu, durung karuan nek ngilmu wejangan bisa maresepi ana sanubarining Sahid! Anggen kula mertapa mluwang, mertapa njagi lepen, menawi katumbas mawa ngilmu wejangan, yen sepuluh wejangan taksih turah, lelaku ingkang kula sandhang. Kenging menapa ta.. Guru, sak wejangan kemawon kok dereng wonten kasunyatan. Nuwun sewu, Guru menika sejatosipun gadhah ngilmu wejangan menapa mboten? Yen mboten kagungan ngilmu wejangan, blak kothang terus terang, blaka sutha. Sahid, aku ora duwe ilmu wejangan, wahyu gaib. Ngilmuku tiban iki ora kenek digethok-tularake marang leliyan. Mapan Guru prasaja, anggenipun kawula paring dhawuh, Sahid mboten badhe ngajeng-ajeng, nyuwun ngilmu wejangan,
218
dumateng ngersa Panjenengan kok Guru!”
“Wow… Raden Sahid… Raden Sahid……kaya mangkona Raden Sahid. Iya… arep tak selakkana, nyatane wis kok waca. Aku bakal paring dhawuh, sing kanthi prasaja. Mangertenana Raden Sahid, yektine aku ora duweni, ya kuwi ilmu wejangan Raden Sahid.”
“Lho… lak saestu ta……Kenging menapa yen ta Guru, mboten kagungan ilmu wejangan kok lajeng ngutus Sahid supados mertapa mluwang, mbenjang yen badhar, kedhaipun dipun wejang. Menika medal mengku pamrih kados pundi, mekaten Guru!”
“Raden Sahid, coba midhangetna apa sing tak dhawuhake jeneng sira, anane
219
jeneng sira, rikala jaman semana mbegal iku nyuwun kabisan kaya kagunganku. “
“Inggih, contone kaya kolang-kaling ingkang panjenengan sabda dadi emas emplek-eplekan, menika lho rumiyin menika!”
“Lha… sing kaya mangkono iku, yektine jeneng sira kurang tanggap. Sak jrone jeneng sira tak utus mertapa mluwang, iku yektine jeneng sira wis nampa wahyuning wali. Apa ora krasa Raden Sahid?”
“Dados rikala kawula panjenengan utus mertapa mluwang wonten saklebeting paluwangan, kawula menika sampun nampi nugrahaning Gusti, pinaringan wahu wali.”
“Bener, kang sira aturake ana ngarsaku. Krasa apa ora? Yen ta.. jeneng sira






220
wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Wali/”
“Blassss, kula dereng ngerti. Yen sejatose kula empun nampa wahyu Wali kok Guru!”
“Bener-bener, kang sira aturaken. Yektine jeneng sira iku, wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning wali.”
“Kenging menapa yen ta Guru, sampun paring dhawuh, rikala kula mertapa mluwang, sampun nampi wahyuning wali. Guru mboten kersa paring dhawuh dateng Sahid? Mandak Guru ngutus dumateng kawula, sik Sahid, golek wadhaing ilmu. Tetukone mertapa tunggunen kali ing pesisir kidul. Nuwun sewu Guru, mangka pesisir kidul menika, papan ingkang gawat kaliwat-liwat, kok lajeng kawula
221
panjenengan utus mertapa wonten pinggi lepen menika, memengku pamrih kados pundi mekaten?”
‘Iya..ya… yen ta jeneng sira takon wajib tak wangsuli, apa ta.. sebabe jeneng sira wis nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Wali, ndak utus sepisan maneh supaya njaga kali? Mangertenana, salah sawijining manungsa kang nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Gusti, nampa wahyuning Wali, kuwi kudu nganggo sarana pendadaran, mangkono Raden Sahid!”
“Kados ngaten!”
“Iya! “
Tumraping Sahid, njagi lepen pendadaran kados ngaten menika, sampun
222
rampung menapa dereng?”
Dadi yen ta… mungguhing Raden Sahid selamet wilujeng, kuwi nyatane enggonmu nampa kanugrahaning Gusti, pancen wis resik sanubarimu, sampek njaba njeromu. Contone, bangsane ilo-ilo banaspati lan sak panunggalane ora kuwat ketaman subawamu.”
Matur nuwun Guru!”
Ya… mung emane wae Raden Sahid, manungsa kang nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Wali, kudu nganggo sarana jeneng sarwa kasunanan.”
Dados sok sintena ingkang dumunungan wahyu Wali, kedhah kagungan asma sarwa mawa Sunan? Kawula sampun sediya, mekaten Guru!”
223
Jeneng sira wis sedya? Coba aturna jeneng sira mundhut asma sapa Raden Sahid?”
Mugi jagad sak isine, ndherek nyeksenana pucaking anggen kula mertapa njagi lepen wonten pesisir samodra, yen sampun sineksenan para ngulama, kawula badhe mundhut tanda asma Sunan Kalijaga, mekaten!”
Wow…. Kaya mangkono, hiya rahayu…. Rahayu…. Rahayu….! Pucaking anggonmu ngupadi sarana nyuwun tumuruning wahyu Wali kok rewangi njaga kali, saiki jeneng sira mundhut tanda sama Sunan Kalijaga. Hiya …. Iku prayoga, mangkono Raden Sahid!”
Rama Sunan Bonang, Aryo Babah Patah, narindra Demak badhe paring
224
dhawuh.”
Inggih, panjenengan badhe paring dhawuh, kados ta pundi Nak Prabu?”
Etangan kula, wali sampun jangkep wolu. Kantun kirang setungggal, jangkepe Walisanga. Walisangan kangge tutuping wali, menika dipun padosaken kalih mlampah Rama! Mangga sak menika tata-tata ngedegaken masjid wonten Demak. Nembe-nembe kawula saking negari Mojopahit, sowan Kanjeng Rama Prabu Brawijaya, narindra Mojopahit. Gandheng Demak menika taksih ke bawah wonten Mojopahit, taksih wonten panguasaning Rama Prabu Brawijaya, kawula nyuwun sih palilah, Demak badhe kula wontenaken madegking masjid. Rama Prabu Brawijaya sanget ngestoni. Kaliyan Rama Prabu Brawijaya mandak kawula kabantu kajeng,
225
kajeng jati ingkang umure satus taun-satus taun, sak cekapipun, kangge ngedeg aken masjid Demak. Mangga Rama, Rama wali sami nebangi kayu jati, ingkang cumondhok ing alas Nggeduwang, ingkang umure satus taun-satus taun menika.
Mangke yen kajeng sampun dados tebangan, tak usungana dateng negari Demak. Kula nyuwun Wali setunggal, kedhah ndadosaken saka setunggal. Wali wolu kedhah dados saka wolu. Kenginga kangge pangenget-enget, masjid Demak, saka wolu damelanipun Rama Wali Wolu, mekaten!”
Kados ta mekaten Nak Prabu, tamtu badhe kawula estokaken. Mangga sami dipun bibarake pisowanan angayahi pakaryanipun piyambak-piyambak, mekaten Nak Prabu! Mangga-mangga Ramam, sami-sami nebangi kajeng jati ingkang wonten alas
226
Nggeduwang menika nggih Rama!”
Nuwun inggih, Nak Prabu. Mangga kawula ndherekaken Nak Prabu.”
Tan kocapa Rama Wali Wolu kabantu para prajurit, para ngulama Demak nebangi kayu jati ingkang umure satus taun-satus taun, ingkang calone kangge ngedeg aken masjid wonten Demak Bintara. Cinandra saking mandrawa, tindake Njeng Sunan kairing lumbung desa, anggenipun lumaksana.


Lumbung desa pertani padha makarya ayo dhi….
Njupuk pari nata lesung nyandhak alu ayo yu….
Bareng maju yen wus rampung nuli adang ayo kang…
Da tumandang nasah beras alu lumpang
227
Saka kathahe rukune para ngulama, kajeng jati sampun dados tebangan sedaya. Kantunmawon ngusungi dateng Demak Bintara. Winanci sembahyang luhur, Rama Wali badhe pados toya, ingkang bening kangge wudhu. Mula carita Gusti Sunan Kalijaga, tindak wonten pinggir lepen, wonten salah sawijining kewan ula mangan kodhok. Sambate kodhok, kagigit-gigit kalawan ula ngaru-ara. Arep diulu karo ula ora kolu. Arep dilepeh nyumelangake yen kodhoke mlayu. Gusti Sunan Kalijaga, dumunungan sangkan paran, ngerti pangucape para kewan. Tanggap karo sambaten kodhok ngaru-aru. Welas tanpa alis, mireng sambaten kodhok ngaru-ara, Gusti Sunan Kalijaga paring dhawuh, “Huuuuuuuu!” Akhiripun kodhok dipun ucullaken ula, kodhok sumingkir. Ula ingkang sowan Gusti Sunan Kalijaga.
228
Ehemm… kula ingkang sowan, wonten ngarsa paduka, Gusti Sunan Kali!”
Sik-sik… tumon iki aku yah ene kok ana ula ndlosor rene. Sik-sik….. kowe iki yah ene, ki ula kowe galam apa ora ula?”
Gusti Sunan Kali, kula kewan ula galak. Nanging galak kula mawa papan lan panggonan.”
Wow…. Nggawa papan-papan sing piye kowe nek pas galak?”
Yen ta.. galak kula wonten papan petengan. Menawi wonten padangan, kula kuthuk.”
Wow… pinter nek ngono ya .. kowe kuwi!”
Inggih!”
229
Ula?”
Inggih kula Gusti Sunan Kali.”
Sowan Gustimu Sunan Kalijaga ana wigati apa?”
Anggen kula sowan wonten ngarsa paduka, kenging menapa kula mangsa kewan cantaka, panjenengan paring dhawuh “Huuuu!”
Wow… kuwi mau ta….!
Inggih!”
Ngene ya ula, tak kandhani. Ananae sliramu mangsa kodhok, aku paring dhawuh “Huuu!” Njur nek wis dadi tinulising Gusti, kodhok kuwi mangsane ula.
Lehku ngendhika ‘Hu’ kuwi, mbok ndhang diulu. Lha… nyang apa kok lepeh?”
230
Wuuu… dados anggen paduka paring dhawuh ‘huu’ kala wau, yektinipun kedhah kula ulu.”
“Lha…. Iya, kudune diulu! Lha …kowe mau kleru!”
“Inggih, yen ta kersane paduka, kados ta.. mekaten, kepareng kula nyuwun pamit, badhe mangsa kewan cantaka malih.”
“Wis golek ana kodhok, gek mangsanen ya… ula… yaa!”
“Inggih!”
Ula sumingkir saking Sunan Kalijaga. Kodhok pencolot-pencolot sowan Sunan Kalijaga.
“Ehemm kruwok-kruwok….! Gusti, kula ngaturakem sembah nuwun.”
231
Kowe iki kodhok lanang, ketara nggawe brengos ki kodhoke.”
“Inggih kula kodhok lanang!”
“Kok matur nuwun klawan Gustimu Sunan Kalijaga, ki keneng apa?”
“Anggen kula ngaturaken sembah nuwun, kula dipun kamangsa kewan ula. Panjenengan paring dhawuh ‘Huuu’ Kula saged slamet, saged lumayu, mila kula ngaturaken sembah nuwun.”
“Kewan kodhok!”
“Inggih kula!”
“Pancen aku mesakake, aku ngerti ucaping para kewan. Kowe mau arep dimangsa ula, sambatamu ngaru-ara, arep dilepeh wedi nek kowe mlayu, arep diulu
232
ora kolu. Sambatmu ngaru-ara, aku mesakake. Mula Gustimu Sunan Kalijaga, paring dhawuh ‘Huuu’ mbokya diutahake ta ya…Aja sampek dibacutake, ning nyatane dilepeh tenan. Lha kuwi lak pitulungane Gusti, sing dilantarake marang Gustimu aku, kangge maluyakake kowe ta… kodhok!”
“Inggih, pramila saking menikam, kula ngaturaken sembah nuwun, antuk pitulungan paduka mekaten.”
“Iya..ya kodhok, wis tetulung karo makhluke Alllah, kuwi ora ana ilange kodhok.”
“Kejawi saking menika Gusti Sunan Kali, mbok inggiha panjenengan gadhah sih kawelasan dateng jiwa raga kawula. Mugi dipun kasantunana busana kula,
233
pamrihe kewan ula, mboten mangsa kula.”
“Kowe njaluk salin sandhanga?”
“Inggih!”
“Kang pamrihe ula ben ora doyan karo kowe. Isa Gustimu Sunan Kalijaga nyalini sandhangan kodhok, kang pamrihe ben ula ora doyan karo kowe kodhok.
Nanging kodhok kudu ngerti, jer basuki kudune mawa bea.”
“Gusti Sunan Kali, njenengan paring dhawuh, jer basuki mawa bea, yen ta .. kula supados pinanggih basuki, bea nipun kula kados ta.. pundi?”
“Bea-ne ngene ya kodhok!”
“Inggih!”
234
Tak salini sandhangan, amrih kodhok ora dipangan ula. Waton kodhok isa mikuli kayu glondhong neng alas Nggeduwang. Pikulana, tekakna ing negara Demak.
Nek kodhok isa mikuli kayu glondhong tekan negara Demak, tak salini sandhangan, kang pamrihe ula ben ora doyan karo kowe. Nanging nek kodhok ora isa mikuli kayu glondhong, ora isa nekakake ana negara Demak, sak cukupe kangge ngedeg ake masjid, Gustimu Sunan Kalijaga, ora bisa nuruti apa kang dadi penjalukmu kuwi kodhok!”
“Gusti Sunan Kali, kados ta mekaten panyuwunipun paduka, dateng kula. Kawula sagahi, ananging kula nyuwun wekdal sakwetawis.”
Kowe saguh!”
235
Inggih kawula sagah! Ngatena kula nyuwun wekdal sakwetawis.”
Kenek, ya wis kana tak wenwhi wektu sak untara, klumpukna kanca-kancamu, piye carane, lehmu arep mikuli kayu glondhong. Aku ora ngerti kewan kodhok!”
Inggih! Kula datan para kewan kodhok, dados kepalanipun kodhok. Kula badhe ngawontenaken rapat kodhok gedhen-gedhenan, langkung rumiyin mekaten.”
Ya…nek ngono ya…kenek! Tak enteni ya… kodhok!”
Gusti Sunan Bonang namung mirengakee wonten wingking. Batose Sunan Bonang, “Ora lho… Sunan Kali kok grememeng ra enek kancane.”
Dijawil saking wingking Gudti Sunan Kalijaga kalyan Gusti Sunan Bonang.
236
Sunan Kali!”
Weh… kala wau paduka ta… Guru, mangga-mangga inggih sampun dangu panjenengan kala wau?”
Ya wis rada suwe sauntara, Sunan Kali!”
Badhe tindak pundi Guru?”
Coba aku minta tanya mara sira wangsulanana sing kanthi prasaja!”
Inggih, dangu menapa Guru!”
Tak rungokna saka mburi anane jeneng sira, mung kemrungsung wae kuwi, yektine jeneng sira omong-omong karo sapa Sunan Kali?”
Wow… nembe-nembe menika kala wau ta.. Guru?”
237
Hiya… Sunan Kali!”
Alah… niki jagongan kalih kodhok!”
Kepriye Sunan Kali?”
Omong-omong kalih kodhok!”
Lho… saya anganeh-nganehi anggonmu matur ana ngarsaku. Lha wong jeneng sira iku manungsa kok omong-omongan karo kodhok. Kuwi larah-larahe piye, Sunan Kali?”
sadaya mekaten wau antuk piwulange Guru. Sekawit Guru sampun paring piwulang. Wis ta.. Sahid, percaya endi manungsa mapan iman karo sing Kuwasa? Apa sing diseja pinter tumeka, berkahe Guru. Sepindhah kawula nyuwun piwulang
238
manembah Gusti, piwulang saking ngarsane Guru. Setya tuhu ingkang kula lampahi, sanget agami Islam ingkang kula puji-puji. Uga Sunan Kalijaga milik mangertosi suwantene kutu-kutu antoga kewan-kewan ingkang gumelar wonten ing ngalam donya, kula lampahi Guru jebul kasunyatan. Sareng sampun kula lampahi, kula mangertosi, sak estu kalih ucaping kewan. Contone menika kala wau, nembe-nembe menika kala wau. Wonten ula menika mangan kodhok, sambate kodhok ngaru-ara. Kula tanggap kalih ucaping kodhok kala wau, kula paring dhawuh “Huuuu!” Akhir-ipun kodhok diuculake kalih ula. Kodhok menika sowan dumateng kula, ucape kodhok kalih kula mekaten, “Kula ntuk pitulungan saking ngarsa paduka, mboten sida dipangan ula. Mbok inggiha, Gusti Sunan Kali, kula disalini sandhangan kang
239
pamrihe, ula mboten doyan kalih kula, kados pundi?” Menika ucaping kodhok.
Kula mangsuli,”Hiya kodhok tak salini sandhang, kang pamrihe ben ula ora doyan karo kowe, waton kodhok isa mikul kayu glondhong neng alas Nggeduwang, tekakna negara Demak. Sak cukupe, tak enggo ngedekake masjid.”
“Lha.. kodhok kala wau nyagahi ta Guru!”
Sunan Kali!”
Kula!”
Sing kebangeten, kaningaya kuwi ya jeneng sira!”
Kenging menapa kedhah kula?”
Coba waspadakake kewan kodhok iku mlaku nyangga jiwa ragane wae
240
kethongkrak-kethangkrik, ewasemana kok suwuni pitulungan supaya ngusungi kayu jati. Apa sangsaya ora nganeh-nganehi, Sunan Kali?”
Inggih, sadaya menika nek dereng wonten kasunyatan aneh, ning menggah ing Gusti Sunan Kalijaga, kula mboten ngina sesamining makhluke Allah. Alit kodhok menika ragane, ning sinten ageng gegayuhane. Mangga Guru dipun rantos kemawon, kados pundi gelare kewan kodhok saget mikuli kayu. Sak estu menapa mboten? Yen kodhok saged mikuli kayu sak estu, kasunyatan Sunan Kali taksih kenging dipun percaya. Nanging yen ta.. kodhok mboten saged mikuli kayu, pun mboten usah percaya kalih Sunan Kalijaga, mboten menapa-menapa, mekaten Guru!”
Hiya… yen ta kaya mangkono kang dadi aturmu, coba tak seksenane apa bisa
241
kesembadan, yen ta… kewan kodhok bisa ngusungi kayu jati, mangkono Sunan Kali!”
Nglajengaken kewan canthoka, wangsul saking Sunan Kalijaga, nglumpukake kanca-kacane, ewon kthelenderan yutan akehing kodhok, padha nglimpuk neng tengah wana. Semana ana gelaring rapat kodhok gedhen-gedhenan.
(Nah…. Kaya mangkono gelare ana rapat gedhen-gedhenan RT-ne kodhok isa nerbang. Nah…. Ewa semono RW-ne ana sing ngendhang. Laaa ….hiya….!)
Kene-kene ca padha nglumpuka rene ya ca ya…….!”
Inggih kangmas, wonten kawigatosan kados ta pundi?”
Inggih kangmas, wonten kawigatosan kados ta pundi?”
Sik-sik… kae mau ana kodhok sing ketinggalan apa ora? Nek ijik ana, coba digoleki kana! Sing turu-turu digugahi kon tangi. Aku tak crita padha rungokna


242
critaku iki ya….!”
Inggih kakang….. inggih kakang….. ha… inggih kakang!”
Aku mau lak golek memangsan, durung wae oleh memangsan disaut ula saka mburi. Hiyahhh…. Tenan ca…kanca,. critaku iki mau! Umpamane ora entuk pitulungane Sunan Kalijaga aku mau wis mati. Pitulungane Gusti Sunan Kalijaga, aku luwar saka bebaya, nyatane ora sida dipangan ula. Banjur aku sowan Gusti Sunan Kalijaga. Sepisan, aku ngaturake sewu gung panuwun. Pindho, aku njaluk salin sandhangan, kang pamrihe awake dhewe ben ora dipangan ula. Wangsulane Gusti Sunan Kalijaga, gelem nyalini sandhangan kanca kodhok, lan kowe kanca kabeh. Waton, yen kodhok isa mikuli kayu glondhong,. supaya nekake ing negara Demak
243
sak cukupe, kangge ngedekake masjid. Mula iki tak enekake rapat kodhok gedhen-gedhenan, tak enengake sarasehan. Ayo ta… kanca, tinimbang awake dhewe urip ngalor-ngidul ngetan ngulon ming diuber-uber ula, kayu glondhong kae dipikuli. Engko nek teka Demak, awake dhewe dislini sandhangan. Akhire ula ora doyan karo awake dhewe. Mundhak gene mareme ya ca… kanca, urip sing ora duwe musuh karo ula, mangkono?”
Inggih, kados ta mekaten margi, kados ta pundi ingkang dipun lampahi kangmas? Kula nggih ndherek Kangmas!”
Nek kabeh padha sarujuk, aja nggunake okole, nggunake akale. Nek nggunake okole dipikuli kaya manungsa endi bisa? Wong kowe aku kabeh, mlakune


244
mencolot-mencolot ngrekasa. Akale digunakake, nyudarsana manungsa, gelem ngedohi sega saya kuwasa, gelem ngedohi turu saya tinemu. Ayo dibubarake rapate kodhok iki, golek papan sing gupit, golek papan sing ndhelik. Kanggo nyuwun ngarsane Gusti, muga pinaringana udan kang deres. Gusti pinaringan udan deres nimbulake banjir. Kayu glondhong padha keli, awake dhewe mikul kayu, leh mikul neng ndhuwur banyu, ning ngisore kayu. Aja percaya yen Pangeran paring pitulungan ora angel tumrape Pangeran, mangkono!”
O…inggih kula sarujuk Kangmas! Sarujuk Kangmas!”
Ya.. wis nek ngono iki ana cumplung aku tak nyemplung nang cumplung kene wae!”
245
Inggih kula wonten ngandhap galengan mriki, Kangmas!”
Aku mlebu gowok kene wae, oooo…. Inggih kula wonten mriki Kangmas, wonten lebeting terbang, Kangmas!!”
Bubare rapat canthoka. Nah bubare rapat cantoka!
Kerek-kerek swarane kodhok, mula kena kanggo patuladha. Nek kodhoke kerek-kerek kae lho…! Kodhoke njaluk udan. Sekinten sampun kasunyatan, Yen Gusti Allah menika mboten mbedak-bedake sadaya makhluk. Contone kewan kodhok, waton minunggal karepe tenan-tenan panyuwune, bakal diudani apa panjaluke. Mendhung saya peteng-saya peteng, saya peteng terus udan deres poh pinoh, banjir gedhe papak embong. Kayu glondhong padha keli, kodhok mikul kayu
246
le mikul ning ndhuwur banyu. Nek ngisore kayu kating trempol-kating trempol, kabujeng para Rama wali.








Kali mili kena dibendhung
Yen jerone watese dhadha
Pedhote tali tan kena disambung
Pendhote trisna ketok nyang mata


Udane terang, banjire sat, kayu dadi tumpukan. Kewan kodhok sowan Gusti Sunan Kalijaga.
Kodhok!”
Inggih, kula ingkang sowan malih wonten ngarsa paduka, Gusti Sunan Kali!”
247
Gustimu Sunan Kali mratelakake sewu gung panuwun kang tanpa upama, yagene madege masjid Demak, kewan kodhok melu sambatan mikuli kayu sakmene
okehe, kodhok!”
“Inggih, sadaya anggen paduka paring dhawuh sampun kasemabadan. Mangga enggal kasantunana busa kula, Gusti Sunan Kali?!”
“Hiya……. Tak salini sandhangan, wong jare kodhok sandhanganmu ya.. pangkas sandhangan kodhok, ning tak paringi rupa sing lorek. Ning jenengmu kodhok bangkak, utawa kodhok bangkong. Nadyan kowe kodhok, waton lorek rupamu, ula tetep ora doyan karo sliramu. Sebab wis entuk sabdane Wali rikala enek lakon madege Masjid Demak Bintara iki, mangkono!”
248
Kados tak mekaten ngaturaken sembah nuwun, lumantar anggen paduka paring dhawuh kaliyan kula mugi tansah dipun kabulna dening Gusti Kang Maha Kawasa.”
“Kaya ngono kodhok…. Hiya….kodhok, ayo baliya ana papanmu dhewe-dhewe ya… kodhok…ya…!”
“Inggih, kepareng kawula nyuwun tambahing pangestu!”


Helluh…. Pancen katenta
Engga sak priki yen kodhok bangkong
Lorek jare rupane
Pancen ula ora doyan karo dheweke
249
Sampun kasabda Wali semana okehe


Golek kayu ora nggawa arit
Dicekleki ana tangan lara
Pethuk wong ayu mas nora nggawa duwit
Dipleroki nyang ati lara


Wali satunggal kedah ndadosaken saka satunggal. Gusti Sunan Kalijaga dadi wali sing paling licik. Kancane gawe saka brengkutan, dheweke nyambut gawe okol ora kersa. Enak-enak wonten dalem kadilangon, ngliwet-nderes bubar ngliwet-nderes.
Saka dados pitu, kantun kirang setunggal jangkeping wolu, bakal saka kajeng sampun telas. Dipun ranti-ranti ingkang dereng wonten namung Gusti Sunan Kali. Ditangguh
250
kancane mari, dheweke dugi dukane Sunan Bonang, pinuju Sunan Kalijaga nyilepi liwete. Liwet kaasta, menika kendhil kaasta Gusti Sunan Bonang kakepruk saknalika.
“Sing kebangeten kowe Sunan Kalijaga!”
Kembang anggrek lomponge keli
Samiya agung ra toya nipun
Sami sadherek sami mirsani
Mbok bilih lepat nyuwun ngapura


Mangke rumiyin-mangke rumiyin Guru! Guru, panjenengan niku ngarep kalih mburine mboten cocok. Kok nggih samang terak mawon niku pripun ta Guru?”
Sunan Kali-Sunan Kali!”
251
Inggih!”
Aku wis bola-bali lak wis paring dhawuh marang jeneng sira!”
Duka nggih duka, nanging nggih nuwun sewu, lha wong niki wahh… panjenengan menika pripun ta… Guru, Guru! Lha wong niki liwet wis wayahe nyilep, kantun mangke niki dipun maem. Lha kendil panjenengan kepruk… beh—behhh mawute liwet, pecahing kendhil, dukane Guru kados ngaten. Pun yen duka, duka mawon. Nanging nuwun sewu, kula badhe ngukupi intipe ingkang ngglindhingan wonten mriki.”
Hiya…. Masalah kuwi tinggalen, sauntara Sunan Kali!”
Wah…. Niki penting, kok ditinggal. Sing digoleki pangane jare! Kok
252
ditinggal, pripun intipe?”
Pancen kebangeten Sunan Kali, jeneng sira iku!”
Niki intipe taksih kenging kula tulung Guru.”
Hiya…ya… ditulung ya… ditulung. Coba enggal midhangetna apa sing tak dhawuhake marang jeneng sira, Sunan Kali!”
Guru menika kok duka, menika wonten menapa ta?”
Bola-bali aku wis kandha, marang jeneng sira, yen ta.. kanca-kancane nyambut gawe sing padha sayuk saeka kapti. Coba waspadakna, Rama Wali anggone padha gawe saka wis padha rampung. Mangka yen ta.. saka dadi sore, ya.. kuwi masjid dideg ake sore. Saka mari esuk ya kuwi masjid dideg ake esuk. Mung kari siji
253
wae, jeneng sira sing kurang. Gaweyanmu Sunan Kali!”
Menika sampun, sedaya sampun rampung ta.. Guru?”
Coba waspadakna, kanca-kancane kabeh wis padha rampung Sunan Kali!”
Wah…. La menika kajenge sampun telas? Lha lajeng kados pundi ta Guru menika, Guru!”
Ya arepa dikaya ngapa, aku yen wis kandha mulan kancane nyambut gawe, ya.. nyambut gawe. Mangka iki kurang siji, kuwajibanmu kudu gawe saka, Sunan Kali!”
Nggih, empun.. pun…pun… sampun duka. Butuhe niki lak wonten saka ta.. niki?”
254
Hiya… kudu ana saka!”
Inggih, nuwun sewu, kula badhe ndamel saka sakmenika. Dipun priksani Guru!”
Sunan Kali!”
Dalem!”
Jare matur ana ngarsaku arepe nggawe saka, coba iki wayahe jam pira? Tanganmu kok nggrayah kaya ngono iku, arepe nyang apa Sunan Kali?”
Nggrayah napa ta… Guru?”
Lha kuwi tatal mbok grayahi, arepe kok gawe apa?”
Wow…. Kula nglumpukaken tatal niki ta..? Sampun, pokoke mengke wonten
255
saka, lak inggih sampun, mekaten!”
Ya…wis, yen ta.. kaya mangkono, waton enggal dadi sakane, Suna Kali!”
Saka kantun kirang setunggal……………


MADEGE MASJID DEMAK – KASET EMPAT




258

“Mula-mulane sak durunge nggunakake pethel, tak paringi ngerti anggonmu nyolah-bawake pethelku!”
“Nggih-nggih… cobi-cobi kula ngampil pethelipun!”
“Tamapanana pethelku, Sunan Kali!”
“Inggih, kawula badhe ngelus saka menika, mekaten!”
“Sunan Kali, gampang ngelus saka gampang. Ning jeneng sira kok mangerteni marang pangucapane kewan iku, cara-acarane, lelakune, kepriye Sunan Kali?”
“Wow… rikala kula omong-omongan kalih kodhok kala rumiyin nika ta.. Guru?”
“Iya..ya….!”
259
Inggih, yen Guru nyuwun pirsa, Sunan Kalijaga iki manunsa lumrah. Kok ngerti pangucap para kewan-kewan. Milik ngertos pangucapane para kewan niku tetukone mboten pasa kok Guru!”
“Dadi pitukone ora nganggo pasa?”
“Mbote!”
“Ora nggunakake tarak brata?”
“Mboten!”
“Lha terus kepriye tetukone, Sunan Kali?’
“Tetukone tama temen, eling, sabar, narima. Nindakake sepining pamrih ramene gawe. Kala rumiyin kenthong titir, mbrandhal, kula Sahid. Rame-rame maling, nyebrot,
260
ndhongkel, ngecu, kula Sahid. Sepindha kula nampi piwulange Guru, kaping kalih kula milik mangertosi pangucape kewan. Kok Raden Sahid wantun daksiya kalih sesamaning manungsa, kutu-kutu, walang, togoge kewan menapa ingkang gumelar wonten ngalam donya, yen mboten lepat Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga mboten wantun mejahi kewan, Guru!”
“Kaya mangkono Sunan, coba buktekna apa kang dadi aturmu, Sunan Kali!”
“Saklimah ngendikane Gusti Sunan Kalijaga, sinambi pethel-pethel, mboten waspada, yen ngandhap wonten kewan orong-orong, mengkang-mengkang; kepethel tugel gulune.”
“Sunan Kali, sakabehing aturmu, kuwi apa kasunyatan Sunan Kali?”
261
“Lha…kok mboten kasunyatan niku pripun ta.. Guru!”
“Sing ngaren aku lhak wis kandha, nggunakake pethelku aja mbok gawe enak-kepenak, jaren wis ngerti cara-carane, nyolah-bawake pethelku. Aku pengin mengerteni jeneng sira, bisa mangerteni pangucape marang kewan, kepriye wangsulanmu? Anggonmu matur lha kok disambi ngrokok ki kepiye?”
“Lha… inggih, matur tama temen!”
“Kejaba saka kuwi?”
“Mboten wantun mateni menapa kemawon, menawi mboten lepat kalih Sunan Kalijaga.”
“Saiki coba kewan orong-orong kuwi, dosane apa lupute apa marang sliramu?”
262
Orong-orong kenging napa Guru?”
“Lho la wong aku sing ora nggunakake wae, ngrumangsani. Lha .. kowe singg nggunakake kok ora rumangsa? Kena anggonmu ngelus saka kuwi, kena pethelmu, tugel janggane, Sunan Kali!”
“Inalilahi Wa Inna Ilaihi Rojiun, dados orong-orong tugel gulune niki, kalawan kenging pethel menika ta.. Guru?”
“Ya… kena pethelmu, anggonmu ngelus saka, Sunan Kali!”
“Nuwun sewu Guru, manungsa kuwi nek gawe eleke liyan gumampang. Mangka manungsa mboten wonten ingkang sampurna. Mboten pisah saking luput lan lali. Geneya ta … nek Sunan Kalijaga, sing nugel gulune orong-orong, Guru semune deduka. Guru
263
semune ngina. Wangsul dateng Guru, Sahid mertapa mluwang, nek badhar tak wejang. Gagar wigar, dugi sakmenika pundi buktine ilmu wejangan? Ngoten menika napa nggih mboten cidra?”
“Kabeh mula iku, mung untung kowe, sing bathi kowe, anggonku paring piwulang marang sira. Contone jeneng sira nampa kanugrahaning Gusti, nampa wahyuning Wali.”
“Kula nggih ngoten Guru, kula saged nugel gulune orong-orong, kula nggih saged nggathukaken. Kula saged matine orong-orong, nggih sekintenipun saged nguripaken.”
“Ayo coba nyatakna. Aku pengin nekseni, apa kang dadi aturmu, Sunan Kali!”
“Aja ngina, kula niki gadhah aji penggathukan, kalih aji panguripan. Kok mung
264
orong-orong sak jenthikan tugel kula gathukne mboten gathuk. Mati kula uripne. Mboten urip, lha…wong sing nerbang njegagrok semanten mati, sing nggarap kula mawon urip.”
“Mangga dipun priksani Guru, sing kebangeten iku ya kowe kok orong-orong! Nyang apa ta.. wong ana pethel-pethel ngelus saka, kok mengkang-mengkang nganti kepethel tugel gulune. Kene … wong neng kene ya.. anane mung tatal. Coba tak sambung tatal gulune. Tan kocapa…. Orong-orong tugel janggane, kapundutake tatal, kaencepake kalih janggane, kagathukake kalih sirahe, orong-orong kagathukake Gusti Sunan Kalijaga, pandhita Wali. Orong-orong gulumu tugel tak sambung tatalm, gathuka! Orong-orong kowe mati, uripa! Cekekal njrantal urip saknalika!”

Kali mili kena dibendhung
265
Yen jerune watese dhadha
Pedhote tali tak kena disambung
Pedhote tresna ketok nyang mata

“Percaya menapa mboten, menawi kula gadhah aji panggathukan, kaliya aji panguripan. Pun sumelang, sing mati pasrahne kula, tanggung urip, mekaten Kanjeng Guru!”
“Iya… aku ngakoni, aku percaya babagan wingkan pambudimu, Sunan Kali! Saiki coba kabeh wis padha rampung pakaryane dhewe-dhewe, ora liwat ayo didegne masjide, Sunan Kali!”
“Mangga-mangga kalih diilir-ilir, Sunan Guru!”

266

Lir-ilir… lir ilir…. Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar
Ya…..eyo…..yaaa…….eyoo……………….

Pinter tenan Sunan Kali, ayo…. Kae karek sethitik kae! Kayune padha dicaketake mrene para kanca-kanca.


Bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu ndang penekna
Kanggo mbasuh dodot ira
Ya…. Eyo…ya……eyooooo………..

Menarane masjid Demak, bangunane Rama Sunan Bonang. Saka Guru ler kilen
267
caket pangimaman angsal bakal tatal, damelane Njeng Rama Sunan Kalijaga.

Dodot ira-dodot ira….kumitir bedhaing pinggir
Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya… suraka aaa….. surak….. hooooreeeee!

Ngadek saknalika masjid Demak Bintara kantun kemawon nganyari, ora ngerti sangkan paraning bilahi, wonten lesus gedhe nendhang masjid, dumadi doyong saknalika.
Ayo… kanca, padha dijejegake kanca. Ayo kanca bareng-bareng dijejegake!

Sawunggaling wayange kuna
268
Sing digawe kayune jati
Pena eling disambangana
Aja gawe gelane kanca

“Kepriye kanca-kanca kabeh, padha sing rukun, ayo iki ora ngerti sangkan paraning bilahi. Ngedegake masjid kok ana lesus kang gedhe, nuwuhake doyong kaya mangkene. Ayo…dijejegake kanca!”
“Sunan Bonang, Sunan Kalijaga kae mbok dijawil. Wong kancane njejegne masjid, keringete sak jagung-jagung ora jejeg. Kok meneng wae. Kae dijawil Sunan Kalijaga,kae!”
“Sunan Kali!”
269
“Inggih, Guru!”
“Coba waspadakake Sunan Kali, kanca-kancane padha ngedegake gumregah direwangi keringete sakjagung-jagung, mangka gawe enak-kepenak. Mbokya sing padha rukun, Sunan Kali!”
“Kula niki mboten mendel, mboten namung mendel, namung mendel kula batos kula nggih makarya, Guru! Sunan Kalijaga tumandhang okol mboten saged, wongsal-wangsul ingkang kawula dalaken, namung akal kula, Guru!”
“Jeneng sira, arep ngetokake akal kepriye maneh? Wong nyatane bisa ndhoyong sakane kaya ngene?”
“Mesjid menika kangge nyelengi wohing pakarti, manembah wonten
270
panguasaning Gusti.”
“Bener apa sing dadi aturmu, Sunan Kali!”
“Napa maneh mesjid niki kerukunane para Wali, mbenjing-mbenjing maneh nek ngedegne rukunan atine suci. Ananing masjid wis ngadek, nemahi bilahi, niki wonten Wali nora suci. Duwe utang mboten nate nyaur niki!”
“Sunan Kali, saya kebangeten, kaningaya anggonmu matur ana ngarsaku! Jeneng sira kaya ngono, apa wis mbok etung kanthi jangkep Sunan Kali?”
“Empun! Neh kula ngetung pun ganep!. Panykra bawa kula pun mateng!”
“Coba aku minta tanya marang jeneng sira, Wali sapa sing kang duwe utang, ora tau nyaur?”
271
“Panjenengan Guru, sing duwe utang, mboten nate nyaur!”
“Sunan Kali, jam pira? Dina apa? Sasi apa? Tahun apa? Aku duwe utang karo jeneng sira ora nyaur, Sunan Kali?”
“Yen ta… Guru kesupen kula engetaken!”
“Iya… coba elingna!”
“Kagungan utang wejangan kalih kula napa mboten?”
“Wow…. Ya..ya… cukup semono wae, aja mbok biwarakake ana Surabaya kene, Sunan Kali!”
“Lho… mboten saged, nuwun sewu Guru!”
“Iya… kepriye Sunan Kali!”
272
Lepat nyuwun agung sih pangapunten, mboten ateges Sunan Kalijaga niki ngina, ananging kula ngengetaken, sok sintena kang nandhang kaliput, gesang manungsa menika langgeng panandhang, manungsa menika cakra manggilingan, roda cikar ibarate.
Contone Sunan Kalijaga, jalma tan kena kinara, mila sampun ngina kalih sesama. Biyen ngana, saiki ngene. Panjenengan kinacek sesamaning Gusti, sampun pinaringan wahyuning Wali, nek manungsane gelem geroh gelem lali, sing emoh dijak lai kuwi Waline. Mangka Wali menika yen ngendika sami mangsi, temutese ana kertas, sabda pandhita Wali. Sahid mertapa mluwang, nek badhar tak wejang. Niki jagad saiisine empun nyekseni. Lho… wong gak duwe ilmu wejangan kok nyaguhi? Niku sing salah kula napa panjenengan?”
273
“Iya…ya aku sing luput. Cukup semaono wae Sunan Kali, aja mbok biwarakake ana Surabaya, Sunan Kali!”
“Mila kula namung engetaken ingkang sampun nggih sampun, mbok menawi sedaya dhoyonge masjid, sepindhah Guru taksih ngingkari janji. Kaping kalihipun, ngedegne masjid niki kirang sajene niki?”
“Sunan Kali, anggonmu ngendhikan kaya mangkono kuwi, sing kurang pepak sing kepiye?”
“Ngedegne mesjid, sajene mboten gedhang setangkep. Rikala Wali taksih gangsal, Sinuwun Prabu Aryo Babah Patah, paring dhawuh, ‘Ayo para santri ngedegne mesjid ana Demak, ning kudu sing ngedegne Walisanga!’ Lha niki Waline taksih wolu,
274
kok wani ngedegne mesjid! Pun ta… nek dereng wonten tutupin walisanga, masjid Demak kenek dienggeni, Sunan Kalijaga lajeng ditagih kados tiyang motangaken, mekaten Guru!”
“O… ya… kaya mangkono Sunan Kali. Bener apa sing dadi kandhamu, panyuwune Narindra Demak Bintara iku, ngedegake masjid Demak kudu wali wolu, sanga tinari kang nyekseni. Mengko yen dumadine Waliwolu, kudu sarana kepriye, anggone goleke tutupe Walisanga, Sunan Kali?”
“Lha… menika babagan Wali menika ing panguaos, wonten asta paduka, sanes kula Guru!”
“Ayo golek tutupe Walisanga, kudu dalane sing kepriye? Aku amung manut
275
marang jeneng sira, Sunan Kali!”
“Kawula kirang mangertosi, mekaten Guru!”
“Sunan Kali gampang, gampang goleki Walisanga. Ning aku coba takon sepisan maneh, anggonmu duweni pangerten marang pangucapane kewan kaya mangkono kuwi, aku mbokya pengin. Duduhno lelakune kepriye? Dalanne kepriye?”
“Ingkang dipun maksudtaken Guru, panjenengan nyuwun priksa nggih lelampahaning tama temen!”
“Aku percaya marang jeneng sira, Sunan Kali! Yen ta… sirs duwe ngilmu wejangan. Contone jeneng sira nduweni pangerten marang pangucapane kewan, mbokya Sunan Kali aku diwejanga. Pamrihe aku bisa nduweni kabisan kaya sira, Sunan kali!”
276
“Guru, Sunan Kalijaga mboten selak. Kawula duwe ilmu wejangan. Rikala kawula panjenengan utus mertapa jagi lepen, wonten pesisir kidul. Kawula dibaharaken, Gusti kula Nabi Khidir. Kula pinaringan wejangan, purwaning dumadi kautaman, kasampurnan, inggih sangkan paran. Mila kawula saged mangertosi pangucape para kewan, sebab kawula dumunungan sangkan paran. Sebab apa masjid ora kenek diangge, ora kena dienggpni, kula sampun saged njangka sangkan paraning dumadi, sebab kurang tutupe Wali. Guru! Yen panjenengan nyuwun wejangan sangkan paran dateng kula, kawula mboten kuwawa nyaosaken. Sebab Eyang Nabi Khidir sampun paring dhawuh, Sahid, sangkan paran aja mbok wejangake sapa wae, yen Gurumu aku urung seda. Sapa kang nyuwun wejang sangkan paran, rawuhna rene tak wejange dhewe.Menika ingkang
277
paring dhawuh, Eyang Nabi Khidir.
Guru! Menawi panjenengan nyuwun sangkan paran, sampun dateng kula. Mangga kula dherekaken sowan Eyang Nabi Khidir, kula suwunaken angkan paran. Kersanipun diwejang piyambak. Ngiras panthes kalih pados tutupe Walisanga. Yen mboten ganjil etangane Sunan Kalijaga, niki tutupe walisanga tasik ngrantos wonten Gisik samodra, mekaten Guru!”
Kaya mangkono Sunan kali, ayo sowan bebarengan ana Eyang Nabi Khidir nitih baita, jeneng sira sing ngemudeni, aku sing numpaki Sunan kali!”
Mangga-mangga panjenengan ingkang nitih, kawula ingkang ngemudi, mekaten Guru!”
278

Etan kali kulon kali
Arep nyabrang ora ana wote
Etan gati kulon gati
Tak timbang-timbang padha abote

Menika sampun prapta samodra, mangga Guru sami-sami nitih baita. Gliyer-gliyer lampahing baita saya menengah… saya menengah. Dereng kemawon prapta parcabaanipun Gusti Nabi Khidir, ora ngerti sangkan paraning bilahi. Wonten tengah samodra, baitanipun bocor.
Guru, praune bocor!”
Ayo diendheg ake sauntara, Sunan Kali!”
279
Mangga-mangga dipun inggiraken, Guru!’

Bedug-bedug lungguh latar
Tuku kupat menyang Medura
Kula ngentrung taksih belajar
Mbok bilih lepat nyuwun ngapura

Mandhap rumiyin!”
Wah… ya rahayune wae jeneng sira mangerteni yen ta.. baitane bocor, Sunan Kali!”
Mandhap rumiyin, baitapun bocor!”
Iya..ya .. diandhapake sauntara baitane bocor!”
280
Rahayune, enggal nyumurupi upami mboten, baita kebak toya, tamtu kerem wonten ing samodra. Lajeng kados pundi, Guru? Wonten mriki praune bocor, badhe kapadosaken dempul kangge nambal baita, wonten pundi anggenipun ngupadi dempul?
Nanging yen baita mboten saged buntet, baita serepan mboten wonten. Wontenipun namung setunggal menika, lajeng kados pundi anggenipun ngreka, Guru!”
“Sunan Kali, aja digawe grusa-grusu, mengo kedadeyane keliru. Wis kaya mengkono wae. Yen tak sawang saka panduluku, Sunan Kali. Kae lho lor kulon ana panggrumbulan, sekira wae ya ana panggrumbulan, sok keadaane ana kayu kang gedhe, Sunan Kali!”
“Nuwun inggih, mangga dipriksani. Lajeng kersane Guru kados pundi?”


281
Ya.. coba tunggunen baita sauntara, tak priksanane apa kang mawa ana panggrumbulan, ana lor kulon kae, Sunan Kali.”
Tan kocapa, Gusti Sunan Bonang, milang-miling menapa nggih kangge mbunteti baita ingkang bocor, wonten pinggir samodra. Wonten wit Jenar, ngandhape wit Jenar wonten lempung putih, lempung kang ulet, kapundhut kaliyan Gusti Sunan Bonang. Gusti Sunan Bonang mboten waspada, mundut lempung katutan cacing lur. Kakepel-kepel, katutan kangge nembel baita, baita saknalika buntet.
“Kados pundi, Guru!”
“Sunan Kali, saiki pada duwe pakaryan dhewe-dhewe, contone orong-orong tugel janggane, kok gathukake, gathuk!. Urip bisa saknalika. Lha …iki ana baita kang bocor,
282
sarana buntet, sarana aku sing mbunteti. Mula wae Sunan Kali, samubarang apa wae yen ta lelaku ora ditanggapi grusa-grusu, ndadekake masalah kepenak. Contone baita bocor, tak pundhutake lempung putih, lempung kang ulet, tak tembelake bisa buntet saknalika, Sunan Kali!”
“Wah… nek ngaten, ayahane piyambak-piyambak Guru!”
“Ya…padha nduweni pakaryan dhewe-dhewe!”
“Kula sing nguripke barang mati, panjenengan mbuntetio barang bolong, nggih Guru!”
“Ya… kaya mangkono Sunan Kali!”
“Mangga-mangga enggal sowan Gusti Nabi Khidir!”
283
“Ayo-ayo Sunan Kali! Kowe sing ngemudeni, aku sing numpaki Sunan Kali!”
“Kene-kene Sahid, ayo bacuta!”
“Nuwun inggih , sungkem kula katur Kanjeng Eyang!”

Ireng-iren tumumpang watu
Legok geneng dalan nyang gunung
Mung mandeng aku aja nemen-nemen
Tekan omah atimu bingung

“Raden Sahid iki kang sowan?”
“Nuwun inggih, uluk salam kawula katur!”
“Sahid, wis tak tampa, diprayogake. Sapa sing kok dherekake?”
284
“Kanjeng Eyang, kawula ndherekaken guru kawula, Gusti Sunan Bonang, badhe nyuwun sangkan paran. Pengagem kados kawula.”
“Kaya mangkono, diprayogakake ya Raden Sahid!”
“Nuwun inggih!”
“Mangga-mangga Kanjeng Sunan, kawula dherekaken pinarak! Winantu prembage rawuh ing Jengandhika wonten ngarsa kawula.”







“Nuwun inggih Kanjeng Eyang, sowan kawula kaliyan Gusti Sunan Kalijaga
lulus raharja. Kawula mboten kesupen ngaturaken sembah pangabekti. Muji konjuk dateng ngarsa paduka, Sang panembahan!”
“Kanjeng Sunan, sanget kawula tampi. Kawula sangga wonten dhadha
285
lumungsura dateng wardaya. Lumebera sekathahing para cantrik, kalisa saking rubida, antuk berkah restu paduka. Nanging Kanjeng, tebih dalem kadilangon, sumengka awak braja, rawuh Jengandhika wonten ngarsa paduka wonten wigatos napa?”
“Sang Panembahan, sowan kawula wonten ngarsa paduka, sepindhah, kawula pengin nyumurupi tata raharjaning anggen paduka jumeneng pandhita wonten Gisik Samodra. Jangkep kaping kalihipun sowan kawula ing ngarsa paduka, kang wigati kawula badhe nyuwun wejangan sangkan paran, kados ta ingkang panjenengan paringaken Sunan Kalijaga, mekaten Eyang!”
“Matur nuwun… matur nuwun Kanjeng Sunan, yen ta.. panjenengan ngersakaken
286
sangkan paran, kados pengageme Sunan kalijaga, tamtu badhe kawula caosaken. Nanging nuwun dalem sewu Kanjeng, mejang sangkan paran mboten pareng wonten sokur papan. Kok mejang sangkan paran papane ana papan daratan, kewan napa mawon, waton kewan daratan, mireng sangkan paran tamtu dados titah manungsa. Ugi menika lampahane mboten rialat, mboten prihatin, sabar, eling, narima nindakake sepine pamrih ramene gawe. Kok ageng daksiya sesamaning manungsa, parenga putu-putu walang togoge kewan menapa ingkang gumelar ing ngalam donya, yen mboten lepat kaliyan paduka, sampun merjaya kewan. Menapa Kanjeng Sunan saged anglampahi kesabaran kados ta… mekaten Sunan!”
“Kados ta.. mekaten, inggih, sampun mboten tumpang suk anggen paduka paring
287
dhawuh kaliyan kula, inggih sematen ugi kawula sampun nampi aturipun Sunan Kalijaga, kados ta.. mekaten lelampahipun Kanjeng Eyang.”
“Menawi mekaten mangga sami-sami nitih baita, kula wejang sangkan paran, wonten tengahing samodra. Kang pamrihe mboten kapirengke kewan wonten daratan, Kanjeng Sunan!”
“Kados ta.. mekaten, mangga suwawi kula dherekaken sesarengan nitih baita, Kanjeng Eyang!”
“Ayo Raden Sahid, dherekna Kanjeng Eyang Nabi Khidir, Sahid!”
“Nuwun inggih Kanjeng Eyang, kula ndherekaken nitih baita.”
Tan kocapa, baita katiti priyantun tiga, Gusti Nabi Khidir, Gusti Sunan Bonang,
288
Gusti Sunan Kalijaga, prapta tengahing samodra. Gusti Nabi Khidir medharake sangkan paran, ingkang badhe kawejangaken Gusti Sunan Bonang. Sangkan paran taksih tumpang suk, anggenipun nampi wonten Gusti Sunan Bonang.
Sinten ta… ingkang ngawula carita, ingkang katut kangge nembel baita, cacing lur, mireng sangkan paran, saya gedhe…saya gedhe!! Rampung anggenipun mejang sangkan paran, mboten malebet wonten Gusti Sunan Bonang, sangkan paran dipun tampi cacing lur. Cacing lur ketaman sangkan paran, ilang sipate cacing, gleger dados manungsa. Mencolot dateng baita, “Kula nyuwun tandha asma Kanjeng Eyang!”



Sari layur gandhane wangi
Yen diambung keri neng nguyung
289
Awan gati yen bengi katon
Yen tresnamu durung kelakon

Nuwun sewu Kanjeng Sunan! Menika kados pundi ta.. ? Rampung anggen kula mejang, lha wonten baita niki, wau namung wonten priyantun tiga. Rampung anggen kula mejang, kok dados tiyang sekawan? Ingkang setunggal menika sinten? Lajeng wejangan sangkan paran napa sampun katampi dateng panjenengan?”
Kanjeng Eyang, sinaosa paduka sampun mendharake sangkan paran dateng kula, parandene mboten saged tinampi dateng jiwa raga kawula. Ingkang ndadosaken kaelokan
kawula, mangka wontenipun nitih baita kala wau priyantun tiga. Setunggal kula, Raden Sunan Kalijaga, ingkang setunggal panjenengan. Rampung anggen paduka mejangaken
290
sangkan paran, dados manungsa sekawan. Ingkang setunggal menika pawongan saking pundi? Enggal dipun kadanguwa, Kanjeng Eyang?”
“Nuwun inggih Kanjeng, mengko ta.. mengko pawongan, sliramu kok njaluk jeneng kuwi, sejatine piye ta… sing kok karepake?”
“Aduh…. Kanjeng Eyang, mboten kados ta… sakawit kula saking cacing lur, ceritanipun Gusti Sunan Bonang, Gusti Sunan Kalijaga, badhe sowan ngarsa panjenengan nitih baita, baitanipun bocor. Sakawit kula cumondhok ngandhap wit Jenar, wonten lempung putih, lempung kang ulet, kacruk Gusti Sunan Bonang. Katut kangge nambal baita. Panjenengan mendharaken sangkan paran, malebet dateng kawula. Kula tampi sangkan paran, ilang sipaten cacing dadi manungsa. Mila kula nyuwun tetenger dateng
291
ngarsa paduka, Kanjeng Eyang!”
“Gusti Sunan Bonang!”
“Inggih kula!”
“Lepat nyuwun gung sih pangapura, kula mboten saged mejang sangkan paran wonten ngarsa panjenengan. Sangkan paran ingkang kawula caosaken panjenengan malebet wonten cacing lur. Cacing lur nampi sangkan paran, dados manungsa. Kanjeng Sunan-Kanjeng Sunan, kala wau kula lak sampun paring dhawuh, yen mejang sangkan paran, sampun ngantos mireng kewan daratan. Kewan menapa mawon, kewan ndaratan, mireng sangkan paran dados manungsa. Menika ujud cacing lur, ketaman sangkan paran dados manungsa. Nyuwun tanda asma. Mugi kaseksenana Kanjeng Sunan, sakawit
292
cumondhok sak ngandhape wit Jenar, lempung bahasane Siti, cacing dadi manungsa; badhe kula paringi tandha asma Syeh Siti Jenar, mekaten!”
“Kados ta mekaten, inggih kula ndherek nyekseni, menapa ingkang dados dhawuh paduka, mekaten Kanjeng Eyang!”
“Syech Siti Jenar!”
“Inggih, kula Kanjeng Eyang!’
“Sliramu cacing dadi manungsa, panggonanmu ana ngisor wit Jenar, mula tak paringi tandha asma Syeh Siti Jenar, mangkono!”
“Kados ta .. mekaten Kanjeng Eyang, kula ngaturaken sewu gunging panuwun tanpa upami, lumantar anggen paduka paring tandha asma kula, Syeh Siti Jenar,
293
mekaten!”
“Kawula Sunan Kalijaga, kepareng matur Kanjeng Eyang!”
“Raden Sahid, kepriye?”
“Yen kados mekaten, sampun jangkep etangan kawula, mandege masjid kathah rubida, yen mboten ganjil. Etangan kula sebab tutuping Walisanga, panyakra-bawa kawula, tutuping Walisanga taksih ngrantos wonten Gisik Samodra. Jebul sing wonten Gisik Samodra kok Syeh Siti Jenar menika. Keparenga Syeh Siti Jenar kangge tutuping Walisanga, mekaten.”
“Kaya ngono Raden Sahid, lha…ya… luwih prayoga. Syeh Siti Jenar!”
“Inggih Kanjeng Eyang!”
294
“Ora tak baleni maneh, sira wis midhangetake ngendikane Gustimu Sunan Kalijaga, tutuping Walisanga, ana Gisik Samodra. Anane jeneng sira, ora kena kok selaki, tinulis panguasane Gusti. Walisanga tutupe kudu Syeh Siti Jenar, jeneng sira mangkono!”
“Kados ta mekaten Kanjeng Eyang, kawula ndherek!”
“Walisanga sing duwe sangkan paran ana loro, siji Sunan Kalijaga. Loro Syeh Siti Jenar, jeneng sira.Sliramu klawan Sunan Kalijaga, kuwi dulur janji. Dulur janji kuwi dulur tunggal Guru. Ora kenek ngalani, ora kenek dialani. Sing becik, sing prasaja, solahbawamu. Sangkan paran aja mbok wejang-wejangake neng sapa wae, yen Guruku aku durung seda. Wani mejangke sangkan paran, mnyang sapa wae, Gurumu aku durung
295
seda, kowe nyingkurake Guru. Mesthi bakal antuk sikudenda, beja cilakamu, pengapesanmu, sing ngerti amung Sunan Kalijaga dhewe. Sebab kuwi sing dulur janji karo kowe, Syeh Siti Jenar.”
“Kados ta.. mekaten, mitungkasipun paduka dateng kula Kanjeng Eyang, tamtu badhe kawula estokaken, kula mboten badhe ndaga, mekaten!”
“Gusti Sunan Bonang,!”
“Inggih, kula Kanjeng Eyang!”
“Rawuh paduka wonten mriki, antuk damel namung riasat mboten, antuk damel saged njangkepaken Walisanga. Mboten antuk karya, panjenengan cekap wahyu Wali. Mboten kagungan ngilmu wejangan kados Sunan Kalijaga, sampun… Sampun Kanjeng.”
296
“Dumadine Walisanga sageda ngadeg masjid Demak Bintara, kalisa saka rubida, kenginga pangayoman para ngulama, kula ndherek muji sokur dateng panguasaning Gusti. Kenginga kangge petilasan, kangge tuntunane para agama, mekaten!”
“Kados ta mekaten, Kanjeng Eyang! Inggih, kawula ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami, dene Syeh Siti Jenar, badhe kawula kanthi tindak dateng negari Demak, kanggo pinangka tutupe Walisanga, mekaten Kanjeng Eyang!”
“Ingkang ngatos-atos, ayo dherekna Syeh Siti Jenar!”
“Nuwun inggih, Kanjeng Eyang! Kula nyuwun tambahing pangestu Kanjeng Eyang!”:
“Iya..ya…tak pangestoni!”
297

Sampun tamat sedherek cariyos kula
Madege masjid Demak Bintara
Laire Syeh Siti Jenar jangkepe Walisanga
Jumenenge Gusti Sunan Kalijaga
Sholat tullah salam mullah
Ala toha Rosulillah
Sholat tullah salam mullah
Ala yasin khabi billah
Tawa tsalna bi bismillah
Wabil hati Rosulillah
298
Wakul limuja didzilillah
Bil aliba… badriya Allah

Nandur jagung ana tengah latar
Mangan kupat bumbune klapa
Menika kentrung yen mas sampun bubar

Mbok bilih lepat nyuwun ngapura


Sanget ngaturaken sewu gung panuwun, dumateng ingkang midhangetaken kesenian kentrung tradisionil, saking Kabupaten Tulungagung, Kecamatan Kauman, Kalngbret, Dusun Batangsaren, Dukuhan Patekroban.
Kados ngaten menika klawan para pamriksa babaring lelampahan Madege Masjid
299
Demak, jangkeping Walisanga, jumenenge Gusti Sunan Kalijaga, laire Syeh Siti Jenar.
Mangga-mangga sami muji sokur dumateng panguasaning Allah, lelampahaning ingkang kawula critakaken sedalu muput, manfaat ingkang sanget, migunani tumraping suci, berkahing Gusti, dipun tampiya kaki temanten nini temanten. Atut runtut gandheng renteng, dados kaken ninen-ninen. Enggal pinaringan putra ingkang saged miguna, tumraping nusa lan bangsa, lumebering dateng agama, antuk yonine Gusti Walisanga.
Kawula sekaliyan, kemampuan kawula peparingane Gusti, inggih namung kados menika. Mbok menawi wonten keladuk anggen kawula carita, kirang nuju prana, pinter kawula nyuwun agung pangapura. Kawula akhiri, wasalamu’alaiku waroh matullohi wabarokatuh!”

T a m a t

Ditransliterasi dan salin tulis ulang, oleh Aming Aminoedhin, dari
Desa Canggu – Jetis, Mojokerto dan Negeri Siwalanpanji, Buduran
Sidoarjo, 27 Oktober 2002